Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka 'Arab pada ora lamba atine.
Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong 'Arab kang ana ing tanah Jawa padha
didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding nagara, mung ing Dêmak lang
Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa, nglêstarekake agamane, liyane
loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene yen padha ora gêlêm lunga
didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: "Gusti! lêrês dhawuh paduka punika,
amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên sowan utawi botên ngaturakên
bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak, botên ngrumaosi nêdha
ngombe wontên tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka,
pêparabipun Sunan 'Aênalyakin, punika nama ing têmbung 'Arab, mênggah têgêsipun
Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika ma'rifat, têgêsipun Yakin punika
wikan, sumêrêp piyambak, dados nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing têmbung Jawi nama Prabu Satmata punika asma luhur ingkang
makatên punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên
kasamaran, ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata,
kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing nagari
Mêdhang-Kasapta. Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi
pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mênyang
Giri Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh pêrang Wong ing Giri
geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit Sunan Giri mlayu mênyang
Benang, golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh mungsuh wong
Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh saparo kang
padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam,
dene kang kidul isih têtêp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani
kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur lunga karo Sunan
Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang Adipati Dêmak,
diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati
Dêmak: "Wêruha yen saiki wis têkan
masa rusake Kraton Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon
Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên Kraton Majalêngka, nanging kang sarana alus,
aja nganti ngêtarani, sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping
pêrang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana
balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing
Dêmak, yen kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para Sunan
sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut marang
kowe".
Ature Adipati Dêmak: "Kula ajrih ngrisak
Nagari Majalêngka, amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring
kamukten ing dunya, lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi namung sêtya
tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula mêngsah
bapa, sanadyan Buddha nanging margi-kula sagêd dumados gêsang wontên ing dunya
Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah
dipunhurmati, punapa malih dereng wontên lêpatipun dhatêng kula"
Sunan Benang ngandika mêneh: "Sanadyan mungsuh bapa
lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak:
kang kok-têmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul bêntul butêng
tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah
kalairan Cêmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji
wong sabumi 'alam, têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu
kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang
mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping
êmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe Satêmêne ramanira
iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora
prayoga, têgêse Babah iku saru bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa
digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang,
wong pranakan buta; iku mêgat sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik,
mulane rêmbugku, walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên
gêtihe, mamahên balunge"
Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rêraton, amarga aku ora
seba marang Majalêngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arêp dikuciri lan
dikon ngêdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing
Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir,
besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake,
tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi
marang Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt marang santri kang muji dhikir,
ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mêsthi
rusak agama Mukhammad Nabi".
Wangsulane Sang Adipati Dêmak: "Anggenipun nglurugi punika lêrês, tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakên,
sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi
dhahar ngunjuk wontên in tanah Jawi".
Sunan Benang ngandika maneh: "Yen ora kok-rêbut dina iki, kowe ngênteni surude bapakmu,
kaprabone bapakmu wis mêsthi ora bakal tiba kowe, mêsthi dipasrahake marang
Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra
mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pêngging, kowe anak nom, ora wajib jumênêng
Nata, mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang dadi jalarane ngrusak Majalêngka,
nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu'llah, patine slamêt nampani swarga
mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka ênggone nyungkêmi
agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek darajat kang
unggul dhewe, yen wong urip ora wêruh marang uripe, iku durung gênêp uripe,
lamun sipat manusa mêsthi melik mêngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku
Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarêpake bisa kêlakon, satêmêne
kowe wis pinasthi bakal jumênêng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone
ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dirêbut sarana pêrang, yen
kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe Gusti Allah kang mênyang kowe bakal
dipundhut bali, dadi kowe jênênge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi,
amarga aku wis wêruh sadurunge winarah, wis tak-sêmprong nganggo sangkal bolong
katon nêrawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran,
bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra,
bisa ngideni adêgmu Nata mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse".
Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati Dêmak supaya mêtu
nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka, malah diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang
gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha nêmu rahayu.
Adipati Dêmak matur: "Manawi karsa panjênêngan
makatên, kula namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang
mbotohi".
Sunan Benang ngandika maneh: "Iya mangkono iku kang
tak karêpake, saiki kowe wis gêlêm tak botohi, lah saiki uga kowe
kirima layang marang adhimu Adipati Têrung, ananging têmbungmu kang rêmit
sarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang
tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu Nata, gampang bangêt rusaking
Majalêngka. Majapahit sapa kang diêndêlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih
cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, mêsthi ora bisa
nadhahi yudamu". Adipati Dêmak banjur kirim layang marang Têrung, ora suwe
utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati Têrung, saguh ambiyantu
pêrang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan
Benang banjur ngandika marang Adipati Dêmak, supaya Sang Adipati ngaturi para
Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arêp ngêdêgake masjid, lan diwenehana
sumurup yen Sunan Benang wis ana ing Dêmak. Gêlising carita, ora suwe para
Sunan lan para Bupati padha têka kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake masjid,
sawise mêsjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur
tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati Dêmak
arêp dijumênêngake Nata, sarta banjur arêp ngrusak Majapahit, yen wis padha
rujuk, banjur arêp kêpyakan tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk
kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan Benang duka, Syekh
Sitijênar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh
Sitijênar dilawe gulune mati Sadurunge Syekh Sitijênar tumêka ing pati, ninggal
swara: "Eling-eling ngulama ing
Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat, nanging tak-walês ana ing dunya kene bae,
besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe
gênti". Sunan Giri mangsuli: "Iya besuk wani, saiki wani, aku ora
bakal mundur". Sawise golong karêpe,
nglêstarekake apa kang wis dirêmbug. Sang Adipati Dêmak banjur ingidenan
jumênêng Nata, amêngku tanah Jawa, jêjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong
saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti
sapraboting pêrang, banjur budhal mênyang Majapahit, diiringake para Sunan lan
para Bupati, lakune kaya dene Garêbêg Maulud, para wadya bala ora ana kang
ngrêti wadining laku, kajaba mung para Tumênggung lan para Sunan apa dene para
ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu mênyang Majapahit, pawadane sarehne
wis sêpuh, mung arêp salat ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku,
dadi mung para Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora
kacarita lakune ana ing dalan.
Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri
banjur matur sang Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri, mungguh kang dadi
senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama Islam,
arane Sêcasena, mangsah mêncak nganggo gêgêman abir, sawadya-balane watara wong
têlung atus, padha bisa mêncak kabeh, brêngose capang sirahe gundhul, padha
manganggo srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat kaya walang kadung, wadya
Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jênkelang ora kêlar
nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena wis mati, dene bala Cina liyane lang
kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mênyang alas ing gunung,
sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang Benang têrus diburu dening
wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar ngambang
ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang Prabu
banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang Dêmak, andhawuhake yen
ngulama ing Giri lan ing Benang padha têka ing Dêmak, didhawuhi nyêkêl,
kaaturna bêbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing
Kêrtasana, dene dosane santri Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu, tekade
sumêdya nglawan pêrang.
Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arêp
diutus mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane utusane
Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai
Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga,
yen Adipati ing Dêmak, iya iku Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene
kang ngêbang- êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para
Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene
jêjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah 'Alam Akbar Siru'llah
Kalifatu'rrasul Amiri'lmukminin Tajudi'l'Abdu'lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya
'Alam, ing Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug
marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot mênyang gurune,
ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone
arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala têlung lêksa miranti
sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih Layang
kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat Kiyai Patih sawise maos layang,
njêtung atine, sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt pangungune,
banjur tumênga ing tawang karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih, bangêt gumune
mênyang wong Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu, malah
padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang
mau.
Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt panggalihe, njêgrêg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bangêt marang putrane sarta para Sunan, dene padha duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi pangkat, wêkasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama têka arêp ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, sungkawane ratu Gêdhe kang linuwih, sinêmonan dening Dewa, kaya dene atining kêbo êntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kabêcikan.
Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh karo nalare, wong
dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha malês bêcik. Ki Patih uga
mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bêcik, dibêciki walêse kok
padha ala.
Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya
mangkono iku amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene nggêgampang marang
agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta ênggone kêgiwang marang ature Putri
Cêmpa, ngideni para ngulama mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking
panggalihe nganti kawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam: Sun-suwung
marang Dewa Gung, muga winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika
agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse
angalani". "Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening
Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan ana swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana,
iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan, katêlah tumêka saprene, ngulama
jênênge walian, kuntul kucir githoke Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang
Patih, prakara têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora?
Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin mêngkoni
Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun kalayan aris bae
mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sêpuh. Ature Patih prayoga nglawan
têkaning mungsuh Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt,
dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang kang
sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala Patih didhawuhi nimbali Adipati
Pêngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung
wanci yen mapagake pêrang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur
lolos arsa têdhak marang Bali, kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan
Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala Dêmak wis pacak
baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake. Wadya Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur
ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para Bupati
Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, balang Majapahit
mung têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha
mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak kang
katrajang mêsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana
satêngahing papêrangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan
pêrang, Patih Mangkurat ing Dêmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt
nêpsune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora
pasah sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang
sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati nggêlasah,
bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning
mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging
ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih
dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong
siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi, nanging kuwandane sirna, tinggal
swara: "Eling-eling wong Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu
ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar
wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur rêsik".
Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton. nanging
sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cêmpa, sang Putri
diaturi sumingkir mênyang Benang uga karsa.
Para prajurit Dêmak banjur padha
mlêbu mênyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong
kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak.
Adipati Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura, ngobongi buku-buku bêtuwah
Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing
Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora gêlêm têluk banjur
ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gêlêm têluk, banjur
dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah. Layone para
putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana sakidul-wetan pura.
Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden Lêmbupangarsa
Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel, dene
kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati
Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus
njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama têlung
atus, sabên bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur'an, wadya-bala kang
saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing, Sunan
Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli
saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng kanggo
têtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing Ngampel, banjur
ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gênti-gênti padha ngaturake
sêmbah mênyang Nyai Agêng Prabu Jimbuningrat matur yen mêntas mbêdhah
Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine
Patih ing Majapahit lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku tanah
Jawa, dene jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone sowan
mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata nganti run-tumurun
aja ana kang nyêlani.
Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul
Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing
panggalih: "Putuku, kowe dosa têlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane,
sarta kang aweh kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen
ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan
kang wis anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarêpe, wong
pancene rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge
ora ana kang wêruh".
Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: "Êngger! aku arêp takon mênyang kowe, kandhaa satêmêne,
bapakmu tênan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa
kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa?"
Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane têmênan. Kang ngangkat
sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh Kang ngideni
para Sunan Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora
karsa salin agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha kawak dhawuk
kaya kuwuk
Sambungan Bagian 3 Jejak Brawijaya V/ Sunan Lawu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar