Buta
Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt dukane, sarirane nganti
kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin pêri parajangan,
didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang,
sarta lakune barêng karo angin, ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing
saêloring desa Kukum, ing
kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut
kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing
têngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka
êlor.
Ora
antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran yen
kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning dhêmit, sumêdya ganggu gawe,
katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau
padha sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan Benang Mangkono uga Sunan
Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa,
kiyai Sumbre mangkono uga
Sakabat
loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên, amarga kêna daya prabawane
kiyai Sumbre
Sunan
Benang andangu marang kiyai Sumbre: "Buta Locaya! kowe kok mêthukake
lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha slamêt?".
Buta
Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge dheweke, dadi dheweke
kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: "Kados pundi
dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika Buta Locaya?".
Sunan
Benang ngandika: "Aku ora kasamaran, aku ngrêti
yen kowe ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.".
Kiyai
Sumbre matur marang Sunan Benang: "Paduka punika tiyang punapa, dene
mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi. Kados wangun walang
kadung?".
Sunan
Benang ngandika maneh: "Aku
bangsa 'Arab, jênêngku Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban,
mungguh kang dadi sêdyaku arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan
kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?".
Buta
Locaya banjur matur: "Wetan
punika wastanipun dhusun Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton
sarta pasanggrahanipun inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan
Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun sirna,
pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya
wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe
pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam, nyabdakakên ingkang
botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih
lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya
botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun
lungse, lajêng botên gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên wau
saking sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan, lepen
Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami
risak, ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka
sikara botên surup, nyikara tanpa prakara".
Sunan
Benang ngandika: "Mula
ing kene tak-êlih jênêng Kutha Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora
putih, têtêpe agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku
njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake
larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak
jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.".
Buta
Locaya matur maneh: "Punika
namanipun botên timbang kaliyan sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur
namung tiyang satunggal ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah
sangêt, botên timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl
mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih
dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika
mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih,
sagêd dados asil panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun
Hyang Manon. Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun
tiyang dahwen.
Sunan
Benang ngandika: "Sanadyan
kok-aturake Ratu Majalêngka
aku ora wêdi".
Buta
Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu Majalêngka banjur mêtu
nêpsune, calathune sêngol: "Rêmbag paduka niki dede rêmbage wong ahli
praja, patute rêmbage tiyang entên ing bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya,
mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat,
lajêng tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara botên
ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên ingkang nglangkungi
kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih sêsikuning Dewa, têbih
saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa
paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride
Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat saking
tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya,
Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking 'Arab, mila sami siya-siya
dhatêng sêsami, sami damêl awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên
budi luhur, damêl wilujêng dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên
makatên, wujud paduka niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare,
lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos,
mêsthi simpên budi luhur Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka
cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados,
lajêng paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang umob
mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa,
ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun manusa Inggih sampun ta,
sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakên malih, lepen ingkang asat
lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakên kados
sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi
ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun
bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên samodra
kidul".
Sunan
Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute,
dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur
ngandika: "Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni caturku
kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya
mau-maune".
Buta
Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang,
banjur nêpsu maneh, nuli matur
marang Sunan Benang: "Kêdah paduka- wangsulna sapunika, yen botên sagêd,
paduka kula-banda".
Sunan
Benang ngandika marang Buta Locaya: "Wis kowe ora kêna mangsuli, aku
pamit nyimpang mangetan, wohe
sambi iki tak-jênêngake cacil,
dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan wong pêcicilan rêbut bênêr
ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun
marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine
mêtuwa lêngane, asêm dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa,
lênga têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen aku
padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing
kidul iku jênênge desa
Kawanguran".
Sunan
Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali,
katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa aran Kawanguran,
Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur
nêmu akal.
Buta
Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan
Benang tindake têkan ing desa
Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca jaran, rêca mau awak siji
êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit trênggulun, wohe trênggulun mau
akeh bangêt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca
jaran êndhase digêmpal.
Buta
Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal êndhasing rêca jaran, saya
wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: "Punika yasanipun sang Prabu
Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa
Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika, lajêng sami mangrêtos tekadipun
para wanita Jawi".
Sunan
Benang ngandika: "Kowe iku bangsa dhêmit kok wani
padu karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus".
Buta
Locaya mangsuli: "Inggih
kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu".
Sunan
Benang ngandika: "Woh
trênggulun iki tak-jênêngake kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo dhêmit
kumênthus, prakara rusaking rêca".
Ki
Kalamwadi ngandika: "Katêlah
nganti saprene, woh
trênggulun jênênge kênthos, awit
saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku".
Sunan
Benang banjur tindak mangalor, barêng
wis wanci asar, kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora
ana timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagêd
mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.
Ki
Kalamwadi ngandika: "Katêlah
nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang
anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, êmbuh bênêr lupute".
Sunan
Benang sawise salat banjur nêrusake tindake,
satêkane desa Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon,
prênahe ana sangisoring wit dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt
kêmbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang
mbêranang, saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rêca mau gumun
bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubênge bangkekane 10
kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora
kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune têngên rêca mau disêmpal dening
Sunan Benang, bathuke dikrowak.
Buta
Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca,
dheweke nêpsu maneh, calathune: "Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca
buta bêcik-bêcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika
yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan ngrisak
rêca?"
Pangandikane
Sunan Benang: "Mulane rêca iki tak-rusak, supaya aja
dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji
brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar."
Buta
Locaya calathu maneh: "Wong Jawa rak sampun ngrêtos,
yen punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para
lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi siti utawi
kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun manusa, mila para lêlêmbut sami
dipunsukani panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha
ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung
sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah ing panggenan ingkang sêpi
edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun sami ngraos yen
alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontên ing rêca
têka panjênêngan-sikara, dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak
sikara siya-siya dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa
Jawa ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang
bangsa 'Arab sami sojah Ka'batu'llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih
langkung sasar".
Pangandikane
Sunan Benang: Ka'batu'llah iku kang jasa Kangjêng Nabi Ibrahim, ing kono
pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud marang
Ka'batu'llah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing
'alam pangumbaran".
Buta
Locaya mangsuli karo nêpsu: "Tandhane napa yen angsal sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun angsal saking
Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?
Sunan
Benang ngandika maneh: "Kang kasêbut ing kitabku, besuk
yen mati oleh kamulyan".
Buta
Locaya mangsuli karo mbêkos: "Pêjah malih yen sumêrêpa,
kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu
sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah sela
agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika
wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah
sumêrêp ing Batu'llahipun, badanipun manusa punika Baitu'llah ingkang sayêktos,
sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên
sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang
kenging kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi
panggenanipun raga pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu
damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta,
pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp
cipta
sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca punika Prabu
Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih
pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan,
paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun.
sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun
piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi
kabar 'Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos,
anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk,
nyade mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis
toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi
tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah
tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang
duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan
mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang
dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês
wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki
ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat
panjênêngan jotos Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar,
kirang nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes Ingkang yasa rêca punika Maha
Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd
ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki,
manawi botên purun kesah sapunika, badhe kula undhangakên adhi kula ingkang wontên
ing rêdi Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta
mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah,
punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng
Selabale, dados murid kula!".
Sunan
Benang ngandika: "Ora arêp manut rêmbugmu, kowe
setan brêkasakan".
Buta
Locaya mangsuli: "Sanadyan kula dhêmit, nanging
dhêmit raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados
kula, tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng
tanah Jawi, wontên ing 'Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya
tamtu botên kesah saking 'Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên
ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak
barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng
Mênadhu".
Sunan
Benang ngandika: "Dhadhap iki kêmbange tak
jênêngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung
rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah
nalar".
Mula
katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge kledhung, kêmbange aran
celung
Sunan
Benang banjur pamitan: "Wis
aku arêp mulih mênyang Benang".
Buta
Locaya mangsuli karo nêpsu: "Inggih sampun, panjênêngan
enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên
ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter, nyudakakên
toya".
Sunan
Benang banjur tindak, dene
Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju sawijining
dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala,
Patih matur, yen mêntas nampani layang saka Tumênggung
ing Kêrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana
kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing
layang mau unine mangkene: "Wontên ler-kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun
sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking kenging sabdanipun ngulama
saking 'Arab, namanipun Sunan Benang.
Sang
Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus
mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi
kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar