Kacariyos ingkang rayi sang prabu kang nama Pangeran Alit wanci jaka kumala-kala, dèrèng akrama, pangeran wau kagungan êmban kêkalih sami lênggah bupati, nama Tumênggung Danupaya ing mangke sawêg kesah nglurug dhatêng Balambangan, satunggilipun anama Tumênggung Pasisingan. Pangeran Alit wau timur mila adalêm ing Danupayan. Ing nalika punika sang pangeran pinuju lênggah ing dalêmipun, Ki Tumênggung Pasisingan sarta anakipun anama Agrayuda sami sowan ing kangjêng pangeran. Pasisingan matur saha sêmbah, aturipun Pasisingan kalihan Agrayuda sagah anjumênêngakên nata, sarta ambêbangus, angadon-adoni awon. Saaturipun Pasisingan, yèn tiyang ing Matawis kathah ingkang sagah ambiyantoni piyambakipun, kalih dene sapunika ing kadhaton asring sêpên, botên wontên tiyang, sabab tiyang Matawis sadaya sami anggarap kitha, ing samangsanipun sêpên, Ki Pasisingan sagah ngamuk dhatêng kadhaton. Wangsulanipun Pangeran Alit, sagah dipun galih rumiyin sarta angêntosi ingkang bapa Ki Tumênggung Danupaya. Ki Pasisingan amêksa, kathah-kathah aturipun, sarta abdinipun para lurah sadaya inggih sami angrêmbagi, ambiyantoni aturipun Pasisingan. Pangeran wau dangu-dangu kèlu ing galihipun,
kamanisên ing aturipun tiyang kathah, pangandikanipun.
--- 262 ---
Yèn mêngkono aku ya nurut bae, manawa nyata wong Mataram bakal padha
ambiyantoni ênggonku bakal angrêbut karaton. Ki Pasisingan lan Agrayuda
lajêng pamit mantuk atata-tata, sadhatêngipun ing griya Ki Pasisingan
wicantên dhatêng Ki Agrayuda, thole, sesuk kowe amêpaka gêgaman, aku tak
mênyang pagaweyan ambêbata dhingin sarta amaspadakake wong Mataram,
kang padha masang bata, adate nèk bubar isih awan. Manawa kang nyambut
gawe wis padha mulih, kowe tak kongkoni, têkaa sagêgamanmu kabèh, ayo
padha banjur ngamuk marang kadhaton. Agrayuda anyagahi.Kala samantên Panêmbahan Purbaya sampun sumêrêp ing prakawis punika, lajêng matur ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, nuntên dhawah dhatêng panêmbahan. Ing samangsanipun Pasisingan dhatêng wontên ing padamêlan, lajêng andikakakên amêjahi, panêmbahan matur sandika. Ing enjingipun panêmbahan angrumiyini dhatêng padamêlan. Tiyang Matawis sampun winangsit sadaya, botên dangu Pasisingan dhatêng, lajêng sami dipun suduki sampun pêjah, rencangipun sami lumajêng, sanjang dhatêng Agrayuda yèn kang rama sampun pêjah, Agrayuda sarêng mirêng anangis, lajêng mandhi waos sarta numpak kapal, rencangipun sami dipun jak ngamuk. Anuntên mangkat, [mangka...]
--- 263 ---
[...t,] nanging rencangipun sami nglolosi, Agrayuda kantun piyambak.
Lampahipun sampun dumugi ing pangurakan. Ing ngriku sampun dipun rakiti,
Agrayuda nuntên karampog ing tiyang kathah sampun pêjah, sirahipun
kakêthok. Panêmbahan Purbaya nuntên matur ing sang prabu, yèn Pasisingan
sarta Agrayuda sampun pêjah, sirahipun inggih kaaturakên. Sang nata
enggal miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata angandika
dhatêng abdi èstri, bocah wadon, timbalana adhi mas Pangeran Alit,
warahên bakal ingsun kon ênjênêngi ênggon ingsun gawe kutha, pawongan
enggal lumampah dhatêng Danupayan. Pangeran Alit sarêng kadhawahan
inggih enggal ênggènipun sowan. Sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu
lajêng dipun uncali sirahipun Pasisingan sarta Agrayuda, sang nata sarwi
ngandika, iku rupane kang bakal anjunjung nata marang sira, Pangeran
Alit enggal narik dhuwung, sirah kêkalih lajêng dipun suduki sarta
angandika, Pasisingan kowe genea têka ngèmbèt-èmbèt marang aku, sang
prabu alon andangu, kapriye calathumu iku adhi mas. Pangeran Alit matur
saha sêmbah, kakang prabu, kula botên pisan yèn gadhaha cipta badhe
amêngsah ing panjênêngan dalêm tuwin yèn murinaa ênggèn sampeyan [sa...]
--- 264 ---
[...mpeyan] jumênêng nata, kula botên rumaos murina, punika amung
akalipun Pasisingan piyambak. Sang nata mirêng aturipun ingkang rayi
awêlas ing galihipun. Alon ênggènipun angandika, yèn kaya mêngkono adhi
mas, sarupane baturmu kang jênêng lêlurah ingsun pundhut kabèh, aturna
ing saiki, ingsun anti ana ing sitinggil. Pangeran Alit matur sandika,
nuntên lèngsèr saking ngarsane sang nata, sarawuhipun ing dalêm, ingkang
abdi taksih pêpak sadaya, kathahipun tigang atus, lêlurahipun wau êmban
tiyang alit kêkalih, talèdhèk jalêr satunggil. Sang pangeran ngandika,
bocah lêlurah, payo kowe padha dakbônda kabèh, dipundhut marang kakang
prabu ing saiki. Para abdinipun lêlurah lajêng sami anangis sadaya,
sarta sami angrangkul sukunipun sang pangeran. Ingkang sami wontên ing
pasowan jawi mirêng swaraning tangis lajêng sami lumêbêt, inggih tumut
anangis. Akathah-kathah aturipun sarta sami angunggar-unggar dhatêng
gustinipun. Pangeran Alit lajêng mêdal suraning galih, awêlas ningali
para abdinipun, nuntên parentah angrasuk gêgamaning prang, para abdi
enggal sami anyandhak gêgaman. Anuntên wontên utusanipun sang prabu
angenggalakên, anama Ki Sumêngit kalih Dakawana, nanging Ki Dakawana
kantun wontên ing jawi, Ki Sumêngit [Sumêngi...]
--- 265 ---
[...t] piyambak ingkang lumêbêt, inggih lajêng pinêjahan. Ki Dakawana
sarêng sumêrêp enggal wangsul angaturi uninga ing sang prabu. Sang nata
sarêng mirêng aturipun Ki Dakawana sangêt ngungun sarwi nênggak waspa,
Panêmbahan Purbaya alon matur, sinuhun, sampun pinêsthi karsa Allah,
rayi dalêm badhe botên tutug yuswanipun.Sang nata ngandika sêru, hèh sarupaning wong Mataram, mêngko yèn adhi mas ngamuk, aja ana kang nglawani, sanajan olèha pêpati akèh ya padha piyak kabèhe, supaya têkaa ing ngarsaningsun. Dene manawa ana kang wani mapagake prang, amêsthi ingsun kêthok gulune. Panêmbahan lajêng dhatêng ing alun-alun undhang-undhang, botên dangu Pangeran Alit dhatêng sabalanipun, kandhêg wontên ing pangurakan, angêntosi tiyang Matawis kang sagah sami ambiyantoni, sarêng dangu botên wontên dhatêng, abdinipun sang pangeran têlas sami nglolosi, amung kantun lêlurah nênêm. Pangeran Alit sampun nekad pêjah, tiyang Matawis sami piyak ngiwa nêngên. Anuntên Sang Dipati Sampang kang nama Dêmang Malaya, enggal malajêngi angrangkul sukunipun sang pangeran, matur amêmalangi karsanipun. Supados wandea ênggènipun badhe ngamuk. Pangeran Alit sampun riwut ing galih, sang dipati ing Sampang kacublês ing dhuwung gêgithokipun lajêng pêjah. Tiyang
--- 266 ---
ing Sampang sarêng aningali gustinipun pêjah wontên ing alun-alun,
lajêng ambyuk. Pangeran Alit sinosog ing gêgaman, nanging botên pasah,
tiyang Sampang kathah kang pêjah dening sang pangeran. Lêlurah nênêm wau
sampun pêjah sadaya, Pangeran Alit sarèhning sayah, lajêng kacocok ing
dhuwungipun piyambak, pupunipun bucêk satuma, Pangeran Alit lajêng seda
wontên sangandhaping waringin kurung. Para dipati enggal sami angrêrômpa
layonipun sang pangeran, kabêkta minggah ing sitinggil. Sang prabu
sarêng aningali ingkang rayi seda, sangêt ênggènipun muwun. Ingkang ibu
lajêng angrukêbi layone kang putra sarwi muwun. Sang nata andangu
mênggah ingkang mêjahi dhatêng ingkang rayi, para dipati sami matur ing
wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata angandika, adhiningsun isih bocah wis
digdaya, olèh bela dipati sarta akèh wong Sampang kang padha mati dening
adhi mas, hèh wong Mataram kabèh, ingsun sêksènana, ing mêngko adhi mas
sun belani. Sang nata lajêng amêrang baunipun ingkang kiwa, pasah
rahipun mêdal.Kacariyos sang nata ing samangke darbe ciri gèthèk baunipun kang kiwa, ing ngriku panitising pun ajar ing rêdi Balambangan, kang dipun pêjahi dhatêng Pangeran Silarong rumiyin. Wondene layonipun Pangeran [Pange...]
--- 267 ---
[...ran] Alit inggih lajêng kapêtak ing Magiri.Kala samantên sang prabu sampun ngalih kadhaton ing Palèrèd.
Kacariyos ingkang sami nglurug dhatêng ing Balambangan, Ki Tumênggung Wiraguna lan Ki Tumênggung Danupaya, tiga Ki Tumênggung Mataram. Nagari Balambangan inggih sampun bêdhah, Dipati Balambangan angungsi dhatêng Bali, tiyang Balambangan jalêr èstri sami binoyongan dhatêng ing Matawis, kathahipun sèwu gangsal atus. Ki Tumênggung Wiraguna anglud dhatêng ing Bali, kandhêg wontên sapinggiring sagantên. Botên sagêd nyabrang, tiyang ing Bali sarêng sumêrêp sumêja nungkul, mêdal ing laut. Lajêng kapêthukakên prang laut dhatêng Ki Tumênggung Mataram. Tiyang ing Bali kathah kang pêjah, anuntên sami lumajêng.
Ki Tumênggung Wiraguna, kalih Danupaya, tiga Tumênggung Mataram lajêng sami bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Tumênggung Wiraguna wontên ing margi sakit lajêng pêjah, Ki Tumênggung Danupaya sarêng mirêng pawartos yèn Pangeran Alit seda, tumuntên anguntal upas lajêng pêjah, anak putunipun inggih nuntên andikakakên mêjahi sadaya, kathahipun tiyang kalih wêlas. Dene bêboyongan saking Balambangan sadaya kakèndêlakên wontên ing Taji.
Amangsuli cariyosipun Pangeran Silarong, kala [ka...]
--- 268 ---
[...la] panjênênganipun Kangjêng Sultan Agung Pangeran Silarong
pinuju kêmit, wontên ing pandhapi kadhaton. Kangjêng sultan amarêngi
duka dhatêng Juru Taman. Pun Juru Taman dipun talêmpak. Jajanipun pasah,
rahipun sumêmbur ing siti, Juru Taman bathangipun sirna, kangjêng
sultan dhêdhawah dhatêng Pangeran Silarong andikakakên bucal rah wau.
Pangeran Silarong lajêng angêruki rah, dipun wadhahi ing takir, siti
sangandhaping rah inggih dipun têdhuki sakêdhik, kawadhahan sanès,
sarêng enjing Pangeran Silarong mantuk. Sadhatêngipun ing dalêm lajêng
dhahar, rah wau katutul ing sêkul sakêpêl, kapakakakên ing sagawon.
Sêgawon lajêng pêjah sakal. Daginging sêgawon ambêdhêl, rah wau lajêng
dipun carubi lisah kalêntik, kaparingan nama upas anglung. Anuntên
wontên tiyang gadhah kasêngitan, anyuwun sarat dhatêng Pangeran
Silarong, inggih nuntên kaparingan upas anglung, tiyang ingkang dipun
upasi wau inggih lajêng pêjah, anuntên wontên tiyang nyuwun panawaning
upas anglung, inggih dipun paringi dhatêng Pangeran Silarong, ingkang
dipun paringakên dhudhukaning siti sangandhaping rah wau, ingkang dipun
paringi anama Ki Citra. Wondene tiyang ingkang sami kalêbêtan upas
anglung, samangsanipun dipun jampèni dhatêng Ki Citra inggih lajêng
saras. Ing lami-lami misuwur ing
--- 269 ---
têtiyang sanagari ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran
Silarong wau lajêng katundhung, dipun griyakakên ing dhusun Naladana.
Sarêng panjênênganipun kangjêng sunan gèthèk punika misuwur malih,
ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran Silarong wau lajêng
dikakakên mêjahi, Pangeran Silarong inggih sampun pêjah, punika
anelakakên yèn sêsumbaripun ajar ing Balambangan, ingkang dipun pêjahi
Pangeran Silarong rumiyin sayêktos.Kala samantên sang nata adhawah ngupados tiyang èstri ayu badhe kadamêl garwa sêlir, anuntên wontên tiyang ingkang matur, yèn dhêdhalang ringgit gêdhog, inggih tiyang salêbêting nagari Matawis anama Ki Wayah, agadhah anak èstri satunggil sakalangkung ayu nanging sampun gadhah bojo anama Ki Dalêm. Sarêng katur ing sang prabu lajêng dikakakên mundhut. Nanging èstri wau sampun wawrat kalih wulan. Sang nata sarêng aningali sakalangkung rêmên, lajêng kaprênahakên ing dalêm. Kacariyos sang nata ngantos supe dhatêng garwanipun, sangêt kasêngsêm dhatêng èstri wau, malah kaangkat nama Ratu Wetan. Tiyang kathah sami amastani Ratu Malang, botên antawis lami bêktanipun wêtêngan wau lajêng lair mêdal jalêr, sang nata sangêt sihipun. Anuntên bojonipun tiyang èstri ingkang nama Ki Dalêm wau andikakakên mêjahi, ing
--- 270 ---
sapêjahipun Ki Dalêm, Ratu Malang tansah anangis, kang kacipta amung
Ki Dalêm. Ing rintên dalu tansah asambat Ki Dalêm kemawon. Botên lami
Ratu Malang wau sakit mutah ngising lajêng pêjah. Sapêjahipun Ratu
Malang sawarninipun abdi èstri salêbêting dalêm sadaya sami binêthekan
wontên palataran kaputrèn. Mila makatên, kalanipun Ratu Malang wau sakit
sêsambatipun Ki Dalêm kemawon. Pangraosipun sang prabu sakitipun Ratu
Malang amargi dipun damêl ing tiyang sadalêm. Wondene jisimipun Ratu
Malang inggih lajêng dikakakên ambêkta dhatêng rêdi Kêlir, nanging botên
kalilan mêndhêm. Sabab sang prabu sangêt anggènipun agandrung, rintên
dalu tansah atêngga maidipun[1]
Ratu Malang, akalihan babêktanipun putra wau, para santana tuwin para
bupati sami angaturi kondur angadhaton, nanging sang prabu botên karsa,
andadosakên orêgipun tiyang sanagari Matawis. Botên antawis lami, sang
nata ing dalu sare wontên ing ngriku, supêna yèn Ratu Malang wau kumpul
kalihan bojonipun kang nama Ki Dalêm. Sawungunipun saking sare sang
prabu aningali jisimipun Ratu Malang sampun ical sipating tiyang, sang
nata lajêng kondur angadhaton, sarta adhêdhawah mêndhêm jisimipun Ratu
Malang, sinangkalan 1578. Têtiyang sanagari Matawis inggih sampun
têntrêm.
--- 271 ---
Kala samantên sang prabu sampun apêputra gangsal sami jalêr sadaya,
ingkang pambajêng patutanipun kalihan putra ing Surabaya, kaangkat nama
Pangeran Dipati Anom, punika ingkang ginadhang anggêntosi jumênêng nata,
ingkang rayi sakawan wau sami sanès ibu, panggulunipun anama Pangeran
Pugêr, pandhadha Pangeran Singasari, sundhulanipun Pangeran Martasana,
wuragilipun anama Dèn Mas Tapa.Kacariyos Pangeran Pêkik ing Surabaya, tunggil dalêm kalihan wayahipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Pangeran Pêkik sarta ingkang garwa sangêt asihipun dhatêng ingkang wayah. Kala samantên Pangeran Pêkik gadhah ingon-ingon bakisar èstri, ênggènipun angingu kala taksih kuthuk. Sarêng lami-lami dados jalêr, bagus warninipun sarta sagêd kaluruk. Pangeran Pêkik wau sangêt eram ing galihipun, lajêng agadhah cipta yèn bakisar wau pantês kaaturna ing sang prabu, pangraosipun sabab aneh. Anuntên kurunganing bakisar kaluruban sutra pêthak. Pangeran Pêkik lajêng sowan lumêbêt kadhaton, sampun kêpanggih kalihan sang nata lênggah satata, Pangeran Pêkik angaturakên bakisar, sarta aturipun yèn bakisar wau kala rumiyin èstri, samangke dados jalêr, prayogi yèn wontêna ing kadhaton. Sang prabu sampun anampèni [ana...]
--- 272 ---
[...mpèni] bakisar, ing lair sangêt suka sarta eram. Nanging ing
batos sangêt duka, mila makatên sang prabu wau sampun limpad ing wêweka,
sagêd anukma ing agal rêmit. Wondene panggalihipun sang prabu, ingkang
paman kawastanan ngaturi pasêmon, sabab putranipun èstri sampun kagarwa
ing sang prabu sarta sampun patutan jalêr satunggil anama Pangeran
Dipati Anom, samangke sampun diwasa, supados sang prabu asèlèha,
pangeran dipati jumênênga nata. Sang nata sasampune anggalih makatên,
ingkang paman lajêng kadhawahan mantuk. Samantukipun Pangeran Pêkik sang
nata anuntên ngandika wêwartos dhatêng para abdi ingkang sami ngadhêp.
Yèn sowanipun ingkang paman wau ngaturi pasêmon awon, ingkang paman
kawastanan tiyang sêpuh botên prayogi. Dêdukanipun sang prabu makatên
wau lajêng kawartos ing tiyang kathah, Pangeran Pêkik inggih sampun
kêmirêngan sarta sangêt ing gêtun kalihan ajrih, lajêng apepe wontên
sakiduling waringin kêmbar sagarwa tuwin kulawangsanipun sadaya, sami
angangge sarwa pêthak. Sang nata nuju miyos sinewaka wontên ing
sitinggil. Angangkat putranipun babêktan saking Ratu Malang kaparingan
nama Pangeran Natabrata, anuntên sang nata aningali tiyang pepe kathah,
sarêng kapariksa ingkang pepe wau pangeran ing Surabaya sagarwa tuwin
[tuwi...]
--- 273 ---
[...n] kulawangsanipun sadaya, enggal katimbalan minggah ing sitinggil.[2]
Pangeran Pêkik inggih nuntên minggah ing sitinggil kalihan garwanipun
ambondhèti wontên ing wingking, ingkang aningali sami ngêrês manahipun.
Sang prabu sarêng aningali ingkang paman kalihan ingkang bibi dhatêng
lajêng tumurun saking dhêdhampar, ingkang paman kalihan ingkang bibi
kaajak lênggah satata wontên ing ngandhap. Sang nata andangu ingkang
dados sababing pepe. Pangeran Pêkik matur, angaturakên prasêtya, amargi
ênggènipun anyaosi bêkisar rumiyin botên pisan-pisan cipta angaturi
pasêmon tuwin yèn amêmiringana sarta sumêdya abalela, punapa malih yèn
gadhaha cipta anggege môngsa, aturipun Pangeran Pêkik saha kang garwa,
manawi sang prabu botên karsa angapuntên, anyuwun mugi kapêjahana
kemawon. Ing samangke aturipun wau kalihan nangis, sarwi lênggah
tumungkul. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang paman sarta ingkang
bibi lajêng tumut muwun. Kèngêtan ingkang rama swargi, sakathahipun
ingkang sami sowan cakêt sadaya sami brêbês mili, awêlas aningali
dhatêng Pangeran Surabaya. Sang nata ngandika sarwi ngusapi waspa, paman
tuwin bibi, sampun kathah-kathah ingkang sampeyan galih, kula botên
rumaos duka, sarta ing mangke kula inggih sampun amaring[3] maklum dhatêng ing sampeyan. Kaping kalihipun [kalih...]
--- 274 ---
[...ipun] paman, benjing yèn kula sampun seda, amêsthi wayah sampeyan
kang ênggêtosi kula jumênêng nata, ananging kadhatonipun dede ing
Matawis. Wayah sampeyan angadhaton ing Wanakarta, dene ing ngriki, amung
kula piyambak kang mungkasi jumênêng nata. Pangeran Pêkik matur,
panyuwun kula ing Allah kaping kalih ingkang Nabi Rasulullah, nagari ing
Matawis ngriki sampun ewah-ewah, ingkang jumênêng nata sampun liya
saking trah dalêm. Sang prabu amangsuli, paman, sampun pinêsthi
karsaning Allah, yèn nagari Matawis badhe risak. Amargi saking wayah
sampeyan pun thole Dipati Anom. Pangeran Pêkik sarêng mirêng wirayatipun
sang prabu, sangêt ênggènipun gêtun. Pangeran Pêkik kalihan ingkang
garwa lajêng kadhawahan mantuk. Sang nata kondur angadhaton ginarêbêg
ing badhaya tuwin parêkan.Kala samantên sang prabu animbali Mantri Kapêdhak kêkalih awasta Nayatruna kalih Yudakarti. Sang nata angandika, Nayatruna Yudakarti, sira lungaa marang tanah pasisir utawa môncanagara, sira goleka wong wadon kang prayoga bakal ingsun gawe garwa, nanging wêkas ingsun ing ngêndi nagara kang sira ambah iku nuli sira anggôndaa banyune sêsumbêran. Samangsane banyune sêsumbêran sira gônda wangi, iya ing kono
--- 275 ---
ênggone wong wadon kang ayu, masthikaning wanodya, anuli sira pêpêka,
sarupaning wong wadon ing nagara kono dalasan wong desa. Ki Nayatruna
Yudakarti matur sandika, lajêng mangkat anjujug ing Jêpara lajêng
mangetan dumugi ing Surabaya, wontên ing ngriku lajêng amanggih toya
kang wangi gandanipun. Ki Nayatruna Yudakarti nuntên amanggihi
Mantrinipun Pangeran Pêkik, ingkang dipun pitadosi têngga nagari ing
Surabaya, anama Ngabèi Mangunjaya, Ki Nayatruna Yudakarti andhawahakên
timbalan dalêm. Ki Mangunjaya mirêng dhawahipun Ki Yudakarti
sakalangkung kagèt. Wicantên salêbêting manah, baya wis pinêsthi
karsaning Allah, yèn anakku wadon bakal dadi garwaning raja, Ki
Mangunjaya lajêng wicantên dhatêng Nayatruna Yudakarti, Ki Nayatruna
Yudakarti, pangraos kula tiyang èstri sanagari ngriki warninipun botên
wontên ingkang nyamèni anak kula èstri, sanajan sampeyan pêpêka dalasan
tiyang ing dhusun, inggih dèrèng wontên ingkang mirib, ananging dèrèng
diwasa, sawêk birai sêkar, anama pun Hoyi, Ki Mangunjaya lajêng anyêluk
anakipun èstri, inggih sampun dhatêng. Ki Nayatruna Yudakarti sarêng
aningali dhatêng ni rara anjomblong, sangêt eramipun. Nuntên parentah
dhatêng Ki Mangunjaya yèn anakipun èstri kapundhut ing sang prabu sarta
--- 276 ---
Ki Mangunjaya sabojonipun andhèrèkna dhatêng Matawis. Ki Mangunjaya
matur sandika, lajêng pradandosan. Sasampuning samêkta lajêng bidhal.
Sadhatêngipun ing Matawis, Ki Nayatruna Yudakarti anjujug ing griyane
lêlurahipun anama Ngabèi Wirarêja, inggih kalajêngakên dhatêng ing
kadhaton. Sampun katur ing sang prabu. Sang nata sarêng aningali dhatêng
lare èstri, kapanujon ing galihipun, sarta sangêt ing rêmênipun.
Ananging kapalang dèrèng môngsa, lajêng ngandika dhatêng Ngabèi
Wirarêja, Wirarêja, bocah wadon iki rêksanên ana ing omahmu bae,
angulaha ayu, besuk yèn wis mangsane bae aturna marang kadhaton.
Wirarêja aturipun sandika, ni rara lajêng kabêkta dhatêng ing Wirarêjan.Kacariyos Pangeran Dipati Anom ulah lambang sari kalihan garwanipun Pangeran Singasari, Pangeran Singasari botên sumêrêp. Nanging Radèn Ayu Singasari wau agadhah rêmênan malih anama Radèn Dhobras. Radèn Dhobras punika putranipun Pangeran Pêkik, ingkang paman ing Pangeran Dipati Anom. Dene Pangeran Singasari wau inggih sampun sumêrêp. Yèn garwanipun bêbedhangan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran Singasari sangêt ênggènipun duka. Anuntên Pangeran Dipati Anom sumêrêp, yèn garwanipun Pangeran [Pa...]
--- 277 ---
[...ngeran] Singasari rêrêmênan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran
dipati lajêng awêwadul dhatêng Pangeran Singasari, Pangeran Singasari
sarêng dipun waduli dhatêng ingkang raka sangêt ing dukanipun, Radèn
Dhobras wau lajêng dipun apusi, kaajak dolan dhatêng kêbon wanan. Wontên
ing ngriku lajêng dipun pêjahi, jisimipun kalêbêtakên ing sumur, ing
nginggil katanêman pisang. Ing sanesipun dintên Pangeran Pêkik dhawah
angupadosi putranipun kang nama Radèn Dhobras. Sarêng angsal titik yèn
wontên salêbêting sumur, lajêng dipun dhudhuk kabêkta mêdal. Kala
samantên kasarêngan ing rêdi Marapi murub, swaranipun gumalêdhêg,
anggêgirisi, sela agêng-agêng sami tarung, atêmahan latu, yèn dipun
tingali kados jawah latu, ladhu alorodan urut lèpèn. Kathah dhusun
ingkang kaurugan tuwin kabêsmi, têtiyang ing dhusun kathah kang pêjah,
têtiyang ing nagari ing Matawis sami gègèr, awit katrajang ing ladhu
tuwin jawah awu, sang nata lajêng adhawah dhatêng para khaji sarta para
ngulama sami andêdongaa ing Allah, rêdi Marapi inggih tumuntên sirêp
urubipun. Kala samantên sinêngkalan 1594.Botên antawis lami sang nata animbali ingkang putra Pangeran Dipati Anom. Sadhatêngipun ingajêngan ingkang rama angandika, thole, sarèhning sira wis diwasa, [di...]
--- 278 ---
[...wasa,] bêcik sira akramaa, saiki sira mênyanga ing wismane si
adipati ing Carêbon. Dhèwèke duwe anak wadon, ayu rupane, kaya-kaya
patut yèn dadia jodhonira, sira bêcik andêlênga dhingin. Manawa sira wus
sênêng, sun pundhute marang ing kadhaton. Pangeran dipati matur
sandika, lajêng mangkat dhatêng ing dalêmipun Adipati Carêbon.
Sarawuhipun ing ngriku nuntên dipun aturi lênggah ing dalêm. Sang Dipati
Carêbon sampun sumêrêp, yèn Pangeran Dipati Anom wau badhe anontoni ing
anakipun èstri. Sang Dipati Carêbon lajêng andhawahi dhatêng anakipun
èstri angladosna sêgah gantèn. Pangeran dipati sarêng aningali dhatêng
sang rêtna, ing salêbêting galih inggih angalêm, mênggah warninipun
inggih sakalangkung ayu, nanging pasêmonipun ragi lanas. Kagalih yèn
purun dhatêng tiyang jalêr, dangu-dangu pangeran dipati sangsaya têbih
galihipun aningali dhatêng sang rêtna, tumuntên kondur matur dhatêng
ingkang rama yèn botên rêmên.Ing sanèsing dintên pangeran dipati pinuju amêng-amêng amampir ing Wirarêjan. Lampahipun dumarojog dhatêng ing pandhapi, kacariyos anakipun Ki Mangunjaya kang nama Rara Hoyi sampun mêpêk birai, dhasar wêrninipun sakalangkung ayu, ing sabên dintên tansah ngulah pasariran, [pasa...]
--- 279 ---
[...riran,] dados sangsaya wêwah ayunipun. Sariranipun kuning anêmu
giring, dêdêgipun rêspati, sarta pantês ing salêlewanipun. Pasêmonipun
prak ati, esêmipun pait kilang. Kala samantên sang rêtna pinuju bathik
wontên ing pandhapi kalihan Nyai Wirarêja, kagèt aningali rawuhipun
pangeran dipati, sang Rara Hoyi enggal ênggènipun kesah lumêbêt dhatêng
ing griya wingking, lampahipun nolèh-nolèh asarwi anata gêlung. Pangeran
dipati sarêng aningali dhatêng ni rara sangêt kagèt, galihipun
tarataban alupa sariranipun. Dangu ênggènipun kamitênggêngên, sangêt ing
kasmaranipun. Ki Ngabèi Wirarêja sarêng aningali pangeran dipati rawuh,
enggal malajêng angrangkul sukunipun pangeran dipati, nêmbah sarwi
matur, gusti, kadingaren panjênêngan dalêm têdhak dhatêng griya kula,
badhe karsa mundhut punapa, sumôngga pinaraka salêbêting griya kula,
pangeran dipati amangsuli, aku têka dolan mampir arêp wêruh ing omahmu
bae, Wirarêja, aku takon marang kowe, wong wadon kang bathik mau sapa,
apa anakmu dhewe. Ki Wirarêja matur, gusti, tiyang èstri punika wau
sêngkêranipun rama dalêm, lare saking Surabaya, angsalipun mundhut kala
taksih alit, lajêng kadèkèkakên ing griya kula, yèn sampun mangsanipun
birai, kula kadhawahan [kadhawah...]
--- 280 ---
[...an] anyaosakên dhatêng kadhaton. Môngka ing mangke sampun
wancinipun, inggih tumuntên badhe kula aturakên ing rama dalêm. Pangeran
dipati sarêng mirêng aturipun Ki Wirarêja, sangsaya sangêt ênggènipun
kasmaran dhatêng èstri wau, lajêng wangsul sumêja kondur anitih kapal
nyandêr lampahipun. Sarawuhipun ing dalêm lajêng sare sarta amujung
kampuh, sakathahe abdinipun sami amastani yèn gustinipun gêrah, amung
êmbanipun èstri ingkang sumêrêp yèn pangeran dipati wau gêrah brôngta
dhatêng èstri Pawirarêjan. Êmban wau enggal ngaturi uninga ing Pangeran
Pêkik. Pangeran Pêkik sarêng mirêng aturing êmban, kumêpyur ing
galihipun. Rumaos yèn badhe manggih bilai, lajêng angandika dhatêng
ingkang garwa kang nama Ratu Pandhan. Ratu, aku sumêja nêrak kaluputan.
Payo padha ênjupuk wong wadon ing Pawirarêjan, bakal dakwèhake putumu
pangeran dipati, supaya maria ênggone lara brôngta, nanging wataraku yèn
aku sida anjupuk wong wadon iku, ora wurung aku bakal oleh dêdukane
sang prabu, kaya-kaya aku bakal anêmahi mati, nanging daktekadi, sabab
aku wis tuwa, sanajan aku matia, sok uga putumu maria anggone susah
atine. Ingkang garwa inggih anurut ing sakarsanipun ingkang raka, nuntên
sami mangkat sakalihan, [sa...]
--- 281 ---
[...kalihan,] kairing abdi èstri kathah sarta ambêkta joli, lampahipun sampun dumugi ing Wirarêjan.Ki Ngabèi Wirarêja enggal amêthuk ing palataran, sarta angancarani lumêbêt ing griya, sampun tata alênggah, Ki Wirarêja matur sarwi nêmbah, gusti, kadingarèn sampeyan pinarak mriki. Pangeran Pêkik amangsuli, Wirarêja, têkaku mrene aku awèh wêruh marang kowe, yèn putuku Pangeran Dipati Anom saulihe têka ing omahmu banjur ora arêp mangan-mangan, turu bae kongsi pirang-pirang dina, awit kaedanan marang wong wadon kang têka ing Surabaya kang ana ing omahmu kene, kang iku aku anjaluk lilamu, wong wadon mau dakjaluk, bakal dakdhaupake karo pangeran dipati, yèn ana dêdukane sang prabu ya aku dhewe kang nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe. Ki Wirarêja matur, gusti, karsa sampeyan punika kula mopo, kula ajrih ing putra sampeyan sang prabu, yèn ngantosa sampeyan pundhut, kados kula badhe dipun pêjahi dhatêng sang nata. Pangeran Surabaya sarêng mirêng aturipun Ki Wirarêja lajêng anjêtung, sarta sidhakêp astanipun, alon ênggènipun ngandika, Wirarêja, calathumu iku bênêr kabèh, nanging aku anêmah, yèn ana dukane
--- 282 ---
sang prabu, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe, aku ora
ngèmbèt-èmbèt marang kowe, sarta aku awèh ali-ali sarakit rêga sewu lan
kêris loro sasaput pirantine, ênya iki tampanana. Ratu Pandhan
anyambungi ngandika, Wirarêja, ing sabênêre aku anjaluk wongku dhewe,
sabab nagara ing Surabaya iku duwèkku, môngka wong wadon iku sêka ing
Surabaya, amêsthi aku kang wajib duwe, dene yèn anak prabu duka aku
dhewe kang nanggoni, Ratu Pandhan lajêng ngandika dhatêng Nyai Wirarêja,
Bok Wirarêja iki tampanana pawèwèhku mênyang kowe, êmas lan arta
busana, dumên marang sanak-sanakmu kabèh. Nyai Wirarêja bingah ing
manahipun, nyêmbah sarta nampèni, nuntên wicantên dhatêng ingkang jalêr,
kiyai, kadospundi dika têka mênêng kemawon. Manawa dika wêdi ing sang
prabu, wong kangjêng pangeran sarta kangjêng ratu puniki sampun nyaguhi,
lan kira kula sang nata botên duka, sabab kang mundhut putrane dhewe
kang digadhang jumêmêng nata, sarta ing dina wingi kula ênggih ngrungu
pawarta, yèn gusti pangeran dipati ditari krama dhatêng kang rama sang
prabu. Ki Wirarêja lajêng kèlu dhatêng ingkang èstri, ni rara lajêng
kasumanggakakên dhatêng Pangeran Pêkik. Pangeran saha ingkang garwa
enggal amurugi dhatêng ni rara, kagèndèng astanipun, lajêng kasandhing
lênggah, [lêng...]
--- 283 ---
[...gah,] Pangeran Pêkik angandika dhatêng Ki Wirarêja, Wirarêja,
wruhanamu, wis pinêsthi karsaning Allah yèn nagara Mataram bakal rusak
amarga bocah wadon iki, kowe besuk bakal kasrakat, kadukan marang sang
prabu, dene aku bakal anêmahi mati, nanging samono iku wis pinêsthi
karsa Allah, ora kêna suminggah, wis kèria, aku pamit mulih. Pangeran
Pêkik saha kang garwa lajêng bidhal. Ni Rara Hoyi kabêkta nitih joli.
Lampahipun anjujug ing kadipatèn. Sampun kêpanggih kalihan ingkang
wayah, Pangeran Pêkik angandika, Mas putu, wis maria ênggonmu lara
brôngta, aku wis oleh têtômba ingkang dadi laramu iku, iki rupane,
pangeran dipati sakalangkung suka ing galih aningali ni rara, botên
sarônta ing galihipun, lajêng anyandhing lênggah dhatêng ni rara,
Pangeran Surabaya ngandika, mas putu, kowe aja sumêlang atimu, yèn
bapakmu sang prabu duka ya aku kang nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati
ya daklakoni dhewe, sok uga kowe tulusa mukti, sarta bungah atimu, wis
kèria pangantenan, aku mulih, pangeran dipati nyêmbah matur nuhun.
Pangeran Pêkik saha sang garwa sampun kondur, ni rara lajêng pinondhong
dhatêng pangeran dipati, kabêkta minggah dhatêng pangeran dipati,
kabêkta minggah dhatêng pasarean, andumugèkakên karsanipun.
--- 284 ---
Ing nalika punika botên antawis lami sang prabu lajêng andangu ing
èstri punika dhatêng Ki Ngabèi Wirarêja, aturipun Ki Wirarêja sampun
kapundhut dhatêng Pangeran Pêkik, kaparingakên ing Pangeran Dipati Anom.
Sang nata sakalangkung duka, Pangeran Surabaya wau lajêng dipun pêjahi,
dalah sanak sadhèrèkipun sadaya, gunggung tiyang kawan dasa ingkang
dipun pêjahi sami sakala. Ki Ngabèi Wirarêja inggih lajêng kabucal
dhatêng Pranaraga saanak bojonipun. Wontên ing ngriku inggih lajêng
pinêjahan. Wondene pangeran dipati wau nuntên tampi dhawahipun ingkang
rama, andikakakên mêjahi dhatêng èstri wau, dipun tanganana piyambak.
Ing samangsanipun pangeran dipati botên amêjahi dhatêng Rara Hoyi sami
sakal. Kaanggêp dede putranipun sang prabu, pangeran dipati sarêng tampi
dhawahipun ingkang rama makatên, sakalangkung sakit galihipun. Èstri
wau inggih nuntên kapangku ing pangeran dipati piyambak, lajêng kacublês
ing dhuwung sampun pêjah. Sasampuning pêjah èstri wau, pangeran dipati
lajêng katundhung dhatêng ingkang rama, kadalêmakên wontên ing Lipura,
rajabrana ing kadipatèn têlas kajarah rayah, dalêmipun kabêsmènan
dhatêng sang prabu.Kala samantên sang nata sabarangkarsanipun ewah kalihan adatipun, asring amêsesa tiyang, tansah
--- 285 ---
anggêlarakên siasat. Para bupati mantri tuwin para santana sami
lampah alap-alapan ing kalênggahanipun, sakalangkung rêsah tataning
nagari, tiyang sa-Matawis sami miris manahipun. Sarta asring grahana
wulan tuwin srêngenge, jawah salah môngsa, lintang kumukus ing sabên
dalu katingal. Jawah awu utawi lindhu, akathah dalajat ingkang katingal.
Punika pratandhanipun, yèn nagari badhe risak.Kacariyos Pangeran Dipati Anom inggih sampun kaapuntên dhatêng ingkang rama, kawangsulakên adalêm ing kadipatèn malih, ananging pangeran dipati wau botên pêgat anggènipun prihatin. Ingkang tansah kagagas, sedanipun ingkang eyang Pangeran Pêkik sasantananipun, sarta tiyang sa-Matawis inggih sami susah manahipun. Para santana tuwin para bupati sami anggubêl dhatêng pangeran dipati, kaaturan jumênêng nata supados têntrêma tiyang sanagari Matawis. Pangeran dipati sangsaya kewran, pangunadikaning galih, saupama aku ngêndhiha marang kangjêng rama, ngisin-ngisini misuwure ing nagara liya, yèn aku ora tumulia jumênêng nata, wong ing nagara Mataram kasêlak rusak kabèh, lajêng anggalih ngupados tiyang ingkang badhe kadamêl warana ênggènipun badhe ambêdhah nagari Matawis. Pangeran dipati èngêt dhatêng ingkang eyang panêmbahan ing Kajoran. [Kajor...]
--- 286 ---
[...an.] Pangandikane ing galih, kajaba eyang ing Kajoran, iku kang
bisa yèn dakkona ambêdhah ing Mataram. Sabab iku wong tapa sarta sakti,
wataraku kaya-kaya kêna yèn dakgawea aling-aling, pangeran dipati nuntên
animbali abdinipun lurah têtiga anama Pranataka, kalih Ki Sumêndhi,
tiga Ôndakara, pangeran dipati ngandika, kowe wong têlu padha mênyanga
ing Kajoran. Layangku iki wèhna marang eyang Kajoran. Kajabaning layang
wêkasku marang kowe, poma Si eyang jakên barêng ing salakumu, tiyang
têtiga wau sampun jinatenan ingkang badhe dados karsanipun pangeran
dipati, tiyang têtiga aturipun sandika lajêng mangkat.Gêntos kacariyos pangeran ing Kajoran, punika sakalangkung sakti sarta sangêt ing tapanipun. Pangeran Kajoran wau agadhah mantu tiyang saking Sampang anama Radèn Trunajaya, dene ingkang gadhah anak anama Dêmang Malaya ing Sampang, sadhèrèkipun sêpuh Sang Dipati Cakraningrat ing Sampang, Ki Dêmang Malaya wau samangke sampun pêjah, pêrang kalihan Pangeran Alit. Ing sapêjahe ramanipun Radèn Trunajaya taksih alit. Kalênggahanipun Ki Dêmang Malaya kagêntosan adhinipun, kang nama Cakraningrat wau, Radèn Trunajaya inggih lajêng tumut ing ngriku. Sarêng sampun diwasa, nuntên katundhung
--- 287 ---
dhatêng pamanipun, katêrka angrêmêni anakipun èstri Sang Dipati
Cakraningrat, malah badhe dipun pêjahi, milanipun sagêd gêsang, amargi
dipun umpêtakên dhatêng têtiyang ing Sampang, sabab têtiyang ing Sampang
kathah ingkang asih dhatêng piyambakipun. Trunajaya wau lajêng sumêja
ngabdi ing Pangeran Dipati Anom, nanging botên angsal margi, sabab
têtiyang ing Kadipaten sadaya sami dipun sêsorohi dhatêng Ki
Cakraningrat. Supados Trunajaya sampun ngantos katur ing pangeran
dipati, Trunajaya lajêng nyêlambrang[4]
ing sapurug. Ing lami-lami anuntên kapêndhêt mantu dhatêng Pangeran
Kajoran sarta sangêt dipun sihi, kaugung sasolahipun, karana Pangeran
Kajoran sumêrêp yèn Radèn Trunajaya wau ing têmbe badhe dados prajurit
agêng, sagêd angorêgakên ing tanah Jawi. Kala samantên Pangeran Kajoran
pinuju lênggah ing dalêmipun. Kagèt aningali utusanipun pangeran dipati
dhatêng, sarta angaturakên sêrat. Nuntên katampèn sarta winaos.
Suraosing sêrat animbali, Pangeran Kajoran inggih lajêng mangkat dhatêng
Matawis. Radèn Trunajaya andhèrèk ing marasêpuhipun. Sadhatêngipun ing
Matawis sampun kêpanggih kalihan pangeran dipati kabêkta lênggah ing
dalêm. Pangeran dipati ngandika, eyang, mila sampeyan kula aturi saking
sangêtipun ribêding
--- 288 ---
manah kula, kalihan kuwatos. Sarèhning ing mangke têtiyang ing nagari
ing Matawis sami susah manahipun. Amargi kangjêng rama ing sabarang
karsanipun ewah, botên kados ingkang wau-wau, tansah angêtrapakên
siasat, andadosakên karisakanipun tiyang sanagari, dados para santana
tuwin para bupati sadaya sami anggubêl dhatêng kula, kula dipun aturi
jumênêng nata, anggêntosana kangjêng rama, ingkang punika eyang manawi
kula kalampahana angêndhih, mendah ucapipun tiyang ingkang botên rêmên.
Yèn kula botên tumuntêna jumênêng nata, tiyang sa-Matawis kasêlak risak
sadaya, dados samangke ingkang pinanggih ing panggalih kula eyang,
sampeyan badhe kula damêl warana, ambêdhah nagari ing Matawis. Ing pundi
panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman agêng, dene bôndha
beya sarta dêdamêling prang inggih kula kang anyukani. Pangeran Kajoran
matur, ênggèr, ingkang dados karsa sampeyan punika kula mopo, sabab
kula sampun sêpuh sarta ajrih dhatêng sang nata, kalih dene karsa
sampeyan punika botên prayogi, kenging dipun wastani anggege môngsa, ing
pamanah kula prayogi ingkang sarèh, mila makatên, benjing yèn sampun
seda sang prabu, ingkang mêsthi anggêntosi inggih sampeyan.
Akathah-kathah anggènipun ambêbolèhi [ambê...]
--- 289 ---
[...bolèhi] Pangeran Kajoran wau, nanging pangeran dipati mêksa botên
kenging dipun ampah. Pangeran Kajoran matur malih, manawi sampeyan
mêksa kêncêng, ênggèr, kula aturi wakil kemawon. Kula darbe mantu jalêr
anama Trunajaya, anakipun Dêmang Malaya ing Sampang kang sampun pêjah,
punika kados sagêd anglampahi ingkang dados karsa sampeyan. Sarta sagêd
yèn angadêkna gêgaman wontên ing Maduntên. Ing mangke pun Trunajaya wau
inggih tumut dhatêng kula wontên ing Jawi. Pangeran dipati suka ing
galihipun. Trunajaya lajêng katimbalan lumêbêt ing dalêm. Sadhatêngipun
ing ngajêngan lajêng ngabêkti, pangeran dipati rêsêping galihipun
aningali dhatêng Trunajaya. Pangeran Kajoran ngandika dhatêng Trunajaya,
kulup mulane kowe ditimbali, kowe bakal dikarsakake digawe wayang
marang ingkang gustimu, dikakake ambêdhah nagara ing Mataram. Yèn
luput-luput ing lakumu, kowe bakal anêmahi mati, kapriye, kowe apa saguh
digawe wayang marang gustimu. Trunajaya matur, kula sandika anglampahi,
sanajan dhumatêng ing pêjah, ajur awor lan siti, yèn anglampahi
dhawahipun gusti kula inggih botên gumingsir. Pangeran dipati amirêng
kasagahanipun Radèn Trunajaya sakalangkung suka ing manahipun lajêng
angadika, Trunajaya, nagara ing
--- 290 ---
Sampang takparingake marang kowe, nuli irupên dhewe, sarupane wong
Madura saurute kabèh padha bêbêgana, aja awèh seba marang Mataram. Dene
bupatine cik ben keri dhewe ana Mataram. Yèn wis ngadêg gêgamanmu, nuli
anêlukna wong tanah pasisir utawa môncanagara kabèh, yèn ana kang mogok
gitikên ing prang, nanging wêkasku kowe dibisa rêmit. Supaya aku aja
kongsi kalingkap. Dene besuk yèn ing Mataram wis bêdhah, kowe tumuli
sebaa marang aku, yèn aku wis jumênêng nata, bang bang alum-alum
dakwehake marang kowe, aku dêrma bae jumênêng nata, amis bacine ing
tanah Jawa kabèh môngsa bodhoa ing kowe, Radèn Trunajaya matur sandika.
Pangeran dipati anuntên amaringi arta busana tuwin gêgamaning prang
kathah warni-warni. Pangeran Kajoran lan Trunajaya sampun lèngsèr saking
ngarsane pangeran dipati, mantuk dhatêng ing Kajoran, lajêng
atata-tata, Pangeran Kajoran angandika dhatêng mantunipun. Kulup,
wêkasku mênyang kowe aja sumêlang atimu, nagara ing Mataram amêsthi
bakal bêdhah dening wong Madura, kowe nuli ngadêga gêgamanmu ana ing
Surabaya, dene besuk yèn ing Mataram wis dahuru, aku tumuli nusul marang
kowe. Radèn Trunajaya matur sandika, tumuntên mangkat lan
saanakbojonipun [saanakbojoni...]
--- 291 ---
[...pun] tuwin sabrayatipun sadaya. Sadhatêngipun ing Sampang kathah
têtiyang sami mêthuk sarta sami suka manahipun. Sabab punika gustinipun
lami, dene têtiyang saurutipun pulo Madura inggih sampun sami suyud,
botên wontên kang suwala, Radèn Trunajaya sampun agêng bêbarisanipun.Kacariyos kala samantên pinuju wontên pêpalajêngan tiyang saking Makasar, kathahipun kalih èwu, pangagêngipun anama Kraèng Galesong, sosoranipun anama Busung Mêrnung, Panji Karonuban. Dhaèng Makincing, Dhaèng Wigêni, Dhaèng Marewa. Dhatêngipun ing tanah Jawi anjujug ing Pajarakan. Lajêng sami angrayah, solahipun anggêgilani, ing Pajarakan tuwin sakiwa têngênipun têlas sami dipun rayahi, dhusun kang urut pasisir kathah kang gêmpur dipun bajagi, têtiyang ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami gègèr, angili ing sapurug-purug. Kraèng Galesong angêbrêgi ing kitha Dêmung, tiyang ing ngriku botên wontên kang purun anglawan. Sabab bupatinipun wontên ing Matawis. Kamisêpuh ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami lumajêng angaturi uninga dhatêng ing Matawis.
Sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung Darmayuda ing Pasuruan, andikakakên ênggêbag mêngsah tiyang Makasar ingkang wontên ing Dêmung, sarta kêkanthenan tiyang môncanagari [mô...]
--- 292 ---
[...ncanagari] sadaya, ingkang dados têtindhihing prang Radèn Panji
Karsula. Radèn Panji Karsula tuwin para bupati môncanagari wau inggih
lajêng mangkat. Sang nata dhawah malih dhatêng abdi lêlurah saragêni,
anama Ngabèi Môngsadipa, Môngsadipa, sira ingsun paringi nagara ing
Japara, sira tumuli muliha marang Japara, lan anakmu Si Jagapati,
Jagamanggala, Wiragati, Tanumanggala, padha gawanên kabèh, lan Si
Mangunnagara gawanên milua ênjaga ana ing Japara, sarta kagungan ingsun
maryêm têtêlu gawanên. Si Gunturgêni, Si Gulu, Si Kumbarawi, padha
sèrèdên. Gawenên ênjaga ana ing Japara, poma padha dingati-ati ênggonira
padha ênjaga ana ing kono. Ingkang sami kadhawahan wau aturipun
sandika, lajêng mangkat.Gêntos kacariyos senapati Radèn Panji Karsula sarta para bupati môncanagari, lampahipun sampun dumugi ing Japan, atata-tata wontên ing ngriku, sabab Radèn Panji Karsula punika têtiyang saking Japan angawula ing Matawis. Ing mangke nagari Japan kaparingakên dhatêng piyambakipun. Sarêng ênggènipun tata sampun samêkta lajêng bidhal. Lampahing baris kapara tiga, Ki Darmayuda dados panjawat têngên, akanthi môncanagari sapalih, Ki Anggajaya dados panjawat kiwa, akanthi môncanagari sapalih, Radèn Panji [Pa...]
--- 293 ---
[...nji] Karsula kang dados dhadha, akanthi têtiyang Mataram.
Lampahipun sampun ngancik watêsing Dêmung. Dene raja Galesong inggih
sampun sumêrêp, yèn dipun inggahi gêgaman saking ing Matawis, kathahipun
tanpa wilangan. Tiyang Makasar sampun sami rêmbag sabiyantu sarêng
pêjah, sampun sami ngatos-atos wontên salêbêting bètèng. Botên dangu
gêgaman Matawis dhatêng, tiyang Makasar amêthukakên prang sakêdhap,
nuntên sami lumajêng dhatêng ing wana, têtiyang ing Matawis badhe sami
angrêrayah salêbêting biting, Panji Karsula botên anglilani, sabab
sampun kasaput ing dalu, bala ing Matawis lajêng sami rêrêp anêba wontên
satêngahing ara-ara, tiyang Matawis sadaya sami weya, ing dalu sakeca
ênggènipun sami tilêm. Gêgamanipun sami kasèlèhakên, kapal sami dipun
cuculi, sawênèh sami ngura-ura. Sarêng wanci ing lingsir dalu, tiyang
Makasar dhatêng watawis kathahipun kawan atus. Lajêng angamuk sarta
surak. Tiyang Matawis sami kagèt bingung pating balulung, kathah kang
pêjah dening tiyang Makasar tuwin dening kancanipun piyambak. Lajêng
mawut arêbat gêsang piyambak-piyambak. Sarêng wanci byar tiyang Matawis
sampun gusis. Amung kantun kang sami pêjah kemawon. Tiyang Makasar sami
suka manahipun, amanggih barang sarta gêgaman. Dene Radèn Panji Karsula
wau lumajêng [luma...]
--- 294 ---
[...jêng] dhatêng Japan piyambak kemawon. Wontên ing ngriku sakit lajêng pêjah.Tiyang Makasar wau nuntên sami ngêsuk dhatêng tanah môncanagari, ing pundi kang dipun ambah lajêng sami têluk, botên wontên kang purun anglawan. Tiyang ing Kadhiri sapangetan dumuginipun ing Prabalingga Balambangan sampun sami nungkul sadaya dhatêng Raja Galesong, dados samangke gêgamanipun tiyang Makasar wau sangsaya agêng, sampun misuwur ing nagari Matawis, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Panji Karsula kawon prangipun sarta sampun pêjah, tiyang Makasar gêgamanipun sangsaya ngrêbda, tiyang môncanagari sampun têluk sadaya. Sang nata lajêng parentah dhatêng Radèn Prawirataruna, dikakakên ênggêcak mêngsah kang wontên ing Dêmung, pangandikanipun sêru, Prawirataruna, sira ngaluruga marang ing Dêmung, wong Makasar tumpêsên kabèh, wong pasisir iridên padha adunên prang, sarta wong Walônda kang padha ana ing Japara jakên ngalurug kabèh, yèn ora gêlêm, tundhungên têka ing kono, yèn mopo tumpêsên. Lan wong Madura pariksanên, apa sababe ora seba marang Mataram. Sira sun kanthèni Si Wirabumi, Wiradôngsa lan Si Pulangjiwa, sabalane kabèh. Ingkang sami dipun dhawahi aturipun sandika, lajêng mangkat. Sami jangji pakumpulan ing Japara, Radèn Prawirataruna [Prawi...]
--- 295 ---
[...rataruna] sadhatêngipun ing Japara, para bupati pasisir sampun
sami ngalêmpak wontên ing ngriku, ing Têgal sapangetan dumuginipun ing
Tuban. Bupatinipun sampun pêpak wontên ing ngriku sadaya, lajêng sami
dandos baita, kêbak ing muwara Japara, Ki Wôngsadipa ing Japara sangêt
ênggènipun sugun-sugun dhatêng para bupati tuwin dhatêng Radèn
Prawirataruna. Radèn Prawirataruna lajêng animbali Kumpêni kang wontên
ing ngriku, kathahipun amung sabrêgada, pangagêngipun anama Kapitan
Dulkup. Sareyan satunggil anama Ondorop. Juru tulis satunggil. Amung
punika ingkang dipun timbali, sadhatêngipun ing ngarsane Radèn
Prawirataruna lajêng kadhawahan andikakakên tumut ngalurug. Yèn botên
purun kadhawahan kesah saking Japara, supados sampun ngantos adamêl
sumêlang ing manah, aturipun tiyang Walandi sandika anglampahi, dhasar
salaminipun angajêng-ajêng timbalanipun sang prabu, kaabêna prang
kalihan mêngsah, Radèn Prawirataruna mirêng kasagahanipun tiyang Kumpêni
sangêt sukaning manahipun. Sasampuning samêkta Radèn Prawirataruna
lajêng bidhal lan sabalanipun. Mêdal ing laut. Para bupati sabalanipun
sampun sami numpak baita, baita awarni-warni, nuntên sami ambabar layar,
sampun mancal saking ing ngriku, lampahing baita pating salêbar,
--- 296 ---
langkung asri tiningalan. Sarta sami mawi têngêran bandera
piyambak-piyambak. Tiyang Kumpêni anumpak baita, ujung Surabaya sampun
katingal. Baita lajêng sami angranji wontên ing muwara, Radèn
Prawirataruna tuwin para bupati lajêng sami mêntas dhatêng ing Surabaya,
amasanggrahan wontên ing ngriku, Radèn Prawirataruna sampun midhangêt
pawartos, mênggah tiyang Madura ênggènipun botên wontên sowan dhatêng
ing Matawis. Punika amargi dipun bêbêg dhatêng Radèn Trunajaya, Radèn
Prawirataruna lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Maduntên sarta
mawi sêrat. Kala samantên Radèn Trunajaya sawêg dhatêng ing griyanipun
saking ing Dêmung saking kêpanggih kalihan Raja Galesong, sampun rêmbag
sabiyantu badhe ambêdhah nagari ing Matawis. Anuntên utusanipun Radèn
Prawirataruna dhatêng, nanging Radèn Trunajaya asêngadi sakit. Mila awat
sakit, sabab sampun ngintên yèn badhe dipun timbali, sarta dèrèng
kuwawi yèn amêthukna prangipun Radèn Prawirataruna. Utusan wau inggih
sampun dipun panggihi, sêrat lajêng katampèn sarta winaos. Radèn
Trunajaya sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng utusan. Kowe
matura marang eyang Prawirataruna, aku ora rumôngsa yèn amênging marang
wong Madura, ênggone ora padha seba marang ing Mataram iku saking
[sa...]
--- 297 ---
[...king] padha edane dhewe, dene ing saiki ana parentah kêrigan, ya
padha dakkêrigêne, yèn wis padha tata-tata, nuli dakkone padha marang
ing Surabaya, nanging aku bakal ora milu, sabab lagi lara, kowe dhisika
marang Surabaya, utusan wau sasampuning sinunggata lajêng pinisalin
sarta sinangonan, lajêng mangkat dhatêng Surabaya, sampun katur ing
Radèn Prawirataruna punapa ing sawicantênipun Radèn Trunajaya wau, Radèn
Prawirataruna inggih sampun sumêrêp yèn sinôngga krama, nanging dipun
gampilakên, sok ugi sampuna sirna tiyang Makasar, ing Maduntên kêpanggih
wingking. Radèn Prawirataruna lajêng parentah bidhal dhatêng Dêmung,
para dipati lan sabalanipun sampun sami numpak baita, ambabar layar,
sarta sami ngungêlakên kalataka, lampahing baita sampun dumugi
Panarukan. Para bupati sampun sami angatos-atos. Baitanipun sami
kapinggirakên. Raja Galesong kang wontên ing Dêmung inggih sampun
sumêrêp, yèn gêgaman Matawis dhatêng, Raja Galesong sampun parentah
angatos-atos. Lan sawarnine têtêlukan tiyang môncanagari dipun kèn baris
piyambak, kadèkèk ing wingking têbih, ingkang badhe mêthukakên prang
dharat tuwin prang laut, tiyang Makasar kemawon. Sasampuning samêkta
lajêng bidhal dhatêng pinggir pasisir, bala
--- 298 ---
ing Matawis inggih sampun sami mêntas saking baita, abaris ing
gêgisik. Nanging bala pasisir kang dèrèng sami dhatêng. Anuntên tiyang
Makasar dhatêng, narajang pating barêkik. Bala ing Matawis angrutug ing
sanjata, tiyang Makasar botên ajrih anusup kukusing sandawa, angamuk
kalihan lêmbing towok tuwin cundrik. Tiyang Matawis kathah kang pêjah,
têtindhihipun bala Matawis sami ngawaki tumut ngamuk. Radèn
Prawirataruna anitih kuda kairing abdinipun piyambak, kathahipun kawan
dasa, lajêng sami ngamuk, tiyang Makasar kang katrajang kathah kang
pêjah, nanging kang taksih gêsang botên wontên ajrih, ingkang sami pêjah
dipun idak kemawon, ariwut pangamukipun. Tiyang Prawirataruna sampun
pêjah sadaya, bala Matawis inggih kathah kang pêjah, Radèn Prawirataruna
anandhang tatu, bala Matawis kang taksih gêsang giris manahipun. Sami
lumajêng dhatêng pinggiring sagantên, arêbat baita, baitanipun lajêng
sami kèrêm, tiyangipun kathah kang sami pêjah dening toya. Radèn
Prawirataruna taksih wontên ing gêgisik. Angêntosi bala kang dèrèng
numpak baita, sarta wicantên sêru, hèh wong Mataram, disarèh ênggonmu
nunggang prau, aku misih ngêntèni, yèn prangku iki kalah, amêsthi nagara
ing Mataram bakal bêdhah, aku angur matia dhingin. Ayo padha ngamuk
manèh. [ma...]
--- 299 ---
[...nèh.] Anuntên tiyang Makasar dhatêng, Radèn Prawirataruna
kinarubut ing tiyang Makasar, sampun pêjah badhe lajêng dipun kêthok
sirahipun. Nuntên tinulungan tiyang Kumpêni, Ambon lan Tarnate, sami
mêntas saking baita, lajêng angrutug ing sanjata, mimis kados garimis.
Tiyang Makasar kathah kang pêjah, tiyang Makasar sami lumajêng,
jisimipun Radèn Prawirataruna sampun kabêkta dhatêng baita, lajêng
tinabêla, kaantukakên dhatêng ing Matawis. Pangajêngipun bala Matawis
wau wontên ingkang ngungsi dhatêng lèpèn Paiton. Tiyangipun sami mêntas
dhatêng dharatan. Anuntên dipun rundhuk dhatêng ing tiyang Makasar,
baitanipun tiyang Matawis dipun obong, gêgaman sarta sangunipun têlas
kobong sadaya, tiyang Matawis sami lumajêng ing sapurug-purug.Kacariyos jisimipun Radèn Prawirataruna, sadhatêngipun ing Matawis, tiyang sanagari sami orêg sadaya, sarta sami kêkês manahipun. Dene kang sami pêjah bojo tuwin sadhèrèkipun gumuruh sami anangis. Sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Radèn Prawirataruna kapupu ing paprangan. Balanipun kathah kang pêjah, sang prabu nuntên miyos sinewaka, para putra, santana, bupati, mantri, sampun pêpak sowan sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole dipati, sira tumindaka dhewe, anglurug marang ing
--- 300 ---
Dêmung, lan adhinira padha gawanên kabèh, wong ing Mataram pra
têlunên. Kang saduman tinggalên atunggu marang ingsun. Wong pasisir
kêrigên kabèh, padha adunên prang, nagara Madura tumuli gêpukên. Si
Trunajaya patènana, krana iku kang miwiti agawe prang, Si Dipati
Cakraningrat gawanên, supaya wong Madura padha elinga, yèn iku bandarane
lawas. Pangeran dipati matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng
Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, jêngandika anuwanana ing lampah,
angêmonga ing wayah jêngandika. Panêmbahan matur sandika, lajêng sami
pradandosan. Tiyang sanagari orêg sami tata-tata, sarêng sampun samêkta
nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala, gêgaman tuwin bandera
awarni-warni, para pangeran sadaya sami wahana turôngga, lampahipun
sapangkat-pangkat, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, gêbyaring
busana tuwin kêlabing bandera amindha sêkar sataman. Langkung agêng
gêgamanipun. Lampahipun sampun dumugi ing Japara, pangeran dipati lajêng
makuwon, anata lampah sarta anglêrêbakên bala. Dene para bupati pasisir
ing Têgal sapangetan dumuginipun ing Pathi inggih sampun sami dhatêng
wontên ing ngriku sabalanipun. Bupati ing Lasêm Rêmbang sapangetan
sampun sami têluk dhatêng Trunajaya tuwin dhatêng Raja Galesong.
Pangeran [Pa...]
--- 301 ---
[...ngeran] dipati wau sampun midhangêt pawartos, yèn Radèn Trunajaya
sampun kathah têtêlukanipun sarta sampun agêng bêbarisanipun, akumpul
kalihan Raja Galesong ing Makasar. Pangeran dipati wau ing batin tansah
angalêm dhatêng Trunajaya, ênggènipun badhe prang punika amung kadamêl
gêlar kemawon. Wontêna labêtipun yèn prang, supados ênggènipun sakuthu
sampun ngantos kauningan dhatêng ingkang rama sang prabu, nanging
pangeran dipati dèrèng sumêrêp, yèn Trunajaya anyidrani jangji,
upaminipun tiyang ngêmut gêndhis, amêsthi ngraosakên lêginipun kemawon,
botên sumêdya yèn dipun lêpèha, dene têgêsipun Trunajaya wau sarêng
sampun kathah balanipun lajêng kasupèn dhatêng kancanipun sakuthu,
samêdya jumênêng nata piyambak. Panggalihipun pangeran dipati kakintên,
botên purun jumênêng nata piyambak makatên. Pangeran dipati lajêng
parentah bidhal sumêdya ngangsêg panggenaning mêngsah, Ki Wôngsadipa ing
Japara sarta tiyang Kumpêni katilar kadhawahan ênjagi wontên ing
Japara, lampahipun pangeran dipati nurut pasisir mangetan. Sakalangkung
agêng gêgamanipun. Sawarnining sangu-sangu tuwin rêrepot, sami kaêmot
ing baita mêdal ing laut. Lampahe bala ing Matawis anggrêgut sumêdya
sami ngantêp kapurunanipun. Sabab têtindhihipun [têti...]
--- 302 ---
[...ndhihipun] gustine piyambak.Gêntos kacariyos Radèn Trunajaya, sampun akêkutha wontên ing Surabaya, sarta sampun kumpul kalihan Raja Galesong, ajangji êndhog sapatarangan, sabiyantu sarêng pêjah, sumêdya êmbêdhah nagari ing Matawis. Têtêlukanipun nagari inggih sampun kathah, tanah pasisir ing Rêmbang sapangetan dumuginipun ing Balambangan, môncanagari ing rêdi Lawu sapangetan dumuginipun ing Balambangan. Punapa dene tiyang Sampang saurutipun pulo ing Maduntên, sadaya inggih sampun sami suyud, angratu dhatêng Trunajaya, wondene Trunajaya wau inggih sampun jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan Madurêtna Panatagama, sampun misuwur ing tanah pasisir tuwin môncanagari sadaya, nanging kala samantên Trunajaya sangêt ênggènipun kasupèn, yèn sagêdipun makatên punika wontên ingkang ngajani, awit saking karsanipun Pangeran Dipati Anom ing Matawis, botên pisan yèn èngêta dhatêng pangeran dipati, sabab kalimput ing kamuktèn. Pangraosipun kuwawi yèn jumênêng ratu agêng amêngku ing tanah Jawi sadaya.
Trunajaya wau inggih sampun midhangêt pawartos, yèn gêgaman Matawis sampun dhatêng wontên ing Japara, têtindhihipun Pangeran Dipati Anom. Ingkang andhèrèk Panêmbahan Purbaya, Pangeran Singasari,
--- 303 ---
Pangeran Balitar sarta para pangeran sanèsipun, tuwin para bupati
inggih kathah kang sami êndhèrèk. Tiyang Matawis kakêrig lampit. Para
bupati pasisir bang kilèn inggih sampun kumpul gêgamanipun sakalangkung
agêng, saking Japara gêgaman Matawis wau sampun bidhal. Sumêdya anggêbag
ing Surabaya.Trunajaya sarta Raja Galesong lajêng parentah anglêmpakakên bala, sarêng sampun samêkta, nuntên bidhal, kathahing bala tanpa wilangan. Andêl-andêlipun tiyang Madura anama Tumênggung Mangkuyuda, kalih Dhandhang Wacana, tiga Wôngsaprana, sami kêndêl-kêndêl sarta têguh, dene andêl-andêlipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa, Dhaèng Makincing, Busung Mrênung. Trunajaya sarta Raja Galesong inggih sami anindhihi piyambak. Ingkang dados cucuking baris tiyang Madura, kasambungan tiyang Makasar, nuntên barisipun tiyang môncanagari. Lampahipun sampun dumugi ing Gêgodog. Baris Matawis inggih sampun dhatêng ing ngriku, ajêng-ajêngan lajêng sami mangsah ing prang, kados alun têmpuh sami alun. Ingkang prang sami riwut. Tiyang Madura tuwin tiyang Makasar kathah kang pêjah, nanging dipun pidak kemawon, botên wontên kang ajrih, dangu-dangu tiyang Matawis kathah kang pêjah, ingkang taksih gêsang sami giris manahipun. Para bupati Matawis sami ngawaki tumut prang, Panji Wirabumi, [Wirabu...]
--- 304 ---
[...mi,] Ngabèi Wirajaya, Rôngga ing Sidayu sampun pêjah dening
tiyang Maduntên. Panêmbahan Purbaya sarêng aningali bala ing Matawis
kathah kang tatu sarta pêjah, nuntên angandika dhatêng abdinipun.
Bocahku kabèh, kowe padha sumurupa, aku kongsi momong ratu têtêlu, sarta
sabên-sabên aku ya angadu prange wong Mataram, nanging ora kaya ing
saiki, kang padha têguh-têguh ing biyèn samêngko akèh kang tatu utawa
mati, kang padha kêndêl-kêndêl ing biyèn samêngko padha jirih kaya wong
wadon. Iki pratandhane yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak. Sabab wong
Mataram prange apês. Dene yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak, aku
angur matia dhingin. Karana aku wis tuwa, sarta nagara ing Mataram ora
ana kang wis misuwur kaya aku ing kadigdayan sarta ing kakêndêlan.
Diwêdèni ing wong sanagara aprasasat ratu. Panêmbahan lajêng
anggêrêgakên bala ingajak ngamuk. Bala ing Matawis ambyuk angamuk
rampak. Tiyang Madura tuwin Makasar anadhahi, arame prangipun, akathah
kang sami pêjah, panêmbahan titihanipun sampun pêjah, angamuk dharat
kalihan dhuwung anama pun Panji, tiyang Madura kathah kang pêjah dening
panêmbahan, lajêng kinarubut ing kathah winaos sarta ginitikan ing
landheyan. Panêmbahan sakalangkung têguh, botên pasah dening
--- 305 ---
gêgaman, nanging sariranipun rêmpu, dhasar sampun sêpuh, panêmbahan
tiba linggih, Pangeran Balitar enggal anulungi dhatêng panêmbahan,
angamuk ing tiyang Sampang, panêmbahan sampun karêbat dhatêng Pangeran
Balitar, nanging sampun botên emut. Binêkta mundur dhatêng pasanggrahan.
Bala ing Matawis ambrol kados bêndungan bêdhah, larud lumajêng sadaya,
sarta kasaput ing dalu, tiyang Madura inggih sami mundur masanggrahan,
sarta sami suka-suka, bala ing Matawis sami arêropoh. Panêmbahan Purbaya
lajêng seda panuju tanggal ping gangsal wulan Ruwah ing taun Dal 1599.Ing pasanggrahan gumêrah swaraning tangis. Layon sampun tinabêla, kaantukakên dhatêng ing Matawis.
Ing sasedanipun panêmbahan tiyang Matawis sadaya sami kêkês manahipun, sabab andêl-andêlipun sampun botên wontên. Tiyang ing Matawis kathah kang sami minggat ing dalu, Pangeran Dipati Anom tuwin pangeran sanèsipun punapa dene para bupati inggih sami kalulun. Lajêng sami bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Tiyang Madura tuwin tiyang Makasar inggih sami anunuti,[5] nanging botên kacandhak. Têtindhihipun tiyang Sampang anama Mangkuyuda, têtindhihipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa, samargi-margi tansah angrayah, èstrinipun binoyongan, jalêripun pinêjahan, anglangkungi [a...]
--- 306 ---
[...nglangkungi] saking rêsah, katêlah dalah samangke, yèn wontên
tiyang angrêbut, sami dipun wastani kaya bajag ing Sampang. Lampahipun
tiyang Sampang wau dumugi ing Juwana, ing Pathi, Kudus sampun sami
nungkul dhatêng tiyang ing Sampang, amung nagari Dêmak ingkang bôngga,
amêthukakên prang salêbêting biting, tiyang Madura kathah kang pêjah,
nuntên sami mundur sumêja ambêdhah ing Japara, lajêng binantonan saking
Trunajaya, ingkang binantokakên tiyang môncanagari, sakalangkung agêng
barisipun. Ing Japara sampun kakêpang, Ki Ngabèi Wôngsadipa ing Japara
sampun rêmbag sabiyantu kalihan tiyang Kumpêni, sami mapan salêbêting
kitha ing Japara, tiyang Kumpêni kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun
anama Mayor Bro, kalih Kapitan Bèlêm. Lajêng sami tata baris wontên ing
alun-alun, alêlumbangan. Tamburipun tansah brang-brangan. Ganderanipun
kumitir, sampun sami amapanakên mariyêmipun. Ki Wôngsadipa
sakulawangsanipun inggih sampun nunggil kalihan tiyang Kumpêni sarta
sami angatos-atos. Anuntên tiyang Makasar lan Maduntên dhatêng sarta
asurak-surak, sumêja lumêbêt ing kitha badhe anumpês tiyang salêbêting
kitha, tiyang Kumpêni lajêng anyumêt mariyêmipun, sarta angarutug ing
sanjata, tiyang Maduntên ingkang pêjah wontên ing alun-alun kawan dasa,
bathangipun dados saênggèn. [saêng...]
--- 307 ---
[...gèn.] Ingkang tatu tuwin pêjah saênggèn-ênggèn kathah, tiyang
Maduntên tuwin tiyang Makasar mêksa majêng anusup kukus, sumêja angamuk
liwung sarta sami ngangge kêre wêsi, sawênèh kulambi walulang, tiyang
Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun, mimis mindha garimis. Mêngsah
kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah, lajêng sami mundur
amasanggrahan wontên ing dhusun Jagatamu. Ki Wôngsadipa ing Japara
lajêng amapanakên mariyêm kang agêng-agêng, kabêkta minggah dhatêng ing
rêdi Danaraja. Mêngsah kang wontên ing Jagatamu kasipat ing mariyêm
saking ing ngriku, mimis mariyêm angsal kêkajêngan sami sêmpal. Sêmpalan
kajêng anibani ing tiyang, tiyang Maduntên tuwin tiyang môncanagari
kathah kang pêjah, gègèr sami lumajêng dhatêng Kudus. Tiyang Kumpêni
sarta Ki Wôngsadipa sami suka-suka, bathanging mêngsah kupingipun sami
dipun irisi, kaaturakên dhatêng ing Matawis.Botên antawis lami Trunajaya anglampahakên prajurit kathah, têtindhihipun Dhandhang Wacana, agêng inggil sarta kêndêl, kadhawahan dhatêng ing Matawis, amondhongi Pangeran Kajoran kabêkta dhatêng ing Surabaya. Ki Dhandhang Wacana sampun mangkat mêdal ing Jagaraga, lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah angrêrayah, dhusun ingkang kamargenan kathah kang risak. Têtiyang tanah Sokawati, Kaduwang tuwin tanah
--- 308 ---
Pajang sampun sami nungkul dhatêng Ki Dhandhang Wacana, lampahipun
sampun dumugi ing Kajoran. Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul, lajêng
anêluk-nêlukakên dhusun sakiwa têngên ing ngriku.Kala samantên sampun katur ing sang prabu yèn gêgaman Maduntên sampun angancik ing Kajoran. Panêmbahan ing Kajoran ingkang sampun kumpul kalihan tiyang Maduntên. Sang nata lajêng parentah dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole Dipati Anom, sira tumindaka dhewe, minôngka wakil ingsun, anggitika mungsuh kang ana ing Kajoran. Wong ing kono tumpêsên kabèh sanak-sanakira padha gawanên kabèh, wong Mataram saanane kêrigên. Pangeran dipati matur sandika, lajêng angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Lampahipun dumugi ing Taji, kèndêl sakêdhap anata lampah, lajêng lampahipun dumugi ing Kajoran. Nuntên campuh prang rame ngantos sadintên. Tiyang Maduntên lan tiyang Kajoran kathah kang pêjah tuwin kêtaton, sabab karoban lawan. Nuntên sami mundur kasaput ing dalu, tiyang Maduntên sami arêropoh. Sarêng ing wanci lingsir dalu Panêmbahan Kajoran lolos anak bojo tuwin brayatipun sadaya, kadhèrèkakên gêgaman Maduntên. Ing enjingipun bala Matawis sami sumêrêp,
--- 309 ---
yèn Panêmbahan Kajoran sarta tiyang Maduntên sami lolos ing dalu, ing
Kajoran lajêng dipun rayah, griya-griya kabêsmèn dhatêng tiyang
Matawis. Pangeran Dipati Anom sabalanipun sampun kondur dhatêng ing
Matawis.Kacariyos lampahipun Panêmbahan Rama ing Kajoran lêstantun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Trunajaya, kalih-kalihipun sami onêng-onêngan, botên angintên yèn sagêda pinanggih sarta wilujêng. Ing nalika punika Trunajaya lajêng angalih kadhaton ing Kadhiri, sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang sakalangkung kêkah, mariyêmipun tinata ing balowarti ngajêng wingking, tuwin gêgaman sanèsipun inggih sampun mirantos. Raja Galesong kalihan Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul wontên ing ngriku.
Botên antawis lami nuntên gêntos taun, Trunajaya, Raja Galesong, Panêmbahan Kajoran sami pirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari Matawis. Dadosing rêmbag lajêng parentah anglêmpakakên bala, angêrigi tiyang môncanagari tuwin pasisir, sarêng sampun ngalêmpak barisipun pinalih, ingkang saduman têtindhihipun anama Tumênggung Mangkuyuda, pêpatihipun Trunajaya, angirid tiyang môncanagari sapalih, tiyang pasisir sapalih, lampahipun badhe mêdal ing Garobogan, [Garo...]
--- 310 ---
[...bogan,] anglarug dhatêng tanah Sokawati tuwin tanah Pajang, anjog
ing Kajoran, akanthi Dhandhang Wacana saha Dhaèng Marewa. Dene baris
sadumanipun badhe mêdal ing Samawis, lajêng mêdal ing Kêdhu Trayêm,
anjog sakilèning Matawis, têtindhihipun Ki Ngabèi Wôngsaprana, angirid
tiyang pasisir sapalih, môncanagari sapalih, sarêng sampun samêkta sarta
sami ubanggi dintên, sarênga dhatêngipun wontên ing nagari Matawis,
lajêng bidhal. Sakalangkung agêng lampahing baris kêkalih, sarta
sakalangkung rêsah, ing samargi-margi tansah ambêbahak, tandangipun
anggêgilani, dhusun ingkang kamargenan sami risak. Lampahing baris
ingkang saduman sampun dumugi ing Garompol, kèndêl atata-tata, lajêng
nyabrang bênawi ing Samanggi, anglarug dhatêng tanah Pajang, têtiyang
ing tanah Pajang sami kagegeran, ajrih aningali bajag Sampang, kathah
kang sami ngili dhatêng wana, wontên kang ngungsi dhatêng ing Matawis.
Baris ing Maduntên sampun dumugi ing Kajoran lajêng sami masanggrahan
ing Taji, dene baris kang mêdal ing Samawis inggih sampun dumugi ing
Trayêm, sakilèning Matawis, lajêng masanggrahan, sarta sampun utusan
dhatêng ing Taji, sami ubanggi dintên, sarênga pangrampidipun ing nagari
Matawis.Ing nagari Matawis inggih sampun sumêrêp, yèn mêngsah [mêng...]
--- 311 ---
[...sah] Maduntên dhatêng amaju kalih, têtiyang ing Matawis sami
gègèr, agiris manahipun. Tiyang ingkang sami sumêja angungsèkakên anak
bojo, botên kantênan solahipun. Wondene para putra santana tuwin bupati
mantri sampun angrakit gêgaman, sami tata baris wontên ing alun-alun.
Pangeran Dipati Anom nyuwun pamit dhatêng ingkang rama, sumêja
amêthukakên prang, ingkang rama inggih anglilani, Pangeran Dipati Anom
lajêng bidhal, sarta ingkang rayi-rayi tuwin para bupati mantri,
sawontênipun tiyang Matawis kêrig sadaya, nanging ing waktu punika
tiyang Matawis sami kuwur manahipun, kaèngêtan dhatêng anak bojonipun
tuwin barang darbèkipun. Ênggèning sami tumut mêthukakên mêngsah punika
amung saking ajrih kapêksa ing bandaranipun. Dados botên wontên tiyang
ingkang gadhah kakêndêlan. Sadaya manahipun sami ajrih sarta kêkês
kemawon. Baris agêng sampun mêdal saking alun-alun sarta angatos-atos.
Dene baris Maduntên inggih sampun bidhal saking ing Taji, dumugi ing
Pajarakan lajêng têmpuh ing prang wontên ing Kaliajir, arame prangipun.
Baris Maduntên kang wontên ing Trayêm sampun ngangsêg dumugi ing
Talagawana, lajêng campuh prang, tiyang Matawis kuwur prangipun. Sabab
mêngsahipun maju kalih, sarta aningali tandangipun pangamuking tiyang
Maduntên kados banthèng [ba...]
--- 312 ---
[...nthèng] kanin tuwin kados sima arêbat daging, bala Matawis bibrah
manah sarta tatanipun. Lajêng dhadhal sami lumajêng dhatêng salêbêting
kitha. Ing salêbêting nagari Matawis jêjêl tiyang kang sami ngungsi
tuwin tiyang kang sumêja mêdal dhatêng sajawining nagari, sami
ulêng-ulêngan. Tiyang èstri sami nangis gumêrah, botên kantên-kantênan
solahipun. Dene para putra santana tuwin bupati mantri, sadaya sami
baris wontên ing alun-alun ajagi, bilih wontên karsanipun sang prabu
amêthukakên prang, nanging sang nata botên karsa mêdali prang, sabab
sampun sumêrêp ing papêsthining Allah, yèn nagari Matawis sirna
panjênênganing ratu, sarta sampun jangkêp satus taun karaton ing
Matawis. Sang prabu punika jumênêng ratu wêkasan. Dados sang nata wau
sampun narima panggalihipun. Karsanipun sang prabu badhe atilar karaton,
sumêja kèngsêr saking ing Matawis. Lajêng parentah pradandosan dhatêng
para garwa tuwin para èstri salêbêtipun kadhaton sarta kadhawahan sami
ambêktaa rajabrana utawi arta sakuwawinipun. Tiyang salêbêting kadhaton
pating bilulung sarta sami nangis. Sang nata gugup ing galih, amirêng
suraking mêngsah kang andhêsêk kitha sarwi angrayah ambêboyongi,
griya-griya sakiwatêngêning kadhaton sami binêsmenan. Sarêng ing wanci
dalu sang nata lolos saking kadhaton sagarwaputranipun [sagarwa...]
--- 313 ---
[...putranipun] sadaya tuwin abdi jalêr èstri ingkang sami trêsna
inggih sami andhèrèk. Kala jêngkaripun sang prabu atilar pura panuju ing
malêm Akad, tanggal kaping 18 wulan Sapar ing taun Be ôngka 1600.Lampahipun sang nata saking kitha Palèrèd ngilèn bênêr, mampir ngujung dhatêng astana Magiri, lajêng nyabrang lèpèn Praga, sang nata nitih dipôngga, para èstri sami numpak kapal tuwin tandhu, para putra inggih êndhèrèk[6] sadaya, sang prabu ing samargi-margi tansah nênggak waspa, sakalangkung mêmêlas, lampahipun pinêlak.[7] Ajrih bilih katututan ing mêngsah.
Ing enjingipun tiyang Maduntên sami sumêrêp, yèn sang nata sampun lolos ing dalu sagarwaputranipun. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Sampang lajêng angêbroki ing kadhaton. Saisining kadhaton sami rinayah binoyongan. Tangis gumêrah swaranipun, ingkang sami katilar ing sang prabu sakalangkung mamêlas. Ki Tumênggung Cakraningrat sampun kacêpêng dhatêng Dhandhang Wacana, lajêng kakintunakên dhatêng ing Kadhiri, sampun katur ing Sang Prabu Trunajaya, nanging Trunajaya botên kolu yèn amêjahana dhatêng ingkang paman. Cakraningrat lajêng kabucal dhatêng wana Lodhaya, panêjanipun Trunajaya ingkang paman wau supados pêjah amargi dipun môngsa ing drubiksa. Dene Ki Mangkuyuda kang ngêbroki kadhaton Matawis wau [wa...]
--- 314 ---
[...u] lajêng parentah dhatêng Dhandhang Wacana anututi lolosipun
sang prabu. Dhandhang Wacana inggih nuntên bidhal sabalanipun, akanthi
Dhaèng Marewa, Busung Mêrnung lan Ngabèi Wôngsaprana, lampahipun
agêgancangan. Tiyang Matawis ingkang kacandhak pinêjahan. Ingkang nut
dhinedhelan. Èstrinipun kadamêl sawênang-wênang, barang babêktanipun
pinêndhêtan.Kacariyos lampahipun sang prabu, sampun nyabrang lèpèn Bogawônta mêdal ing Rawa, anjog ing tanah urut sèwu, para garwa tuwin putra botên pisah kalihan sang nata, amung Pangeran Dipati Anom ingkang lumampah wontên ing wingking ragi têbih, lampahipun arangu-rangu, ing batos angajêng-ajêng utusanipun Trunajaya, sarêng sampun antawis botên wontên utusan, Pangeran Dipati Anom lajêng anututi ingkang rama. Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing dhusun Karanganyar, taksih tanah Pagêlèn. Wontên ing ngriku sang nata dipun begal ing tiyang dursila, para èstri sami dhinedhelan. Sang nata enggal parentah nyêbar wang, supados tiyang begal wau sampun ngantos andhèdhèli dhatêng abdinipun kang èstri, nanging tiyang begal wau mêksa taksih andhèdhèli, sang nata sakalangkung duka, lajêng angandika angipat-ipati dhatêng ingkang êmbegal. Hèh wong begal, muga [mu...]
--- 315 ---
[...ga] sira aja ana nêmu salamêt. Begal wau sakal lajêng botên
wontên sagêd ngadêg, sami galasahan wontên ing siti, sang prabu lajêng
lampahipun dumugi ing Toyamas, arêrêb wontên ing dhusun Ngajibarang,
para putra tuwin abdi sawontênipun sami sowan ing ngarsanipun sang
prabu, sang nata angandika dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole, sira
balia, nagara ing Mataram sira rêbuta, adhi-adhinira padha gawanên
kabèh, Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, dhawah dalêm punika kula
mopo, ing pikajêngan kula, sanajan pêjah gêsanga, kula sampun ngantos
pisah kalihan panjênêngan dalêm. Sang nata angandika, yagene sira têka
mopo, yèn mêngkono adhinira Si Pugêr bae sun tarine, thole Pugêr, sira
balia angrêbuta nagaranira ing Mataram, mulane kakangira kang sun tari,
kakangira kang duwe wajib wis ora gêlêm anglakoni, dene sariraningsun
wis aja sira pikir, sabab ingsun wis ora kalilan dening Allah yèn
jumênênga ratu manèh, kapindhone ingsun tuwa, lah kapriye aturira.
Pangeran Pugêr matur, kula sandika anglampahi, mugi angsala pangèstu
dalêm, sagêda angrêbat nagari Matawis. Sang nata ngandika malih, sira
ingsun srahakên ing Allah, muga sira rinêksaa dening Allah, sarta sira
sun wèhi wasiyat,
--- 316 ---
kris Kyai Maesa Nular, tumbak Kyai Palèrèd. Loro iku padha wasiyat
kraton, ingsun warisake ing sira, anggonên gêgaman yèn prang, adhinira
Singasari, karo Si Martasana gawanên, gawenên kanthi lan ing têmbe
manawa lanang prangira, ingsun titip adhinira Si Tapa, sabab saiki isih
cilik. Karo dene ing besuk Si Tapa iku, yèn wis jumênêng ana ing Pathi
pilih tandhinge, sarta bakal kanthinira, sira banjura jumênênga nata ana
ing Jênar, wis sira mangkata sarta adhinira karo, ingsun anyangoni
salamêt. Pangeran Pugêr, Pangeran Singasari, Pangeran Martasana
sampuning ngabêkti dhatêng ingkang rama, lajêng bidhal wangsul sumêja
dhatêng Jênar, ingiring bala sawatawis. Wondene sang prabu inggih lajêng
bidhal saking Ajibarang, dumugi ing dhusun Pasiraman, taksih talatah
ing Toyamas, lajêng rêrêb wontên ing ngriku, sang nata nandhang gêrah
sangêt, botên karsa dipun usadani, kala samantên sang nata sarean.
Pangeran Dipati Anom sarta Radèn Mas Tapa tansah wontên ing dagan sarwi
ngrangkul padaning kang rama, sang prabu amundhut dawêgan. Pangeran
pipati enggal dhawah dhatêng abdinipun. Sasampuning angsal lajêng
kasaosakên, dawêgan wau lajêng dipun bolong dhatêng pangeran dipati,
lajêng kaaturakên ingkang rama sang prabu. Sang nata aningali
--- 317 ---
dawêgan sampun kabolong anggraita ing galihipun, angintên yèn dawêgan
wau kadekekan wisa dhatêng pangeran dipati, ewadene inggih lajêng dipun
unjuk. Sang nata sarêng sampun ngunjuk dawêgan nuntên ngandika, bangêt
tarimaningsun thole, ênggonira awèh dawêgan. Ingsun wêruh ing karêpira,
ingsun sira purih enggala seda, dene têka kaya mêngkono karêpira, dhèk
biyèn sira sun kon bali angrêbut nagara Mataram sira ora gêlêm. Ing
saiki kaya mêngkono karêpira, hèh thole wruhanira, ing besuk amung sira
dhewe kang mukti, ora tumurun ing anak putunira, sarta ingsun duwe
wêwalêr, ing besuk yèn ingsun wis seda, sira lan saturunira ora ingsun
lilani, yèn anyadrana ing pakuburan ingsun. Sang nata gêrahipun sangsaya
ngranuhi, pangeran dipati tansah amuwun, sarwi nyungkêmi sukune kang
rama, sang nata wungu angrangkul janggane kang putra, sarta ngandika,
thole dipati, wruhanira ingsun bakal têkaning jangji, puput
yuswaningsun. Besuk ing sapungkur ingsun, sira anjaka[8]
pitulung marang wong Walônda, ajakên malês ukum marang wong bang wetan
kang padha angrusak ing Mataram. Poma-poma sira angèstokna ing wawêkas
ingsun, krana wis pinasthi karsaning Allah, yèn ing tanah Jawa bakal
salin alam. Wong Walônda bakal unggul prange, sarupane [saru...]
--- 318 ---
[...pane] anak putuningsun ing besuk, yèn akanthi wong Walônda
amêsthi bakal lanang prange, sira ingsun dongakake bisaa angrusak
mungsuhira wong bang wetan, nanging aja lali akanthi wong Walônda, sarta
sarupane babêrkatan ingsun sira tampanana, kris aran Kyai Balabar,
tumbak Kyai Baru lan sapanunggalane kabèh wajib sira kang anduwèni,
krana sira putraningsun kang tuwa dhewe, wajib gumantya marang
panjênêngan ingsun. Karo dene manèh thole, besuk manawa ingsun wis seda,
layon ingsun pêtakên ing bumi Têgal, tunggalna lan guruningsun kang wus
kinubur ing kono, nanging layon ingsun prênahna ing lêmah kang punthuk.
Sarta lêmahe sira gôndaa, ing ngêndi lêmah kang wangi gandane sarta
munthuk. Layon ingsun astananên ing kono, wis dibêcik kèri. Sang nata
lajêng seda, tangis gumêrah, layon sampun siniraman lajêng tinabêla.
Pangeran dipati enggal utusan animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal. Ki
Dipati Martalaya inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku, layonipun
sang prabu lajêng kabêkta dhatêng Têgal, ing ngriku sampun manggih siti
munthuk sarta wangi ambêtipun. Layon wau inggih sampun kasarèkakên ing
ngriku, wiwit kala samantên ênggènipun nama ing Têgal Arum. Gêntos
kacariyos rajaputra ing Mataram, kang anama
--- 319 ---
Pangeran Pugêr, lampahipun sampun dumugi ing Jênar, lajêng kaklêmpak
bala, tiyang tanah Pagêlèn sampun suyud sadaya, wontên mantrinipun
ingkang rama satunggil angawula ing rajaputra sampun kaangkat nama
Tumênggung Gajah Pramoda, angrèhakên tiyang satanah Pagêlèn tuwin para
santana inggih kathah kang sami andhèrèk ing rajaputra, kala samantên
Pangeran Pugêr ing dalu sare, supêna kêpanggih ingkang rama, kadhawahan
angrêbat nagari ing Matawis, sabab sampun mangsanipun sarta dhawah
anjumênêng nata wontên ing Jênar, satêlasing pangandika ingkang rama
katingal nuntên seda. Pangeran Pugêr kagèt lajêng wungu, sangêt
ênggènipun gêgêtun. Lajêng ngandika tantunan dhatêng ingkang rayi-rayi,
tuwin para santana sarta para tapa, karsanipun Pangeran Pugêr badhe
jumênêng nata, ingkang sami tinantun sadaya anjurungi, Pangeran Pugêr
lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga Ngabdurrahman
Sayidin Panatagama, akêkutha ing Jênar, dipun lih nama ing Purwakôndha,
sampun misuwur ing tanah Kêdhu Pagêlèn, sarta sampun suyud sadaya,
tiyangipun sami ngalêmpak wontên ing ngriku sagêgamanipun. Sinuhun
Ngalaga lajêng utusan amurugi gajah kagunganipun ingkang rama swargi,
kala rumiyin katilar wontên ing margi, samangke inggih sampun kapundhut
ing sang prabu Ngalaga. Sang Prabu Ngalaga [Nga...]
--- 320 ---
[...laga] lajêng angundhangi bala, sumêja anglagar mêngsah, tiyang
Madura kang baris wontên ing dhusun Jagabaya, sarêng sampun samêkta
nuntên bidhal. Sadhatêngipun ing Jagabaya lajêng têmpuh prang rame, bala
Madura kathah kang pêjah, Ki Dhandhang Wacana lan sabalanin[9]
sami lumajêng angungsi dhatêng Palèrèd. Sang Prabu Ngalaga anglud
dhatêng Palèrèd. Têtiyang ing Matawis kang sampun sami têluk dhatêng
tiyang Madura samangke sami ambalik, andhèrèk gustinipun lami, dados
sang prabu Ngalaga wau sangsaya kathah balanipun. Ki Tumênggung
Mangkuyuda ing Sampang sampun sumêrêp tiyang Matawis sami ambalik,
agiris manahipun kawêwahan sadhatêngipun Ki Dhandhang Wacana karisakan.
Balanipun kathah kang pêjah, Ki Dhandhang Wacana sarta Mangkuyuda lajêng
larud lan sabalanipun sumêja angumpul dhatêng ing Kadhiri. Sang Prabu
Ngalaga sarêng dipun aturi uninga ing balanipun, yèn tiyang Maduntên
kang sami wontên ing Palèrèd sampun larud. Sang prabu nuntên lumêbêt ing
kitha Palèrèd. Kala samantên sang prabu sampun têtêp ênggènipun
jumênêng nata, amêngku nagari ing Matawis. Balanipun sadaya sami ajrih
asih, parentahipun ajêg. Ambêgipun sang prabu adil paramarta, asring
ngapura ing ngadosa, para santana tuwin para abdi ingkang sami lami
sampun kathah kang sami dhatêng, sarta kathah kang sami jinunjung
lênggah, wontên ingkang rayi satunggil sampun [sampu...]
--- 321 ---
[...n] kaangkat nama Pangeran Arya Panular, santananipun sang prabu
satunggil anama Radèn Ônggayuda kaangkat nama Pangeran Natakusuma, Radèn
Wirataruna kaangkat nama Dipati Mangkubumi, Radèn Rôngga kaparingan
nama Dipati Martasana, Kyai Kamal kadadosakên pangulu, dene ingkang
kadadosakên patih Radèn Arya Môndhalika, têtiyang ing Pajang Mataram
tuwin ing Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud sarta kathah kang sami
jinunjung lênggah, nanging kala samantên nagari ing Matawis kenging
wawêlak. Kathah têtiyang kang sami sakit, bawinipun nagari Matawis
risak, hawanipun dèrèng sae, sarta awis tatêdhan, têrag jawah, panasipun
anglangkungi, nagari Matawis kados gêsêng, dados kathah têtiyang kang
sami pêjah amargi sakit tuwin botên nêdha, kêkere aglar ing saurut margi
utawi urut lèpèn, sarta sami sakit mêmalanên, utawi sakit rumab. Tiyang
sakit ing wanci enjing, sontênipun pêjah, sang prabu Ngalaga sangêt
ênggènipun sungkawa, botên eca dhahar utawi sare, tansah anêdha ing
Allah, supados mulyaa nagarinipun.Gêntos kacariyos Pangeran Dipati Anom. Ingkang wontên ing Toyamas. Ing sasedanipun ingkang rama pangeran dipati tansah amuwun ngantos supe ing kaluhuranipun. Botên sumêja yèn jumênênga nata, [na...]
--- 322 ---
[...ta,] ciptanipun anglampus kemawon, malah sumêja kesah khaji
dhatêng Mêkah, kala samantên lajêng utusan animbali Ki Dipati Martalaya
ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih sampun dhatêng wontên ing Toyamas,
panggih lan pangeran dipati, Martalaya lajêng ngabêkti sarta anangis.
Pangeran dipati angandika, wis aja sira nangis, mupusa yèn wis pinêsthi
karsa Allah, mungguh rusake nagara Mataram, mulane sira sun timbali,
ingsun upayakna prau ingkang prayoga bakal ingsun tunggangi dhewe,
ingsun bakal lunga khaji marang Mêkah, Ki Dipati Martalaya mirêng
pangandikanipun pangeran dipati angêrês manahipun, lajêng angrangkul
sukunipun pangeran dipati matur sarwi nangis. Gusti, karsa dalêm punika
kula botên amrayogèkakên. Punapa panjênêngan dalêm botên angowêl
karisakanipun ing tanah Jawi, upami katilara, ingkang dipun gêgondhèli
tiyang satanah Jawi sadaya sintên, kajawi amung panjênêngan dalêm.
Aluhung panjênêngan dalêm jumênênga nata wontên ing ngriki utawi ing
Têgil anggêntosi rama dalêm suwargi, wondene prakawis mêngsah dalêm pun
Trunajaya tuwin tiyang Makasar, kula kang sagah nyirnakakên. Sanajan
wêwaha malih tiyang Sampang tuwin tiyang Makasar, kula botên ajrih.
Akathah-kathah aturipun Martalaya wau. Pangeran dipati angandika,
Martalaya, [Martala...]
--- 323 ---
[...ya,] karsaningsun wis ora kêna sira ampah, ingsun ora duwe cipta
liyane mung têka munggah khaji, dene prasêtyanira wis ingsun tarima,
nanging ingsun enggal upayakna prau bae. Ki Dipati Martalaya matur, yèn
makatên gusti, mugi kasarèhna rumiyin, kula badhe damêl baita ingkang
prayogi, sabab yèn kula ngupados baita kapal ingkang prayogi kados botên
angsal. Pangeran dipati inggih anurut ing aturipun Martalaya wau, Ki
Martalaya lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Têgal inggih anuntên
damêl baita.Ing sapêngkêripun Martalaya, pangeran dipati wau lajêng sami dipun garumung dhatêng abdinipun sarta dipun tangisi, supados wandea ênggènipun badhe minggah khaji, nanging pangeran dipati botên keguh ing karsanipun. Kala samantên pangeran dipati ing wanci dalu sare wontên mêsjid ing Toyamas, abdinipun panakawan alit têtiga, pangeran dipati wau supêna, mêsjid kang dipun anggèni sare punika katingal garowong ing nginggil. Anuntên wontên rêmbulan, kathahipun pitu, saking ing langit lajêng manjing ing jajanipun. Nuntên wontên lare saukiran cahyanipun kados srêngenge, dipun candhak dhatêng pangeran dipati botên kenging, lare saukiran wau ênggih lajêng manjing ing jajanipun. Pangeran dipati kagèt [kagè...]
--- 324 ---
[...t] nuntên wungu, sangêt ênggènipun gêgêtun, anggraita yèn
kadhawahan cahya nurbuwat. Pangeran dipati lajêng agadhah cipta sumêja
jumênêng nata, ênggènipun badhe kesah khaji botên siyos, sarta
ciptanipun ing tanah Jawi prasasat sampun kagêgêm ing astanipun.
Pangandikane ing galih, saupama dhèk biyèn rasaning galih ingsun kayaa
saiki, kaya ora bêdhah nagara ing Mataram. Para abdinipun sadaya tuwin
para santana lajêng kaklêmpakakên. Sampun pêpak sadaya, sarta sami
pangling aningali gustinipun. Kala rumiyin cahyanipun êlom. Samangke
cahyanipun sumringah sarta ngêngrêng, pangeran dipati ngandika dhatêng
abdi tuwin santananipun. Bocah ingsun kabèh, sira padha saksenana, yèn
saiki ingsun jumênêng nata anggêntèni kangjêng rama, ingsun ajêjuluk
Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin
Panatagama, para abdi sami jumurung saur pêksi sadaya sarta sami suka
ing manahipun. Para abdinipun ing kadipatèn lajêng sami jinunjung
lênggahipun. Wontên ingkang dados bupati tuwin mantri, rôngga, dêmang
ing sapantêsipun. Sang prabu anyar nuntên utusan animbali Ki Dipati
Martalaya ing Têgal lan sabalanipun sarta ambêkta sagêgamaning prang,
utusan lajêng mangkat sampun dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya
inggih enggal mangkat dhatêng
--- 325 ---
Toyamas, sampun kêpanggih sang prabu anyar, sang nata alon ngandika,
Martalaya, mulane sira sun timbali, sira sumurupa yèn ingsun jumênêng
nata, dene ênggon ingsun bakal munggah khaji samêngko wis ora sida.
Martalaya sarêng mirêng sakalangkung suka manahipun, matur saha sêmbah,
sokur gusti, panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, ingkang kula
ajêng-ajêng salaminipun inggih makatên. Dene prakawis mêngsah dalêm pun
Trunajaya tuwin tiyang Makasar, inggih kula kang sagah anumpês.
Panjênêngan dalêm ngeca-eca kemawon. Sang nata angandika, Martalaya,
kasaguhanira wis ingsun tarima, dene prahu ênggonira gawe, iku
sadhiyakna tumuli, sarta wonge kang nglakokake prahu, dipêpak
sapirantine wong lêlungan. Krana ingsun bakal utusan mundhut bantu wong
Walônda marang ing Batawi. Martalaya matur, gusti, karsa dalêm badhe
mundhut bantu punika kula botên angrêmbagi, sabab watêkipun tiyang
Walandi punika, yèn dipun prasanak tansah mangarahi, sarta kathah
cidranipun. Saenipun lair kemawon. Ing batos botên pêdhot-pêdhot
pangangkahipun. Dene prakawis mêngsah dalêm tiyang bang wetan, tiyang
kula sampun anyagahi anumpês sadaya, punapa panjênêngan dalêm botên
pitados ing atur kula. Akathah-kathah aturipun Martalaya [Martala...]
--- 326 ---
[...ya] wau, amurih sang prabu sampun ngantos siyos utusan mundhut
bantu dhatêng Batawi. Sang nata mesêm sarwi ngandika, Martalaya,
prasêtyanira wus ingsun tarima, ingsun carita marang sira, ing nalikane
isih panjênêngane eyang Kangjêng Sultan Agung, ingsun isih dibobotake
ing ibuningsun, iku eyang sultan pinuju lênggah lan kang garwa,
ibuningsun marak marang eyang sultan. Eyang sultan barêng aningali
ibuningsun marak, banjur jumênêng angurmati marang ibu, eyang ratu matur
pitakon. Wontên punapa sultan, sampeyan jumênêng saking pinarak. Eyang
sultan amangsuli, ratu, dudu bok mantu kang ingsun hurmati, yèn sira ora
sumurup kang ingsun urmati kang ana ing wêtêngan, iku besuk bakal dadi
raja gêdhe abêbala bacingah, kaya dene panjênêngan ingsun iki, wong
tanah Jawa padha suyud kabèh, Martalaya, iku caritaningsun marang sira,
mulane ingsun sumêja mundhut bantu marang ing Batawi, dadi ingsun bakal
anyatakake wirayate eyang sultan. Ki Dipati Martalaya sarêng mirêng
cariyosipun sang prabu, lajêng tumungkul, botên sagêd amangsuli, sabab
kaluhuran sabda, ing wusana amiturut ing sakarsanipun sang prabu. Sang
nata lajêng dhawah dhatêng Arya Môndaraka, andikakakên dhatêng ing
Batawi sarta mawi sêrat, kêkanthenan tiyang Têgal, anama [ana...]
--- 327 ---
[...ma] Ngabèi Sindupati, sasampuning samêkta nuntên mangkat, anjujug
ing Têgal, wontên ing ngriku lajêng numpak baita, sampun layar. Sang
Prabu Mangkurat ngandika malih dhatêng Pranataka, Pranataka, sira
mênyanga ing Donan utawa ing Nusakambangan, sira ngupayaa kêmbang
wijayakusuma, poma diolèh, sira aja mulih-mulih yèn durung olèh, kongsia
jambul wanên ya anaa ing kono bae. Ki Pranataka matur sandika lajêng
mangkat. Sang prabu parentah bidhal saking Toyamas, sumêja dhatêng
Têgal. Lampahipun sampun dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya
angaturakên padalêmanipun. Sang prabu inggih lajêng angêdhaton ing
ngriku, dene Ki Dipati Martalaya tuwin bupati sanesipun sami
masanggrahan ing alun-alun. Wontên ing ngriku sang prabu akaklêmpak
bala, sarta tansah agêgulang pratingkahing prang dhatêng balanipun
sadaya, sang nata amundhut tiyang ing Têgal tigang atus, kadamêl
prajurit, busananipun sinami, winastanan prajurit Jagasura.Anuntên wontên tiyang saking Dêmak dhatêng, kêkalih sami sadulur, êmbêkta tiyang tigang atus, sumêja ngawula ing Sang Prabu Mangkurat, anama Martajaya, kalih Wiramantri, nanging kala rumiyin sampun ngawula ing Sang Prabu Ngalaga, Ki Martajaya, Wiramantri, sami matur ing sang prabu, yèn nagara Matawis sampun karêbat dhatêng Pangeran Pugêr,
--- 328 ---
sarta sampun jumênêng nata wontên ing Palèrèd, ajêjuluk Susuhunan
Ngalaga, ing tanah Pajang Mataram, Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud. Sang
Prabu Mangkurat sarêng mirêng pawartos saking Martajaya, sakalangkung
suka ing galihipun. Dene ingkang rayi unggul ing prangipun sarta sampun
jumênêng nata wontên ing Palèrèd. Lajêng angandika, Martajaya, yagene
sira aninggal adhi mas Pugêr. Martajaya matur, gusti, mila kula botên
sowan dhatêng Matawis, sabab rayi dalêm sampun kathah balanipun.
Panjênêngan dalêm dèrèng kagungan bala kathah, mila kula pilalah mriki.
Sang nata ngandika, Martajaya, ya bangêt tarimaningsun êngonira sumêja
milu lara, besuk nagara Dêmak bakal ingsun paringakên ing sira lan
adhinira. Martajaya lan sabalanipun sampun kaprênahakên. Anuntên wontên
tiyang Surabaya dhatêng, anama Ônggajaya kalih Ônggawôngsa, Ônggawôngsa
wau sampun angabdi dhatêng ing sang prabu kala kadipatènipun. Dene Ki
Ônggajaya taksih agêgriya wontên ing Surabaya, samangke Ki Ônggajaya wau
nusul dhatêng sadhèrèkipun kang nama Ônggawôngsa tumut angabdi ing sang
prabu, inggih sampun katampèn.Kacariyos Ki Pranataka kang kautus dhatêng Nusakambangan ngupados sêkar wijayakusuma, Ki Pranataka inggih
--- 329 ---
sampun dhatêng ing masjid watu, wontên ing ngriku ngantos pitung
dintên pitung dalu, botên nêdha-nêdha, supados angsala sêkar, sarêng ing
dintên malêm Jumungah, Ki Pranataka aningali sekar wijayakusuma amung
sarakit. Cahyanipun mancorong, Ki Pranataka enggal amêthik. Sekar lajêng
kabêkta mantuk dhatêng Têgal, sampun kaaturakên ing sang prabu, sang
nata sakalangkung suka, cipta yèn tulus ênggènipun jumênêng nata.Gêntos kacariyos lampahipun Ki Môndaraka kang dhatêng ing Batawi, sampun kêpanggih kalihan gurnadur jendral. Ki Môndaraka wau sadhatêngipun ing Batawi, mawi dipun urmati ungêling maryêm, sarta drèl sanjata, panganggêpipun gurnadur jendral prasasat sang prabu ing Matawis têdhak piyambak dhatêng ing Batawi, para rat tuwin para upsir inggih sami manggihi sadaya wontên ing loji panggenanipun gurnadur jendral sarta kasêgah dhahar tuwin unjuk-unjukan. Sasampuning sami dhahar, Ki Môndaraka lajêng amaringakên sêrat. Gurnadur jendral anampèni sarta winaos. Ki Môndaraka wicantên. Tuwan gurnadur jendral, dhawahipun sang prabu bêbantu wau sarênga salampah kula, gurnadur jendral mangsuli, Kyai Môndaraka, jêngandika angantia rumiyin, kula amatah ingkang badhe lumampah, Ki Môndaraka inggih anurut ing dhawahipun gurnadur jendral.
--- 330 ---
Gurnadur jendral lajêng parentah dhatêng Kumpêni ingkang badhe
kalampahakên, kathahipun sèwu wolung atus. Ingkang sèwu tiyang Makasar,
Ambon, Tarnate, Bugis. Ingkang wolung atus tiyang Walandi, ingkang
môngka Senapatining prang anama Amral èl Duwèlbèh, mayor Walandi
kêkalih, kapitan sapangandhap botên kacariyos. Dene mayoripun tiyang
Makasar tuwin Ambon kêkalih anama Kraèng Naba kalih Krang[10]
Kadhangkrang, sarta gurnadur jendral angaturi pisungsung rajabrana
warni-warni ing sang prabu, utawi wawêlingipun dhatêng Amral, tuwin
dhatêng Ki Môndaraka inggih kathah-kathah, sasampuning samêkta lajêng
bidhal numpak baita ambabar layar, lampahipun sampun dumugi muwara ing
Têgal. Ki Môndaraka mêntas rumiyin, sowan ing sang prabu, Amral taksih
kantun wontên ing pinggir pasisir, Ki Môndaraka sadhatênge ngarsanipun
sang nata lajêng ngabêkti sarta matur, gusti, kula angaturakên tabenipun
kaki gurnadur jendral konjuk ing panjênêngan dalêm, sarta angaturi
pisungsung rajabrana warni-warni, sarêng tampi dhawah dalêm, gurnadur
jendral sakalangkung suka, ingkang dados pamundhut dalêm bêbantu
samangke inggih anyaosi, kathahipun sèwu wolung atus. Mayoripun sakawan
têtindhihipun anama Amral èl Duwèlbèh, sang nata sarêng mirêng aturipun
Ki Môndaraka, sakalangkung suka,
--- 331 ---
lajêng ngandika, Môndaraka, enggal timbalana panggêdhene wong
Walônda, ingsun arêp wêruh, Ki Môndaraka enggal wangsul dhatêng pinggir
pasisir animbali Amral sarta para mayor, sang nata lajêng miyos
sinewaka, badhe amanggihi têtamu, balanipun sang nata pêpak sadaya
sumêja sami ningali ing warninipun tiyang Wêlandi, ing alun-alun kêbak
tiyang jalêr èstri. Amral tuwin para upsir sadhatêngipun ing ngarsane
sang prabu, lajêng sami manthuk angadêk kemawon sarta angêmpit têpio,
botên wontên ingkang sila, para bupati tuwin kang sami ningali
kalangkung kagèt sarta sami eram, dene sami daksura, sang nata ngandika
dhatêng Ki Môndaraka, Môndaraka, yagene ora nana gêlêm seba sila marang
ingsun. Bangêt ênggone ora wêruh ing tata, Ki Môndaraka matur, gusti,
sampun caranipun tiyang Walandi, urmatipun ngadêk sarta ngêmpit têpio,
sang nata mèsêm. Ki Dipati Martalaya panasbaran. Enggal amurugi Amral
dipun candhak gulunipun dipun kèn sila sarta wicantên. Payo kapir,
linggiha, apa kowe ora wêruh yèn iki ana ngarsane Raja Mataram. Bangêt
ênggonmu kurang ajar, Amral pulingak-pulinguk. Mayor Wilham aningali
pangagêngipun pangraosipun pangagêngipun dèn niaya, lajêng anyêlaki
sarwi ngingêr pêdhang, anguntir barêngos. [barê...]
--- 332 ---
[...ngos.] Martalaya wicantên sêru dhatêng Mayor Wilham. Mara
mêdhanga tak tadhahi, sang prabu sarêng aningali sakalangkung duka
andikakakên sami nyapih, Ki Môndaraka enggal angrangkul dhatêng Amral
sarta angrarapu, Amral wicantên. Hèh Ki Môndaraka, ênggonku mrene iki
awit karsane sang prabu, kowe kang angirid. Wêkasane awakku ora kajèn.
Yèn awèt mangkene aku mêsthi mulih marang Batawi, Ki Môndaraka amangsuli
sarwi bisik-bisik. Tuwan Amral, aku anjaluk pangapuramu, kowe aja lara
atimu marang wong iku, yèn kowe durung sumurup, iku wong ing Têgal,
jênênge Dipati Martalaya, upama iku didukani marang sang prabu, amêsthi
banjur minggat, têmah agawe butuh, bakal ora nana kang mikul obat
mimismu utawa barangmu kabèh, samêngko sabarna bae, besuk yèn wis
rampung prang gampang, aku kang saguh nyuwunake ukum ing sang nata,
Amral sarêng mirêng wicantêne Ki Môndaraka lajêng sarèh manahipun sarta
wicantên. Kyai Môndaraka, priye adate wong Jawa yèn seba ing rajane, aku
surupêna, sarèhning têkaku iki sumêja suwita marang sang nata, amêsthi
apa kang dadi parentahe sang prabu, ya bakal taklakoni, Ki Môndaraka
inggih lajêng anyêrêpakên. Sang nata alon andangu, Môndaraka,
--- 333 ---
sira cêcaturan apa karo Si Amral. Ki Môndaraka matur, gusti abdi
dalêm pun Amral anyuwun pangapuntên dalêm. Sarèhning dèrèng sumêrêp
caranipun tiyang Jawi, yèn sowan ing ratunipun. Samangke anêrang,
kadospundi ingkang dhawah dalêm, pun Amral inggih badhe anglampahi. Sang
nata mèsêm sarwi ngandika, Môndaraka, sira kang wus wêruh adate ana ing
Batawi, biyèn kapriye, dene ingsun ya anurut. Apa kang dadi adate wong
Walônda. Ki Môndaraka matur, gusti, yèn urmat dhatêng pangagêngipun
inggih ngadêk kemawon, jêjêk sukunipun sarta angêmpit têpio, utawi yèn
sawêk dhatêng, lajêng sami candhak-cinandhak tangan têngên sami têngên.
Dene kang sami dipun damêl lênggah kursi sami dipun jèjèr, sang nata
nuntên ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun kabèh, dikêbat padha
gawea dhingklik utawa lincak, lan padha aweha sêsuguh, apa kang dadi
doyanane wong Walônda aja kongsi kêkurangan. Amral anuntên matur ing
sang prabu, sinuhun, wawêlingipun kaki jendral, badan kula saprikônca
sadaya kasumanggakakên ing panjênêngan dalêm. Punapa ing sakarsa dalêm
angrèh dhatêng tiyang Walandi, amêsthi miturut. Wondene yèn taksih
kirang, abdi dalêm Kumpêni ingkang badhe kaabên prang, kula kadhawahan
ambêkta Walandi ing Japara ing sawontênipun. [sawo...]
--- 334 ---
[...ntênipun.] Manawi sampun andadosakên parênging karsa dalêm. Kula
kalilana rumiyin dhatêng ing Japara, dene ingkang rumêksa ing
panjênêngan dalêm, kula angaturi Kumpêni satus, têtindhihipun kapitan
satunggil. Sang prabu angandika, Amral, ya bangêt tarimaningsun. Sarta
ingsun ya anurut ing aturira, nanging lerena dhingin. Besuk yèn wis mari
kêsêl, tumuli mangkata marang Japara, ingsun ya nuli nusul. Amral
sa-Kumpêninipun sampun kaparingan panggenan, sarta sinêgahan uwos utawi
maesa lêmbu, akathah tiyang Kumpêni sami suka-suka manahipun. Dene
ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni Ki Arya Môndaraka.Ing enjingipun sang nata miyos sinewaka ing bala Jawi sadaya, tuwin Amral saupsiripun inggih sami sowan, andhèr sami sowan lênggah ing dhingklik. Sang nata anjunjung nama ing para abdinipun kala taksih kadospatèn. Ki Môndaraka kaangkat dados patih nama Dipati Môndaraka, Ki Pranataka anama Tumênggung Sindurêja, Ki Ôndakara nama Tumênggung Wiradigda, Ki Sêndhi nama Tumênggung Ngurawan. Ingkang paman sang prabu kaparingan nama Dipati Nêrangkusuma, sang nata angandika dhatêng Dipati Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, sira mênyanga ing tanah Kêdhu utawa ing Pagêlèn. Sira angangina [a...]
--- 335 ---
[...ngangina] pawarta, nagara ing Mataram samêngko sapa kang
ngênggoni, apa isih adhi mas apa wong liya, poma ditêrang pawarta iku,
Radèn Nêrangkusuma matur sandika, lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun
dumugi ing Kêdhu. Kala samantên ing Kêdhu taksih sangêt rêsah, kathah
tiyang begal kècu mêmaling, sadhatêngipun Radèn Nêrangkusuma tiyang ing
ngriku kathah kang sami têluk. Nuntên wontên têtiyang ing Kêdhu
satunggal anama Wôngsacitra, sowan sumêja suwita ing Radèn Nêrangkusuma
sarta anakipun kêkalih, anama Ki Lêmbu kalih Ki Buwang, balanipun
kathah, pangabdinipun inggih sampun katampèn. Ki Wôngsacitra kadhawahan
anguyuni tiyang ing Kêdhu sadaya, inggih sampun sami suyud dhatêng Ki
Wôngsacitra, Radèn Nêrangkusuma nuntên utusan ngaturi uninga ing sang
prabu, sarta sampun kaparingan wangsulan mawi piyagêm, kaparingakên
dhatêng Ki Wôngsacitra, kala samantên Wôngsacitra nuntên kaangkat nama
Tumênggung Mangkuyuda angrèhakên tiyang Kêdhu sadaya, Ki Lêmbu lan Ki
Buwang kapundhut ing sang prabu kaabdèksakên.[11]Radèn Nêrangkusuma sarêng sampun angsal pawartos bab nagari Matawis, lajêng bidhal wangsul dhatêng Têgal. Ki Tumênggung Mangkuyuda sabalanipun sarta anakipun kêkalih inggih sami andhèrèk. Sadhatêngipun ing Têgal nuntên sowan ing sang prabu, angaturakên pawartos,
--- 336 ---
yèn nagari Matawis samangke taksih têtêp ingkang rayi sang prabu kang
jumênêng nata, nanging taksih asring rêbat jajahan kalihan tiyang
Maduntên. Sang prabu mirêng pawartosipun Radèn Nêrangkusuma sakalangkung
suka ing galihipun, dene ingkang rayi taksih têtêp jumênêng nata wontên
ing Matawis. Sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Martajaya, Martajaya,
sira mangkata dhingin marang nagara ing Dêmak, angêlara jajahan lan
kêklumpukan bala, besuk yèn ingsun wus rawuh ana ing Dêmak bae sebaa.
Martajaya matur sandika, lajêng bidhal sabalanipun utawi Amral
sa-Kumpêninipun inggih sampun kalilan rumiyin, sarta kêkanthenan Ki
Dipati Môndaraka, kalih Radèn Nêrangkusuma, priyantun kêkalih punika
ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni, lampahipun mêdal ing laut.
Sampun dumugi ing Japara, Ki Ngabèi Wôngsadipa enggal mêthuk, sarta
sangêt ênggènipun sêsugun. Amral sarta bupati kalih sampun sami mêntas
saking ing laut, kabêkta dhatêng padalêmanipun Ki Wôngsadipa, Amral
lajêng wicantên dhatêng Ki Ngabèi Wôngsadipa, kyai ngabèi, dhatêng kula
mriki punika kautus ing sang prabu, andikakakên anggêbag mêngsah tiyang
bang wetan kang wontên ing ngriki, samangke panggenane mêngsah dika
wontên pundi. Ki Wôngsadipa amangsuli, tuwan, panggenaning mêngsah kala
rumiyin wontên [wontê...]
--- 337 ---
[...n] ing Jagatamu, samangke sampun sami lumajêng mangetan, amargi
kula gêbag ing prang, kathah ingkang pêjah, sabab kula dipun biyantoni
dhatêng tiyang Prasman tuwin tiyang Inggris, kang sami grami wontên ing
ngriki, punika kang sami mitulungi ênggèn kula prang. Amral sarêng
mirêng wicantênipun Ki Wôngsadipa, sangêt ênggènipun kagèt sarta èmêng
ing manahipun, dene wontên tiyang sabrang kang sanès bôngsa tumut
têtulung prang, Amral wau lajêng pirêmbagan kalihan para upsiripun.
Tiyang Prasman sarta tiyang Inggris kapurih kesaha saking Japara, sampun
ngantos katur ing sang prabu, mila makatên, ing benjing samangsanipun
unggul ing prang, botên wande tumut angsal ganjaran nagari, sarta tiyang
Prasman lan Inggris wau badhe kasukanan wang, kang minôngka epahaning
prang, kaawadakên pêparingipun sang nata. Sarêng sampun gilig ing
rêmbag, Amral lajêng kengkenan angundang pangagêngipun tiyang Prasman
sarta Inggris, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahanipun
Amral. Amral tumuntên wicantên. Hèh wong Prasman lan Inggris, aku
ingutus marang Raja Mataram, andikakake andhawuhi ing kowe, prakara
ênggonmu têtulung prang wis ditarima, sarta kowe diparingi wang rong
lêksa ringgit kang môngka ganjaran ênggonmu têtulung prang, nanging kowe
andikakake lunga têka ing tanah Jawa, mangkata sadina iki. Tiyang
--- 338 ---
Inggris sarta Prasman amangsuli, aku ora duwe prau, prauku lagi
digawa mulih angusungi dagangan. Amral wicantên malih, sapira kèhe
dagangamu kang isih ana ing kene, aku kang ngènèhi[12]
prahu, nanging kowe tumuli lungaa sadina iki, sakèhe prahuku kang bakal
kogawa ngusungi daganganamu, iku banjur pèkên pisan, aja susah
kobalèkake. Arta kalih lêksa ringgit sarta baita inggih sampun sami
dipun tampèni, tiyang Inggris sarta Prasman sampun mangkat saking
Japara, nanging baita wau sampun sami dipun uncêgi dhatêng balanipun
Amral. Tiyang Inggris sarta Prasman sarêng dumugi satêngahing laut,
baitanipun sami kèrêm, tiyangipun sampun sami pêjah sadaya.Kacariyos Sang Prabu Mangkurat sampun bidhal saking ing Têgal lan sabalanipun, para dipati sami lumampah ing ngajêng têbih, ingkang lumampah wontên ing ngarsane sang prabu bala Kumpêni, lampahipun rampak sapangkat-pangkat. Tamburipun tansah tinabuh, sang nata rêmên aningali lampahipun tiyang Kumpêni, para èstri sami lumampah ing wingking, sang nata sampun dumugi ing Pakalongan, arêrêb wontên ing ngriku, lajêng amundhut tiyang ing Pakalongan tigang atus kadamêl prajurit, winastanan prajurit judhipati, sang nata nuntên bidhal [bidha...]
--- 339 ---
[...l] saking Pakalongan saha bala mêdal ing laut. Para èstri sami
dipun tilar wontên ing Pakalongan. Sampun dumugi muwara Japara, Amral
sarta para upsir tuwin Ki Wôngsadipa enggal sami mêthuk. Sang prabu
sampun mêntas saking baita, lajêng ingaturan nitih kareta, sarawuhipun
ing griyane Ki Wôngsadipa, bala Kumpêni sami urmat drèl sarta mariyêm.
Baris angurung-urung margi, sang nata sampun masanggrahan wontên ing
ngriku.Enjingipun sang prabu miyos sineba ing bala Jawi tuwin bala Kumpêni, anuntên Ki Martajaya dhatêng, sang nata enggal andangu, Martajaya, samêngko panggonaning mungsuh ana ing ngêndi, Ki Martajaya matur saha sêmbah. Gusti, mêngsah dalêm kang wontên sakiwa têngêning Dêmak sampun dhadhal sadaya, awit kula gêbag ing prang, samangke sami ngumpul wontên ing Rêmbang tuwin ing Tuban. Sang nata sakalangkung suka, Martajaya lajêng kajunjung bupati ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata, Ki Wangsadipa kaangkat nama Dipati Martapura. Ki Ônggawôngsa lan Ônggajaya sami matur ing sang prabu, angaturakên pawartosing mêngsah, yèn Trunajaya samangke sampun kesah saking Surabaya, angalih kitha ing Kadhiri, amilih papan kang wiyar sarta radin, badhe kadamêl amêthuk prang, dene andêl-andêlipun anama Dhandhang
--- 340 ---
Wacana, kalih Mangkuyuda, tiga Darmayuda, sarta Raja Galengsong
tiyang Makasar, Raja Galengsong wau sampun kapêndhêt mantu dhatêng
Trunajaya, sarta kaangkat nama Prabu Anom, punika kang sagah anadhahi
prangipun tiyang Kumpêni, ing sadintên-dintên tansah angatos-atos. Sang
nata sarêng mirêng lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral, ingsun angrungu
pawarta, yèn Si Galengsong duwe sadulur lanang, jênênge Kraèng Naba,
dadi Mayor kalereyanamu Kumpêni Makasar, iku apa nyata. Aturipun Amral
kajawi kapariksa rumiyin. Kraèng Naba nuntên katimbalan. Sadhatêngipun
ing ngarsanipun sang prabu Amral nuntên pitakèn. Kraèng Naba, kowe apa
nyata duwe sadulur lanang siji, jênênge Galengsong, samêngko ana
panggonaning mungsuh, Kraèng Naba sarêng mirêng lajêng bêrbês mili sarta
matur, tuwan, inggih sayêktos pun Galengsong punika adhi kula, ênggèn
kula pisah kala taksih alit. Ngantos sapriki kula dèrèng nate kêpanggih
dhatêng piyambakipun. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral,
yèn mêngkono, Si Kraèng Naba iku ingsun pundhut, bakal ingsun utus
marang Kadhiri, anêmoni adhine. Amral inggih anyumanggakakên. Sang nata
ngandika dhatêng Kraèng Naba, Kraèng Naba, sira ingsun utus marang
Kadhiri, adhinira pulutên lawan têmbung kang bêcik, supaya [supa...]
--- 341 ---
[...ya] aja kongsi prang lan sira, anungkula marang ingsun. Sira sun
kantheni Si Mirmagati, iku bisa calathu têmbung lima, karo Si Dipati
Martalaya, têlu Si Martapura, padha milua ing sira, nanging padha
nglugasa raga bae, aja anggawa batur. Tiyang sakawan matur sandika,
lajêng sami mangkat anyamur, ingkang minôngka bandaranipun Kraèng Naba,
Ki Dipati Martapura lan Martalaya amindha panakawanipun. Lampahipun
sampun dumugi ing kadhiri, nuntên wontên tiyang Makasar satunggil
alêledhang, pinuju êmbanipun Raja Galengsong, êmban wau sarêng aningali
Kraèng Naba, lajêng angrangkul sukunipun sarta anangis. Kraèng Naba
wicantên. Aku aja kosêmbah, manawa angatarani, payo aku tuduhna
panggonane bandaramu, Kraèng Naba lajêng kairit dhatêng padalêmanipun
Galengsong, Kraèng Naba sarta Galengsong sarêng kêpanggih lajêng
rêrangkulan sarwi sami anangis, sabab lami botên pinanggih, nuntên sami
tata linggih, Galengsong alon pitakèn. Kakang, salawase dika wontên ing
pundi, kula upadosi mrika-mrika botên pinanggih, Kraèng Naba mangsuli,
aku saiki suwita ing Raja Mataram, dadi mayor prajurit, sarta sang prabu
bangêt sihe marang aku, têkaku mrene iki diutus animbali kowe, supaya
kowe aja prang karo aku, sang prabu
--- 342 ---
bangêt ênggone angeman, dene ênggone bakal ngalurug marang Kadhiri
kene, angêntèni satêkaku utawa kowe, payo kowe tumuli takgawa barêngan
aku. Galengsong wicantên malih, kakang, dika sarèhake kariyin, sabab
Trunajaya samangke taksih sangêt sihe dhatêng kula, benjing yèn patêmpuh
ing prang kemawon kula amuke saka ing wingking kalihan tiyang Makasar
sadaya, dika matur makatên kemawon dhatêng ing sang prabu, Galengsong
pitakèn malih, kakang, rencang dika niku tiyang ing pundi, dene sae-sae
têmên. Galengsong sangêt eramipun aningali warninipun bupati ing
Matawis. Kraèng Naba sarêng sampun sadintên sadalu lajêng mangkat sumêja
mantuk sarta tiyang tiga wau, sarêng dumugi sajawining kitha nuntên
kabujêng dhatêng tiyang ing Maduntên, antawis kalih atus, sumêja anumpês
ing tiyang sakawan wau, kabutuhakên ing banawi, banawi ing palabuhan
pinuju banjir, Kraèng Naba sarêng dumugi sapinggiring banawi, enggal
anyandhak lambungipun Mirmagati, kabêkta malumpat, sampun dumugi
sakilèning banawi, Martapura lan Martalaya sampun cêcawêtan, inggih
nuntên malumpat, sampun dumugi sabrang kilèn. Tiyang Maduntên sami
jomblong, aningali kasaktènipun tiyang sakawan wau. Tiyang sakawan
lastantun ing lampahipun, dumugi [dumu...]
--- 343 ---
[...gi] ing Japara lajêng sami sowan ing sang prabu angaturakên ing
salampah-lampahipun. Tiyang sakawan nuntên sami mantuk dhatêng
pamondhokanipun.Kala samantên Ki Dipati Martalaya lajêng mirong manahipun. Botên purun sowan-sowan, sabab sangêt sêngitipun dhatêng tiyang Wêlandi, sang nata dipun aturi sampun ngantos anganggêp dhatêng tiyang Wêlandi, sabab punika tiyang ngumbara, angalap opah, botên wande angrisakakên nagari, dene prakawis mêngsah tiyang Makasar tuwin tiyang Maduntên, Ki Martalaya inggih anyagahi anumpês, botên susah kanthi tiyang Walandi. Nanging sang nata botên anggêga dhatêng aturipun Ki Martalaya wau. Kala samantên Amral sampun sumêrêp yèn Dipati Martalaya sangêt ênggènipun sêngit dhatêng tiyang Wêlandi, Amral lajêng damêl sêrat badhe katur ing sang prabu anyuwun pêjahipun Dipati Martalaya, Amral nuntên dhatêng pondhokipun Dipati Môndaraka sarta anyukakakên sêrat, sampun tinampèn sarta winaos. Ki Adipati Môndaraka lajêng wicantên. Tuwan Amral, muliha bae dhingin, sesuk takpikire karo kancaku bupati, banjur tak matur ing sang prabu, Amral sampun pamit mantuk. Dipati Môndaraka inggih lajêng pirêmbagan kalihan prikancanipun para bupati, nuntên sowan ing sang nata, angaturakên ingkang
--- 344 ---
dados panyuwunipun Amral. Sang nata sakalangkung èmêng ing galih,
Môndaraka, yèn kaya mêngkono Si Martalaya timbalana, sira taria yèn
dhèwèke wani marang Trunajaya, nuli konên mangkat ngalurug lan sabalane,
anggêpuka mênyang Si Trunajaya, manawa wis mangkat, banjur misuwurna
yèn lolos têka ing bêbarisan kene. Ki Môndaraka lajêng utusan nimbali
Martalaya, nanging botên purun dhatêng, asangadi sakit. Sang nata
sakalangkung duka, nuntên adhêdhawah Ki Dipati Martapura andikakakên
mêjahi Ki Dipati Martalaya, Ki Martapura enggal mangkat dhatêng
pondhokanipun Ki Martalaya, sarta angangge dhuwungipun anama Jaka Tuwa,
sadhatêngipun ing ngriku, Martalaya kêpanggih lênggah wontên ing
patilêman sarwi kêmul, ananging sampun angatos-atos, anyandhing dhuwung
lêligan, katindhihan lênggah wontên sangandhaping kalasa, dhuwung wau
anama pun Kasur, Ki Martapura ngadêg sarta wicantên, Martalaya, aku
diutus ing sang prabu andikakake mundhut pati uripmu, Martalaya
wangsulanipun sumôngga, Martapura lajêng anyuduk, Martalaya inggih malês
anyuduk. Tiyang kêkalih wau lajêng sami pêjah sampyuh. Sang nata sarêng
mirêng sakalangkung ngungun. Dene bupati gêgêdhuk ing prang sami pêjah.Enjingipun sang prabu miyos sinewaka ngandika
--- 345 ---
dhatêng Ki Dipati Môndaraka, Môndaraka, anake Si Martapura kang
jênêng Si Jayapati, ingsun gêntèkake bapakne, ingsun paringi aran
Tumênggung Sujanapura ing Japara, dene ing Têgal kang ingsun gêntèkake
adhine Si Martalaya kang aran Ograyuda, sun paringi aran Tumênggung
Rêksanagara, Si Wija sun angkat bupati ing Pathi, jênênge Tumênggung
Mangunonêng. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Endranata,
Endranata, sira mangkata dhingin lan sabalanira, anggitika mungsuh kang
ana ing Rêmbang lan ing Tuban. Lan sira Amral mangkata dhingin sakancamu
mêtua ing laut, anjaga ing Garêsik utawa pulo Mangare, ing Madura
nganglangana, banjura marang Surabaya, sun kanthèni Si Nrangkusuma, karo
Si Ônggawôngsa, Ônggajaya, wong loro iku kang wus wêruh jajahane ing
kono, sabab iku wong têka ing Surabaya, dene ingsun bakal mêtu dharat
anjog ing Tuban, menggok mangidul banjur marang Kadhiri bae. Ingkang
sami kadhawahan lajêng bidhal. Sang prabu inggih lajêng bidhal.
Kathahing bala tanpa wilangan, gêgaman awarni-warni. Wondene ingkang
bidhal rumiyin wau Ki Tumênggung Endranata, inggih sampun campuh prang
kalihan tiyang Maduntên kang wontên ing Rêmbang tuwin Tubin. Tiyang
Maduntên sampun larud, sami angumpul dhatêng ing Surabaya.- mayitipun. (kembali)
- tanda cêcak berada di atas aksara ga. (kembali)
- aparing. (kembali)
- ngêlambrang. (kembali)
- anututi. (kembali)
- andhèrèk. (kembali)
- ginêlak. (kembali)
- anjaluka. (kembali)
- sabalanipun. (kembali)
- Kraèng. (kembali)
- kaabdèkakên. (kembali)
- mènèhi. (kembali)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar