--- 347 ---
[...nèsipun] inggih sampun katata, sarta sami angatos- atos.Kacariyos lampahipun Amral mêdal ing laut, sampun dumugi pulo Mangare, tiyang Kumpêni lajêng uluk-uluk maryêm, tiyang Maduntên sami gègèr abilulungan. Amral sa- Kumpêninipun nuntên mêntas dhatêng Surabaya amasanggrahan. Ki Ônggajaya lan Ki Ônggawôngsa santananipun kathah dhatêng sarta sami ambêkta sasêgah katur ing Tuwan Amral. Amral sakalangkung suka aningali para santananipun Ki Ônggawôngsa, Ki Ônggawôngsa lajêng nyuwun pamit sumêja amandungi maryêm wasiyat ing Matawis kang nama Nyai Satomi wontên panggenaning mêngsah, pamitipun wau inggih sampun dipun lilani, ing wanci dalu Ki Ônggawôngsa nuntên lumampah dhatêng panggenaning mêngsah, mariyêm Nyai Satomi sampun kapanggih lajêng kapanggul ijèn, tiyang Maduntên botên wontên uninga, mariyêm wau sampun kaaturakên dhatêng Amral tuwin Radèn Nêrangkusuma, Amral sakalangkung eram aningali karosanipun Ki Ônggawôngsa.
Sarêng ing wanci bêdhug tiga Amral parentah anyumêd mariyêm, kasipatakên panggenaning mêngsah, ungêling mariyêm botên kêndhat-kêndhat. Tiyang Maduntên tuwin môncanagari sami kagegeran abilulungan. Kathah kang pêjah katiban mimis. Tibaning mimis dêrês kados jawah,
--- 348 ---
tiyang Maduntên botên kaur mêndhêt gêgamanipun, kasêlak katiban mimis
sarta kaplêsatan risaking griya kang kenging mimis. Ônggawôngsa lan
Ônggajaya sami ambêsmèni griya pondhokaning mêngsah, tiyang Maduntên
tuwin môncanagari sangsaya kuwur, nuntên dhadhal sami lumajêng sadaya,
Ki Darmayuda sarta Raja Galengsong inggih sami lumajêng, sumêja wangsul
dhatêng Kadhiri, Darmayuda lajêng awêwadul dhatêng Trunajaya, yèn Raja
Galengsong prangipun rangu-rangu kados badhe malik tingal, mila tiyang
Maduntên kawon prangipun, awit saking punika, Trunajaya sarêng mirêng
sakalangkung duka, Raja Galengsong wau lajêng dipun jak dhatêng kêbon
pêpungkuran. Wontên ing ngriku Galengsong dipun pêjahi, jisimipun
kacêmplungakên ing sumur, nuntên dipun urugi, sabalanipun tiyang Makasar
botên wontên sumêrêp.Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, lampahipun sampun dumugi ing Kudus, lajêng angujung dhatêng ing astana, sarta animbali Panêmbahan Natapraja ing Adilangu, inggih sampun sowan lajêng kabêkta nglurug. Sang prabu ing samargi-margi tansah prang kalihan tiyang Maduntên. Kala samantên Sang Dipati Môndaraka anandhang sakit dados ing pêjahipun. Sang nata sakalangkung ngungun. Jisimipun sampun kapêndhêm wontên ing margi, sang nata lajêng ing lampahipun, sampun dumugi talatah ing Kadhiri,
--- 349 ---
amasanggrahan wontên ing dhusun Singkal. Ing ngriku wontên ajar
dhatêng saking ing gunung Kêlud, anama ajar Tejalaku, ambêkta cantrik
kawandasa, sami angangge kudhi têrantang, sadhatêngipun ing pasanggrahan
lajêng sami ngamuk pinuju pondhokipun Ki Dipati Urawan. Balanipun Ki
Urawan sami anadhahi, cantrik kawandasa sampun pêjah sadaya, kantun ki
ajar piyambak, ngadêg sarwi malang kêrik, dipun sanjatani botên kenging,
dipun waosi inggih botên kenging, nuntên sang prabu têdhak piyambak
amandhi waos Kyai Baru, sarwi angandika, bocah ingsun, padha sumingkira
kabèh, ingsun dhewe kang mapagake, sabab iku sêjane têka ing gunung,
supaya ingsun ruwata, sang prabu lajêng amaos dhatêng kyai ajar, jaja
trus ing gigir ki ajar sampun pêjah, bathangipun sirna. Sang nata lajêng
kondur pinarak ing pasanggrahan, nuntên utusan dhatêng Surabaya,
animbali Amral sa-Kumpêninipun sarta Radèn Nêrangkusuma. Utusan enggal
lumampah, sampun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Amral. Amral
inggih lajêng mangkat sarta Radèn Nêrangkusuma, dene ingkang kapatah
têngga ing Surabaya amung para umbul kemawon. Lampahipun sampun dumugi
ing pasanggrahan ing Singkal, lajêng sowan ing sang prabu, Amral
ngaturakên pawartos kalanipun prang wontên ing Surabaya,
--- 350 ---
sarta angaturakên Ki Ônggawôngsa ênggènipun mandungi mariyêm Nyai
Satomi, sang nata mirêng pawartosipun Amral sakalangkung suka, sang
prabu gêntos amaringi pawartos dhatêng Amral, yèn Ki Môndaraka pêjah,
Amral sangêt ngungun. Sang nata ngandika malih dhatêng Amral sarta para
dipati sadaya, Amral utawi bocah ingsun kabèh, ing mêngko karsaningsun
Si Nrangkusuma sun gawe pêpatih anggêntenana Si Môndaraka, lan Si
Ônggawôngsa sun gawe bupati ing Surabaya, sun paringi jênêng Tumênggung
Jangrana, Amral inggih jumurung ing karsanipun sang nata, nuntên sami
bibar amasanggrahan.Enjingipun sang nata parentah bidhal, badhe anggêbag ing Kadhiri, kathahing bala tanpa wilangan. Ingkang dados cucuking baris para bupati, bala Kumpêni wontên ing ngarsanipun sang prabu cakêt.
Kacariyos Trunajaya kang wontên ing Kadhiri, botên pisan-pisan yèn èngêta ing jangjinipun utawa samêja anungkul. Malah badhe amêthuk prang, Trunajaya sampun parentah anata bala, sarta amatah kang pancèn wontên ing ngajêng tuwin ing wingking punapa dene ing kiwa têngênipun. Sarêng sampun rakit lajêng bidhal saking kitha lan sabalanipun, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, abaris sawetaning bangawan palabuhan. Trunajaya lênggah sapinggiring bangawan sarta pinayungan [pina...]
--- 351 ---
[...yungan] kinubêng ing prajurit anama tiyang sêsêliran, kathahipun
sèwu wolung atus, sami asikêp waos tuwin sanjata, sarta sampun sami
angatos-atos. Botên dangu gêgaman ing Mangkuratan dhatêng wontên
sakilèning banawi, agamêng kados mêndhung utawi ambalabar kados toya,
angêbêki ara-ara tuwin wana, sampun sawang-sinawang kalihan mêngsah,
Amral nuntên matur ing sang prabu, sinuhun, banawi punika prayogi
kadamêlna sasak. Sabab toyanipun sakalangkung lêbêt sarta wiyar, botên
kenging dipun sabrangi, sang nata enggal parentah adamêl sasak,
balanipun para bupati inggih enggal sami tumandang. Trunajaya sarêng
sumêrêp lajêng sêsumbar saking sawetaning banawi cakêt. Hèh wong
Mataram, payo majua, yèn wong prang ngêntèni sasak, iku dudu trahing
prawira, Raja Mataram iku dakupamakake têngu, pucukane manèh yèn lêgia,
sanajan bongkote ing biyèn ya adhêm bae, sabab raja trahing wong
têtanèn, angur macula bae bari angona sapi, amêsthi seje lan Trunajaya,
aku trahing prajurit kang luwih digdaya, kang aran Jaran Panolèh iku
kang nurunake aku, wis misuwur ing kêndêl sarta digdayane. Sang prabu
sampun ingaturan uninga, yèn Trunajaya taksih sêsumbar, sang nata
sakalangkung duka, lajêng nitih kuda sumêja majêng ing prang,
--- 352 ---
para bupati lan sabalanipun enggal majêng anggêbyur banawi, Amral
angabani Kumpêninipun angrutug ing sanjata, nanging mimisipun botên
dumugi sawetan banawi andhawahi kancanipun piyambak, kathah kang sami
kenging ing mimis. Ki Tumênggung Endranata enggal mêntas saking toya
lajêng anyandhak tanganipun Amral sarwi wicantên. Amral, kowe iki
mungsuh apa kônca, dene mimismu oleh kancaku dhewe, Amral lajêng
angrêrêpa, sabab botên sumêrêp, yèn mimisipun cupêt. Endranata sampun
wangsul anggêbyur banawi sarta para dipati sabalanipun sumêja ngrangsang
mêngsah, bala Maduntên sakeca ênggènipun anadhahi saking sapinggiring
toya, bala Mangkuratan kathah kang pêjah dening toya tuwin dening
gêgaman. Sang nata sarêng aningali balanipun kathah pêjah, lajêng
nyamêthi kuda tumut anggêbyur ing banawi, kala samantên bangawan
palabuhan toyanipun lajêng ical kang kalih duman sami sakal. Sarta
lajêng kenging dipun sabrangi, bala Mangkuratan sampun sami nyabrang
sadaya, lajêng campuh prang rame, bala Kumpêni botên kèndêl-kèndêl
sanjatanipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah, Mangkuyuda ing Sampang
sarta Dhandhang Wacana sampun pêjah dening Mangkuyuda ing Kêdhu, bala
Maduntên kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi biting sarta inêp
kori, bala Mangkuratan anglud. Korining bètèng [bè...]
--- 353 ---
[...tèng] sampun jêbol dipun dhupak dhatêng Mangkuyuda ing Kêdhu,
lajêng katadhahan apêrang kalihan Darmayuda ing Sampang, sampun sami
pêjah sampyuh wontên ing kori kalih pisan. Bala Kumpêni sarta para
bupati sabalanipun sampun sami lumêbêt ing bètèng, tiyang Maduntên tuwin
Makasar sampun sami lumajêng, Trunajaya sagarwaputranipun lumajêng
angungsi ing rêdi Antang, balanipun amung sakêdhik kang tumut dhatêng
sapucaking rêdi, Sang Prabu Mangkurat lajêng rêrêp wontên ing biting
ngriku kalih dalu, kala bêdhahe kitha ing Kadhiri sinêngkalan 1601.Sang prabu lajêng bidhal lan sabalanipun nêlasah palajêngipun Trunajaya, lampahipun sampun dumugi ing Payak sangandhaping rêdi Antang, amasanggrahan wontên ing ngriku, sang nata lajêng parentah angêpung rêdi Antang sarta parentah dhatêng Ki Tumênggung Jangrana, andikakakên ngubrês tiyang Makasar, kang sami ngungsi ing rêdi Sampura, lan Ki Ônggajaya andikakakên nanêm bupati wontên ing Pasuruan, sarta andikakakên nimbali Ki Dipati Cakraningrat kang wontên satêngahe wana Lodhaya, Ki Jangrana wau kêkanthenan tiyang Kumpêni sabrêgada, Ki Jangrana lan sabalanipun sarta Kumpêninipun sabrêgada lajêng bidhal.
Kacariyos Ki Cakraningrat kang dados sêsakitan wontên ing Lodhaya, awit saking pandamêlipun Trunajaya,
--- 354 ---
mila botên dipun pêjahi, sabab punika pamanipun. Panêjanipun Truna ingkang paman wau supados pêjaha dening dubriksa,[1]
nanging Cakraningrat taksih wilujêng, kala samantên sampun midhangêt
pawartos, yèn Trunajaya sampun kawon prangipun dening Sang Prabu
Mangkurat. Cakraningrat lajêng dandos lan saanakbojonipun, sumêja sowan
ing sang prabu, nuntên mangkat saking wana Lodhaya, wontên ing margi
kêpêthuk kalihan Ki Tumênggung Jangrana, lajêng sami rêrangkulan. Ki
Jangrana sanjang, yèn andikakakên nimbali piyambakipun. Nuntên sami
mangkat ungkur-ungkuran. Ki Tumênggung Jangrana lajêng dhatêng ing rêdi
Sampura, nanging tiyang Makasar kang sami wontên ing ngriku sampun sami
kesah dhatêng ing Bali, Ki Jangrana lajêng dhatêng Pasuruan, anêtêpakên
Ki Ônggajaya dados bupati ing ngriku, tiyang Pasuruan inggih botên
wontên tiyang kang suwala, Ki Jangrana tumuntên wangsul dhatêng
pasanggrahan ing Payak. Dene Ki Cakraningrat wau inggih sampun sowan ing
sang prabu, lajêng ngabêkti sarta anangis. Sang nata alon angandika,
adhi, wis aja nangis, ing mêngko nagara ing Sampang sun paringakên ing
sira manèh, nanging sira sun paringi pagawean, bujukên Si Trunajaya ana
ing gunung Antang, poma dikêna, Cakraningrat matur sandika lajêng
mangkat. Kala samantên tiyang Maduntên tuwin tiyang ing Sampang sampun
kathah kang sami nungkul dhatêng Ki Cakraningrat. [Cakraningra...]
--- 355 ---
[...t.] Dados Ki Cakraningrat wau samangke sampun kathah balanipun.Kacariyos Trunajaya kang wontên sapucaking rêdi Antang kalihan para garwanipun. Garwanipun Trunajaya punika putri ing Matawis, ingkang rayi dening Sang Prabu Mangkurat, anama Radèn Ayu Kalêting Wungu kalihan Kalêting Kuning, kala bêdhahipun nagari Matawis putri kêkalih wau punika kantun wontên ing kadhaton, lajêng dipun boyong dhatêng tiyang Maduntên, kaaturakên ing Trunajaya kadamêl garwa, ingkang sampun kagarwa dhatêng Trunajaya ingkang sêpuh, kang anama Radèn Ayu Kalêting Wungu, dene ingkang anèm kang nama Kalêting Kuning, pangangkahipun Trunajaya badhe kawayuh sami sadulur, nanging putri lumuh sangêt, dipun pilalah pêjah, kala samantên sang putri tansah anangis, sabab sampun kawandasa dintên botên dhahar sêkul lan botên ngunjuk toya, sarta sami anênutuh ing solahipun Trunajaya kang sampun kalampahan. Dene botên rumaos yèn tiyang alit, amêksa kêdah jumênêng nata, ing mangke anêmahi papa. Trunajaya inggih lajêng rumaos ing kalêpatanipun, angrêrêpa dhatêng garwanipun. Sang putri wicantên malih, yèn dika êmpun rumôngsa luput, dawêg padha seba ing sang prabu anyuwun pangapura, lan kira kula kakang prabu botên kolu matèni marang dika, amêsthi
--- 356 ---
wêlas marang kula, yèn dika botên gêlêm, kula bakal sowan dhewe.
Trunajaya sarêng mirêng wicantêne kang garwa lajêng tumut anangis sarta
wicantên. Nimas, aku ya nurut marang karêpmu, nanging kowe sebaa
dhingin. Ngaturna pati uripku, sarta aku suwuna pangapura, dene aku ya
tumuli nusul. Nuntên kasaru wontên tiyang Madura dhatêng sarta êmbêkta
sêrat, utusanipun Ki Cakraningrat. Sêrat sampun tinampèn sarta winaos
dhatêng Trunajaya, suraosing sêrat animbali dhatêng Trunajaya, wondene
kalêpatanipun dhatêng sang prabu, Ki Cakraningrat sagah anyuwunakên
pangapuntên, utawi yèn ngantosa kapêjahan inggih Cakraningrat ingkang
ananggêl. Trunajaya sasampuning maos sêrat sakalangkung suka manahipun,
angraos yèn awèt gêsang, nuntên kang garwa dipun kèn mudhun rumiyin,
katitihakên ing tandhu, kairingakên tiyang Maduntên abdinipun Ki
Cakraningrat nêmbêlas, abdinipun piyambak sampun têlas minggat sadaya,
sang putri sampun tumurun saking rêdi, bala kang sami ngêpung kagèt
sadaya aningali tandhu mudhun saking nginggiling rêdi, dangu-dangu sami
sumêrêp yèn Radèn Ayu Trunajaya, lajêng sami dipun tonton kemawon. Ki
Cakraningrat inggih tumut andhèrèkakên sang putri, sampun dumugi ing
pasanggrahan, sang putri lajêng ngabêkti ing sang prabu sarta anangis.
Akathah-kathah
--- 357 ---
sêsambatipun, sang nata alon angandika, yayi, wis aja nangis, amupusa
yèn wis takdiring Allah ing lêlakonmu iku, balikan bojomu samêngko ana
ngêndi, sarta kapriye kang dadi kaniyatane, kowe bêlakaa bae. Sang putri
matur, kakang prabu, rayi dalêm taksih wontên sanginggiling rêdi, kula
punika inggih dipun kèngkèn angaturakên tobat, solahipun kang sampun
kalampahan, mugi panjênêngan dalêm apuntêna, sêmangke inggih taksih
angêntosi têrangipun dhawah dalêm. Sang nata lajêng angandika dhatêng Ki
Cakraningrat. Adhi Cakraningrat, sira munggaha ing gunung, papagên Si
Trunajaya, môngsa bodhoa sira, Cakraningrat matur sandika, lajêng
mangkat sabalanipun lan Ki Tumênggung Suranata, sampun dumugi ing
sukuning rêdi, lajêng utusan manginggil, sampun kêpanggih kalihan
Trunajaya, utusan matur, yèn ingkang paman sampun wontên ngandhap
angêntosi piyambakipun. Trunajaya enggal tumurun saking rêdi sarta
panakawanipun tiyang pitung dasa, sami barundhulan sadaya, gêgamanipun
sami dipun bongkoki, kagotong wontên ing ngajêng, sadhatêngipun wontên
sangandhaping rêdi, kêpanggih kalihan Ki Cakraningrat. Trunajaya lajêng
ngabêkti dhatêng ingkang paman. Ingkang paman nuntên angrangkul ing
jangganipun ingkang putra sarwi ngandika, thole, sarèhning [sa...]
--- 358 ---
[...rèhning] kowe mêntas kasoran ing prang, ing mêngko kowe sumêja
bêkti ing ratu, bêcik nganggoa pratôndha, yèn kowe wis kalah prang,
katona ing katêmênamu. Cakraningrat sarwi angêjèpi balanipun. Trunajaya
lajêng dipun tubruk, sampun binônda ing cindhe kalihan êmbanipun
satunggil anama Sêcagora inggih sampun binônda, Trunajaya tuwin Sêcagora
botên sumêja polah, anurut kemawon. Cakraningrat angandika dhatêng
Trunajaya, thole, aja kuwatir atimu, yèn ana dêdukane sang prabu marang
kowe, aku kang amalangi, Trunajaya matur, paman kula, sumôngga ingkang
dados karsa sampeyan, môngsa amriha ing awon kula.Ki Cakraningrat lajêng bidhal saking ing ngriku sarta ambêkta Trunajaya, nuntên angrumiyinakên utusun, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Trunajaya sampun kabêkta babêstan. Sang nata sarêng mirêng sakalangkung suka, nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng abdi èstri, andikakakên angarih-arih dhatêng Radèn Ayu Trunajaya, sarta kabêktaa sumingkir saking dalêm ing pasanggrahan, pawongan matur sandika. Sang nata nuntên parentah dhatêng Amral tuwin para bupati, andikakakên sami baris ngurung-urung margi, angurmatana ing dhatêngipun Trunajaya, balanipun para bupati tuwin bala Kumpêni inggih
--- 359 ---
sampun sami baris urut lêlurung. Trunajaya tumuntên dhatêng, lajêng
dipun urmati ungêling sanjata sarta mariyêm ambal-ambalan. Gamêlan sarta
tambur kados angarak pangantèn. Trunajaya apucat[2]
ulatipun, ing batos sangêt ênggènipun kaduwung, katawis ing netra.
Sadhatêngipun ing ngajêngan alênggah tumungkul. Sang prabu angandika,
adhi Trunajaya, bagea satêkamu, ênggonira lungguh dikapara maju,
Trunajaya nyêmbah aturipun nuhun. Sang nata ngandika malih, adhi
Trunajaya, ujar ingsun luwarana, sarèhning ingsun ora duwe ujar loro, ya
ing saiki ya ing biyèn padha bae, dene jangjiningsun ing biyèn, ing
samangsane wis arjaning jaman, ingsun ing jêro sira ing jaba, ingsun
darma bae jumênêng nata, bang-bang alum-aluming tanah Jawa kabèh sira
kang anguwasani, ing mêngko paparentahan ing tanah Jawa sira tampanana,
môngsa bodhoa sira, supaya luwara punaginingsun. Trunajaya botên purun
tampi, pangandikanipun sang prabu ngantos ambal kaping tiga, nanging
Trunajaya inggih botên purun tampi, akèndêl kemawon. Pangeran Silarong
wicantên. Trunajaya, genea kowe anampik ing sihe sang prabu, yèn kowe
trahing wong prawira amêsthi anampani, kajaba yèn kowe trahing wong
kumpra iku ora gêlêm anampani, [anampa...]
--- 360 ---
[...ni,] lan ing ngêndi ana wong bêcik cidra ing jangji, Trunajaya
nyêmbah lajêng anampèni ing pasrahipun sang prabu, sang nata angandika
malih dhatêng para bupati sadaya, bocah bupati kabèh, padha anêksenana
yèn ing punaginingsun wus luwar, ing tanah Jawa wis katampan marang Si
adhi Trunajaya. Sang nata lajêng angandika dhatêng Trunajaya,
punaginingsun kèri siji, ing mêngko sira luwarana, kalane ingsun ana ing
nagara Têgal, ingsun duwe punagi, kris ingsun Kyai Bêlabar iki ora
ingsun salini wrôngka, yèn durung ingsun wrangkakake ing jajanira. Para
bupati sarêng mirêng timbalanipun sang prabu anggraita sadaya, Trunajaya
lajêng dipun dhêdhabyang, kacaosakên ing ngarsane sang prabu cakêt.
Sang nata enggal têdhak saking ing dhêdhampar sarta anarik wangkingan,
lajêng anyuduk dhatêng Trunajaya jaja têrus ing gigir, rahipun sumêmbur,
para bupati lajêng sami tumut ngarocok ing dhuwung, tuwin para abdi
kang sami cakêt anggènipun linggih, jisimipun Trunajaya sampun ajur
rontang-ranting. Sang nata ngandika dhatêng para dipati, bocah ingsun
bupati, padha mangana atine Si Trunajaya kabèh, para bupati enggal sami
angêdum ati, kaduman nyakuku, lajêng sami dipun untal. Sang nata akèn
andangu dhatêng êmbanipun Trunajaya, kang nama Sêcagora, mênggah
Panêmbahan Kajoran sêmangke wontên ing pundi, atur wangsulanipun
[wangsulanipu...]
--- 361 ---
[...n] Sêcagora, Panêmbahan Kajoran kesah dhatêng sonya sirna, Ki
Sêcagora wau kêdah tumut pêjah ing gustinipun, inggih sampun pinêjahan.
Anuntên Ki Tumênggung Jangrana kalihan Tumênggung Ônggajaya dhatêng
saking Pasuruan, inggih lajêng kadhawahan tumut nyuduki, priyantun
kêkalih wau inggih enggal anyuduki bathang ing sakantunipun, sarta sami
awêwadhak gêtih, sirahipun Trunajaya sampun kakêthok, sinandhing lênggah
wontên sangandhaping dhampar, sang nata kondur amasanggrahan, sirahipun
Trunajaya inggih binêkta, sawarninipun abdi èstri kang badhe sami tilêm
ing dalu, andikakakên sami kêkesad[3]
ing sirahipun Trunajaya, sarêng enjing sirah wau lajêng andikakakên
dhêplok ing lumpang, inggih sampun ajur. Radèn Ayu Trunajaya sarêng
sumêrêp ingkang raka pêjah, sangêt anggènipun muwun, angundhat-undhat
ing sang prabu, dene Trunajaya sampun tobat têka pinêjahan. Sang nata
lajêng angrêrapu dhatêng ingkang rayi, sarta sagah badhe amaringi
lintunipun. Radèn Ayu Trunajaya sampun amiturut dhatêng ingkang raka
sang prabu.Ing wanci enjing sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah anakipun Ki Mangkuyuda ing Kêdhu, kang nama Ki Lêmbu lan Ki Buwang, Ki Lêmbu kadadosakên bupati ing Kêdhu, kaparingan nama Tumênggung Mangkuyuda, Ki Buwang dados sisihipun [si...]
--- 362 ---
[...sihipun] kaparingan nama Tumênggung Natayuda, sang nata lajêng
parentah badhe bidhal dhatêng ing Surabaya, sarêng sampun samêkta nuntên
bidhal lan sabala sadaya, sarawuhipun ing Surabaya lajêng
amasanggrahan. Sarta angujung dhatêng ing astana Ngampèl. Pangeran ing
Lamongan kagêmpalakên siti sèwu ing Surabaya dados ing lênggahipun.Sang nata nuntên adhêdhawah dhatêng Radèn Mangunjaya, kautus dhatêng ing Giri anyuwun idi ênggènipun jumênêng nata dhatêng sang pandhita sarta nyuwun dhuwung wasiyat ing Giri, kang nama Kyai Kalam Munyêng, Radèn Mangunjaya enggal lumampah, sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, andhawuhakên timbalan saha ing pamundhutipun sang prabu, sang pandhita lajêng pitakèn. Mangunjaya, kang jênêng Sunan Mangkurat iku sapa, apa trah Mataram apa dudu, pawartane wong akèh anake Amral. Iku apa nyata, yèn dhasar trah Mataram ya dakidini ênggone jumênêng nata, yèn nyata anake Amral turuning wong sabrang, aku ora gêlêm angidini. Mangunjaya matur, sang pandhita, makatên punika kula botên sumêrêp. Sayêktosipun kula punika kèlu ing tiyang kathah kemawon. Dene priyayi Matawis kathah kang sami suwita, mênggah ing pawartosipun inggih yêktos tiyang saking sabrang, dipun êmbani dhatêng Amral. Panêmbahan ing Giri ngandika, yèn mêngkono, Mangunjaya, kowe wis muliha [muli...]
--- 363 ---
[...ha] bae, aku suthik seba ing ratumu, angidini aku ya ora gêlêm.
Krisku dijaluk aku ora awèh. Radèn Mangunjaya lajêng pamit mantuk.
Sadhatêngipun ing Surabaya sampun katur ing sang prabu, punapa ing
sawicantênipun sang pandhita. Sang nata mirêng aturipun Radèn Mangunjaya
sakalangkung duka, lajêng angundhangi bala sumêja nglurug dhatêng ing
Giri, lampahing baris sampun dumugi ing Giri, lajêng campuh prang,
tiyang ing Giri watawis kawan atus, sampun tumpês sadaya, nuntên wontên
santana ing Giri nama Radèn Singasari sakalangkung têguh, lajêng ngamuk
kalihan dhuwung, dipun sanjatani sarta dipun waosi botên pasah,
Panêmbahan Natapraja ing Adilangu enggal amêthukakên pangamukipun Radèn
Singasari, Radèn Singasari sampun kawaos, kenging jajanipun têrus ing
gigir lajêng pêjah, wajanipun taksih ngawêt ing lathi, sarta astanipun
taksih anggêgêm ukiraning dhuwung, dipun wêngkang botên kenging, kang
sami aningali eram sadaya, Amral agèdhèk-gèdhèk. Sang pandhita sampun
kacêpêng, lajêng dipun lawe sampun pêjah, rajabrananipun sampun
karayahan tuwin dhuwung Kyai Kalam Munyêng, sarta putranipun èstri sang
pandhita kapundhut ing sang prabu kadamêl garwa, sang nata lajêng
masanggrahan wontên ing Garêsik. Radèn Mangunjaya kajunjung lênggah
bupati ing Sumênêp. Kapatêdhan nama Pangeran Cakranagara.
--- 364 ---
Enjingipun sang prabu nuntên bidhal, sumêja dhatêng ing Samawis mêdal
ing Garobogan. Lampahing bala angêbêki lêlurung tuwin ara-ara, sampun
dumugi ing Samawis lajêng masanggrahan.Kacariyos wontên tiyang ing Samawis anama Ki Buyut Kalaweyan agadhah anak jalêr satunggil anama Martanaya, punika ing nalikanipun sang prabu mangkat saking Têgal badhe dhatêng Japara mêdal ing laut. Ki Buyut Kalaweyan asêsêgah wowohan warni-warni, wontên ing laut sang nata pinuju kasatan, lajêng adhahar wowohan sêsêgah wau, sang prabu ênggènipun dhahar rumaos nikmat sangêt. Lajêng adhêdhawah dhatêng kyai buyut. Yèn sang prabu ing benjing sampun unggul prangipun, ki buyut kadhawahan sowan malih, ing sarawuhipun sang prabu wontên ing Samawis punika, ki buyut sarta anakipun inggih sampun sowan. Lan ambêkta sêsêgah wowohan. Sang nata sarêng aningali ing ki buyut lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, padha anêksenana, yèn anake ki buyut kang jênêng Si Martanaya ing samêngko sun gawe bupati ing Samarang, ingsun paring jênêng Mas Rôngga Yudanagara, para bupati sami saurpêksi sadaya, ki buyut sarta anakipun lajêng sami sujud ing siti, sangêt bingahing manahipun atampi ganjaran.
--- 365 ---
Sang nata nuntên pirêmbagan ngupados papan, badhe kadamêl kadhaton.
Para dipati sami matur, prayogi ing Tingkir, wontên ingkang mrayogèkakên
ing Logêndèr, sang nata dèrèng karsa, Ki Dipati Urawan nuntên matur,
gusti, prayogi ing Wanakarta kadamêla kadhaton. Sitinipun radin lan
jêmbar polatan. Kalih dene kula angaturi cariyos ing panjênêngan dalêm,
kala swargi eyang dalêm Kangjêng Pangeran Pêkik ing Surabaya, punika
katimbalan dhatêng ing Matawis. Lampahipun wontên ing margi asipêng ing
dhusun Butuh, ing dalu sare andêdagan wontên ing astana, lajêng mirêng
swara, ujaring swara, thole Pêkik, wêruhanamu besuk yèn bêdhah nagara
Mataram, putumu bakal jumênêng nata, kadhaton ing Wanakarta sakuloning
Pajang. Sang prabu sarêng mirêng kojahipun Ki Urawan sakalangkung suka
ing galih, kapanujon kalihan karsanipun. Lajêng angandika dhatêng Radèn
Dipati Nrangkusuma, Nrangkusuma, sira mangkata ing Wanakarta, alase
padha babatana, nuli dokokana omah rekanên kadhaton. Ingsun ya tumuli
nusul marang sira. Nrangkusuma aturipun sandika lajêng mangkat lan
sabalanipun, sampun dumugi ing Wanakarta, nuntên binabadan rineka sampun
totra[4] kadhaton. Sang prabu inggih sampun bidhal saking Matawis, lan sabala sadaya tuwin Amral sa-Kumpêninipun. [sa-Kumpêni...]
--- 366 ---
[...nipun.] Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajêng
angadhaton pinuju ing dintên Rêbo Pon, tanggal kaping 27 wulan Ruwah
ing taun Alip, ôngka 1603. Ing Wanakarta kaêlih namanipun. Kanamakakên
nagari ing Kartasura Adiningrat.Sang nata lajêng utusan sarta mawi sêrat, animbali ingkang rayi Kangjêng Susuhunan ing Ngalaga kang angadhaton ing Palèrèd. Utusan lajêng mangkat agêgancangan.
Kacariyos Sang Prabu Ngalaga, enjing panuju miyos sinewaka, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, Ki Dipati Arya Môndhalika matur, sinuhun, kula mirêng pawartos, yèn raka dalêm Kangjêng Pangeran Dipati Anom samangke sampun jumênêng nata abêbala tiyang sabrang warni-warni, malah pun Trunajaya samangke sampun pêjah, amargi kagêbag ing prang ing raka dalêm. Nanging wontên ingkang amastani yèn anakipun Amral, pinindha-pindha raka dalêm. Supados tiyang satanah Jawi suyuda sadaya. Sang nata angandika, apa pratandhane yèn kang jênêng Sunan Mangkurat iku dudu kangmas. Môndhalika matur, dedenipun dene sabên dintên angagêm cara Wêlandi, sarta rintên dalu inggih botên pisah kalihan Kumpêni, nanging tiyang ing kadospatèn rumiyin inggih taksih ngabdi ing Sang Prabu Mangkurat. Punika [Puni...]
--- 367 ---
[...ka] ingkang anelakakên, yèn yêktosipun raka dalêm. Sang Prabu
Ngalaga sarêng mirêng sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng ngandika
dhatêng para bupati, bocah ingsun kabèh, dipadha angati-ati, padha
ambêcikana gêgamaning prang, karo dene Sunan Mangkurat iku ingsun kira
dudu kangmas. Sabab kangmas wis lunga khaji marang ing Mêngkah, sanajan
nyataa kakang mas ingsun ya ora lila jumênêng nata amêngku ing tanah
Jawa kabèh, krana dene anganthi marang wong kapir, amêsthi bakal agawe
rusaking wong tanah Jawa kabèh. Para abdi sadaya asaur pêksi. Sawêg eca
imbal wacana, kasaru dhatêngipun utusan saking Kartasura, sarta mawi
sêrat. Sampun tinampèn lajêng winaos, suraosing sêrat Sang Prabu
Mangkurat animbali Sang Prabu Ngalaga, sabab lami botên pinanggih,
sangêt ing kangênipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên ngandika dhatêng
utusan. Kongkonan, sira mulia, prakara ênggon ingsun ditimbali dakpikire
dhisik. Utusan inggih lajêng pamit mantuk dhatêng ing Kartasura, Sang
Prabu Ngalaga taksih pirêmbagan lan para nayakanipun. Sang nata
angandika, bocah bupati kabèh, kapriye kang padha dadi pirêmbugira,
sarèhning ingsun ditimbali marang ing Kartasura, apa ingsun tumuli seba
apa ora. Arya Môndhalika matur, gusti, raosipun ing manah kula botên
sakeca, [sake...]
--- 368 ---
[...ca,] bilih saking guna-gunaning Kumpêni adamêl reka, tiyang
sabrang kaawadakên raka dalêm. Pangeran Natakusuma sumambung matur,
sinuhun, prayogi tumuntêna sowan, mokal yèn punika dedea raka dalêm.
Sabab tiyang pasisir sampun puyud[5]
sadaya, kalih dene abdinipun raka dalêm ingkang lami-lami samangke
inggih taksih sami ngabdi sadaya, punika pratandhanipun yèn yêktos raka
dalêm. Arya Môndhalika wicantên. Ah punika botên makatên, sabab Sunan
Mangkurat punika awarni Wêlandi, rak saking sagêdipun tiyang Kumpêni,
supados tiyang Jawi suyud sadaya. Para bupati sadaya iyêg, sami
ambiyantoni aturipun Arya Môndhalika, sang prabu sangsaya èmêng ing
galihipun. Dene para bupati sami pradongdi ing rêmbug. Anuntên ngandika
dhatêng Pangeran Natakusuma, paman Natakusuma, jêngandika dhatênga ing
Kartasura, amaspadakna ing warninipun Prabu Mangkurat. Punapa sayêktos
kakang mas punapa dede, lan Si Natabrata dika bêkta, anglugasa raga
kemawon. Pangeran Natakusuma lan Pangeran Natabrata matur sandika lajêng
mangkat. Sampun dumugi ing Kartasura.Sang Prabu Mangkurat pinuju miyos sinewaka, andangu abdinipun kang kautus saking Matawis. Utusan wau inggih sampun matur ing sawawêlingipun ingkang rayi, Sang
--- 369 ---
Prabu Mangkurat sarêng mirêng aturipun ingkang abdi, sakalangkung
ngungun. Kasaru dhatêngipun Pangeran Natakusuma lan Natabrata, lajêng
sami sowan ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung kagèt,
sarta ngandika, lo paman Natakusuma lan Si Natabrata padha têka, sokur
paman jêngandika taksih wilujêng, punapa putra dika adhi mas sami
wilujêng, lan punapa dika ingutus adhi mas. Pangeran Natakusuma matur,
sinuhun, kula punika dipun utus ing rayi dalêm, sabab Panjênêngan dalêm
punika kawartos, yèn anakipun Amral. Mila rayi dalêm botên purun sowan.
Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng nuntên gumujêng sarwi angandika, yèn
mêngkotên paman, prayogi tumuntên dika wangsul dhatêng ing Matawis, dika
matur yèn sayêktos kula kang jumênêng nata, adhi mas dika aturi enggal
mriki, kula sêlak kangên. Pangeran Natakusuma matur sandika, lajêng
wicantên dhatêng Pangeran Natabrata, Natabrata, enak kowe bae muliha,
matura ing sang prabu yèn nyata ingkang raka kang jumênêng nata, poma
aturmu sing têrang, dene aku suthik mulih, sabab sang prabu môngsa
wurunga mrene, aku mundhak wira-wiri. Pangeran Natabrata matur sandika,
lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis. Sang Prabu Ngalaga pinarak
ing sitiinggil, ingadhêp balanipun sadaya, Natabrata inggih lajêng
sowan. Nanging sampun [sa...]
--- 370 ---
[...mpun] dilalah kala samantên Pangeran Nata adamêl dora cara,
aturipun. Gusti kula inggih sampun amaspaosakên ing warninipun Sang
Prabu Mangkurat, nanging kêdhik iribipun raka dalêm, kados sayêktos
anakipun Amral. Dene pun paman Natakusuma botên purun mantuk, lajêng
suwita ing raja Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng sangsaya putêk ing
galih, Ki Môndhalika matur saha sêmbah, gusti, kadospundi ingkang dados
karsa dalêm. Yên mênggah pamanah kula prayogi botên sowan. Sabab
panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, yèn têluka tanpa karana dados
ngisin-isini ing tiyang kathah, kalih dene nama dalêm susunan amêsthi
badhe ical. Panjênêngan dalêm amêsthi badhe nama pangeran kemawon.
Punapa malih prikônca kula para bupati saèstu badhe ical namaning
bupati, botên wande sami dados tiyang alit sadaya, saupami prikônca kula
bupati yèn ngantosa ical namanipun, sami dipun pilalah pêjah prang
kalihan tiyang Kumpêni. Para dipati inggih lajêng sami iyêg. Ambiyantoni
aturipun Ki Môndhalika. Sang Prabu Ngalaga sarêng karoban ing
pabangusipun para bupati, lajêng madêg suraning galih, krondhanipun
andhatêngi, anuntên parentah angundhangi bala, angrakit gêgamaning
prang, sumêja anggêpuk ing Kartasura. [Karta...]
--- 371 ---
[...sura.]Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn ingkang rayi ing Mataram saèstu mogok. Sampun angrakit gêgamaning prang, awit kenging pambangusing abdinipun para bupati, Sang Prabu Mangkurat sakalangkung ngungun. Lajêng parentah angrakit gêgaman dhatêng Amral tuwin dhatêng para bupati, sang prabu badhe tindak piyambak. Bala ing Kartasura sampun sami ngalêmpak. Bala Kumpêni abaris ing alun-alun. Tamburipun tansah brang-brangan. Bala pasisir tuwin môncanagari angêbêki lêlurung. Dene Sang Prabu Mangkurat inggih sampun angrasuk busana cara Wêlandi akêkaos lan sêpatu, alancingan panji- panji, rêrasukanipun lapis tiga, bêlah ing jaja baludru rinenda mas. Angagêm badhong mas susun tiga, tinarètès ing sêsotya, sarta angagêm karêpus. Têpiyonipun sigar jangkang, tinatrapan ing mas jingga, anyuriga pêdhang usar, binêrayut ing renda mas. Sang Prabu Mangkurat yèn dipun sawang kados gurnadur jendral angêjawi, sang nata nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala awor swaraning tambur tuwin salomprètipun tiyang Kumpêni, sang nata nitih turôngga, binusanan cara Wêlandi, lampahipun dumugi ing dhusun Malinjon, amasanggrahan wontên ing ngriku, dene pangajênge ing baris sampun [sa...]
--- 372 ---
[...mpun] dumugi ing Taji tuwin ing Parambanan.Wondene Sang Prabu ing Ngalaga inggih sampun ingaturan pariksa, yèn gêgaman ing Kartasura dhatêng, pangajênging baris sampun nocok ing Taji, kathahing bala tanpa wilangan. Sang Prabu Ngalaga nuntên parentah ambudhalakên gêgaman. Kang dados têtindhihipun bala ing ngajêng Arya Môndhalika, kalih Tumênggung Gajah Pramoda, sang nata anindhihi bala ing wingking sarta nitih kuda, sang prabu dhasar bagus dêdêgipun pidêgsa, karêngga dening busana, kala samantên sang nata sawêg yuswa tigang dasa taun, mêmpêng ing kakêndêlan. Lampahipun sampun dumugi ing Kaliajir, pangajênging baris sampun campuh ing prang wontên ing Kalibêning, arame prangipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên atilar upacara kaprabon, anyandêr dhatêng ing ngajêng, anindhihi balanipun kang sampun prang wontên ing ngajêng, dene ingkang dipun ayap upacara kaprabon, Pangeran Panular, bala ing Kalagan sarêng sami aningali gustinipun nindhihi prang piyambak. Lajêng gumulung sarêng angamuk. Bala ing Kartasura anadhahi, kathah kang pêjah, sami gila nuntên dhadhal sami ngungsi baris ing wingking, sampun katur ing Sang Prabu Mangkurat, yèn balanipun kang dados pangajêng kawon prangipun. Sang nata sangêt ngungun, lajêng ngandika dhatêng bupati, adhi mas wis lali têmênan marang ingsun, besuk manawa
--- 373 ---
adhi mas katon angawaki prang, bocah ingsun padha piyaka bae, supaya
têkaa ing ngarsaningsun. Sang Prabu Mangkurat anuntên parentah anabuh
tangara majêng ing prang, bala Kalagan anadhahi, arame prangipun, utawi
kang sami dados panjawat kiwa têngên inggih sakalangkung rame prangipun.
Bala Kalagan tuwin bala Mangkuratan kathah kang pêjah, nanging
kathahing bala jitus. Upaminipun bala Kalagan satunggil, bala ing
Mangkuratan satus. Ewadene bala ing Mangkuratan inggih kathah kang
pêjah, sabab bala ing Kalagan sami sangêt kêndêlipun, amargi gustinipun
anindhihi prang piyambak. Sang Prabu Ngalaga wau lajêng sami dipun aturi
dhatêng balanipun para bupati, kapurih kondura, angatos-atosa wontên
salêbêting kitha Palèrèd kemawon. Sang Prabu Ngalaga inggih lajêng
kondur, balanipun taksih sami prang rame. Sang Prabu Mangkurat sarêng
aningali ramening prang sakalangkung eram, sarta tansah angalêm dhatêng
ingkang rayi, dene sagêd angabên prang ing balanipun. Dangu-dangu bala
ing Kalagan kathah kang pêjah, Ki Tumênggung Gajah Pramada sampun pêjah
kenging mimis kalataka, bala Kalagan dhadhal sami lumajêng sadaya,
angungsi kitha Palèrèd. Lajêng sami mapan wontên ing alun-alun. Sarta
sami amapanakên mariyêm agêng kêkalih, anama Subrastha, kalih
Gunturgêni, bala Kalagan [Kala...]
--- 374 ---
[...gan] sampun sami ngatos-atos. Sang Prabu Mangkurat anglud dhatêng
ing Palèrèd. Lajêng têmpuh prang, bala Kalagan anyumêt mariyêmipun
ambal-ambalan. Bala Mangkuratan Jawi Wêlandi kathah kang pêjah, bala
Kumpêni lajêng malês sami anyanjatani, sakalangkung rame prangipun.
Nanging bala Kalagan karoban lawan. Sabab tiyang sakêdhik mêngsah tiyang
kathah, Ki Arya Môndhalika bupati ing Kalagan sampun pêjah wontên
sajawining alun-alun. Sang Prabu Ngalaga sarêng sumêrêp Ki Môndhalika
pêjah sakalangkung duka, enggal nitih kuda sarta amandhi waos Kyai
Palèrèd. Lajêng angamuk kalihan bala sakantunipun. Bala Mangkuratan
ingkang katrajang kathah pêjah, bala Mangkuratan sarêng sami sumêrêp yèn
Sang Prabu Ngalaga angyarirani[6]
ngamuk. Nuntên sami piyak ngiwa nêngên. Salong sami lumajêng dhatêng
wingkingipun ing Sang Prabu Mangkurat. Sang Prabu Mangkurat lajêng
parentah dhatêng Amral. Bala Kumpêni andikakakên wontên ing wingkingipun
sang prabu, Ki Dipati Urawan enggal matur, sang nata katuran cucul
busana cara Wêlandi, angagêm busana cara Jawi kemawon, supados ingkang
rayi sampun ngantos pandung, sang nata inggih nurut ing aturipun Ki
Urawan, lajêng angagêm busana cara Jawi, sarta angliga sarira, Sang
Prabu Ngalaga sarêng cêlak ing panggenanipun ingkang raka angulap-ulap.
Tansah amandêng dhatêng ingkang
--- 375 ---
sinongsongan gilap, inggih sayêktos ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga
lajêng nyêmbah saking sanginggiling kapal. Titihanipun anuntên kaingêr
sarta cinamêthi, enggal lumajêng sabalanipun sadaya, atilar kadhaton
sumêja dhatêng ing Pagêlèn. Sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang
raka.Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ingkang rayi lumajêng, sangêt ing ngungunipun, sarwi anênggak waspa, ngandika salêbêting galih, kapriye yèn aweta mêngkene, amêsthi wong cilik akèh kang padha karusakan. Ora kapenak ênggon ingsun jumênêng nata, adhi mas ya tansah kangelan. Sang Prabu Mangkurat nuntên rêrêb wontên ing kitha Palèrèd sadalu, lajêng aparentah angodhol palajêngipun ingkang rayi, ingkang kadhawahan inggih lajêng mangkat. Ing enjingipun sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura.
Wondene palajêngipun Sang Prabu Ngalaga wau lajêng angungsi ing tanah Salinga, ing ngriku wontên tiyang kraman sampun anglêmpakakên gaman, anama Raja Namrud. Punika ingkang sagah anyirnakakên tiyang Wêlandi, amargi dipun êmpok kemawon, amêsthi tumpês sadaya, Raja Namrud wau lajêng dipun tarimani dhatêng Sang Prabu Ngalaga, sarêng sampun antawis lami Raja Namrud dipun jak ambêdhah ing nagari Kartasura dhatêng sang prabu, nanging
--- 376 ---
Raja Namrud tansah sumados kemawon. Sang prabu sampun kakên
galihipun. Anuntên bidhal saking ngriku, lajêng dhatêng ing Pagêlèn.
Ingkang taksih wontên ing ngriku Pangeran Pamênang, sabab sagah badhe
kajumênêngakên nata dhatêng Raja Namrud. Sang Prabu Ngalaga wau
sarawuhipun ing Pagêlèn lajêng akêklêmpak bala, sarêng balanipun sampun
kathah nuntên bidhal. Lampahipun sampun dumugi ing dhusun Prapag. Lajêng
prang kalihan bala ing Kartasura, bala ing Kartasura lumajêng angungsi
ing Palèrèd. Bala Kalagan anglud. Bala Kartasura nuntên lumajêng saking
Palèrèd, sumêja sami mantuk dhatêng ing Kartsura, bala ing Kalagan
taksih ambêbujêng ngantos dumugi ing Sanggung, lajêng masanggrahan. Sang
Prabu Ngalaga parentah angêpung nagari ing Kartasura lan ambêbahakana
dhusun kang cakêt nagari.Sang Prabu Mangkurat sampun ingaturan uninga, yèn ingkang rayi angêpung nagari ing Kartasura, Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Sang nata inggih têdhak piyambak, lajêng têmpuh prang wontên ing dhusun Jabung, arame prangipun, ananging bala Kalagan prasasat karubuhan rêdi, lajêng dhadhal lumajêng sadaya, anjog ing dhusun Kuwêl. Sang Prabu Ngalaga amasanggrahan wontên ing ngriku, dene Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sarawuhe ing kadhaton [kadhato...]
--- 377 ---
[...n] enggal animbali Ki Dipati Urawan. Sang nata angandika, Urawan,
sira ingsun utus bujukên adhi mas, môngsa bodhoa sira, purihên gêlêm
kêtêmu lan ingsun, sira aja ênggawa[7]
batur, lumakua dhewe bae. Ki Urawan matur sandika, lajêng mangkat,
angangge sarwa amoh, ênggènipun mangkat ing wanci dalu, sarêng wanci
enjing dumugi ing dhusun Koripan, lajêng momor pakathik ngarit, pinuju
pangarit dalêm. Ki Urawan dipun pitakèni dhatêng pangarit dalêm. Kowe
gamêle sapa, Ki Urawan amangsuli, aku gamêle Ki Tumênggung Tambakbaya,
mêntas digitiki, aku banjur andhêlik mrene, sumêja melu ing kowe ana ing
jêroning pasanggrahan dalêm. Yèn aku ana ing jaba manawa kawêruhan
marang Ki Tambakbaya, ora wurung aku bakal digêbugi manèh. Gamêl dalêm
mirêng wicantêne Ki Urawan sangêt ing wêlasipun. Lajêng dipun jak
lumêbêt dhatêng ing pasanggrahan, sarta dipun êkèn nyangking dhêdhak ing
godhong, Ki Urawan sampun dumugi ing gêdhogan dalêm. Sang Prabu Ngalaga
pinuju têdhak badhe mariksa titihan. Ki Urawan enggal anyungkêmi ing
sukunipun sang nata, matur sarwi nangis. Akathah-kathah aturipun Ki
Urawan wau, amurih sang nata puruna sowan dhatêng ingkang raka, Sang
Prabu Ngalaga sarêng mirêng aturipun Ki Urawan sangêt kumênyut ing
galihipun, sarwi angandika asêmu [a...]
--- 378 ---
[...sêmu] waspa, Urawan, wis amênênga aja anangis, ingsun mundhak
milu nangis, sarta ingsun ya wis anurut marang aturira, nanging sira
muliha dhingin, ingsun ya tumuli seba marang kangmas. Ki Urawan matur,
gusti, prayogi panjênêngan dalêm utusana piyambak. Kula benjing sarêng
kalihan panjênêngan dalêm kemawon. Sang prabu angandika, Urawan, ya
bênêr sira, sang nata lajêng ngandika dhatêng Dêmang Kalêng, Dêmang
Kalêng, sira mênyanga ing Kartasura, layang ingsun iki aturna ing kakang
prabu. Dêmang Kalêng matur sandika, lajêng mangkat ambêkta rencang
pitu, sami kêkapalan sadaya, sadhatêngipun ing Kartasura sang prabu
pinuju miyos sinewaka, Ki Dêmang Kalêng lajêng sowan angaturakên sêrat.
Sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên
angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, bocah ingsun
undhangana kabèh yèn besuk ing dina Soma ingsun bakal mapag adhi mas.
Nêrangkusuma matur sandika, Dêmang Kalêng wau inggih sampun kaparingan
wangsulan. Enggal lèngsèr saking ngarsanipun sang nata.Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên bidhal sabala sadaya tuwin Amral sakumpêninipun. Kèndêl wontên ing dhusun Sanggung salèring lèpèn. Wondene lampahipun Dêmang Kalêng wau sampun dumugi ing dhusun Kuwêl. Sêrat anuntên kaaturakên ing Sang Prabu Ngalaga, Sang Prabu
--- 379 ---
Ngalaga lajêng angundhangi bala, badhe sumêja sowan ing raka sarta
parentah ambongkoki gêgamaning pêrang, sarêng sampun samêkta nuntên
bidhal saking Kuwêl. Lampahipun dumugi ing dhusun Sanggung sakiduling
lèpèn. Sang Prabu Ngalaga kagèt aningali barisipun tiyang Kumpêni, sarta
sangêt ing panglingipun dhatêng ingkang raka, kawastanan pangagênging
Kumpêni, lajêng parentah anatasi gêgaman kang sami dipun bongkoki, bala
Kalagan enggal sami anyêpêngi gêgamanipun piyambak-piyambak. Bala
Mangkurat sarêng sumêrêp, nuntên sami angatos-atos. Ki Urawan enggal
angrangkul ing sukunipun Sang Prabu Ngalaga, matur sarwi anangis. Gusti,
kadospundi karsa dalêm punika, Sang Prabu Ngalaga ngandika, kae dudu
kakang mas, ika amêsthi wong Walônda, kakang mas biyèn warnane ora
mêngkono, ingsun suthik yèn nyêmbaha maring wong Walônda, sun pilaur
mati. Ki Dipati matur, gusti, yèn mêkatên panjênêngan dalêm kèndêla ing
ngriki kemawon sakêdhap. Kula badhe nyabrang mangalèr, mugi kaêntosana,
kula inggih nuntên wangsul mriki malih. Ki Urawan sampun nyabrang
mangalèr, lajêng matur ing Sang Prabu Mangkurat, kaaturan cucul
busananipun cara Wêlandi, angagêma cara Jawi kemawon. Sang nata miturut
ing aturipun Ki Urawan, sampun salin busana, Ki Urawan enggal wangsul
mangidul, [ma...]
--- 380 ---
[...ngidul,] lajêng matur ing Sang Prabu Ngalaga, gusti, panjênêngan
dalêm tingali, sintên ingkang jumênêng salering lèpèn punika. Sang Prabu
Ngalaga sarêng aningali sampun botên pandung dhatêng ingkang raka,
ingkang rayi nuntên angrungkêbi suku, ingkang raka angrangkul sarwi
angaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab
lami botên pinanggih sangêt ing kangênipun, sarta sami kèngêtan dhatêng
ingkang rama swargi, kala samantên sinêngkalan 1604.Sang Prabu Mangkurat angandika dhatêng ingkang para santana tuwin para bupati ingkang sami andhèrèk wontên ing ngriku, bocah ingsun kabèh, padha ngabêktia marang adhi mas. Para priyantun enggal sami angabêkti gêntos-gêntos. Anuntên Amral saupsiripun sami têtabean gêntos-gêntos. Bala Jawi tuwin Kumpêni sadaya sami bingah manahipun, aningali gustinipun sampun rukun kalihan ingkang rayi, awit sami rumaos yèn badhe botên wontên prang, sang nata sakalihan nuntên bidhal, kondur dhatêng salêbêting nagari Kartasura, lajêng angadhaton. Tiyang kang sami nênonton jalêr èstri jibêg saurut margi, Sang Prabu Anèm sampun pinaringan padalêman pinanggih dados, prênah salèring kadhaton, nanging ing sabên dintên tansah wontên ing kadhaton, namung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing dalêmipun. [da...]
--- 381 ---
[...lêmipun.] Sarêng sampun antawis lami Sang Prabu Ngalaga
angaturakên namanipun susuhunan dhatêng ingkang raka, ingkang kalayan
suka bingah ing galihipun piyambak, badhe ngangge namanipun lami
kemawon. Ingkang raka inggih amarêngi, sarta lajêng kaundhangakên, yèn
ing mangke anama Pangeran Dipati Pugêr, kaparingakên lêlênggah siti
kawan ewu.Sang prabu lajêng adhêdhawah dhatêng Ki Tumênggung Mangkuyuda, andikakakên ngalurugi tiyang kraman ing dhusun Salinga, kang nama Raja Namrud kalih Pangeran Pamênang, inggih sampun kalampahan. Raja Namrud lan Pangeran Pamênang sampun sami kacêpêng, lajêng dipun baronjongi kabêkta dhatêng ing Kartasura, nuntên sami dipun pêjahi.
Kala samantên nagari ing Kartasura sampun gêmah rêja, botên wontên prang, tiyang sanagari sami eca manahipun, tiyang padhusunan tulus ênggènipun sami nênandur, Amral sakumpêninipun nuntên sami pamit mantuk dhatêng ing Batawi, inggih sampun dipun lilani dhatêng sang prabu, sarta Amral kaparingan nagari ing Carêbon sarta ing Pasundhan. Dene têlasipun ing obat mimis tuwin balônja salêbêting prang punapa malih rêginipun tiyang Kumpêni kang sami pêjah ing prang sang nata inggih sagah amaringi têtêmpah, sarta Amral anyuwun lilah badhe adamêl loji wontên ing Samawis. Sang nata inggih anglilani, [anglila...]
--- 382 ---
[...ni,] dene ingkang jagi sang prabu Amral inggih anilari Kumpêni
kathahipun kawan dasa têtindhihipun kapitan satunggil, lutnan satunggil,
alpèrès satunggil. Amral lan sakumpêninipun nuntên bidhal saking ing
Kartasura, sadhatêngipun ing Samawis lajêng anitik papan badhe kaadêgan
loji, sarêng sampun angsal nuntên mangkat anumpak baita, lastantun
dumugi ing Batawi.Amangsuli cariyos ingkang sampun kalampahan kala bêdhahipun nagari Makasar rumiyin, ing Batawi wontên tiyang satunggil anama Kapitan Pan Bèbèr, agadhah lare bêboyongan jalêr satunggil sawêg umur pitung taun, sae warninipun. Punika lajêng dipun wade dhatêng kapitan Pan Bèbèr wau, ingkang tumbas tiyang Wêlandi anama Kapitan Mur, Kapitan Mur sarêng sampun tumbas lare punika lajêng kathah ing kabêgjanipun, amargi anggènipun dagang, ing lami-lami nuntên minggah ing kalênggahanipun dados mayor, nuntên kumasaris, lajêng dados dêlèr sarta sangsaya sangêt kasugihanipun. Punika pamanahipun Kapitan Mur ênggènipun agêng ing kabêgjanipun sarta kauntunganipun wau, amargi saking lare punika ingkang ambêkta kabêgjan sarta kauntungan, mila lare wau lajêng kanamakakên pun Untung sarta kaakên anak, ingugung sapolahipun. Dene Dêlèr Mur inggih sampun darbe anak nonah satunggil sakalangkung ayu [a...]
--- 383 ---
[...yu] warninipun, kasadhèrèkakên kalihan Ki Untung, sampun sami
diwasa ing kalih-kalihipun. Ing lami-lami Ki Untung arêrêmênan kalihan
nyonyah, sarta nyonyah kathah pawèwèhipun dhatêng Ki Untung, ing
sabarang panjalukipun botên lêpat, dados nyonyah wau tansah angulêri
donyanipun Dêlèr Mur, nanging botên kadamêl kasugihan dhatêng Ki Untung,
amung kawèwèhakên dhatêng prasanakanipun, inggih sami pudhaking[8]
Kumpêni, tiyang Bali, Bugis, Makasar, kathahipun wolung dasa, sami
andadosakên ing kasugihanipun, amargi saking pawèwèhipun Ki Untung sarta
sampun sami manjing sudarawèdi, tiyang wolung dasa wau sami rumaos
kapotangan dhatêng Ki Untung. Kala samantên Dêlèr Mur sampun sumêrêp
bilih anakipun nyonyah rêrêmênan kalihan Ki Untung, sarta donyanipun
kathah kang ical. Pinuju satunggil dintên ênggènipun rêrêmênan kalihan
nyonyah kawênangan, andadosakên nêpsunipun Dêlèr Mur, aningali solah
kang botên prayogi, Ki Untung lajêng dipun cêpêng, karangkèt ngantos
satêngah pêjah, Ki Untung sêsambatipun tansah mentak ampun. Dêlèr Mur
inggih sangêt ing wêlasipun sarta lajêng angapuntên. Sarêng sampun
antawis lami Ki Untung rêrêmênan malih kalihan nyonyah, nuntên kauningan
dhatêng Dêlèr Mur, Ki Untung enggal dipun cêpêng, kalêbêtakên ing
kunjaran, dipun tunggilakên [tunggilakê...]
--- 384 ---
[...n] pasakitan kathah sarta kabêlok. Dene nyonyah wau inggih lajêng kasapu ngantos satêngah pêjah.Ki Untung ênggènipun wontên ing pambêlokan punika sakalangkung mêmêlas, panunggilanipun kabêlok tiyang sawidak. Sarêng sampun antawis lami, Ki Untung wicantên dhatêng kancanipun kang sami kabêlok. Kônca pambêlokan kabèh, kapriye kang padha dadi pamikirmu, yèn awèt mangkene amêsthi bakal padha mati ana ing pambêlokan. Tiyang pambêlokan sami sumaur, Untung, olèhku padha mikir kapriye, wong wis ora bisa polah mêngkene, rak kaliwat anglêngkara yèn bisaa ucul, kang dhingin bêlokan iki wêsi, bangêt ing santosane, kaping pindho ana sajroning gêdhong, kaping têlu ing jaba dijagani Kumpêni. Ki Untung wicantên, mungguh manawa ana pitulunging Allah marang sawijining wong, bisa anguculi wong kang dibêlok iki kabèh kapriye. Tiyang sêpuh satunggil sumaur, Untung, kowe iki kumaki têmên, aku iki wong wis tuwa, sarta ora mangan-mangan kongsi pitung sasi ana ing kene, parandene ora bisa ucul, bangêt olèhku ngina mênyang kowe. Ki Untung wicantên, ah aku ora rêmbugan karo kowe, wong akèh iku kang daktari. Tiyang ing pambêlokan sami sumaur, iya Untung, manawa ana wong kang bisa nguculi ênggonku dibêlok [di...]
--- 385 ---
[...bêlok] iki, mêsthi dakturut ing saparentahe, sanajan tumêka ing
pati ya daklakoni, ala mati ana ing pambêlokan, angur matia prang. Ki
Untung sarêng mirêng wicantênipun tiyang kathah, nuntên gumujêng, sarwi
ngunus sukunipun saking pambêlokan wêsi, tiyang ing pambêlokan sami
cingak sadaya, lajêng sami dipun uculi saking pirantosipun. Kantun
tiyang sêpuh satunggil, ingkang anyênyampahi wau, botên dipun luwari
dhatêng Ki Untung, tiyang satunggil wau inggih sangêt ênggènipun
ngrêrêpa nêdha ucul, nanging botên dipun paèlu dhatêng Ki Untung. Tiyang
ingkang sampun dipun ucul[9]
lajêng wicantên, Untung, sarèhning wong kabèh iki wis padha ucul saking
ing pambêlokan amarga ing kowe, ing mêngko priye kang dadi parentahmu,
amêsthi padha nurut. Ki Untung amangsuli, aku bakal sumêja ngamuk marang
wong Walônda, sanak-sanakku kabèh iki ya padha dakjak ngamuk. Tiyang
kathah sami wicantên, yèn mangkono kang dadi karêpmu, wong akèh iki
padha wèhana gêgaman lan upayakna sêga, sarèhning wis lawas ênggone
padha ora mangan, kang supaya padha rosa ngamuk. Ki Untung wicantên
sarta gumuyu, ya wis padha kèria ana ing kene bae, aku daklunga dhewe.
Ki Untung lajêng andêdêl korining pakunjaran. Kuncinipun malêsat. Ki
Untung èngêt, yèn ngandhut patrêm sakalangkung ampuh, Kumpêni [Ku...]
--- 386 ---
[...mpêni] ingkang jagi ing ngriku satunggil pinatrêm sampun pêjah,
kuncining kori sampun kaêtrapakên malih, Ki Untung lajêng kesah sumêja
ngupadosi prasanakanipun. Wontên ing margi kêpêthuk prasanakanipun
tiyang kalih, Ki Untung rinangkul sarta dipun tangisi, nuntên kabêkta
mantuk dhatêng griyanipun. Prasanakanipun sadaya inggih lajêng sami
dipun undangi dhatêng Ki Untung, wontên ing ngriku inggih sampun dhatêng
sadaya, kathahipun wolung dasa, Ki Untung wicantên nêdha sêkul sarta
pêpanganan tuwin kinang ingkang kathah, ingkang sarta anêdha gêgaman
waos dhuwung tuwin pêdhang. Para prasanakanipun wau inggih lajêng sami
anyukani ingkang dados panêdhanipun Ki Untung, sarta sami sagah badhe
anglabuhi tumut ngamuk. Ki Untung mirêng kasagahaning para
prasanakanipun sakalangkung suka, sêkul sapanunggilanipun sarta gêgaman
nuntên sami kabêktakakên ing para prasanakanipun dhatêng ing pakunjaran.
Tiyang sêwidak kang wontên ing pakunjaran wau lajêng dipun kèn nêdha,
lajêng kumarubut sami nêdha pating karêcap, sarta sami eram dhatêng Ki
Untung, sasampuning nêdha nuntên sami sinungan gêgaman ing sasênêngipun
piyambak-piyambak, lajêng sami katata wontên palataraning pakunjaran,
sarta sami angatos-atos.Botên dangu Kumpêni ingkang badhe anggiliri jagi dhatêng, kathahipun sanga kopral. Ki Untung lan sakancanipun [saka...]
--- 387 ---
[...ncanipun] anêrajang, Kumpêni wau sampun pêjah ingkang wolu, amung
kantun satunggil lumajêng matur ing pangagêngipun. Pangagêngipun tiyang
Kumpêni enggal parentah anabuh tambur tuwin salomprèt. Tiyang Kumpêni
sampun ngalêmpak, nuntên kaangkatakên dhatêng pakunjaran amung
sabrêgada, sadhatêngipun ing pakunjaran lajêng angêdrèl. Ki Untung
anadhahi, rame ulêng-ulêngan. Ki Untung ngiwa nêngên ênggènipun
anyuduki, dipun karutug ing sanjata botên kenging, Kumpêni ingkang
sabrêgada wau sampun sami pêjah sadaya, nanging bantunipun tiyang
Kumpêni botên kêndhat -kêndhat dhatêngipun. Dangu-dangu rencangipun Ki
Untung suwidak wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Untung piyambak
lumajêng, dipun bêbujung dhatêng tiyang Kumpêni, sarta kasanjatanan,
nanging botên kenging. Palajêngipun Ki Untung dhatêng ing bètèng
ngalang-alang, lajêng anyalimpêt. Tiyang Kumpêni sampun kaicalan lari,
nuntên sami mantuk. Dene Ki Untung wau sabên dalu dhatêng ing nagari
amanggihi para prasanakanipun. Para prasanakanipun inggih lajêng sami
tumut dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sarta sami ambêkta gêgamaning
prang, sumêja sami anglabuhi lara pêjah dhatêng Ki Untung, kathahipun
wolung dasa.Kala samantên Ki Untung ing sabên dalu lumêbêt dhatêng nagari, lêbêtipun ing wanci jam gangsal tuwin jam nêm sontên. Sarta [Sar...]
--- 388 ---
[...ta] ambêkta patrêm, kadèkèk ing salêbêting sêdhah sacandhikan.
Sabên kêpêthuk tiyang Kumpêni kang sami lêledhang lajêng kagêpyok ing
sêdhah sacandhikan kang isi patrêm wau inggih lajêng pêjah, sarêng ing
lami-lami misuwur ing tiyang sa-Batawi, yèn Ki Untung ucul saking
pambêlokan, sarta kathah tiyang Kumpêni kang sami dolan sami pêjah,
Kumpêni sa-Batawi sami tintrim, lajêng botên wontên kang purun
alêledhang, nuntên sami dipun pirantosi, tiyang Kumpêni sabrêgada
amêndhêm wontên sakiwa têngêning margi, sarta dipun dèkèki pakan Kumpêni
satunggil. Sarêng wanci sontên jam gangsal Ki Untung dhatêng, Kumpêni
satunggil wau lajêng dipun gêpyok ing sêdhah sacandhikan mawi patrêm
sampun pêjah, Kumpêni sabrêgada enggal sami ngarutug ing sanjata saking
sakiwatêngêning margi, Ki Untung nuntên ngamuk kalihan patrêm. Tiyang
Kumpêni ingkang pêjah kalih wêlas. Ki Untung nuntên lumajêng, tiyang
Kumpêni ambujêng, rencangipun Ki Untung kang wontên ing bètèng ngalang-
alang amirêng swaraning sanjata enggal mangkat, sumêja têtulung, lajêng
prang kalihan tiyang Kumpêni sakalangkung rame, rencangipun Ki Untung
pêjah sadaya, Kumpêni sabrêgada sampun sami pêjah, amung kantun titi[10]
lumajêng asanjang dhatêng pangagêngipun sarta katur ing gurnadur
jendral. Gurnadur jendral enggal parentah anglampahakên Kumpêni
sabrêgada, têtindhihipun anama [a...]
--- 389 ---
[...nama] Amral sakalangkung digdaya, sadhatêngipun ing bètèng
ngalang-alang lajêng prang rame, Kumpêni Bugis tuwin Makasar kathah kang
pêjah, nanging bantunipun tiyang Kumpêni taksih andalêdêg, kados toya
mili, lajêng sami angêdrèl saking kiwa têngên. Rencangipun Ki Untung
tiyang wolung dasa sampun pêjah sapalih, kantun kawan dasa, nuntên sami
lumajêng, sarta kasaput ing dalu, Kumpêni inggih sami mantuk dhatêng ing
kitha.Kacariyos Ki Untung wau ing dalu sami pirêmbagan prayogining lampah, wontên kamisêpuhipun satunggil anama Ki Êbun. Punika angajak kesah dhatêng Ki Untung saking bètèng Ngalang-alang, kaajak ngungsi dhatêng Carêbon. Ki Untung sarta sarencangipun tiyang kawan dasa inggih sami angrujuki ing pirêmbagipun Ki Êbun. Ing dalu lajêng sami mangkat saking ngriku, lampahipun ngidul ngetan, sumêja dhatêng ing Carêbon. Enjingipun tiyang Kumpêni sami dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sawontênipun kêrig sadaya, badhe anumpês ing Ki Untung kalihan sarencangipun, nanging kêpanggih suwêng,[11] sakiwatêngêning ngriku dipun ubrês botên pinanggih, tiyang Kumpêni sakalangkung cuwa manahipun. Lajêng anglampahakên Kumpêni kêkapalan tigang dasa, angupadosi salasahipun Ki Untung, lampahipun ngantos dumugi ing Cianjur, tiyang Kumpêni nuntên angsal pawartos, yèn Ki Untung
--- 390 ---
kesah mangetan. Kumpêni lajêng parentah dhatêng tiyang Cianjur kinèn
sami pacak baris, ing samangsanipun wontên tiyang langkung botên ambêkta
dagangan, kadhawahan anyêpêng, kaaturna dhatêng Batawi, sasampuning
parentah tiyang Kumpêni tigang dasa wau lajêng wangsul mantuk dhatêng
Batawi.Wondene lampahipun Ki Untung inggih sampun dumugi ing Carêbon, lajêng kêpêthuk kalihan putranipun angkat sultan ing Carêbon, anama Radèn Surapati, pinuju badhe ambêbêrêg dhatêng wana, rencangipun tiyang satus, sarta sami ambêkta gêgaman. Radèn Surapati kagèt aningali dhatêng Ki Untung, enggal kaandhêg sarta dipun pitakèni, adhi, kowe iki wong têka ngêndi lan sapa jênêngmu, arêp mênyang ngêndi. Ki Untung amangsuli, kula punika tiyang saking Batawi, budhaking Kumpêni, nama kula pun Untung, mila kula kesah saking Batawi sabab dipun sikara dhatêng tiyang Kumpêni, kula sumêja ngungsi dhatêng kangjêng sultan ing ngriki, kalih kangjêng sultan karsa ngukub dhatêng tiyang musakat kawêlas asih. Radèn Surapati mirêng wicantêne Ki Untung lajêng amikir salêbêting galih, wong iki yèn katura ing kangjêng sultan kiraku banjur disihi bangêt, sabab rupane bêcik sarta limpad ing tatakrama lan kaduksura, môngka rêrêmênane kangjêng sultan, yèn ana wong mêngkono iku, dakkira [da...]
--- 391 ---
[...kkira] aku bakal kalorod. Radèn Surapati nuntên wicantên. Adhi,
yèn kowe têmên sumêja suwita, ya aku kang ngaturake, nanging pasraha
gêgaman lan sabaturmu kabèh. Ki Untung inggih lajêng amasrahakên
gêgamane rencangipun sadaya, amung awakipun piyambak kang taksih mawi
dhuwung, Radèn Surapati wicantên malih, yagene adhi, kowe dhewe ora
pasrah kris. Dene baturmu wis pasrah kabèh. Untung matur sarwi ngrêrêpa,
ênggèr, amung kula piyambak taksiha kalilan ngangge dhuwung, mugi
wontêna ing pananggêl sampeyan dhatêng kangjêng sultan. Radèn Surapati
anyêntak sarta manthêlêng, ah yèn mêngkono ora bêcik sêjamu, apa kowe
nganti dakplaksana, wong siji gôndra pira. Ki Untung sakalangkung kagèt,
ngadêg suraning galih sarta wicantên. Ah aku dhasar ora awèh krisku
kokjaluk, kajaba yèn wis sêmpal bauku kiwa têngên, iku aku awèh. Radèn
Surapati enggal parentah dhatêng balanipun anubruk dhatêng Ki Untung,
Untung enggal malumpat sarta akèn sumingkir dhatêng rencangipun, lajêng
angamuk. Tanganipun têngên nyêpêng patrêm, kang kiwa nyêpêng dhuwung,
dipun suduki tuwin kawaosan dhatêng rencangipun Surapati botên kenging,
yèn pinuju kenging botên pasah, rencangipun Surapati kang pêjah sadasa,
ingkang sangang dasa sami lumajêng, Radèn Surapati inggih [ing...]
--- 392 ---
[...gih] tumut lumajêng sumêja wêwadul dhatêng kangjêng sultan. Dene
Ki Untung lan sarencangipun inggih tut wingking ing palajêngipun Radèn
Surapati, Radèn Surapati wau sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan
nuntên matur, yèn kabegal wontên ing margi, ingkang ambegal tiyang
saking Batawi anama Untung, rencangipun kawan dasa, ing mangke inggih
angodhol dhatêng kula sowan mariki, akathah-kathah wêwadulipun wau.
Kangjêng sultan enggal utusan animbali Untung, inggih sampun kairid
dhatêng utusan. Rencangipun sami kandhêg sajawining regol, sadhatênging
ngarsanipun kangjêng sultan Ki Untung lajêng ngabêkti, kangjêng sultan
alon andangu, Untung, têkamu ana ing nagaraku kene baturmu wong pira. Ki
Untung matur, gusti, rencang kula amung kawan dasa. Kangjêng sultan
sarêng mirêng aturipun Ki Untung lajêng duka dhatêng Radèn Surapati,
pangandikanipun. Surapati, yèn mêngkono, kowe dhewe kang luwih ala,
sabab ora nana adate yèn wong patang puluh wani marang wong satus. Karo
dene Si Untung iku wong têka kadohan amêsthi ora wani yèn nyikaraa
marang wong bumi, yagene kowe duwe solah kaya mêngkono, dene kowe dakpèk
anak, sarta ora kêkurangan ing pêparingku, wêkasan kowe agawe jêmbêr
marang nagaraku, hèh bocah ing Carêbon, [Carêbo...]
--- 393 ---
[...n,] dikêbat Si Surapati iki cêkêlên. Radèn Surapati sampun
kacêpêng sarta binêsta, lajêng andikakakên nyuduki wontên ing alun-alun.
Inggih sampun pêjah. Kangjêng sultan angandika dhatêng Untung, Untung,
kowe aja susah tutur marang aku, aku wis sumurup kang dadi karêpmu, dene
ênggonmu sumêja ngungsi marang aku ya wis bangêt panrimaku, nanging aku
ora kêlar yèn kanggonan marang kowe, sabab nagaraku ing Carêbon iki
bangêt cilike, aku amung duwe pituduh bae, kowe banjura mangetan,
angungsia marang Raja Mataram. Iku layake kuwawa yèn ngukupa marang
kowe, sabab nagarane gêdhe, amarentah wong satanah Jawa kabèh, karo dene
kowe daksurupake, yèn wis pinêsthi karsaning Allah, kowe lan saturunmu
besuk padha dadi satruning wong Walônda, sarta aku awèh wasiyat nama
marang kowe, kowe ajênênga Radèn Surapati, wis, kowe mangkata, aku
anjurungi pandonga bae. Untung sakalangkung panuwun, nyêmbah sarta
ngaras ing sukunipun kangjêng sultan. Rencangipun sami suka sadaya, dene
pikantuk idinipun ratu mukmin. Radèn Surapati wicantên malih, ing
mêngko kang dadi karêpku, Ki Êbun iki dakjênêngake Ki Êbun Jaladriya,
angêrèhna wong patang puluh iki, sabab iku kang tuwa dhewe.
--- 394 ---
Rencangipun tiyang kawan dasa sami jumurung sadaya, lajêng sami
mangkat mangetan. Sarêng dumugi ing Malang lajêng menggok mangidul.
Anjog ing tanah Toyamas. Kèndêl wontên ing dhusun Ngajibarang. Ing
ngriku wontên patinggi kêkalih sami sadulur, anama Saradênta kalih
Saradênti, tiyang kêkalih wau lajêng dipun dêgakên raja dhatêng Radèn
Surapati, inggih anama Prabu Saradênta kalih Saradênti, nuntên
anêlukakên tiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku, sarêng sampun kathah
balanipun lajêng anggêbag nagari ing Toyamas. Dipati ing Toyamas kawon
pêrangipun, kèngsêr saking kithanipun, abêbarisan sawetaning kitha
Toyamas. Prabu Saradênta kalih Saradênti tuwin Radèn Surapati inggih
lajêng angêbrêgi kitha, dene ingkang minôngka patih amarentah tiyang
sabêbarisan, Ki Bun Jaladriya. Kala samantên Radèn Surapati abêbisik
dhatêng Ki Bun Jaladriya, bapa Bun, kowe kèria, têtêpa bêbarisan ana ing
kene, sarta aja kêndhat anggonmu anêluk-nêlukake, dene aku arêp lunga
marang Karta, sumêja suwita ing Sang Prabu Mangkurat. Manawa ratumu
takon, aku awadna lunga martapa marang gunung, nanging wêkasku marang
kowe, besuk yèn ana kongkonanku lan anggawa pratôndha ali-aliku iki,
ratumu nuli cêkêlên, aturna bêbandan marang aku. Ki Bun Jaladriya
--- 395 ---
matur sandika.Radèn Surapati ing dalu lajêng mangkat ijèn. Lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, Radèn Nrangkusuma alon andangu, adhi, kowe iki wong têka ngêndi, lan sapa jênêngmu. Radèn Surapati matur, kula tiyang saking Batawi, nama kula Surapati, dhatêng kula mariki angungsi gêsang sumêja ngawula ing sampeyan utawi katuripun ing sang prabu inggih sumôngga ing sampeyan. Milanipun kula kesah saking Batawi, awit dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, saupami ing benjing kula dipun têdha dhatêng tiyang Kumpêni, inggih sampun sampeyan kêkahi, kadhawahan nyêpêng piyambak dhatêng kula, nanging panyuwun kula têtiyang Jawi kemawon sampun tumut-tumut, sami anontona kemawon, kula piyambak ingkang badhe anyêmbadani ing sagêndhingipun tiyang Kumpêni. Radèn Nêrangkusuma sarêng mirêng aturipun Surapati sangêt wêlas ing galihipun. Sarta rêsêp aningali warninipun, bagus taksih anèm. Lajêng alon anggènipun ngandika, iya, aja sumêlang atimu, aku kang ngaturake ing sang prabu. Radèn Surapati sampun pinêrnahakên sarta sinuba-suba, ingakên sadhèrèk nèm. Ing sabên dintên dipun jak atunggil dhahar.
Wondene Bupati Toyamas wau, sarêng kawon pêrangipun [pê...]
--- 396 ---
[...rangipun] kalihan Prabu Saradênta, inggih lajêng angaturi uninga
dhatêng ing Kartasura, sarêng katur ing sang prabu nuntên parentah
anglurugi, ingkang kadhawahan Radèn Nêrangkusuma, inggih lajêng
pradandosan. Anuntên Radèn Surapati agadhah atur, sagah anyêpêng kraman
ijèn, amung nyuwun kanthi jêjênêng satunggil kemawon. Radèn Nêrangkusuma
inggih amarêngi, lajêng lumêbêt ing kadhaton, matur ing sang prabu,
gusti, kula angaturi uninga, kula kadhatêngan tiyang satunggil,
pêpalajêngan saking Batawi, anama pun Surapati, punika sumêja angabdi
ing panjênêngan dalêm, angungsi gêsang, sabab dipun niaya dhatêng tiyang
Kumpêni, aturipun Surapati wau, saupami benjing dipun suwun dhatêng
Kumpêni, inggih kaparingna kemawon. Nanging dipun cêpênga piyambak
dhatêng tiyang Kumpêni, dene abdi dalêm tiyang Jawi sadaya sampun wontên
kang tumut-tumut, sami aningalana kemawon. Pun Surapati piyambak
ingkang sagah anadhahi prangipun tiyang Kumpêni, sanajan kinarubuta
sèwu, pun Surapati botên ajrih, ing mangke sarêng mirêng yèn kula badhe
nglurug, pun Surapati gadhah kasagahan anyêpêng sarta amêjahi dhatêng
kraman kang wontên Toyamas. Ingkang punika atur kula gusti,
kasagahanipun pun Surapati wau prayogi dipun turuti, yèn sayêktos
piyambakipun sagêd amêjahi dhatêng tiyang kraman. Inggih
--- 397 ---
katampènana pangabdinipun. Manawi botên sagêd inggih lajêng
katundhunga kemawon. Sang nata alon ngandika, Nrangkusuma, apa kang dadi
karêpira ingsun ya nurut bae, sabab ingsun wis pracaya marang sira.
Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka manahipun. Lajêng mantuk sampun
kêpanggih kalihan Surapati, andhawahakên timbalan dalêm. Yèn sampun
kalilan ingkang dados panyuwunipun. Ki Surapati sangêt bingah ing
manahipun. Lajêng mangkat saking Kartasura kalihan dipati ing Toyamas.
Sadhatêngipun ing Toyamas, amasanggrahan ing dhusun Kalijirak. Radèn
Surapati anuntên anglampahakên utusan lare kêkalih, amaringakên sêsupe
dhatêng Ki Bun Jaladriya. Ki Bun Jaladriya sarêng anampèni sêsupe,
anggraita ing manahipun, lajêng amangsiti rencangipun babêktan saking
Batawi, dipun kèn sami angrasuk gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta
nuntên sami sowan ing ratunipun. Prabu kêkalih sawêg sami kalangênan
angabên sawung, kagèt aningali Ki Bun Jaladriya dhatêng, enggal andangu,
bapa Bun, ana pawarta apa, majua mrene. Ki Bun Jaladriya sumaur, botên
wontên pawartos. Kula namung sowan kemawon. Ki Bun sarwi angêjèpi
rencangipun, lajêng sami anubruk ing Prabu Saradênta kalih Saradênti,
sampun sami binêsta, balanipun [bala...]
--- 398 ---
[...nipun] lajêng sami bibar sadaya, Saradênda Saradênti sampun
binêkta dhatêng pasanggrahanipun Radèn Surapati sarta Tumênggung
Toyamas. Lajêng sami dipun kêthok gulunipun kalih pisan. Dene sabarang
gadhahanipun inggih sampun jinarahan sadaya. Radèn Surapati kalihan
Dipati Toyamas nuntên sami wangsul dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu
Mangkurat sawêg sinewaka wontên ing sitinggil. Dipati Toyamas sarta
Radèn Surapati inggih lajêng sowan angaturakên sirahing kraman kêkalih
tuwin bêboyongan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun. Sirahing
kraman kêkalih andikakakên sami manjêr wontên ing margi parapatan. Radèn
Surapati sarencangipun tiyang kawan dasa lajêng ginanjar arta sarta
busana, sarta sampun kaanggêp pangabdinipun. Nanging kapasrahakên ing
Radèn Nêrangkusuma kemawon. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Radèn
Surapati inggih sampun kabêkta mantuk ing Radèn Nêrangkusuma sarta
sangêt ing asihipun.Kacariyos ing nagari Batawi para Kumpêni sampun mirêng pawartos yèn Ki Untung samangke sampun ngawula ing Sang Prabu Kartasura, sangêt dipun sihi, sarta sampun salin nama Radèn Surapati. Gurnadur jendral kalihan para rad lajêng sami pirêmbagan, dadosing rêmbag anuntên anantun dhatêng para Kumpêni, sintên ingkang purun amêngsah [amêng...]
--- 399 ---
[...sah] prang kalihan Surapati, nanging para Kumpêni botên wontên
ingkang gadhah kasagahan, awit sampun sami sumêrêp tandangipun Surapati
yèn prang. Gurnadur jendral sarta para rat sakalangkung èmêng ing
galihipun. Lajêng andhawahakên parentah, sintên-sintên kang sagah
anyêpêng Surapati, badhe agêng ganjaranipun sarta kajunjung ing
kalênggahanipun. Anuntên wontên kapitan Wêlandi satunggil anama Kapitan
Tak. Sakalangkung digdaya, ing aprang tanpa tandhing, dene ingkang
gadhah anak tiyang agêng ingkang ambêdhah ing Makasar rumiyin. Kapitan
Tak wau sagah anyêpêng Surapati anuntên katarik astanipun. Kasandhing
lênggah ing tuwan gurnadur jendral, sarta linarihan. Para rat tuwin para
upsir inggih sami angurmati gêntos-gêntos, nglarihi, wondene Kapitan
Tak wau dêdêgipun gagah prakosa, sarta asring ngangge makutha mas,
abêbadhong kêlat bau, yèn sinawang warninipun kados danawa raja, kala
samantên Kapitan Tak sampun kadhawahan pradandosan, sarta binêktanan
Kumpêni satus, kalihan rajabrana tuwin sêrat badhe katur ing sang prabu,
sarêng sampun samêkta lajêng mangkat anumpak baita, lampahipun sampun
dumugi ing Japara, kumêndur ing Japara inggih enggal amêthuk, Kapitan
Tak sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng ing loji. Kapitan anuntên
anglampahakên utusan [utusa...]
--- 400 ---
[...n] ajidan satunggil, sareyan satunggil sarta mawi sêrat saking
gurnadur jendral katur ing Sang Prabu Kartasura, lampahipun sampun
dumugi ing Kartasura, sang nata nuju miyos sinewaka, utusan Wêlandi
anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, angaturakên sêrat, lajêng
kaaturakên Radèn Dipati Sindurêja, katur ing sang prabu, sampun tinampèn
sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên ngandika bêbisik
dhatêng Radèn Dipati Sindurêja, Sindurêja, wruhanira iki layang têka si
kaki jendral, anjaluk marang Si Surapati, kapriye kang dadi rêmbugira.
Arya Sindurêja nêmbah matur, sinuhun ing pamanah kula prayogi kaparingna
tumuntên, sabab punika bêbujênganipun Kumpêni, manawi botên
kaparingakên amêsthi tiyang Kumpêni sakit manahipun. Kalih dening yèn
panjênêngan dalêm angêkahana pun Surapati kadamêl punapa, mindhak
angribêdi nagari dalêm. Sang nata angandika, yèn mêngkono, Sindurêja,
kongkonan iku sira kona aso dhingin, prênahna kang bêcik. Aja kongsi
kêkurangan. Karodene sira andhawuhana marang adhi mas Dipati Pugêr, karo
Si Dipati Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, yèn ing mêngko bêngi padha
ingsun timbali marang kadhaton, ênggone lumêbu kang rêmit ajana wong
kang wêruh. Arya Sindurêja matur sandika, sang nata
--- 401 ---
kondur angadhaton.Sarêng ing wanci dalu Pangeran Dipati Pugêr, kalih Cakraningrat, tiga Jangrana, sakawan Dipati Sindurêja, inggih lajêng sami sowan dhatêng kadhaton, adhêdhêmitan. Sadhatênge ing ngarsanipun sang prabu nuntên sami lênggah cakêt. Sang nata alon angandika, mulane sira padha sun timbali, sarèhning ingsun tômpa layang têka gurnadur jendral, anjaluk Si Surapati, kang dikongkon Kapitan Tak, samêngko isih ana ing Japara, iku kapriye kang padha dadi rêmbugira. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana matur, gusti prayogi kaparingna tumuntên babêstan. Mila makatên, yèn saupami kakêkahana, botên wande panjênêngan dalêm amamêngsahan kalihan Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng aturipun bupati kêkalih sakalangkung ribêng[12] galihipun, dangu ênggènipun kèndêl. Pangeran Pugêr aningali ingkang raka kèwêdan ing galih, tumuntên matur, kakang prabu, saupami panjênêngan dalêm angulungna pun Surapati, punika têtêp nama anganiaya, sabab pun Surapati wau botên gadhah dosa ing panjênêngan dalêm. Yèn botên kaulungna amêsthi Kumpêni sakit manahipun. Punika mênggah pamanah kula makatên kemawon, inggih kaulungna pun Surapati wau, nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni, abdi dalêm tiyang Jawi sampun [sampu...]
--- 402 ---
[...n] wontên ingkang tumut-tumut. Ing batos sami ngilonana pun
Surapati, ing lair inggih ngilonana tiyang Kumpêni, nanging yèn tiyang
Jawi sami tumut prang sanjatanipun sampun ngantos wontên kadekekan
mimis. Sarta panjênêngan dalêm sampun ngangkêni gadhah abdi pun
Surapati, dene ingkang gadhah rencangipun Surapati wau Radèn
Nêrangkusuma, amung makatên atur kula. Sang nata sarêng mirêng aturipun
ingkang rayi sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika dhatêng
ingkang rayi, adhi mas, ya bênêr sira, Sindurêja, sira gawea layang
wangsulan marang Si Kapitan Tak, dene unine kaya rêmbuge adhi mas mau,
sarta sira anggawanana mantri loro, rumêksaa marang si ajidan, pangane
ana ing dêdalan aja kongsi kêkurangan. Lan Si Rôngga ing Samarang
parentahana utawa bocah desa urut dalan kabèh, besuk samangsane Si
Kapitan Tak têka ing kono, padha sêsuguha lan padha rumêksaa kang bêcik.
Adipati Sindurêja matur sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan
ajidan, utawi sareyan, sarta kaparingan pasangon yatra, punapa malih
mantri ingkang badhe andhèrèkakên inggih sampun dhatêng, ajidan lajêng
mangkat saking Kartasura.Wondene sang nata wau taksih pirêmbagan kalihan priyantun têtiga, sang nata lajêng angandika dhatêng Pangeran [Pange...]
--- 403 ---
[...ran] Pugêr, adhi mas, sira sun pasrahi pagawean, Si Surapati sira
taria, sarèhning dhèwèke dijaluk marang wong Walônda, apa wani
anglawana prang, yèn dhasar wani sira nuli marentahana marang bocah
bupati kabèh, padha awèha gêgaman marang Si Surapati, apa kang dadi
kasênêngane, lan Si Nêrangkusuma dhawuhana, yèn dhèwèke bakal ingsun
gawe wayang, akêmbula lan Si Surapati, ing saupama Si Surapati mau ora
wani anglawan prang marang wong Walônda ya enggal sira tundhunga, supaya
aja anyênyukêri nêgaraningsun. Wis, adhi mas, sira muliha, para bupati
padha timbalana marang ing omahira kabèh sarta Si Surapati. Pangeran
Pugêr matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning sang prabu sarta
bupati kêkalih, sarawuhe ing dalêmipun, ing dalu para dipati lajêng sami
tinimbalan, tuwin Radèn Nêrangkusuma sarta Surapati sampun sami dhatêng
sadaya wontên ing kapugêran. Sang pangeran alon ngandika dhatêng
Surapati, Surapati, mulane kowe daktimbali, aku ngêmban dhawuhe kakang
prabu, andikakake marang kowe, sarèhning kowe dijaluk marang wong
Walônda, kowe apa wani anglawana prang, manawa kowe wani kakang prabu
bakal amaringi kanthi, yèn kowe ora wani, dikakake nundhung têka ing
Kartasura. Surapati umatur saha
--- 404 ---
sêmbah, gusti, dhasar sampun dados pikajêngan kula apêrang kalihan
tiyang Kumpêni, sanajan rintên tuwin dalu kula botên ajrih, samangke
kula sampun angsal idining ratu malih yèn ajriha, kala rumiyin kula
dèrèng angsal idining ratu botên ajrih. Pangeran Pugêr nuntên angandika
dhatêng Radèn Nêrangkusuma, paman Nêrangkusuma, timbalane kakang prabu
kowe dikakake anglabuhi marang Si Surapati, lan sabalamu kabèh tumuli
angrakita gêgamaning prang. Radèn Nêrangkusuma matur sandika. Pangeran
Pugêr angandika malih dhatêng para bupati, para bupati kabèh, timbalane
kakang prabu, kowe padha dikakake awèh gêgaman. Apa kang dadi dhêmênane
padha tumuli awèha. Para bupati enggal sami anyukani dhuwung dhatêng
Surapati, nanging panyuwunipun Surapati dhuwung kang sami dhapur lêrês.
Yèn dhuwung parung Surapati botên ajêng nampèni. Sasampuning makatên
nuntên sami bibar mantuk piyambak-piyambak. Radèn Nêrangkusuma lajêng
atata-tata gêgamaning prang sarta anggêganjar dhatêng ing balanipun
tuwin dhatêng rencangipun Surapati, awarni busana kang sae-sae.Kawuwusa lampahe ajidan sampun dumugi ing Japara, lajêng angaturakên sêrat kang saking sang prabu, sampun tinampèn dhatêng Kapitan Tak sarta winaos. Sasampuning [Sasa...]
--- 405 ---
[...mpuning] maos sêrat Kapitan Tak sakalangkung suka, lajêng bidhal
saking Japara sakumpêninipun. Lampahipun dumugi ing Samawis. Alêrêp
tigang dalu, Ki Rôngga ing Samawis inggih sangêt ênggènipun sêsugun.
Kapitan Tak anuntên bidhal, Ki Rôngga inggih andhèrèkakên. Sarêng dumugi
ing Kênêr alêrêp malih wontên ing ngriku, Ki Rôngga nuntên
angrumiyinakên utusan, sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu,
yèn Kapitan Tak sampun dumugi ing Kênêr. Sang nata sarêng sampun
nampèni sêrat lajêng angandika dhatêng Dipati Sindurêja, Sindurêja, sira
mênyanga ing Banyudana amapaga Si Tak, sarta agawea pasanggrahan ana
ing kono utawa bakal suguhe ya aja kêkurangan. Ki Sindurêja wau lajêng
dipun bisiki ing sang prabu mênggah ingkang badhe dados karsanipun bab
prang, Ki Sindurêja sarêng sampun tampi wangsitipun sang nata lajêng
bidhal. Sadhatêngipun ing Banyudana inggih nuntên adamêl pasanggrahan.
Sarêng sampun dados lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng
Ki Rôngga ing Samawis kang sawêg wontên ing Kênêr, utusan wau inggih
lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalihan Ki Rôngga, sarta angaturakên
sêrat. Ungêling sêrat, Kapitan Tak tinimbalan ing sang prabu dhatêng ing
Banyudana, Ki Rôngga sarêng sampun maos sêrat lajêng wicantên dhatêng
Tak. Payo tuwan, kowe ditimbali [diti...]
--- 406 ---
[...mbali] ing sang prabu marang Banyudana, Kapitan Tak inggih mangkat sakumpêninipun.Kala samantên sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung ing Surabaya, andikakakên ngobongi pasowan kidul, sarta aloka yèn Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton. Ki Tumênggung Surabaya inggih nuntên angobongi griya pasowanipun, sarta Surapati kaêlokakên ngamuk. Têtiyang nagari Kartasura sami gègèr, kala samantên lajêng misuwur, yèn Surapati sumêja angrisak nagari ing Kartasura akanthi Radèn Nêrangkusuma. Sarêng ing dalunipun sang nata animbali Pangeran Pugêr, kalih Surapati, tiga Nêrangkusuma sarta para dipati sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, besuk yèn Si Kapitan Tak wis têka ana ing Banyudana Si Surapati lan Si Nêrangkusuma tumuli gusahên têka ing omahe, misuwurna yèn balela marang ingsun. Dene kang bakal sun kon anggusah Si Cakraningrat lan Si Jangrana sarta bocah môncanagara sabalane kabèh, padha ambêburua marang Si Surapati, sarta ambêdhilana kang rame, nanging aja ana kang nganggo mimis. Dene yèn Si Tak wis têka ana ing alun-alun ingsun, Si Surapati gêntos ambêburua marang Si Cakraningrat lan Si Jangrana,
sarta ambêdhilana Si Cakraningrat lan sabalane enggal lumayua, kayadene [kayade...]
--- 407 ---
[...ne] wong kalah prang mêngkono, banjur angungsia marang ing
ngarsaningsun. Si Surapati angêsuka marang ing alun-alun. Banjura prang
karo Si Tak, ana ing alun-alun, supaya ingsun bisaa andêlêng prange Si
Surapati lan wong Kumpêni. Pangeran Pugêr sarta kang sami kadhawahan
aturipun sandika, lajêng sami mantuk atata-tata.Kawuwusa lampahipun Kapitan Tak sampun dumugi ing Banyudana sakumpêninipun. Ki Dipati Sindurêja enggal amêthuk, sarta têtabehan. Ki Dipati Sindurêja sangêt ênggènipun urmat. Kapitan Tak sakumpêninipun sakalangkung suka. Ki Dipati Sindurêja lajêng utusan angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing Banyudana. Sang nata sarêng sumêrêp Kapitan Tak dhatêng wontên Banyudana, enggal amangsiti dhatêng Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên gusah Surapati. Ki Cakraningrat sarêng sampun tampi wangsitipun sang prabu, lajêng ambudhalakên gêgaman, sarta utusan asuka pariksa dhatêng Kumpêni ingkang jagi ing Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat badhe anggêbag prang dhatêng Surapati tuwin Nêrangkusuma, tiyang Kumpêni dipun kèn baris wontên pagêlaran anjagèni sang prabu, pangagênging Kumpêni sarêng tampi utusan saking Cakraningrat, inggih enggal angangkatakên [angangka...]
--- 408 ---
[...takên] Kumpêninipun kathahipun kalih atus, sami kabarisakên
wontên ing pagêlaran. Dene Ki Cakraningrat kalihan Ki Jangrana wau
inggih sampun ambudhalakên gêgaman. Sadhatêngipun ing nrangkusuman
lajêng sami angarutug ing sanjata, sarta sami surak, nanging
sanjatanipun botên mawi mimis. Bala ing nrangkusuman tuwin rencangipun
Surapati inggih sami malês anyanjatani, anuntên Surapati sarta
Nrangkusuma kèngsêr saking ing dalêmipun, lajêng dipun bêbujêng dhatêng
Ki Cakraningrat, arame sami bêdhil-binêdhil. Surapati lajêng anêrajang
barisipun tiyang môncanagari sarta ambêsmèni padhusunan kang sami
kamargenan. Baris môncanagari dhadhal sami lumajêng, nuntên dipun
tulungi dhatêng Ki Cakraningrat, arame pêrangipun.Gêntos kacariyos Kapitan Tak kang wontên ing Banyudana, Kapitan Tak wicastên[13] dhatêng Ki Sindurêja, radèn dipati, dhatêng kula mriki punika dipun utus ing tuwan gurnadur jendral, tuwin para rat[14] sadaya, ingkang rumiyin angaturakêm[15] pisungsung awarni baludru, renda sapanunggilanipun awarni- warni, katur ing sang prabu, kaping kalih anyuwun pun Surapati, inggih badhe kula cêpêng piyambak, sok ugi sampuna kalilan kemawon ing sang prabu, sabab punika agêng dosanipun dhatêng tiyang Kumpêni. Ki Dipati Sindurêja amangsuli, tuwan, sampeyan [sampe...]
--- 409 ---
[...yan] sumêrêpa, pun Surapati punika salaminipun botên ngabdi ing
sang prabu, suwita dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma kemawon. Milanipun
kala sang nata tampi sêrat babêktan sampeyan rumiyin, karsanipun Sang
Prabu Surapati badhe kacêpêng, kasrahakên babêstan dhatêng ing sampeyan,
nanging Radèn Nrangkusuma sangêt gènipun angêkahi, dados samangke Radèn
Nrangkusuma wau balela dhatêng sang prabu, pandugi kula para tiyang
agêng-agêng ing Batawi tuwin sampeyan dèrèng sami sumêrêp yèn sang prabu
samangke mamêngsahan kalihan pêpatihipun, malah kala wingi pun Surapati
sumêja ngamuk dhatêng kadhaton, sampun angobongi griya pasowan kidul,
munduripun pun Surapati wau amargi saking Pangeran Pugêr ingkang
têtulung dhatêng kadhaton.Kapitan Tak sarêng mirêng aturipun Ki Sindurêja lajêng ambanting têpiyonipun, agêdrug-gêdrug anyakot rawis sarta pêrdam-pêrdom, andik maripatipun, ingkang aningali sami ajrih, lajêng wicantên. Radèn dipati, sampeyan angantos ing dintên benjing-enjing, pun Surapati amêsthi badhe pêjah dening kula. Botên dangu Kapitan Tak mirêng swaraning sanjata ambal-ambalan, kados rêdi rêbah sarta aningali kukus griya kabêsmèn anglandêng, Kapitan Tak pitakèn, radèn dipati, punika swaraning sanjata punapa, dene botên kèndêl-kèndêl, [kèndê...]
--- 410 ---
[...l-kèndêl,] sarta kukus anglandêng, Radèn Sindurêja amangsuli,
tuwan, inggih punika pun Surapati sarta Radèn Nrangkusuma, apêrang
kalihan sang prabu, suwawi nuntên mangkat atêtulung ing sang prabu,
manawi sêlak kasoran. Kapitan Tak wicantên. Inggih sumôngga sami bidhal,
atêtulung ing sang nata, nanging kula badhe lajêng pêrang kemawon.
Botên mawi sowan ing sang prabu, bilih Surapati sampun kacêpêng kemawon
kula sowan. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, kula ajrih yèn
anglilanana gèn sampeyan karsa pêrang, prayogi sampeyan sowan rumiyin.
Sanajan sampeyan pêranga yèn sampun angsal idinipun sang prabu. Kapitan
Tak inggih anurut dhatêng Ki Sindurêja, lajêng sami bidhal
sakumpêninipun, angêbêki lêlurung, lampahipun ginêlak, sampun dumugi ing
alun-alun Kartasura, bala Kumpêni kabarisakên salèring waringin kurung,
kapitan kalihan Ki Sindurêja sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun
ing ngarsa dalêm Ki Sindurêja matur, gusti, punika warninipun Kapitan
Tak, kula bêkta sowan ing ngarsa dalêm. Sang prabu lajêng angawe sarwi
mulung astanipun. Kapitan Tak enggal nyandhak atêtabehan. Kapitan Tak
matur, sinuhun, kula angaturakên tabenipun kaki jendral sarta para rad
sadaya, kaping kalih kula angaturakên pakintunipun pun kaki jendral,
[je...]
--- 411 ---
[...ndral,] rajabrana awarni-warni, kaatura ing panjênêngan dalêm.
Kaping tiga kula kautus nyuwun bêbujênganipun tiyang Kumpêni kang wontên
ing nagari dalêm, anama pun Surapati, sabab dosanipun agêng dhatêng
tiyang Kumpêni, mugi andadosna parênging galih dalêm. Inggih kula
piyambak kang badhe nyêpêng, amung mugi kaidinana kemawon. Sang nata
alon angandika, kapitan, ing sakèhe pakirime si kaki jendral ya bangêt
tarima kasih ingsun. Dene prakara Si Surapati sira aja susah, ingsun ya
ambiyantoni marang sira, nanging Si Surapati samêngko wis golong
sabyantu karo pêpatih ingsun kang jênêng Nrangkusuma, amungsuh marang
ingsun. Malah ingsun wis matah bupati loro lan sabalane, ingsun kon
angrusak ing kapatihan, ingsun kon anyêkêl marang Si Surapati karo Si
Nrangkusuma, samêngko wis padha pêrang rame, sira anaa ing ngarsaningsun
bae, sabab bangêt sumêlang ingsun, manawa bupati loro mau kasoran
pêrange, Si Surapati mêsthi angêsuk sumêja ngrusak kadhaton, kang sun
jaluki tulung sapa, kajabane amung sira, mulane sira barisa ing
alun-alun bae, sanajan sira pêranga ya anaa ing ngarsaningsun. Kapitan
sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu sakalangkung suka manahipun
sarta alon matur, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun kuwatos. [kuwato...]
--- 412 ---
[...s.] Yèn kula taksih gêsang, pun Surapati prasasat sampun kagêgêm
ing tangan kula, amêsthi badhe pêjah dening kula. Kapitan Tak nuntên
tumurun saking ing sitinggil anata barisipun. Ki Dipati Sindurêja enggal
utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Cakraningrat kalihan Tumênggung
Jangrana, ungêling sêrat, asuka uninga, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng
wontên ing alun-alun, utusan wau inggih sampun kêpanggih kalihan
Cakraningrat kang sawêg pêrang wontên ing padhusunan sawetaning
kadhaton. Cakraningrat sarêng sampun tampi sêrat, enggal ambêrêg
pêrangipun, Surapati kapurih dhatênga ing alun-alun sarta dipun
sanjatani, nanging botên mawi mimis. Anuntên wontên bala ing Sampang
satunggil anama Konang Pasir awicantên dhatêng kancanipun. Kônca, iki
pêrang apa gêguyon, awakku kêsêl têmên, sarta kapanasên, payo padha
dijajal nganggo mimis. Konang Pasir wau lajêng anyanjata mawi mimis,
angsal rencangipun Surapati satunggil pêjah, Surapati sarêng sumêrêp
sangêt nêpsu dene tiyang Sampang anglairakên wawêlinge gustinipun.
Surapati wau lajêng angamuk dhatêng balanipun Cakraningrat, tiyang tiga
sampun sami dipun suduki nanging botên pêjah, lajêng dipun rêmbat
dhatêng kancanipun, kaaturakên ing sang dipati. Dipati Cakraningrat
sarêng aningali rencangipun tiga sami
--- 413 ---
tatu, sangêt suka ing galihipun, dene wontên pratandhanipun yèn prang
sayêktos. Ki Cakraningrat wau nuntên lumajêng sabalanipun sarta ambêkta
rencangipun tiga kang sami tatu, Surapati inggih nuntên ambujêng sarta
anyanjatani, palajêngipun Ki Cakraningrat wau sampun dumugi ing
alun-alun. Rencangipun kang sami tatu kabêkta langkung ngarsaning baris
Kumpêni, Ki Dipati Sindurêja lajêng sanjang dhatêng Kapitan Tak. Tuwan,
punika tiyang Sampang sampun kawon pêrangipun, sampeyan angatos-atosa.
Kapitan Tak sarêng aningali têtiyang Sampan,g sakalangkung duka,
ambanting têpiyonipun sarta parentah anabuh tambur, kathahipun pitulas.
Tinabuh sarêng swaranipun brang-brangan. Botên dangu Surapati
sabalanipun dhatêng, lumêbêt ing alun-alun sarta asurak-surak. Para
bupati enggal sami mêthukakên pêrangipun Surapati, sarwi angarutug ing
sanjata, Surapati sarta balanipun lajêng sami ngamuk. Para bupati
sabalanipun dhadhal, sami lumajêng angungsi ing sawingkingipun sang
prabu. Kapitan Tak enggal angabani Kumpêninipun, sarêng angêdrèl dhatêng
Surapati, swaranipun kados gêlap, ing paprangan pêtêng sangêt dening
kugus.[16]
Surapati lan sabalanipun lajêng sami ngamuk anusup kukus, arame
prangipun. Balanipun Surapati sarta bala Nrangkusuman kathah kang pêjah,
bala Kumpêni inggih kathah [ka...]
--- 414 ---
[...thah] kang pêjah, bangke sungsun atindhih, kang pêrang sami
angidak bathang. Surapati nuntên mundur dhatêng ing pagongan, sumêja
badhe ngombe, nuntên wontên utusanipun sang prabu, andhawuhi Surapati
dikakakên majêng prang, Surapati matur sandika lajêng mangsah prang,
katadhahan ing Kapitan Wêlandi anama Brikman. Surapati dipun pêdhang
awali-wali, nanging botên pasah, lajêng malês anyuduk. Kapitan inggih
botên pasah, Surapati dipun candhak dhatêng kapitan sarta kacakot
gulunipun, Surapati sangêt gila dening ilêr, nuntên lumajêng sakêdhap,
èngêt yèn angandhut patrêm, lajêng katarik sarta wangsul. Kapitan
Brikman dipun patrêm gulunipun sampun pêjah. Kapitan Tak sarêng aningali
Brikman pêjah, sakalangkung bramatya, lajêng angabani Kumpêninipun,
angarutug ing sanjata dhatêng Surapati tuwin amêdhangi, nanging botên
kenging, Radèn Nrangkusuma sabalanipun atêtulung, arame pêrangipun,
tiyang Jawi tuwin Kumpêni kathah ingkang pêjah, Kapitan Tak kinarubut
dipun waosi tuwin sinudukan, inggih botên pasah, dhuwungipun Surapati
sakawan sami putung sadaya, Kapitan Tak sakalangkung têguh, Surapati
sabalanipun nuntên mundur dhatêng pagongan, sumêja aso, tiyang Kumpêni
inggih taksih ngarutug ing sanjata saking katêbihan. Nuntên wontên
utusan saking sang prabu andhawahi
--- 415 ---
dhatêng Surapati andikakakên majêng prang malih, Surapati amangsuli,
prikônca utusan, dika matur ing sang nata, kula aso rumiyin kalihan
badhe ngombe, sabab sangêt gènipun sami kasatan. Dene kula
botên-botênipun lumajêng, tiyang sampun kula sêja awor gêtih kalihan
Kumpêni. Utusan lajêng wangsul matur ing sang prabu, sang nata sarêng
mirêng aturing utusan lajêng mèsêm, sarta angandika dhatêng Pangeran
Pugêr, adhi mas, sira têtulunga pêrang, Si Surapati bangêt gone sayah,
manawa katiwasan. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng tumurun saking
sitinggil dhatêng kori kamandhungan, amanggihi abdinipun, kathahipun
wolulas. Pangeran Pugêr sarta abdinipun wolulas wau lajêng sami salin
busana, amindha rencangipun Surapati, sasampuning sami dandos lajêng
sami mangkat ngalèr ngilèn anjog ing masjid. Nuntên menggok mangetan
mêdal kori ing masjid dumugi ing alun-alun. Surapati kalihan Nrangkusuma
awas aningali, yèn Pangeran Pugêr atêtulung, enggal majêng ngamuk,
Pangeran Pugêr wau sampun ajêng-ajêngan kalihan Kapitan Tak, sarta
amandhi waos Kyai Palèrèd. Kapitan Tak lajêng dipun larihi, iganipun
tatas têrus ing walikat sampun pêjah botên angulicik. Kumpêni
sakantunipun lajêng dipun amuk dhatêng Surapati sarta abdinipun Pangeran
Pugêr, [Pu...]
--- 416 ---
[...gêr,] sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang amung
salawe, sumyur sami lumajêng, Ki Dipati Sindurêja enggal amitulungi
anglêmpakakên Kumpêni kang sami kataton taksih gêsang, sami kabêkta
dhatêng loji.Sang Prabu sarêng aningali pêrangipun Surapati sakalangkung suka, sarta angalêm dhatêng ingkang rayi sarta dhatêng Surapati, lajêng utusan animbali ingkang rayi, kalih Surapati, tiga Nrangkusuma, priyantun têtiga sampun sami dhatêng ing ngarsanipun sang prabu, sang nata mèsêm sarwi ngandika, bagea kang padha mêntas pêrang, priyantun têtiga matur saha sêmbah, inggih wilujêng sabab saking pangèstu dalêm, lajêng sami pinaringan dhêdhaharan, wowohan tuwin unjuk-unjukan. Sang nata angandika malih dhatêng Radèn Surapati, Surapati, wis bangêt tarimaningsun marang sira, sira ingsun ganjar nagara ing Pasuruan, ênggonana, lan sira sun ganjar nama Radèn Tumênggung Wiranagara, ana ing kono aja pêgat ênggonira pacak baris, sarta anêlukna desa sakiwa têngêning kono, dene Si Nrangkusuma ya milua marang ing Pasuruan, aja pisah lan sira, ana ing dêdalan angobongana dêdesan. Kang bakal sun kon ambêburu marang sira bocah môncanagara kabèh, sang nata lajêng angandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, sira padha nêksènana yèn Si Sindurêja samêngko sun gawe patih [pa...]
--- 417 ---
[...tih] anggêntèni Si Nrangkusuma, lan adhimas Pangeran Panular sun
lih arane, ajênênga Pangeran Arya Mataram, sun paringi lêlungguh bumi
sèwu karya. Para bupati inggih jumênêng sadaya. Sang nata angandika
malih dhatêng Ki Sindurêja, Sindurêja, sira kirima layang marang
kumêndur ing Japara, awèha wêruh yèn Si Tak tumpês lan sakumpênine kabèh
ana ing paprangan. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang nata
kondur angadhaton. Radèn Tumênggung Wiranagara kalihan Radèn Nrangkusuma
inggih lajêng bidhal sabalanipun sarta dipun bêbujêng dhatêng bala
môncanagari, sadhatêngipun ing Pasuruan bala môncanagari nuntên wangsul
dhatêng ing Kartasura. Dene Radèn Tumênggung Wiranagara wau wontên ing
ngriku inggih lajêng abêbètèng sarta ajêjagang, anêluk-anêlukakên dhusun
sakiwatêngêning ngriku, sampun agêng bêbarisanipun.Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja, sampun anglampahakên utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat mungêl saking sang prabu, sadhatêngipun ing Japara kêpanggih kalihan kumêndur Sêlupriyansah, sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, wadana dados rah, andik netranipun sarta agêdrug-gêdrug. Milanipun kumêndur sangêt duka, sabab sampun mirêng pawartos yèn têtiyang Jawi pêrangipun silip.
--- 418 ---
Ing lair mitulungi dhatêng Kapitan Tak, nanging ing batos amitulungi
dhatêng Surapati, utusanipun sang prabu lajêng dipun pitambuhi kemawon,
sarta botên kasukanan sêrat wangsulan. Utusan inggih nuntên mantuk
palarasan. Sadhatêngipun ing Kartasura inggih lajêng matur ing sang
prabu yèn kumêndur sangêt ênggènipun nêpsu sarta botên amangsuli sêrat.
Sang nata sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng
ngandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sarèhning si kumêndur
samêngko sangêt ênggone nêpsu, iku kapriye kang dadi rêmbugira, yèn ing
karsaningsun ya aja tanggung gonira dadi mungsuh, Walônda ing Japara
bakal sun tumpês pisan. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing panuwun
kula, ing saupami panjênêngan dalêm karsa amamêngsahan kalihan tiyang
Kumpêni sampun ngantos ngèglèh, prayogi mawi aling-aling, nanging yèn
kenging inggih sampun ngantos mamêngsahan, sabab sanajan punika tiyang
kapir sampun amitulungi prang ing panjênêngan dalêm. Panjênêngan dalêm
sampun kapotangan padamêlan tuwin kasaenan. Saupami Panjênêngan dalêm
sangêt-sangêt anyidrani, botên wande badhe angapêsakên karaton dalêm.
Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi, lajêng sarèh ing
dukanipun sarta alon ngandika, adhi mas, yèn kaya mêngkono sira
marentahna marang bocah ingsun [ing...]
--- 419 ---
[...sun] kabèh, sapa-sapa kang bisa angrêrapu ing nêpsune si
kumêndur, bakal gêdhe ganjaran ingsun. Pangeran Pugêr matur sandika
lajêng mêdal saking kadhaton, anantun dhatêng para bupati sapangandhap.
Anuntên wontên mantri kaparak satunggil, turunipun tiyang anêlèh, anama
Jiwaraga, punika sagah angrêrapu dhatêng kumêndur, lajêng kadhawahan
mangkat dhatêng Japara, sarta binêktanan sêrat. Ki Jiwaraga inggih
lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Japara sampun kêpanggih kalihan
kumêndur amaringakên sêrat sarta kapal rakitan. Ungêling sêrat, sang
prabu amratelakakên ing katêmênanipun dhatêng Kumpêni, kalanipun pêrang
Kapitan Tak kalihan Surapati. Kumêndur sasampuning maos sêrat sangêt
kaduwungipun ênggènipun nêpsu kala rumiyin. Ki Jiwaraga wicantên. Tuwan,
lampah kula punika kautus ing sang nata amratelakakên dhatêng sampeyan.
Supados sampeyan sampun ngantos sanès tampi, mênggah prangipun Kapitan
Tak rumiyin, sayêktos yèn tiyang Jawi ngiloni dhatêng Kumpêni, malah
kathah ingkang sami pêjah, suprandosipun dipun wastani silip pêrangipun
dhatêng tiyang botên rêmên ing sang prabu. Akathah-kathah pangrêpanipun
Ki Jiwaraga wau ênggènipun murih ngrapêtakên ing arênggang, supados sang
prabu sampun ngantos crah kalihan kumêndur. Kumêndur sarêng mirêng
pangrêpanipun Ki Jiwaraga, sakalangkung [saka...]
--- 420 ---
[...langkung] suka manahipun sarta wicantên. Kyai Jiwaraga, kula
kaparingan kapal sarta sêrat, inggih sakalangkung panuwun kula sarta
bingah, ingkang kaping kalih kula mugi sampeyan suwunakên pangapuntên
ing sang prabu mênggah ing kalêpatan kula, dene kula anggêga pawartos
ingkang botên prayogi, ing mangke kula amborongakên ing sampeyan.
Supados sang prabu sampun ngantos êru galihipun dhatêng kula, kalihan
kula angaturi baludru sarta renda tuwin barang sanèsipun. Mugi sampeyan
aturakên ing sang prabu. Ki Jiwaraga sangêt bingah ing manahipun.
Anuntên pamitan, kumêndur urmat angatêrakên sajawining kori. Lampahipun
Ki Jiwaraga sampun dumugi ing Kartasura, sang nata pinuju sinewaka, Ki
Jiwaraga wau inggih lajêng sowan angaturakên wiwitan dumugi ing wêkasan,
tuwin rêruba saking ing kumêndur kang warni baludru, renda
sapanunggilanipun inggih sampun kaaturakên sadaya, sarta aturipun Ki
Jiwaraga yèn kumêndur wau sampun ical sakite manahipun. Malah sangêt
pangrêpanipun anyuwun pangapuntên. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki
Jiwaraga sakalangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng para
dipati, bocahku bupati kabèh, sira padha ngèstrènana, yèn Si Jiwaraga
ingsun gawe bupati ing Japara, ingsun paringi jênêng Tumênggung
Martapura. Para bupati [bu...]
--- 421 ---
[...pati] sami saur paksi sadaya. Sang nata ngandika malih dhatêng Ki
Tumênggung Martapura, Martapura, sira mangkata sesuk marang Japara,
sarta layang ingsun paringna marang kumêndur. Martapura matur sandika,
lajêng pradangdosan. Ing enjingipun anuntên mangkat kalihan
saanakbojonipun tuwin kulawangsanipun sadaya, sadhatêngipun ing Japara
lajêng lumêbêt ing loji, sarta amaringakên sêrat. Kumêndur sasampuning
maos sêrat sakalangkung suka manahipun, alon ênggènipun wicantên. Kyai
tumênggung, sangêt ing sokur kula dene sampeyan angsal sihipun sang
prabu kadadosakên bupati wontên ing Japara ngriki, amêsthi badhe kenging
kula bekani, panêdha kula mugi sampeyan nuntên yasa padalêman ingkang
prayogi. Ki Tumênggung Martapura anuntên pamit dhatêng pamondhokan.Kacariyos Ki Martapura wau sampun ayasa padalêman sakalangkung sae, sarta sampun mukti sasêntananipun tuwin anak bojonipun. Têtiyang ing Japara inggih sami asih. Sarêng ing lami-lami anuntên wontên tiyang Wêlandi satunggil ambêdhog ayamipun tiyang Jawi, sarêng kawênangan dhatêng ingkang gadhah, Wêlandi wau lajêng dipun cêpêng sarta dipun gêbagi, rai dipun calorèngi ênjêt lan nila, nuntên kauculakên. Tiyang Wêlandi lajêng lapur dhatêng pangagêngipun sarta katur dhatêng pangagêngipun kumêndur. [ku...]
--- 422 ---
[...mêndur.] Kumêndur sarêng sumêrêp sakalangkung duka dhatêng
Tumênggung Martapura, pamanahipun kumêndur kawastanan saking
pangajanipun Ki Martapura ingkang ambêg digung, adamêl sawênang-wênang
dhatêng tiyang Wêlandi, kumêndur wau lajêng adamêl sêrat katur ing sang
prabu, anyuwun pêjahipun Ki Tumênggung Martapura, utusanipun kumêndur
lajêng mangkat dhatêng ing Kartasura, anjujug ing panangkilan, lajêng
angaturakên sêrat, sampun tinampenan ing sang prabu sarta winaos. Sang
nata sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, pasuryanipun abrit,
lajêng angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, layange kumêndur iki
wangsulana, prakara ênggone anjaluk patine Si Martapura, ya bakal
ingsun turuti, nanging konên sumêne ing sasi ngarêp iki, ingsun bakal
kongkonan bocah bupati marang ing Japara, sun kon matèni marang Si
Martapura. Arya Sindurêja matur sandika, utusan saking Japara wau inggih
sampun winangsulan.Kala samantên sang nata ing dalu animbali para bupati lumêbêt ing kadhaton. sang prabu angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, sira lumakua marang Japara, karo Si Jangrana, têlu Si Mangunonêng, kapat Suranata, kalima Si Binarong, lan sabalane kabèh, Si Martapura sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk patine marang si kumêndur, apa dhèwèke wani anglawana
--- 423 ---
pêrang karo wong Walônda, manawa Si Martapura wani, sira lan
sakancanira bupati mau padha ambiyantonana, anglabuhana marang Si
Martapura, nanging kang rêmit, aja kongsi angêtarani, ya môngsa bodhoa
sira ênggonira angreka, mulane mêngkono, dene si kumêndur mau tanpa
ngrasa, wani-wani anjaluk patine bocah ingsun bupati, manawa Si
Martapura ora wania banjur wisna pisan, poma sira dibisa sarta
dingati-ati. Ki Sindurêja sarta bupati sakawan matur sandika, nuntên
sami mantuk apradangdosan. Ing enjingipun lajêng sami mangkat,
lampahipun sampun dumugi ing Japara, anjujug ing loji, kumêndur ing
Japara inggih amêthuk sarta para upêsiripun, Kumpêninipun sami urmat
êdrèl sanjata tuwin mariyêm. Radèn Dipati Sindurêja sarta bupati sakawan
sampuning têtabean lajêng binêkta lumêbêt ing loji sarta sinuguhan
waradin sabalanipun. Radèn Dipati Sindurêja alon wicantên dhatêng
kumêndur, tuwan lampah kula mriki punika, kula kautus ing sang prabu,
andikakakên mêjahi dhatêng pun Martapura nanging wêlingipun sang prabu,
pun Martapura pêjaha wontên salêbêting loji ing ngarsa sampeyan, tuwin
ing ngarsanipun para upsir, kula kaparingan kanthi bupati sakawan.
Kumêndur sarêng mirêng sakalangkung suka sarta amangsuli, radèn dipati,
sangêt ing tarima [ta...]
--- 424 ---
[...rima] kasih kula ing sih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng
ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Ki
Sindurêja wicantên malih, tuwan, benjing-enjing pun Martapura badhe kula
timbali mriki, yèn sampun dhatêng lajêng kula kèn nyuduki dhatêng
bupati sakawan punika wontên ing ngarsa sampeyan. Sampeyan mugi
angatos-atosa. Kumêndur amangsuli, radèn dipati, kula inggih miturut ing
sakarsa sampeyan. Ki Dipati Sindurêja lajêng pamit amasanggrahan.
Sarêng wanci ing dalu Ki Dipati Sindurêja apirêmbagan kalihan bupati
sakawan sarta Ki Tumênggung Martapura dipun timbali adhêdhêmitan. Radèn
Sindurêja angandika dhatêng Ki Martapura, têkaku mrene iki diutus ing
sang prabu anari marang kowe, sarèhning kowe dijaluk patimu marang wong
Kumpêni, iku kowe apa wani anglawan pêrang, yèn kowe wani aku sarta
bupati papat iki dikakake anglabuhi marang kowe. Martapura matur, yèn
makatên ingkang dados karsanipun sang prabu, kula inggih anglampahi,
sarta kula inggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Kumpêni, lan pintên
laminipun tiyang gêsang wontên ing donya, ing benjing inggih botên
wande badhe pêjah, aluhung pêjah aprang sabil. Ki Dipati Sindurêja
mirêng kasagahanipun Martapura, lajêng angandika, yèn mêngkono,
[mêngko...]
--- 425 ---
[...no,] sesuk bakal sida rêrêmpon ana sajroning loji, Martapura, yèn
aku sesuk wis ana sajroning loji sarta bupati papat iki, kowe bakal
dakkongkoni dakundang, ya nuli têkaa, banjur amuka bae, dene aku sarta
bupati papat iki ya milu ngamuk lan sabalane kabèh. Ki Martapura matur,
inggih sampun sumêlang galih sampeyan. Benjing-enjing tiyang Kumpêni
amêsthi tumpês dening kula. Ki Suranata anyambungi, benjing-enjing kula
kang nyuduk kumêndur, adhi Jangrana dakbubuhi anyuduk kapitane, kakang
Binarong anyuduka lutnane, adhi Mangunonêng alpèrèse, ki lurah
anjênêngana bae, aja milu-milu, sabab iku prasasat sarirane sang prabu.
Anuntên sami bibaran.Sarêng enjingipun lajêng sami dangdos, sami angangge gêgamaning prang, sarta amilihi balanipun ingkang pantês kabêkta lumêbêt ing loji, badhe kaajak ngamuk. Radèn Sindurêja balanipun pêpilihan suwidak. Ki Jangrana kawan dasa, Ki Suranata sèkêt, Ki Binarong kalih dasa, Ki Mangunonêng tigang dasa, dados tiyang kalih atus sampun sami angatos-atos, lajêng bidhal saking pasanggrahan. sadhatêngipun ing loji balanipun ingkang kathah sami kadèkèk ing jawi sadaya, amung bala pêpilihan wau ingkang kabêkta lumêbêt. [lu...]
--- 426 ---
[...mêbêt.] Dene kumêndur sarta upsiripun inggih sampun sami lênggah
ing kursi, ajêng-ajêngan kalihan para bupati sarta kasêgah inuman. Radèn
Dipati Sindurêja nuntên utusan animbali Ki Tumênggung Martapura, utusan
inggih sampun mangkat. Sadhatêngipun ing ngriku Ki Martapura kêpanggih
tilêm, asêngadi sakit. Bathukipun dipun pilisi ing jêjampi, utusan wau
inggih lajêng matur, ki tumênggung, jêngandika dipun timbali ing radèn
dipati dhatêng ing loji. Ki Martapura amangsuli, munjuka marang ki
lurah, yèn aku lara ngêlu, mumêt ora bisa lumaku. Ing batos Ki Martapura
wau sangêt kaduwungipun ênggènipun sagah badhe ngamuk dhatêng Kumpêni,
upami wontêna kang sagêd nyandèkakên. Ki Martapura barang darbèkipun
suka yèn kapêndhêtana sadaya, utusan wau lajêng wangsul matur ing Radèn
Sindurêja, Radèn Sindurêja sarêng mirêng sakalangkung duka, wadananipun
abrit dados rah, lajêng ngandika dhatêng Tumênggung Binarong, kakang
Binarong, Si Martapura edan, agawe lingsêming nagara, layake anaking
wong edan, turuning wong kumpra, kowe mênyanga ngomahe Si Martapura,
takonana dhèwèke iku bupati apa wong edan, apa ta wong kumpra, manawa
dhèwèke ngaku wong kumpra banjur sudukana bae, kêthok-kêthok gulune,
êndhase cangkingên marene, [mare...]
--- 427 ---
[...ne,] yèn dhèwèke ngaku bupati, yagene daktimbali ora têka. Ki
Binarong matur sandika lajêng mangkat. Kumêndur alon wicantên dhatêng
Radèn Sindurêja sarwi mèsêm. Saudara, lah punika yèn Martapura,
wawratipun sampeyan ingkang nimbali purun matur makatên, lêrêsipun
sampeyan punika dipun anggêpa sang prabu, yèn sawêg sakit ngêlu kemawon,
bok dipun bêtah-bêtahakên. Upami botên sagêd lumampah dipun gotonga
inggih pantês. Radèn Sindurêja sarêng dipun unggar-unggar dhatêng
kumêndur sangsaya sangêt nêpsunipun, sarwi wicantên, tuwan, sampeyan
antos sadintên punika, pun Martapura amêsthi badhe pêjah dening kula.
Kumêndur sakalangkung suka ing manahipun. Wondene lampahe Ki Binarong
wau igih sampun dumugi ing griyanipun Martapura, Ki Martapura kêpanggih
tilêman sarwi kêmul. Ki Binarong abêngis wicantênipun dhatêng Martapura,
hèh Martapura, kowe iki anak nguwong apa anaking asu, aku diutus ing ki
lurah dikakake mriksani marang kowe, kowe isih dhêmên dadi bupati apa
wis korucat gonmu dadi bupati, angulihi wijiling bêburuh, yèn kowe
sumêja dadi buruh manèh, aku dikakake nyangking êndhasmu. Ki Martapura
mirêng wicantêne Ki Binarong sakalangkung kagèt, lênggah sarta
amangsuli,- drubiksa. (kembali)
- apucêt. (kembali)
- kêkèsèd. (kembali)
- gatra. (kembali)
- suyud. (kembali)
- anyarirani. (kembali)
- anggawa. (kembali)
- budhaking. (kembali)
- uculi. (kembali)
- thithik. (kembali)
- suwung. (kembali)
- ribêt. (kembali)
- wicantên. (kembali)
- rad. (kembali)
- angaturakên. (kembali)
- kukus. (kembali)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar