Kakang Binarong, aku ora wêdi angamuk marang wong Kumpêni, sanajan dikarubuta satus aku ya ora gumingsir, aku wong lagi lara têmênan, ing saiki wis waras. Ki Binarong anyêntak, ah aja êmbrêbêgi kuping, cocotmu calêmang-calêmong mau bêngi saguhmu kumrêsêk kaya garimis, toging ngêndon awad-awad lara, lah saiki kapriye, yèn kowe wani ayo mangkat. Manawa kowe dhasar ora wani gulumu prènèkna dakkêthoke. Ki Martapura sumaur, iya ayo padha mangkat. Martapura enggal dangdos, angangge dhuwung têtiga anuntên mangkat. Sadhatêngipun ing loji sampun ingancaran lênggah, Radèn Sindurêja pitakèn. Martapura, kowe mau apa lagi ewuh umbal, dene taktimbali suwe ora têka. Martapura tumungkul sarta linggih ing kursi. Kumêndur enggal angêjepi lutnan Wêlandi satunggil. Lutnan wau inggih sampun sumêrêp ing wangsit, lajêng anyandhak gêlas, anglarihi inuman dhatêng Martapura, Martapura enggal ngadêg anampani gêlas. Astanipun gumêtêr, Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan inggih sami ngadêg saking ing kursi, sarta sami angatos- atos sumêja sarêng ngamuk. Wondene lutnan wau sarêng gêlas sampun tinampèn, enggal anyêndhal dhuwungipun Martapura, sampun kenging satunggil. Martapura
- -- 429 ---
ulatipun biyas, nuntên lumajêng, Radèn Sindurêja salêbêting galih
sakalangkung ngungun sarta duka, nuntên parentah dhatêng bupati sakawan
andikakakên nututi sarta anyuduki dhatêng Martapura, Martapura inggih
sampun kacandhak, lajêng sinudukan sampun pêjah, bathangipun ajur,
bupati sakawan nuntên wangsul ing panggenanipun lênggah, kumêndur
sakalangkung suka sarta angrêrêpa, alon ênggènipun wicantên dhatêng
Radèn Sindurêja, saudara, pun Martapura kula kintên sangêt digdayanipun,
dene adamêl ebahipun tiyang sanagari. Radèn Sindurêja awicantên. Tuwan,
kala taksih dados mantri kaparak inggih sangêt digdayanipun, mila
kaabdèkakên. Radèn Sindurêja lajêng parentah anjarahi barang darbèkipun
Martapura sarta amboyongi anak rabinipun. Utusan inggih sampun lumampah,
sabarang darbèkipun Ki Martapura sampun kaklêmpakakên katur ing Radèn
Sindurêja, Radèn Sindurêja nuntên wicantên dhatêng kumêndur, tuwan,
sabarang gêgadhahanipun Martapura sampun sami kula klêmpakakên. Manawi
wontên ingkang sampeyan karsani mugi kapundhuta. Kumêndur alon
amangsuli, saudara, kula botên ajêng, kula damêl punapa barang punika,
sang prabu ingkang wajib kagungan, dene mênggah awak kula, sampun sangêt
ing tarima kasih kula, inggih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng
--- 430 ---
ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês.
Radèn Sindurêja wicantên malih, yèn sampeyan botên karsa inggih sampun.
Kalih dene malih sampeyan tampia dhawahipun sang prabu aprakawis pun
Surapati, sarèhning sêmangke sampun kantênan panggenanipun wontên ing
Pasêdhahan. Mila makatên manawi sêlak ngrêbda, amêsthi badhe ngrisakakên
nagari kang cêlak-cêlak ing ngriku, dene sang nata inggih sampun
anglampahakên bupati kêkalih, anggêbag ing Pasuruan. Nanging botên
kangge samênut, lajêng tumpês sadaya, mila sang prabu sangêt ing
susahipun. Nuntên dhawah dhatêng kula amundhut bantu tiyang Kumpêni.
Kumêndur amangsuli, saudara, yèn makatên, kula utusan ngaturi priksa
dhatêng ing Batawi rumiyin. Sasampuning rampung ênggèn kula pirêmbagan.
Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan lajêng pamit bidhal. Kumêndur
inggih sampun ambêktani barang warni-warni badhe katur ing sang prabu,
lampahipun Ki Sindurêja sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing
sang prabu angaturakên ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata mirêng
aturipun Ki Sindurêja sakalangkung ngungun, lajêng dhawah dhatêng Radèn
Sindurêja dikakakên ambucal sabèbètipun Martapura, sang nata botên karsa
angabdèkakên.Amangsuli cariyosipun Panêmbahan Rama marasêpuhipun [marasêpuh...]
--- 431 ---
[...ipun] Trunajaya kala bêdhahipun ing Kadhiri, sapêjahipun
Trunajaya Panêmbahan Rama wau lumajêng, botên wontên ingkang sumêrêp.
Ing mangke Panêmbahan Rama adêdunung wontên ing dhusun Mêlambang tanah
rêdi kidul, sarta anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngêning ngriku,
sampun kathah kang sami suyud wau, adamêl tatêngêr panggang ayam
minôngka asor ungguling prang, yèn Panêmbahan Rama badhe unggul
pêrangipun, panggang ayam punika amêsthi sagêd gêsang malih sarta
kaluruk, yèn badhe kawon pêrangipun inggih taksih atulus dados panggang,
sarêng sampun adamêl têtêngêr makatên, Panêmbahan Rama nuntên anggêtak
dhatêng panggang, panggang ayam lajêng mabur sarta kaluruk. Balanipun
sami eram sarta sami pitados, yèn badhe unggul pêrangipun. Anuntên ulam
lele sajodho kadèkèkakên ing pinggan, dipun kèn mènèk galugu, ulam lele
wau inggih lajêng mancolot dhatêng wit kalapa, mènèk manginggil dumugi
ing pupus. Balanipun Panêmbahan sangsaya sangêt eramipun. Kala samantên
Panêmbahan Rama sampun kathah balanipun. Misuwur ing tanah
sakiwatêngêning ngriku. Yèn sakalangkung sakti.Anuntên katur ing sang prabu, sang nata enggal parentah dhatêng Tumênggung Jangrana, kalih Tumênggung Mangkuyuda, tiga Natayuda, dikakakên anglurugi dhatêng Mêlambang, Tumênggung [Tumêng...]
--- 432 ---
[...gung] têtiga inggih lajêng bidhal sabalanisun.[1]
Wondene Panêmbahan Rama inggih sampun sumêrêp, yèn badhe dipun inggahi
gêgaman saking ing Kartasura, nuntên parentah dhatêng rencangipun anama
Rôngga Dhadhapan. Rôngga Dhadhapan, kowe amapagna mungsuh kang saka ing
Kartasura, bala kabèh padha adunên prang, nungganga jaran sarta wêwuda,
pêcut iki unèkna, lan kowe cêlathua pêcut larut, aja mênêng-mênêng,
amêsthi bakal mênang pêrangmu. Rôngga Dhadhapan matur sandika sarta
anampèni pêcut. Lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Balanipun sadaya
inggih sami wicantên pêthut[2]
larut, gumuruh swaranipun. Bala ing Kartasura anadhahi, botên dangu
balanipun Panêmbahan Rama kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami
lumajêng, Rôngga Dhadhapan pêcutipun lajêng kabucal, badhe nyandhak waos
sumêja ngamuk, kasêlak dipun karocok ing kathah sampun pêjah, bala ing
Kartasura nuntên sami lumêbêt dhusun ing Mêlambang, sumêja badhe
anyêpêng Panêmbahan Rama. Wondene Panêmbahan Rama wau sarêng sumêrêp
balanipun sampun sami tumpês, lajêng lumêbêt ing sanggar malêngan.
Wontên ing ngriku Panêmbahan Rama amêgêng napas, lajêng sirna, bala ing
Kartasura anuntên anjarah saisining dhusun, sarta angubrês Panêmbahan
Rama, nanging botên pinanggih, lajêng sami bidhal mantuk [mantu...]
--- 433 ---
[...k] dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn
Panêmbahan Rama ical, botên kantênan palajêngipun. Sang nata
sakalangkung ngungun.Botên antawis lami ing tanah rêdi Kidul wontên tiyang tapa satunggil, turunipin Kyai Agêng Giring, ingkang gadhah dawêgan kang dipun ombe dhatêng Kyai Agêng Matawis rumiyin. Tiyang tapa wau anama Ki Wanakusuma, sangêt anggènipun ambantêr tapanipun, panêjanipun supados katurunan wahyu, sagêda jumênêng nata amêngku ing tanah Jawi sadaya, gêntos waris. Mila makatên Ki Wanakusuma wau sumêrêp ing jangjinipun Kyai Pamanahan kalihan Ki Agêng Giring, benjing yèn turunipun Ki Pamanahan ingkang jumênêng nata sampun kaping pitu, punika suka yèn dipun gêntosana turunipun Ki Agêng Giring, môngka ing mangke sampun turunipun kaping nêm. Mila Ki Wanakusuma sangêt ênggènipun ambantêr tapanipun. Ki Wanakusuma wau agadhah anak jalêr kêkalih, anama Jayaparusa kalih Jayalêlana, punika tansah dipun bujuk dhatêng êmbanipun anama Ardikarun, dipun aturi angrêbat nagari ing Kartasura, gêntos waris. Putra kêkalih wau inggih amiturut. Lajêng anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngên ing ngriku sarta angubalakên ing kasêktènipun. Têtiyang dhusun kathah kang sami kerut, amargi kenging ing kêmat ing ngèlmu singkir, kala samantên [samantê...]
--- 434 ---
[...n] sampun kathah balanipun, antawis gangsal èwu. Jayaparusa sarta
Jayalêlana lajêng sami sowan dhatêng ingkang rama sarwi matur, rama,
kula anyuwun idi sampeyan. Kula badhe ngrêbat nagari ing Kartasura
gêntos waris. Ingkang rama angandika, kulup, bêcik sarèhna dhingin,
krana ing samêngko durung mangsane, kurang saturunan. Wruhanamu, mulane
aku tapa iki, ya kowe kang sun tapakake, supaya kowe kalilanan dening
Allah jumênênga ratu ing tanah Jawa, sarèhning samêngko durung mangsane,
luwih bêcik bantêrên ênggonmu tapa bae, karêpmu iku kêna diarani wong
anggege môngsa, manawa ora lastari, dene wong mangun pêrang iku luwih
gampange, yèn wis mangsane. Ingkang putra matur, rama, kula amêksa,
botên kenging sampeyan palangi, manawi sampeyan botên karsa tindak,
inggih kula kalihan pun adhi kemawon kang badhe nglurug dhatêng ing
Kartasura, amung kagungan sampeyan bandera Waring kula suwun, badhe kula
bêkta prang. Ingkang Rama angandika, kulup, manawa kowe ora kêna
dakpalangi, aku ya môngsa tegaa. Kyai Wanakusuma lajêng amêndhêt bandera
Waring, kaparingakên ingkang putra, Jayaparusa anampèni, bandera Waring
lajêng mabur dhatêng ing awang-awang nuntên sirna, Jayaparusa matur,
rama, kados badhe unggul pêrang kula, [ku...]
--- 435 ---
[...la,] pratandhanipun, dene bandera Waring malêsat dhatêng
antariksa. Ingkang rama ngandika, kulup, saka rêmbuganmu ngarani,
nanging aku gawèkna jolang, bakal daktunggangi milu pêrang ing sira.
Ingkang putra matur sandika, lajêng parentah adamêl jolang sarta
angundhangi balanipun, yèn badhe tumuntên anglurug dhatêng Kartasura,
sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sakalangkung kathah balanipun.
Ingkang dados pangajêngipun baris Ki Ardikarun, putra kêkalih wontên ing
têngah sarta numpak kapal. Ki Wanakusuma kapikul ing jolang
sawingkinging baris. Jayaparusa lan Jayalêlana samargi-margi tansah
angubalakên kasêktènipun, anyênggut alang-alang tuwin rumput. Lajêng
kasêbar ing siti, nuntên dados tiyang sarta sami anyêpêng gêgamaning
prang, mila balanipun yèn tiningalan sakalangkung kathah, padhusunan
ingkang kamargenan sami risak kajarah-rayah, têtiyang dhusun sami
ngungsi ing nagari Kartasura, sampun katur ing sang prabu, yèn wontên
mêngsah dhatêng saking rêdi Kidul, balanipun sakalangkung kathah.Sang nata enggal anglêmpakakên para bupati sabalanipun, inggih sampun sami baris wontên ing alun-alun. Sang nata sampun têdhak wontên ing pagêlaran. Botên dangu mêngsah dhatêng wontên ing palaraban. Lajêng sami ngamuk. Bala Kartasura anadhahi, arame
--- 436 ---
pêrangipun. Bala Kartasura kathah kang pêjah, nuntên Pangeran Pugêr
anglambung saking lèr sarta abdinipun kalih dasa lajêng ngamuk. Bala
Wanakusuman kathah kang pêjah, Jayalêlana anuntên sumêja mêdalakên
kasêktèn, nanging botên wontên dados, kakên manahipun, lajêng ngamuk
kalihan dhuwung, Pangeran Pugêr sinudukan botên pasah, Pangeran Pugêr
lajêng malês kalihan waos Kyai Palèrèd. Jayalêlana tatas iganipun sampun
pêjah. Jayaparusa lajêng ngamuk, dipun tadhahi balanipun sang prabu
tiyang Bugis anama Singabarong, kancanipun Bugis kawandasa, tiyang Bugis
wau kathah kang pêjah dening Jayaparusa, Jayaparusa inggih nuntên pêjah
dening tiyang Bugis. Nanging tiyang Bugis botên sumêrêp, yèn punika
gustining mêngsah, bathangipun Jayaparusa katilar, angamuki balanipun
kemawon. Nuntên wontên abdinipun sang prabu lurah pakêbonan, anama
Nayatruna, nyuwun pamit ing sang prabu sumêja badhe ngamuk ing mêngsah,
inggih sampun kalilan. Nayatruna lajêng mènèk ing wit waringin inggil,
awas aningali yèn Jayaparusa sampun pêjah, dene[3]
tiyang Bugis jisimipun katilar, Ki Nayatruna enggal malorod amurugi
jisim, nuntên kakêthok gulunipun. Sirahipun kabêkta kaaturakên ing sang
prabu, sarta aturipun Nayatruna asamudana yèn Jayaparusa pêjah dening
[de...]
--- 437 ---
[...ning] piyambakipun. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Nayatruna
sarta aningali sirahipun Jayaparusa, sakalangkung suka, Ki Nayatruna
lajêng kajunjung dados wadana pamajêgan, kaparingan nama Tumênggung
Rajamênggala. Wondene Pangeran Pugêr wau taksih ambujêng angamuk
balanipun Jayalêlana, Ki Wanakusuma sarêng sumêrêp yèn putranipun
kêkalih sampun sami pêjah, Ki Wanakusuma lajêng sirna saking jolang,
tiyang ingkang ngrêmbat tuwin balanipun sanès inggih sampun sami
lumajêng, Pangeran Pugêr nuntên wangsul, sowan ing sang prabu sarta
ambêkta jisimapun[4]
Jayalêlana, sadhatêngipun ing ngarsane ingkang raka lajêng ngabêkti,
ingkang raka angrangkul jôngga sarwi angaras lungayanipun. Sang nata
tansah anggunggung dhatêng ingkang rayi, pangandikanipun alon. Adhi mas,
ingsun dêrma bae jumênêng nata, mungguh paparentahaning tanah Jawa
môngsa bodhoa sira, ênggonira angreka angrèhake ingsun wus pitaya marang
sira. Ingkang rayi matur sakalangkung nuhun. Wondene mustakanipun
Jayalêlana lan Jayaparusa lajêng dikakakên manjêr wontên ing margi
parapatan.Sarêng antara sataun sang nata utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat. Ungêling sêrat, amundhut bantu tiyang Kumpêni, badhe andikakakên anggêbag ing Pasuruan. Ingkang kautus anama Sêcanagara, inggih [ing...]
--- 438 ---
[...gih] sampun mangkat saking ing Kartasura. Sang nata nuntên
dhêdhawah dhatêng Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana,
andikakakên ngalurug dhatêng ing Pasuruan adamêl sandining pêrang kados
ingkang sampun kalampahan. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana inggih
sampun mangkat saking ing Kartasura sabalanipun kalihan tiyang
môncanagari sadaya. Wondene lampahipun Ki Sêcanagara inggih sampun
dhatêng wontên ing Japara, sarta amaringakên sêrat dhatêng kumêndur,
kumêndur sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Ki Sêcanagara,
Kiyai, dika antèni ontên ing Japara ngriki kriyin. Kula badhe kengkenan
dhatêng Bêtawi anyuwun bantu ingkang dados pamundhutipun sang prabu.
Kumêndur lajêng anglampahakên sêrat katur ing gurnadur jendral ing
Bêtawi. Gurnadur jendral sarêng sampun nampeni sêrat saking Japara,
enggal anglampahakên Kumpêni wolung atus. Litnanipun wolu, kapitanipun
sakawan, têtindhihipun anama Mayor Burham, prawira sarta digdaya,
lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur enggal ênggènipun amêthuk.
Mayor Burham sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng loji sarta
sinêgahan, wontên ing ngriku tigang dintên. Mayor wicantên dhatêng
kumêndur, kumêndur, aku iki dikakakên bêdhah ing Pasuruan, anyêkêl
marang Si Surapati, awit [awi...]
--- 439 ---
[...t] têka karsane sang prabu, sabab sang nata wis kawalahên ênggone
arêp ambêdhah ing Pasuruan. Dene aku ya bakal banjur marang ing
Pasuruan bae. Kumêndur alon amangsuli, mayor, yèn kowe kudu banjur
marang Pasuruan. Utusane sang prabu iki gawanên pisan. Mayor wicantên
malih, iya bêcik, tak gawane tunggal prau lan aku. Mayor Burham lajêng
bidhal sakumpêninipun mêdal ing laut. Ki Sêcanagara inggih tumut.
Lampahipun baita sampun dumugi muwara Madura, kèndêl ing ngriku. Kala
samantên wontên putranipun Pangeran Cakraningrat jalêr satunggil anama
Radèn Dêmang Pasisir amêthuk dhatêng ing muwara, Mayor Burham
sakumpêninipun kabêkta mêntas dhatêng dharatan sarta sinuguhan, waradin
sami tuwuk sadaya, Radèn Dêmang sangêt ênggènipun ngurmati dhatêng
tiyang Kumpêni, wontên ing ngriku tigang dalu tigang siyang, mayor
wicantên alon dhatêng Radèn Dêmang, saudara Radèn Dêmang sangêt tarima
kasih kula ênggèn sampeyan nyanggata[5] dhatêng tiyang Kumpêni sadaya, dene lampah kula punika kautus ing tuwan jendral, bêbantun[6]
prang dhatêng Pasuruan, inggih saking karsanipun sang prabu ing
Kartasura. Radèn Dêmang alon amangsuli, tuwan, yèn makatên, kula badhe
tumut sarta atêtuwi ing kangjêng rama, bapak kula, wau sampun lami
ênggènipun [ênggènipu...]
--- 440 ---
[...n] pêrang wontên ing Pasuruan, inggih awit saking karsanipun sang
nata, dikakakên ambêdhah ing Pasuruan. Mayor sakalangkung suka
manahipun sarta wicantên. Inggih sakalangkung prayogi sampeyan sarêng
kalihan kula, suwawi nuntên mangkat. Radèn Demang lajêng parentah
dhatêng balanipun angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta
lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya mêdal ing dharatan sumêja dhatêng ing
Pasuruan. Kumpêni lumampah ing wingking, bala Madura ing ngajêng sarta
pitêdah margi.Kacariyos Ki Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana kang sami pêrang ngantos wontên ing Pasuruan. Ing sabên dintên bêdhil-binêdhil, kèndêlipun yèn wanci sêrap srêngenge, yèn wanci enjing sami wiwit pêrang malih, nanging botên wontên ingkang sami pêjah, sabab botên wontên ngangge mimis, sarta sabên ing wanci dalu Ki Tumênggung Wiranagara anyilibakên balanipun, sowan dhatêng pasanggrahanipun Ki Dipati Cakraningrat, sami arêrêmbagan. Yèn sampun wanci bangun enjing lajêng mantuk dhatêng kithanipun ing Pasuruan punapa dene ing sabên môngsa garêbêg Ki Tumênggung Wiranagara wau inggih botên pêgat ênggènipun atur upêkti ing sang prabu, tuwin sabarang wawêdalanipun nagari ing Pasuruan inggih kaaturakên ing sang prabu. Kala samantên Ki Dipati Cakraningrat mundur pêrangipun anêbih saking kitha Pasuruan, [Pasurua...]
- -- 441 ---
[...n,] sumêja ngasokakên balanipun. Dene Ki Tumênggung Wiranagara
inggih sampun adamêl pacalang anjagèni yèn wontên baris Kumpêni dhatêng
sarta tansah angatos- atos.Kawuwusa lampahipun Mayor Burham sarta Radèn Dêmang Pasisir, sampun dumugi tapêl watês ing Pasuruan, arêrêp ngasokakên balanipun. Wondening Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun dipun aturi pariksa ing balanipun ingkang dados pacalang wau. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng mirêng tiyang Kumpêni dhatêng sangêt suka ing manahipun, sabab sampun lami ênggènipun ngajêng-ajêng, sumêja awor gêtih kalihan Kumpêni, lajêng bidhal saking kitha sabalanipun sumêja mêthukakên pêrangipun tiyang Kumpêni, lampahing bala gumuruh asurak-surak, angajab enggala têmpuh ing pêrang, botên dangu bala Kumpêni dhatêng, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, Kumpêni lajêng ngarutug ing sanjata, mimis mindha garimis, ing paprangan pêtêng dening kukus. Ki Wiranagara sabalanipun lajêng sami anusup ing kukus, angamuk kalihan dhuwung tuwin waos. Sakalangkung rame pêrangipun bala, sabab sami purunipun. Bala Pasuruan tuwin bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, dangu-dangu bala Kumpêni sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang watawis amung kawan wêlas, sampun sami
--- 442 ---
lumajêng. Radèn Dêmang Pasisir sarêng aningali tiyang Kumpêni tumpês,
sakalangkung suka, lajêng narik pêdhang sarta angabani balanipun,
majêng sarênga ngamuk. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Dêmang
sabalanipun sami angamuk punggung, botên sumêrêp ing wadi, sabab dèrèng
dipun jarwani dhatêng ingkang rama. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng
aningali balanipun kathah pêjah amargi dipun amuk tiyang Mêduntên, Ki
Wiranagara sakalangkung kagèt, sarta sangêt nêpsu, sêru wicantênipun.
Hèh bocah Pasuruan, wong Madura iki nêja pêrang têtêmênan apa saking
durung sumurupe, apa dhasar dijarag, anglirake ing wasesa gustine, payo
padha walêsên, aja wêdi. Bala Pasuruan enggal sami majêng, angamuk
rampak, bala Madura anadhahi, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Madura
kathah kang pêjah, Radèn Dêmang Pasisir dipun waos dhatêng Ki Bun
Jaladriya, lambungipun tatas, sampun pêjah, sarta êmbanipun kêkalih
anama Jangpati kalih Mangkewuh inggih sarêng pêjah lan gustinipun. Bala
Madura sarêng aningali gustinipun pêjah, lajêng sami ambyuk angamuk
liwung, botên wontên nêja gêsang, inggih lajêng tumpês sadaya, ing
wingking taksih anggili botên kêndhat-kêndhat. Kacariyos wontên
kapenakanipun Pangeran Cakraningrat, adhinipun dening Radèn Trunajaya
kang sampun pêjah,
--- 443 ---
anama Radèn Trunadilaga, sakalangkung wantêripun. Sarêng aningali
Radèn Dêmang pêjah lajêng ngamuk sabala tuwin santananipun. Bala ing
Pasuruan kathah ingkang pêjah, Radèn Trunadilaga dipun pasêr mawi upas
dhatêng bala Pasuruan, kenging lambungipun rahipun sumêmbur, lajêng
kantaka dhawah ing siti. Anuntên wontên santananipun anama Radèn
Durgajaya, kalih Panji Wanèngpati, tiga Panji Wanèngsêkar, sakawan Panji
Dipanagara, priyantun sakawan wau lajêng sami ngamuk liwung, bala
Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Durgawijaya kagèt aningali, yèn Radèn
Trunadilaga kantaka kenging upas pasêr, enggal dipun purugi lajêng
kasepak ing suku sarta wicantên sêru, adhi Trunadilaga, yagene kowe
pêrang karo wong rucah bae kongsi mati, apa kowe dudu trahing Brawijaya
Majapait. Tangia, ayo ngamuk. Radèn Trunadilaga kagèt lajêng lênggah,
tatunipun sampun saras sami sakala, sarta wicantên, kakang Durgajaya,
payo padha ngamuk. Radèn Durgajaya amangsuli, adhi, awakmu lêrêbêna
dhisik. Aku ora-orane sumêja mundur sarta aku sêksenana, ing samangsane
aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan. Amêsthi guluku dakpagas dhewe. Radèn
Durgajaya sarta Trunadilaga lajêng sami ngamuk malih lan sabalanipun,
gumulung angrêbat mêngsah, bala ing Pasuruan kathah [ka...]
--- 444 ---
[...thah] ingkang pêjah, sabab kêkathahên mêngsah, Ki Tumênggung
Wiranagara sabalanipun anuntên sami lumajêng angungsi salêbêting bètèng
Pasuruan sarta tutup kori, bala Madura anglud sumêja ngrangsang biting,
Radèn Trunadilaga sêru ênggènipun sêsumbar saking sanjawining biting,
hèh budhaking Kumpêni mêtua, ayo padha pêrang, aja inêp lawang, yèn kowe
wis wêdi ing aku, nututa takbônda.Anuntên wontên utusanipun Pangeran Cakraningrat anama Radèn Panji Dipapraja, ambêkta bala kathah, sadhatêngipun ing paprangan, eram aningali tilas ramening prang, lajêng enggal amurugi dhatêng Radèn Trunadilaga sarta Durgajaya, Radèn kêkalih nuntên pitakèn. Kakang Dipapraja, kowe iki apa têtulung ing prang arêp ambalèni[7] Radèn Dêmang Pasisir utawa sanak-sanakmu kang wis padha mati pêrang, mulane aku aprasêtya, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan, guluku bakal dakpagas dhewe, sabab bangêt wirangku. Radèn Panji Dipapraja sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon ênggènipun wicantên. Adhi Durgajaya lan adhi Trunadilaga, kapriye polahmu iku, dene adhimu Radèn Dêmang kongsi mati utawa wong Madura ya akèh kang padha mati, apa kowe ora sumurup, yèn pêrang iki gêgorohan. Radèn Durgajaya anyêntak. Ah ngêndi ana
--- 445 ---
wong pêrang gêgorohan, rak lagi cêlathumu iki, ayo padha ngamuk,
bètèng iki padha diunggahi. Balanipun sami dipun parentahi angrangsang
bètèng, Radèn Panji Dipapraja enggal angêjèpi balanipun, kinèn anyikêp
dhatêng Radèn Durgajaya, inggih sampun dipun cêpêngi, Radèn Dipapraja
alon amituturi, adhi Durgajaya, sarèhning nêpsumu, yèn kowe ora sumurup,
nagara ing Pasuruan iki wadining ratu, manawa kowe kêlakon angrusak ing
Pasuruan, kowe prasasat angrusak ing sang prabu, angur ayo padha
mundur, angaturi uninga ing Pangeran Cakraningrat. Akathah-kathah
ênggènipun pitutur Radèn Panji Dipapraja wau, Radèn Panji Durgajaya
sampun sarèh galihipun. Tumuntên sami bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun
ing pasanggrahan ing ngarsane Pangeran Cakraningrat, Radèn Panji
Dipapraja lajêng anyungkêmi sukunipun Pangeran Cakraningrat, matur sarwi
nangis. Kula angaturi uninga yèn putra sampeyan Radèn Dêmang Pasisir
pêjah wontên ing paprangan. Tiyang Maduntên inggih kathah ingkang pêjah,
lumajêng angungsi salêbêting biting, witning yèn sampuna kula tumuntên
dhatêng, ing Pasuruan kados kalampahan bêdhah, wadining ratu badhe
kalingkab, awit saking prasêtyanipun pun Durgajaya. Akathah-kathah
aturipun Radèn Panji Dipapraja [Dipapra...]
--- 446 ---
[...ja] wau, Sang Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng sakalangkung
ngungun, alon ênggènipun ngandika, Dipapraja, baya wis pinêsthi karsa
Allah patine anakku, amarga bangêt ênggone bodho, apa manèh Si Durgajaya
iku cangkême calêbang-calêbung, gêlis têmên mêtokake basa kang larang,
yèn adat trahing wong Majapait ora kêna ambalèni calathu kang wus
kawêtu, mêsthi nuli dilakoni. Radèn Durgajaya sarêng mirêng enggal
nyandhak sêking, jangganipun lajêng kapagas piyambak, namung pasah
sakadhêle, rahipun sampun mêdal, punika namanipun pagas sarat. Supados
basanipun kang sampun kawêdal sampun ngantos botên kalampahan. Nuntên
wontên utusanipun Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sarta mawi
sêrat. Têmbunging sêrat Ki Tumênggung Wiranagara anyuwun pangapuntên
ingkang kathah-kathah dhatêng Pangeran Cakraningrat. Amargi pêjahipun
Dêmang Pasisir. Pangeran Cakraningrat inggih sampun amangsuli sêrat
dhatêng Radèn Tumênggung Wiranagara, suraosing sêrat, Pangeran
Cakraningrat sampun narima pêjahipun ingkang putra, amargi saking dèrèng
sumêrêp ing wadi. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng sampun maos sêrat
wangsulan, sakalangkung suka manahipun sarta ical kuwatosipun. Sabab
sangêt ênggènipun ajrih dhatêng Pangeran Cakraningrat. Kala samantên
Pangeran Cakraningrat [Cakraningra...]
--- 447 ---
[...t] lajêng utusan dhatêng ing Kartasura sarta mawi sêrat, angaturi
uninga ing sang prabu, yèn putranipun pêjah wontên ing paprangan. Sêrat
katur ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, lajêng adhêdhawah
dhatêng para bupati, sami andikakakên kintun salawat awarni arta,
bupati satunggil-tunggilipun ngalih atus ringgit. Sang nata piyambak
amaringi pitung atus ringgit. Arta wau inggih sampun katampèn dhatêng
Pangeran Cakraningrat.Kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun kagungan putra jalêr satunggil, nanging kêncèt sukunipun. Sampun kaangkat nama Pangeran Dipati Anom. Pinuju satunggiling dintên sang nata animbali ingkang putra dhatêng ing dalêmipun. Sang nata alon angandika, kulup, sarèhning sira wus diwasa lan ing besuk sira ora wurung anggêntèni marang panjênêngan ingsun. Sira dibisa angêmpèk atine pamanira adhi Mas Pugêr, karo Si Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, kapat Si Rôngga Yudanagara ing Samarang, wêruhanira wong papat iku kang minôngka pikukuhe nagara ing Kartasura, sira aja wani-wani anglarakake atine, ênggonira bakal jumênêng nata upamane wong gawe tampah, pamanira dhimas Pugêr kang minôngka wêngkune, kang minôngka jêjêt utawa anamane bupati têlu iku, dene têgêse manawa wong papat iku ana kang rêngat atine [a...]
--- 448 ---
[...tine] ing salah sawiji, amêsthi ênggonira jumênêng nata ora
kapenak, bakal akèh pêrang, wong cilik padha susah atine, dene manawa
sira bisa angêmpèk atine wong papat iku, amêsthi tulus ênggonira
jumênêng nata, tutug ing sabarang karsanira, sarta nagaranira raharja,
mulane mêngkono satêmêne bangêt sumêlanging atiningsun, andêlêng
tatêkonira, ing samangsane tatêkonira kang ala iku ora sira marèni,
ingsun ora tega tinggal karaton marang sira. Akathah-kathah pamulangipun
sang prabu wau, sarta amulang pratingkah jumênêng nata utawi suraosing
Sêrat Asthabrata, Nitipraja, Panitisastra, inggih sami kawulangakên
sadaya, Pangeran Dipati Anom mirêng pamulangipun ingkang rama
akathah-kathah, lajêng tumungkul asêmu waspa sarwi alon matur, rama
prabu, kula mugi angsala pangèstu dalêm, sagêda anglampahi wulang dalêm
wau sadaya. Sang nata angandika malih, kulup yèn sira wis miturut marang
ingsun, ing mêngko sarèhning sira wus diwasa, sira bakal ingsun
kramakake olèh anake wadon adhi Mas Pugêr, kaya-kaya patut dadi
jatukramanira, ewadene bêcik sira anontonana dhewe marang Kapugêran.
Pangeran dipati matur sandika lajêng mangkat dhatêng ing Kapugêran.Kacariyos Pangeran Pugêr sampun apêputra
--- 449 ---
kalih wêlas. Pambajêngipun èstri, sakalangkung ayu warninipun sarta
sampun diwasa, anama Radèn Ajêng Lêmbah, kalih Radèn Mas Sudira, tiga
Radèn Mas Surya, sakawan Radèn Mas Mêsir, gangsal Radèn Mas Papa, nênêm
Radèn Mas Sungkawa, pitu Radèn Mas Sôngka, wolu Radèn Mas Sudama, sanga
Radèn Ayu Ayunan. Sadasa Radèn Impun, ingkang kêkalih taksih alit. Kala
samantên Pangeran Pugêr pinuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp para
putra, kagèt aningali Pangeran Dipati Anom dhatêng, Radèn Mas Sudira
enggal amêthuk dhatêng regol. Pangeran Dipati Anom kaaturan lajêng
dhatêng ing pandhapi, Pangeran Pugêr amêthuk ing sawatawis tindak,
anuntên sami tata lênggah, Pangeran Pugêr alon angandika, kadingarèn
anggèr, kowe marene, ora nganggo awèh wêruh dhisik. Bangêt gugupe atiku.
Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, paman, kala wau kula dipun
dhawahi raka dalêm, andikakakên dolan mariki. Pangeran Pugêr sarêng
mirêng lajêng sumêrêp yèn badhe anontoni dhatêng ingkang putra, Pangeran
Pugêr anuntên angêjèpi ing Radèn Mas Sudira, Radèn Mas Sudira inggih
lajêng tampi ing sêmunipun ingkang rama, enggal lumêbêt ing dalêm,
amanggihi ingkang bak ayu, dipun aturi angladosêna pasêgah gantèn. Radèn
[Ra...]
--- 450 ---
[...dèn] Ajêng Lêmbah awrat niyatipun, nanging kapêksa dhatêng
ingkang ibu tuwin ingkang sadulur, inggih nuntên lumampah, sarwi ambêkta
pasêgah gantèn. Nanging botên karsa salin busana ingkang sae,
ambombrong kemawon, sarta basêngut ulatipun. Sadhatêngipun ing ngajêngan
inggih angaturakên pasêgah gantèn ing ngarsanipun Pangeran Dipati Anom.
Nanging anuntên enggal wangsul lumêbêt ing dalêm. Pangeran Dipati Anom
kalanipun aningali dhatêng sang rêtna, dangu ênggènipun kami tênggêngên,
sangêt ênggènipun kasmaran. Awit sang putri sangêt ayunipun, amindha
widadari ing Suralaya, Pangeran Dipati Anom alon matur dhumatêng ingkang
paman Pangeran Pugêr, paman, putra dalêm adhi Ajêng Lêmbah sampun
pintên ing yuswanipun, Pangeran Pugêr amangsuli, ênggèr, aming kacèk
rong taun tuwa kowe. Pangeran Dipati Anom anuntên pamit kondur
angadhaton. Sadhatênge ing ngarsane ingkang rama lajêng dinangu,
kapriye, apa sira wis wêruh ing rupane arinira. Ingkang putra matur,
kula sampun aningali dhatêng adhi Ajêng Lêmbah, sarta kula inggih sampun
sênêng, ing mangke kula sumôngga ing karsa dalêm. Sang nata angandika,
sira ya bakal nuli ingsun dhaupake, nanging wêkas ingsun, sira dibisa
momong, sabab bakal bojonira iku sadulurira nak-sanak. Prasasat
sadulurira [sadulur...]
--- 451 ---
[...ira] dhewe. Ingkang putra matur sandika, sang nata nuntên
parentah dhatêng ingkang garwa, andikakakên acêcawis badhe rêrêngganing
pangantèn tuwin para dipati inggih sami kadhawahan amakajangan wontên
ing alun-alun. Sarêng sampun sami mirantos, enjingipun lajêng
kaningkahakên wontên ing kadhaton. Ing sontênipun para bupati
sagarwanipun andikakakên sami murugi pangantèn èstri dhatêng Kapugêran,
sarta ambêkta joli. Wondene Radèn Ajêng Lêmbah inggih sampun pinaesan,
badhe sangêt ing pamoponipun, nanging pinêksa dhatêng ingkang rama
kalihan kang ibu, mila Radèn Ajêng Lêmbah wau badhe mopo, sabab sampun
sumêrêp ing wêwatêkanipun Pangeran Dipati Anom. Asring panastèn, ewan,
nyalunthang, brancah sarta digung, dados sang putri wau ing batos sangêt
ing prihatosipun. Sadhatêngipun ingkang sami mêthuk, sang putri sampun
katitihakên ing joli, lajêng binêkta dhatêng ing kadhaton, kaudhunakên
wontên sangajêngipun ing korining dalêm kadhaton. Kangjêng Ratu
Mangkurat enggal amêthuk. Pangantèn èstri nuntên dipun kanthi astanipun.
Sang prabu inggih sampun anganthi pangantèn jalêr, lajêng
kapanggihakên. Anuntên kabêkta dhatêng ing jrambah, sami kalênggahakên
ing pangkonipun sang prabu, sang nata sadangunipun [sadangunipu...]
--- 452 ---
[...n] amangku pangantèn, botên kèndêl-kèndêl ênggènipun amêmulang
dhatêng ing pangantèn jalêr èstri, supados atuta ênggènipun ajêjodhon.
Sasampuning sawatawis dangunipun pangantèn lajêng kadhawahan sami sare,
sang nata têdhak kasukan dhatêng ing pandhapi, dene ing sapêkênipun
inggih lajêng kaundhuh dhatêng ing Kapugêran, anuntên kakondurakên
dhatêng ing kadhaton malih.Kala samantên nagari ing Kartasura awis têdha, kathah tiyang sakit amargi kaluwèn, têmah dados ing pêjahipun, lajêng kabubuh ing gêgêring, kathah têtiyang pêjah, sang prabu sakalangkung susah ing galihipun. Ing wanci dalu animbali ingkang rayi Pangeran Pugêr, sang nata alon angandika, adhi mas, kapriye kang dadi rêmbugira, nagara ing Kartasura samêngko bangêt ênggone rusak. Sapa kang kelangan kajabane ingsun namung sira, ing mêngko môngsa bodhoa sira ênggonira amurih supaya mulyaa ing nagara Kartasura, bisaa murah pangan lan ilanga sakèhing gêgêring. Pangeran Pugêr matur, yèn makatên ingkang dados karsa dalêm, kula nyuwun pamit badhe kesah, sumêja anêdha ing Gusti Allah, mugi angsala pangèstu dalêm. Pangeran Pugêr anuntên lumèngsèr saking ing ngarsane ingkang raka, sadhatêngipun ing dalêm, lajêng salin busana cara santri [sa...]
--- 453 ---
[...ntri] ingkang asring papariman, anuntên mangkat piyambak kemawon.
Sumêja aningali sawarninipun pêkên-pêkên. Yèn dalu ing saênggèn-
ênggènipun tansah manêngkung, sadhatêngipun ing pêkên Kapundhung
Pangeran Pugêr eram aningali, dene botên wontên tiyang wade sêkul.
Ingkang sami dipun sade amung katela, jagung, uwi, gêmbili tuwin canthèl
alas. Kang mindha santri pitakèn dhatêng ingkang sami wêwadean. Bibi,
punapa sababe dene botên wontên wong adol sêga. Ingkang satunggil
amangsuli, anama Nyai Cumbring, gus santri, apa kowe ora sumurup, yèn
nagara iki lagi têntrêm saiki, awit sang prabu ing Kartasura tansah
papêrangan lan ingkang rayi Susunan ing Ngalaga, wong cilik orana kaur
asêsawah, pijêr uyang-uyung bae, barêng wis kakumpulan ingkang rayi
banjur larang pangan mêngkene. Kang mindha santri sarêng mirêng lajêng
mèsêm, karaos ing galihipun, dados sangsaya ênggènipun prihatos.
Pangraosipun Nyai Cumbring kajawat. Pangeran Pugêr dipun jiyat kaajak
mantuk dhatêng griyanipun. Pangeran Pugêr inggih anurut kemawon.
Sadhatênge ing griyanipun, lajêng kaaturan lênggah ing kalasa sarta
kaladosan panganan ing sawontênipun. Nyai Cumbring lajêng dhatêng lèpèn,
sumêja arêrêsik. Kang mindha santri anuntên kesah,
--- 454 ---
lampahipun lajêng dhatêng ing Matawis, anjujug ing masjid agêng,
wontên ing ngriku ing dalu anêngkung, anêgês karsaning Hyang ingkang
murwèng pandulu, sarêng ing wanci bangun enjing Pangeran Pugêr angsal
pitulunging Allah, wontên tompo pênakêran uwos saking ing nginggil
dhawah ing ngarsanipun, agêngipun sakalapa, pangeran enggal anyandhak,
sarta sangêt suka ing galihipun. Sabab sumêrêp, yèn angsal pitulunging
Allah, ing wanci byar pangeran lajêng dhatêng ing pêkên agêng Matawis
sarta ambêkta tompo, anjujug tiyang wade uwos, lajêng pitakèn mênggah
pangaosipun uwos ing satompo punika, wangsulanipun ingkang wade, pangaos
pitung reyal. Pangeran Pugêr angawis pitung wang, Pangeran Pugêr wau
lajêng dipun sêntak sarta dipun srêngêni, ing sabên dintên Pangeran
Pugêr padamêlanipun makatên. Yèn ing dalu ananêdha ing Allah, nanging
tansah dipun uyak-uyak dhatêng sawarnine tiyang wade uwos. Kala samantên
botên antawis lami, lajêng mirah têdha sarta sakathahing sêsakit sampun
sirna, Pangeran Pugêr nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sowan
ingkang raka sang prabu angaturakên ing sasolahipun sadaya, sang nata
mirêng cariyosipun ingkang rayi angêrês ing galihipun. Ing wusana sangêt
suka, sabab nagarinipun sampun mulya.
--- 455 ---
Kacariyos Pangeran Dipati Anom, pinuju lênggah kalihan garwanipun
wontên ing dalêm, ingadhêp ipenipun ingkang nama Radèn Mas Sudira, dene
ipe ingkang kathah-kathah botên wontên sowan, sabab botên wontên ingkang
dipun rêmêni, amung Radèn Mas Sudira piyambak ingkang dipun sihi,
pangeran dipati andangu dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, sadulurmu
lanang kabèh ing samêngko apa wis padha dilih jênêng tuwa marang
kangjêng paman. Radèn Mas Sudira matur, adhi kula kang sampun ngalih
nama sakawan. Radèn Mas Papa angalih nama Radèn Mas Ôntawirya, pun Mêsir
nama Radèn Mas Martataruna, pun Sungkawa nama Radèn Mas Dipataruna, pun
Surya anama Radèn Mas Suryaputra, sanèsipun dèrèng wontên salin nama.
Pangeran dipati sarêng mirêng yèn wontên nama Suryaputra, sangêt ewa ing
galihipun. Mila makatên, pangeran dipati wau dhasar sangêt sêngitipun
dhatêng Radèn Mas Suryaputra, awit sangêt bagusipun, kathah têtiyang
kang sami angalêm ing warninipun. Anuntên ngandika dhatêng Radèn Mas
Sudira, Sudira, kowe mênyanga ing Kapugêran, Si Suryaputra dhawuhana,
yèn daklih jênêng Radèn Wôngsatruna. Radèn Mas Sudira matur sandika,
lajêng mangkat. Radèn ayu dipati sarêng mirêng sakalangkung sakit
galihipun sarta alon matur, kangmas, adhi kula dosanipun punapa, tiyang
warninipun bagus, [bagu...]
--- 456 - --
[...s,] kok dipun salini nama kados tiyang dhusun. Sampeyan punika
nyêrwètèh sangêt saking têtiyang kathah, dene kang kalimrahan, tiyang
gadhah sadhèrèk punika amêsthi dipun agêngakên manahipun sarta
winalungsung ing busana kang adi-adi, botên kados sampeyan makatên, kok
mindhak anganiaya. Pangeran dipati angandika, adhi ajêng, mulane adhimu
iku daksalini jênêng, yaiku pratandhane yèn sadulurku, puluh-puluh
kapriye, wong lagi mêngkono kang dadi karêpku. Radèn ayu dipati
sakalangkung ngangat[8] ing galihipun, lajêng lumêbêt ing dalêm sarta muwun.Wondene lampahipun Radèn Suryakusuma inggih sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang rama sarta matur. Kangjêng rama, kula dipun utus ing kangmas Dipati Anom, andikakakên êndhawuhi ing sampeyan, yèn pun Suryaputra samangke dipun salini namanipun, kanamakakên Radèn Wôngsataruna. Pangeran Pugêr amangsuli, thole, kowe matura marang kangmasmu dipati, prakara ênggone nyalini jênênge Si Suryaputra, aturku sandika, karodene kowe sarta adhi-adhimu kabèh aja ana lara atimu marang Pangeran Dipati Anom. Krana iku gustimu, kaping pindho sadulur tuwa, wajib tinurut sabarang parentahe, apa manèh [ma...]
--- 457 ---
[...nèh] wêkasku marang kowe, sarèhning kowe disihi ing Pangeran
Dipati Anom, kowe aja kurang ing pangati-ati, wis, kowe muliha. Radèn
Suryakusuma lèngsèr saking ngarsane sang rama, sadhatêngipun ing
kadipatèn lajêng matur ing pangeran dipati.Kala samantên sang prabu utusan dhatêng pabarisan ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Suraosing sêrat, animbali Ki Dipati Cakraningrat lan sakancanipun bupati môncanagari kang sami baris ing ngriku, nanging bidhalipun saking ngriku margi ya kawon prang kalihan Surapati. Utusan wau inggih sampun dhatêng wontên ing pabarisan. Sêrat sampun katampèn ing Pangeran Cakraningrat, sakalangkung suka manahipun. Sabab ênggènipun bêbarisan wontên ing ngriku laminipun sampun sawindu, Pangeran Cakraningrat ing wanci dalu lajêng utusan sarta mawi sêrat dhatêng Surapati, suraosing sêrat, Surapati kapurih anggêbaga prang dhatêng piyambakipun. Surapati sarêng sampun tampi sêrat enggal parentah angrakit gêgamaning prang, ing enjingipun Surapati lajêng bidhal saking kitha sabalanipun. Sadhatêngipun ing pabarisan Gênthong lajêng prang kalihan Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sabalanipun dhadhal lumajêng sadaya. Sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, pasanggrahanipun lajêng binèsmenan dhatêng bala Pasuruan. Palajêngipun
--- 458 ---
Pangeran Cakraningrat sampun dumugi ing Kartasura, Pangeran
Cakraningrat wau lajêng katariman tilas garwanipun sang prabu, putra
saking Giri anama Ratu Wetan.Kacariyos Pangeran Dipati Anom ênggènipun palakrama botên atut. Tansah awawan pabên. Sabab pangeran dipati wau amundhut garwa sêlir kêkalih, sangêt dipun sihi, satunggil anakipun tiyang kalang, satunggilipun èstri saking Ngonje tanah ing Toyamas. Ngantos supe dhatêng garwanipun. Kajawi saking punika inggih asring rêmên dhatêng èstri sanèsipun, sangêt ênggènipun brancah, sarta watêkanipun botên kenging kapêncok ngajêng, panastèn sarta digung. Wondene sêlir kêkalih wau sampun sami kainggahakên garwa, sangêt andadosakên nêpsunipun radèn ayu dipati, lajêng purik dhatêng Kapugêran, tanpa pamit ingkang raka, wontên ing ngriku sang putri dipun pitambuhi kemawon dhatêng ingkang rama, pangeran dipati inggih botên karsa andangu utawi animbali dhatêng garwanipun, dados sang putri wau sangêt ênggènipun prihatos, yèn siyang amanggèn wontên ing patamanan, anglêlipur galihipun piyambak. Amung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing gandhok.
Anuntên sang nata mirêng yèn garwanipun pangeran dipati purik dhatêng Kapugêran. Sang nata enggal animbali
--- 459 ---
lurah suranata têtiga, anama Ki Ôngga, kalih Ki Sèh, tiga Sarawèdi,
sami kautus dhatêng Kapugêran. Amariksa sababipun radèn ayu dipati purik
kalihan mundhut pola wasiyat ing Kapugêran, kang nama Kyai Palèrèd
kalihan Kyai Maesanular. Tiyang têtiga matur sandika, lèngsèr saking
ngarsa dalêm, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Pugêr, utusan
matur alon angaturakên ing dhawahipun prabu sadaya, Pangeran Pugêr
amangsuli, Ôngga, Êsèh, kowe matura ing kakang prabu, prakara ênggone
purik radèn ayu dipati aku ora têtakon. Salawase ana ing kene
takpitambuhi bae, krana Pangeran Dipati Anom durung ana utusan
amasrahake marang aku, sarèhning kowe diutus bêcik têmonana dhewe, aku
wis anglilani, malêbua marang kaputrèn. Ki Ôngga sarta Ki Sèh aturipun
mopo. Pangeran Dipati Pugêr ngandika malih, dene prakara pamundhute pola
wasiyatku, samêngko kris sarta tumbakku gawanên bae, kakang prabu
aturana mola dhewe. Dhuwung sarta waos sampun katampèn dhatêng utusan,
lajêng binêta dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane sang nata
utusan matur ing purwa madya wusana, sang nata sakalangkung ngungun.
Utusan lajêng angaturakên dhuwung kalihan waos wasiyat ing Kapugêran.
[Kapu...]
--- 460 ---
[...gêran.] Sang prabu sakalangkung duka dhatêng ingkang ingutus.
Dene purun-purun ambêkta wasiyat, botên kalawan parentahipun sang prabu,
abdi ingkang ambêkta wau badhe kinèn mêjahi, dangu-dangu sang nata
èngêt lilih ing dukanipun, yèn purun-purunipun ambêkta wasiyat wau
saking parentahipun Pangeran Pugêr, sang nata enggal dhawah
amangsulakên, amung mundhut pola kemawon, wasiyat inggih sampun
kawangsulakên. Pangeran Pugêr inggih sampun anyaosi pola, sang nata
lajêng dhawah dhatêng pandhe, andikakakên damêl dhuwung kalihan waos,
anelad pola wau.Botên antawis lami sang prabu dhêdhawah adamêl sagaran sakidul kilèning kadhaton. Ingkang anggarap tiyang sanagari Kartasura, tuwin tiyang pasisir môncanagari sami bêbah-bêbahan. Botên lami nuntên dados sarta kaingonan baya, sang nata nuntên parentah anggiring buron wana ing Matawis, kapurugakên dhatêng Kartasura, kaprênahakên sakilèning sagaran, dipun krapyak. Pagiringipun buron wana wau urut margi mawi karajêgan sarta kabêthekan. Manjangan, kidang, kancil, banthèng, jêjawa sapanunggilanipun sampun sami dhatêng wontên krapyaking sagaran. Amung sima kalihan cèlèng sami pinêjahan. Sang nata lajêng parentah adamêl masjid agêng, kang tinelad Masjid Dêmak. Botên lami
--- 461 ---
masjid sampun dados, sakalangkung sae, sang prabu nuntên parentah
dhatêng têtiyang sanagari, andikakakên sami salat dhatêng masjid ing
sabên dintên Jumungah, kala samantên inggih kalampahan. Ing sabên
Jumungah ing masjid agêng jêjêl tiyang ngantos balèbèr dhatêng surambi.Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja adarbe putra jalêr satunggil, patutanipun kalihan ingkang rayi sang prabu randhanipun Trunajaya kang sampun pêjah, putra wau anama Radèn Sukra, sakalangkung bagus warninipun, amênthelang lampahipun, ambêranyak kados putra Dyarawati,[9] tiyang sanagari Kartasura botên wontên kang nyamèni bagusipun, ngantos dados panjang kidunging para pawèstri, adamêl brôngta, utawi yèn wontên tiyang mêmantu, Radèn Sukra wau prêlu dipun aturi tumut angarak pangantèn, kadamêl têtingalan ing tiyang kang sami ngarak pangantèn. Kala samantên Radèn Sukra dipun suruhi ngarak pangantèn atêtêgar sangajêngipun tiyang kathah, kang ningali sami kasmaran. Pangaraking pangantèn wau mêdal ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom pinuju ningali momor tiyang kathah, pangeran kagèt aningali ing tiyang bagus warninipun karêngga ing busana, têtêgar nêlasakên tênaga sangajênge tiyang angarak pangantèn. Pangeran andangu dhatêng abdinipun. Ingkang kadangu matur pêsaja, pangeran enggal [eng...]
--- 462 ---
[...gal] kondur, sarta dhawah animbali Radèn Sukra, sabab sangêt
panasing galih aningali bagusipun. Radèn Sukra sampun dhatêng ing
ngarsanipun sang pangeran, lajêng kinèn nyêpêng sarta binêsta, Radèn
Sukra ginitikan ing panjalin, jinêjêkan tinabokan ing tiyang kathah,
maripat jinêjêlan ing sêmut cêmêng, Sukra asambat botên dosa sarta
nyuwun pangapura druwili, pangeran amangsuli sêru, kowe aja takon dosa,
yagene polahmu sawênang-wênang, kaya kang duwe nagara, têtêgar
sangarêping wong kathah, jaranmu ora wurung nunjang wong, wong akèh iku
baturku kabèh, hèh bocah ing kadipatèn, Si Sukra gitikana manèh, matane
lêbonana sêmut manèh. Para abdi enggal tumandang, Sukra sambatipun
ngaruara sarta nangis awaspa gêtih, lajêng botên èngêt. Nuntên dipun
usung kasèlèhakên satêngahing radinan agêng, panakawanipun Sukra enggal
sami amêndhêt. Sukra ginendhong binêkta mantuk. Ingkang ningali sami
wêlas. Sadhatênge ing kapatihan ingkang rama tuwin kang ibu sami
nangisi, Radèn Arya Sindurêja ing sakêdhap mèh supe ing galihipun,
sumêja angrurah ing kadipatèn. Dene putranipun dipun niaya tanpa dosa,
dangu-dangu èngêt yèn abdi, lajêng lilih ing dukanipun. Ingkang putra
enggal ingusadan, antawis pitung dintên waluywa [wa...]
--- 463 ---
[...luywa] kados wingi uni, nuntên pamit dhatêng ingkang rama sumêja
ngamuk dhatêng ing kadipatèn. Ingkang rama botên anglilani, Radèn Sukra
sangêt cuwa ing manahipun, tansah angonta-onta dhatêng pangeran dipati,
ing pundi ênggènipun badhe kêpanggih Sukra botên ajrih, lajêng
anggêgabah balanipun tiyang Bugis, kathahipun pitung dasa, sumêja dipun
jak ngamuk, amung ngantos ngupados jalaran kemawon.Kala samantên Radèn Sukra engêt ing galih, yèn garwanipun pangeran dipati purik, wontên ing Kapugêran. Radèn Sukra ngandika ing salêbêting galih, takjajale garwane pangeran dipati iku taksanake, supaya nêpsua marang aku, dadia jalarane ênggonku bakal ngayoni. Radèn Sukra nuntên animbali êmbanipun jalêr kêkalih, anama Singanoda, kalih Patrawisa, Radèn Sukra ngandika, bapa, kowe apa wis padha wêruh warnane radèn ayu dipati lan apa kowe sumurup sababe purik iku. Êmban kêkalih matur, bandara, kula inggih sampun mirêng saking pawartosipun prasanakan kula tiyang Kapugêran. Mênggah warninipun radèn ayu wau inggih sakalangkung ayu, dene nalaripun purik punika, awit kawon rêbat sih kalihan èstri pêpundhutan saking ing dhusun Ngonje, samangke sampun kainggahakên garwa, amung
--- 464 ---
makatên prakawisipun. Radèn Ayu wau salaminipun wontên Kapugêran
kados gêrah kapit. Ingkang raka tan animbali, mila ingkang rama botên
karsa andangu, pamrihipun supados puruna kondur dhatêng kadipatèn,
nanging radèn ayu dèrèng karsa kondur, dados samangke radèn ayu wau ing
sabên siyang tansah wontên panggung patamanan, katingal saking ing margi
agêng Kapugêran, anglipur ing brangtanipun dhatêng ingkang raka,bapa, dhawuhana bocahku gamêl, jaranku kore putih Si Nirwati, sikile papat pisan watês dhêngkul sarta buntut suri kuncunge konên ngumbah ing nila wardi, banjur konên ngabah-abahi biludru[10] ijo. Êmban kêkalih matur sandika. Radèn lajêng ngrasuk busana kang adi-adi, akuluk cêmêng, sarta ngagêm sumping sêkar sumarsana, sapêlik sisih, Radèn Sukra dhasar bagus karêngga ing busana. Ing wanci srêngenge lumarab, Radèn Sukra nuntên nitih kuda sumêja têgar dhatêng ing Kapugêran ingiring rencang kalih wêlas kêlêbêt êmban kêkalih, kudanipun anyirig. Ênggènipun têtêgar maripit banon ing Kapugêran wingking, wira-wiri ing ngriku kemawon.
Kacariyos radèn ayu dipati ênggènipun wontên ing Kapugêran sampun kalih wulan sarta kirang dhahar sare, warninipun wêwah ayu, anglir gambar wêwangunan. Wadana amindha wulan. Netranipun lir intên sinarawèdi, [sinarawè...]
--- 465 ---
[...di,] waja kados mirah sinundukan. Alis ananggal sapisan. Rema
kêtêl cêmêng, dêdêgipun rêspati, èsême kang ningali sami kumêsar,
paningalipun lindri, anglir murca kinêdhèpakên. Ing nalika punika sang
putri pinuju lênggah ing pêpanggungan, ingadhêp êmban èstri kêkalih,
para nyai satunggil anyurèni remanipun sarwi rimong sinjang jingga
tinêpi ing renda, sang rêtna kagèt aningali ing kakung nitih kuda
nyirig, wira-wiri, kang angiring ragi têbih, sang putri alon ngandika
dhatêng êmban. Sapa kang têgar iki, bola-bali ngetan ngulon lan
angungak-ungak mrene, ayo padha andêlêng ing dhuwur bata kana. Êmbanipun
matur, ênggèr, sampeyan sampun ngantos ningali mriku, ingkang têgar
punika bilih raka dalêm kangjêng pangeran dipati, dados sampeyan badhe
angsal lêpat. Sang rêtna angandika, kae dudu bojoku, katara kang ngiring
ming sathithik. Yèn bojoku kang ngiring mêsthi akèh, lan aku môngsa
panglinga, sanajan nganggoa cara guprênur, aku mêsthi ora pangling, wong
ika anyar katon. Sang rêtna enggal tumurun saking panggung sarwi
mundhut ôndha kaêtrap ing banon. Sang rêtna sampun minggah ngôndha, jaja
manglung sanginggiling banon, wadananipun katalorong soroting raditya
ing wanci jam gangsal sontên. Gumêbyar kadya wulan purnama sêdhêng
andhadhari, kalih- kalihipun
--- 466 ---
sarêng ênggènipun sami ningali, dangu ênggènipun sami kamitênggêngên.
Sukra sangêt ênggènipun kasmaran dhatêng radèn ayu, sanalika kudanipun
kèndêl. Sukra malongok. Sang rêtna lajêng akèn dhatêng êmbanipun kang
tumut mènèk ing banon satunggil, kapurih pitakena dhatêng Sukra, êmban
inggih enggal pitakèn. Wong bagus, kula ingutus sang rêtna andangu,
jêngandika punika sintên. Radèn Sukra kagèt, lajêng amangsuli sarwi
nyirigakên kapal. Kula putrane Radèn Adipati Sindurêja, nama kula kala
rare pun Sukra, nama kula sêpuh Natadirja, nanging dèrèng patos karan,
taksih karan pun Sukra kemawon. Sang putri sarêng mirêng lajêng ngandika
sêru, he, kalingane kowe Si Sukra, dene bangêt têmên ênggonmu dêksura
sarta gumagus, ora rumôngsa yèn wong cilik, lan ora ngeman bagusmu,
upama kowe kauningana marang kangmas dipati, amêsthi dipothol gulumu,
amarga solahmu bangêt daladak, ora pêrnah. Radèn Sukra wicantên sarwi
mèsêm. Dhuh wong ayu gustine pun Sukra, kula botên ajrih dhatêng pun
Kêncèt, ngabên karosan tuwin kadigdayan. Ing saênggèning kêpanggih
dhasar kula sêdya agêntos kêris tuwin gêntos waos, sok ugi gusti kula
wong ayu asiha dhatêng kula, kapandhinga bagusipun [bagusipu...]
--- 467 ---
[...n]inggih taksih bagus kula. Sukra lajêng nyamêthi kuda, nyandêr mantuk. Sadhatênge ing griyanipun tumurun saking titihan, aniba ing pasarean, sangêt ênggènipun brôngta dhatêng sang putri. Wondene radèn ayu wau inggih nuntên kondur ing dalêm, angandika dhatêng êmbanipun. Biyung, aku isih gêtun, Si Sukra mau dakkira sida kedanan marang aku, upamane aku sida dipêgat marang kangmas, aku apatut yèn banjura laki Si Sukra. Êmbanipun matur, ênggèr, pamanah kula botên prayogi, sabab pun Sukra anaking bala, raka dalêm putraning ratu, ewadene upami raka dalêm sedaa inggih prayogi anêmpah bêbêtahan. Sabab pun Sukra bagus, dhasar putraning pêpatih, kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sang rêtna gumujêng suka.
Kacariyos Radèn Sukra, sawungunipun sare lajêng rêngêng-rêngêng kêkidungan, kados satêngah ewah, ingkang kacipta amung putri ing Kapugêran. Êmbanipun kêkalih sami matur kathah-kathah, amurih sampun ngantos anglanturakên ing pikajênganipun, nanging Sukra botên keguh, malah sumêja lampah dhustha dhatêng ing Kapugêran anyidrèng rêsmi, ing wanci dalu Sukra lajêng dandos cêcawêtan, anyandhak karbin sarwi akalung kêrga. Êmbanipun matur, anggêgendholi sarwi nangis. Ênggèr, sampun ngantos kalajêngakên karsa sampeyan punika, sabab [sa...]
--- 468 ---
[...bab] sangêt ênggènipun botên prayogi, kaping kalih, tiyang lampah
makatên punika amêsthi kêdah mawi jaruman rumiyin, sarat ambucal arta
utawi rajabrana, karsa sampeyan punika upamènipun tiyang mêndhêt ulam
ing toya, tiwas buthêk toyanipun, ulam botên kenging, upami sampeyan
kapara ing tiwas, badhe sangêt ing nisthanipun. Radèn Sukra amangsuli,
iya bênêr kowe, bapa, nanging aku mêksa, sanajan aku tumêka ing tiwas,
sok uga wis andêlêng sadhela marang radèn ayu. Sukra nuntên mangkat.
Êmban kêkalih atut wingking, sadhatêngipun sajawining banon pagêr ing
Kapugêran, kèwêdan ing marginipun. Kakên ing manah Sukra anangis. Karbin
sarta krêganipun binanting ing siti, êmbanipun enggal anguculi sabuk,
kacêlupakên ing toya, lajêng kauncalakên sumampir ing pagêr banon.
Sinjang karakêt. Sukra marambat anurut wastra, nuntên malorod dhatêng
salêbêting pagêr banon. Êmbanipun kantun wontên ing jawi, Sukra amatak
aji lêlimunan. Nanging lajêng sinambêran ing pêksi kolik, bênce, têtuhu.Kacariyos para putra ing Kapugêran, anama Radèn Mas Ôntawirya, kalih Radèn Martataruna, Radèn Dipataruna, sakawan Radèn Mas Wôngsataruna, gangsal Radèn Mas Sôngka, nêm Radèn Mas Sudama, ing wanci dalu
--- 469 ---
dèrèng wontên sare, sami kagèt mirêng ungêling pêksi wau, anyambêri
ing patamanan. Sami graita yèn wontên pandung, enggal sami nganglang
dhatêng prênahing ungêling pêksi, tanpa obor, Radèn Mas Ôntawirya wantêr
ing galihipun, têrang kang nurut banon. Radèn Sukra uninga dhatêng kang
sami ngênganglang wau, enggal nyalimpêt alingan wiwitan,[11]
sumêja wangsul mêdal. Lampahipun anyampar ron aking kumrèsèk. Radèn Mas
Ôntawirya mirêng swara kumrèsèk, enggal parentah mundhut obor, para
rayi enggal amundhut obor, sampun dhatêng, Sukra sampun mènèk pagêr
banon marginipun wau, lajêng aniba ing jawi, nuntên lumajêng kalihan
êmbanipun. Nanging kalanipun marambat ing pagêr banon katalorong ing
obor, para putra sami awas paningalipun, lajêng opyak wontên pandung,
Radèn Mas Ôntawirya enggal anglumpati pagêr banon. Sampun dumugi ing
jawi, lajêng ambujêng pandung, ingkang para rayi malumpat botên wontên
bakit, nuntên sami mêdal ing kori, sarta abdi ingkang sami caos, sumêja
sami nusul bujêng pandung sarwi alok, gumêdêr swaranipun. Tiyang ing
kapatihan inggih sami tandang sumêja nyêgati pandung, oboripun kados
raina, tiyang ing Kasindurêjan sami kagèt aningali [a...]
--- 470 ---
[...ningali] Radèn Sukra sarta êmbanipun, sami mêmpis-mêmpis. Enggal
sami dipun alingi kasingkirakên. Anuntên Radèn Mas Ôntawirya dhatêng ing
ngarsane tiyang Kasindurêjan. Tiyang Kasindurêjan sami mêndhak sarwi
nyêmbah pitakèn pawartos. Radèn Mas Ôntawirya mangsuli, yèn bujêng
pandung, plajêngipun mariki. Tiyang Kasindurêjan matur yèn botên wontên.
Radèn nuntên kondur, kadhèrèkakên tiyang Kasindurêjan.Kacariyos Radèn Sukra, manahipun sangsaya sangêt ênggènipun brôngta dhatêng sang putri, ajêng[12] adamêl rêrêpèn pitung pada kaaturakên ing sang rêtna, ingkang dipun utus ngaturakên anama Nyai Tambakbaya, kang minôngka jaruman. Rêrêpèn inggih sampun katur ing sang rêtna, lajêng kasimpên sangandhaping karangulu, botên antawis lami kawartos ing têtiyang kathah, yèn radèn ayu dipati amêmitra kalihan Sukra, pawartos punika katur ing Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati enggal akintun sêrat dhatêng ingkang paman Pangeran Pugêr, sêrat inggih sampun katampèn. Ungêlipun. Kula angaturi uninga ing sampeyan, yèn putra sampeyan adhi ajêng samangke lampah culika, alêlawanan kalihan pun Sukra, sampun urup-urupan wastra, tuwin kintun-kêkintunan samukawis. Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat, pasuryanipun [pasuryani...]
--- 471 ---
[...pun] abrit, sangêt ing dukanipun. Enggal animbali para putra,
Pangeran Pugêr ngandika, thole Sudira, undangên bakyumu Si Lêmbah. Radèn
Mas Sudira enggal lumampah dhatêng ing gandhok. Pangeran ngandika malih
dhatêng putra Radèn Mas Ôntawirya, kulup Ôntawirya, mêngko samangsane
bakyumu têka ing ngarêpku kowe dikêbat anggêledhahana paturone bakyumu,
manawa kowe nêmu layang, sarupa- rupane, tumuli gawanên mrene. Ingkang
putra matur sandika. Botên dangu radèn ayu dipati dhatêng ing ngarsane
sang rama, Radèn Mas Ôntawirya sampun ambalengkrah pasareanipun kang
bakyu, nuntên manggih sêrat rêrêpèn, lajêng kaaturakên ingkang rama,
Pangeran Pugêr sarêng sampun nampèni rêrêpèn, lajêng ngandika dhatêng
ingkang putra èstri, Lêmbah, sarèhning kowe laki gusti, manawa ana
kaluputanamu sandhangên dhewe, aja anggêgawa sadulur utawa wong atuwamu.
Radèn ayu dipati sarêng mirêng botên amangsuli, lajêng kondur sarta
muwun. Saunduripun radèn ayu dipati Pangeran Pugêr lajêng amaos sêrat
rêrêpèn wau, pangeran sangêt dukanipun, lajêng ngandika dhatêng ingkang
para putra, baya wis pinêsthi yèn aku kawirangan têka ing anak wadon.
Hèh Sudira sarta anakku lanang kabèh, dikêbat bakyumu Si Lêmbah untapna
sadina iki, sarta bature wadon kang jênêng Si Tambakbaya,
--- 472 ---
yèn kowe padha ora nana kolu anguntapake, padha kênaa ing supataku.
Para putra matur sandika sarta sami muwun. Para garwa tuwin tiyang
salêbêting dalêm gumarumung sami nangis. Para putra wau sampun kêpanggih
kalihan ingkang bakyu, matur amundhut pêjahipun. Radèn ayu dipati
anglês galihipun, ngandika sarwi muwun. Sudira, kangjêng rama iku ora
nganggo titi pariksa, anggugu wêwadule kangmas dipati bae, kowe matura
ing kangjêng rama, yèn aku ora nglakoni culika sarta ora duwe niyat.
Dene manawa kangjêng rama mêksa mundhut patiku, aku ya nyumanggakake,
sêmbah kula bae aturna. Radèn Sudira angatag dhatêng Radèn Ôntawirya,
kapurih katura ingkang rama. Radèn Ôntawirya inggih enggal matur dhatêng
ingkang rama, Pangeran Pugêr agandika, Ôntawirya, kowe sarta sadulurmu
kabèh aja ana kang mandhêg tumolèh, mulane bakyumu dakukum saiki, supaya
besuk ing ngakherat oleha pangapuraning Allah, lan anyupêt pocapan.
Karodene sapa anakku kang ora môngga anguntapake kêna ing supataku.
Radèn Ôntawirya enggal wangsul dhatêng gandhok, matur dhatêng ingkang
raka yèn ingkang rama kêkah ing karsa. Radèn Ayu Lêmbah sarêng mirêng
lajêng amuwun. Ingkang rayi rinangkul gêntos, sarwi amamêling
kathah-kathah, [kathah...]
--- 473 ---
[...-kathah,] anuntên siram kujamas, sarta agêgônda, lajêng lênggah
sarwi kukup wadana, ingkang rayi kêkalih astanipun têngên nyandhak
cindhe, katangsulakên jangganipun ingkang bakyu, astanipun kang kiwa
ngusapi waspa, ingkang rayi sanèsipun sami nyêpêngi suku tuwin astanipun
kang bakyu, sarta sami nangis. Radèn Ayu Lêmbah sampun seda amargi
katangsulan jangganipun. Tuwin Nyai Tambakbaya inggih sampun pinêjahan.
Ing Kapugêran tangis gumêrah swaranipun, layon sampun pinêtak.Ing sasedanipun Radèn Ayu Lêmbah ingkang ibu enggal lumajêng dhatêng kadhaton, matur ing sang prabu wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung kagèt, têbah jaja sarwi ngusapi waspa, asêrêt pangandikanipun. Bok ipe, ya talah lakinira dene ora nganggo tutur marang ingsun. Karodene têka aninggal paribasaning wong, paribasaning wong iku, sagalakane macan, môngsa kolua matèni marang anake, adhi mas iku kok kolu. Dangu-dangu sang prabu duka ing galihipun dhatêng Sukra, lajêng parentah animbali para bupati sabalanipun. Para bupati inggih enggal sami dhatêng, sang nata lajêng utusan dhatêng Radèn Sindurêja amundhut pêjahipun Sukra, utusan sampun lumampah, nanging enggal wangsul, sabab botên angsal margi, kori ing Kasindurêjan dipun kunci, ing lêbêt [lê...]
--- 474 ---
[...bêt] sami pacak baris. Sukra sumêja soroh amuk dhatêng ing
kadipaten, ambelani radèn ayu, Radèn Dipati Sindurêja tansah angampah
sarta amituturi, Radèn Sukra mêksa badhe ngamuk. Radèn Sindurêja awêlas
ningali dhatêng ingkang putra, kèlu ing galih sumêja nglabuhi putra,
lajêng parentah angrakit gêgaman. Wondene utusanipun sang prabu wau
inggih sampun matur yèn botên angsal margi, sabab Radèn Sindurêja sampun
pacak baris, supe yèn ngabdi saking sangêting trêsnanipun dhatêng anak
jalêr amung satunggil. Sang prabu sarêng mirêng atur makatên saklangkung
duka, lajêng parentah dhatêng para bupati, andikakakên ngrurah ing
Kasindurêjan. Ki Tumênggung Sumabrata enggal matur, gusti, bilih
panjênêngan dalêm marêngi, prayogi rayi dalêm Radèn Ayu Sindurêja
katimbalana dhatêng kadhaton. Kadangua kadospundi ingkang badhe dados
kaniyatane lakinipun. Sang nata anurut dhatêng aturipun Ki Sumabrata,
lajêng dhawah dhatêng lurah abdi èstri, anama Wilaja kalihan Suwônda,
andikakakên nimbali Radèn Ayu Sindurêja, utusan enggal lumampah, kairing
ing para bupati sabalanipun, kinèn ngêpung ing Kasindurêjan. Inggih
sampun kinêpung, dene Nyai Wilaja kalihan Nyai Suwônda sampun sami
lumêbêt. Radèn Dipati Sindurêja sakalihan kêpanggih angrangkul Radèn
Sukra, [Su...]
--- 475 ---
[...kra,] sabab Sukra sumêja mêdal ing Jawi angamuk. Nyai Wilaja
sarta Nyai Suwônda lajêng andhawahakên timbalan. Radèn Dipati Sindurêja,
jêngandika tômpaa timbalan dalêm. Putra jêngandika Radèn Sukra kenging
ing kukum molah, pinundhut ing sang prabu badhe pinêjahan. Radèn
Sindurêja dangu ênggènipun anjêtung, nuntên amangsuli, Nyai, dika matur
ing sang prabu, bilih parêng kula kemawon kenginga analangi pêjahe pun
Sukra. Nyai Wilaja sarêng mirêng wangsulan mêngkatên, nuntên wicantên
dhatêng Radèn Ayu Sindurêja, yèn dipun timbali ing sang nata. Radèn Ayu
enggal mangkat, kairingakên ing utusan. Sampun dumugi ing ngarsa dalêm.
Sang nata ngandika alon. Adhi ajêng, sira tutura marang lakinira, yèn
dhèwèke arêp nêmu bêcik sarta arêp anjaluk uripe anake, konên tumuli
seba ing ngarsaningsun. Samangsane ora mêngkono, amêsthi ingsun bakal
tindak dhewe angrusak ing Kasindurêjan. Radèn Ayu Sindurêja aturipun
sandika enggal mantuk. Sampun sanjang dhatêng lakinipun punapa ing
sadhawahipun sang prabu sadaya, Radèn Sindurêja sangêt kèwêdan ing
galihipun, ing wusana anurut dhatêng garwanipun. Nuntên wicantên dhatêng
ingkang putra sarwi ingaras êmbunipun. Ênggèr, kèria ana ing omah bae,
taksuwunake pangapura ing sang prabu. Radèn [Ra...]
--- 476 ---
[...dèn] Sindurêja lajêng mangkat kalihan ingkang garwa, sowan
dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun wontên ing kori kamandhungan
kapêthukakên dhatêng Ki Tumênggung Sumabrata, Radèn Sindurêja kapundhut
dhuwungipun sarta kinubêng para prajurit, rinêksa wontên ing ngriku.
Sang nata nuntên utusan dhatêng bupati ingkang sami angêpung ing
Kasindurêjan. Andikakakên mêjahi Sukra, para bupati ingkang kadhawuhan
wau sami kèwêdan, ajrih lumêbêt. Awit Sukra sampun pacak baris
angatos-atos. Anuntên wontên santananipun Radèn Sindurêja, kaprênah
paman dening Radèn Sukra, anama Ngabèi Môndaraka, punika kang sagah
lumêbêt angipuk Sukra, Ngabèi Môndaraka enggal mènèk pagêr banon, sampun
dumugi ing lêbêt panggih kalihan Sukra, Ki Môndaraka lajêng angrangkul
dhatêng Sukra sarwi nangis, sarta pitutur kathah-kathah, amurih icale
nêpsunipun Sukra, sarta katanggêl yèn ngantosa manggih tiwas. Sampun
dilalah Radèn Sukra gampil manahipun, miturut dhatêng Ki Môndaraka,
balanipun lajêng kabibarakên. Para bupati enggal sami lumêbêt. Sukra
sampun cinêpêng, nuntên dèn ombèni upas, nanging botên tumama, enggal
Ngabèi Môndaraka angukêl rambutipun Sukra, gulunipun dèn idêk sarta
binêthok. Radèn Sukra sampun pêjah, para
--- 477 ---
bupati nuntên sami matur ing sang prabu yèn Sukra sampun pêjah, Radèn
Sindurêja lajêng linuwaran sarta kalilan mantuk. Kala samantên sang
nata lajêng amundhut putranipun èstri Pangeran Pugêr, anama Radèn Ajêng
Impun kalihan kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr, sami pinundhut putra
ing sang prabu kadèkèkakên ing kadhaton. Sang nata lajêng parentah ing
para bupati, sami andikakakên ngusungi maryêm agêng kang sami wontên ing
Matawis, kabêkta dhatêng ing Kartasura, inggih sampun kalampahan.Kacariyos sang nata tampi sêrat saking guprênur jendral ing Batawi, anagih prajangjian, kala rumiyin sang prabu sagah anêmpahi têlasing obat mimis kang kadamêl prang tuwin balanjanipun sarta ajinipun Kumpni kang sami pêjah salêbêting pêrang, sang nata sarêng sampun tampi sêrat sakalangkung pakèwêd ing galihipun, lajêng andikakakên nimbali Pangeran Pugêr kalihan Cakraningrat, tiga Radèn Sindurêja, sampun sami dhatêng wontên ing ngarsa dalêm. Sang nata angandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, sira kongkona marang ing Pasuruan. Si Surapati konên angêlar jajahan, anêlukna wong môncanagara, yèn wus têkan sawetaning gunung lawu, ingsun tumuli anglakokake gêgaman. Amapagake pêrange Si Surapati,
--- 478 ---
kang sun tuduh anindhihi Mas Pugêr, sarta wong Kartasura saparo, yèn
wis padha kalakon, sira tumuli amangsulana layang marang Batawi, warahên
yèn ingsun ora bisa mikir panagihe iku, krana lagi ewuh amapagake
mungsuh, lan sira amundhuta bantu Kumpêni, manawa wong Kumpêni ora gêlêm
ambantoni apa gawene anagih. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng
Pangeran Pugêr sarta dhatêng Pangeran Cakraningrat. Adhi sakarone,
kapriye kang dadi rêmbugira, ing besuk manawa ana layang panagih manèh
wangsulan ingsun kapriye. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing
pamanah kula bilih panjênêngan dalêm pancèn botên karsa amaringi,
prayogi dipun wangsuli pasaja kemawon. Sarèhning Panjênêngan dalêm
sampun amaringi siti ing Pasundhan tuwin ing Carêbon. Punika kemawon
lêrêsipun sampun anyêkapi kadamêl lintonipun wragating prang kang têlas.
Radèn Dipati Sindurêja anyambungi, ênggèr, atur sampeyan punika inggih
sampun lêrês. Ananging sarèhning raka paduka ingkang sinuhun sampun
katrucut sagah amaringi têtêmpah, kadospundi ênggènipun nyêlêd, dene
nagari Pasundhan punika minôngka ganjaran kemawon. Pangeran Pugêr
ngandika, mêngkono iku gampang bae, sarèhning ing tanah Jawa kabèh iki
kagunganing ratu, mungguh bumi
--- 479 ---
kang dèn anciki, banyu kang dèn ombe, utawa sukêt godhong
sapanunggalane, iku apa ora akèh pangajine, mungguh kakang prabu karsaa
angrêgani, apa maneh wong Kumpêni ênggone dagang ana ing tanah Jawa ya
wis akèh untunge sarta kajèn. Wong Jawa ora ana kang wani nyikara,
mêngkono iku rak sêka sawabe sang prabu, wong Kumpêni yèn ora angatokna
sawabe kakang prabu luwih bêcik lungaa têka ing tanah Jawa. Pangeran
Cakraningrat sumambung, kakang mas, inggih lêrês sampeyan, mênggaha
tiyang bêbêrah tiyang sampun pinaringan umbalan. Inggih nuntên kesaha
ingkang têbih, parandosipun yèn prang inggih botên mêntas piyambak,
inggih ugi tiyang Jawi ingkang nglampahi pêrang, tiyang Kumpêni amung
ngêtêbi kemawon. sang prabu sarêng mirêng saklangkung suka ing
galihipun, lajêng ngandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, besuk
samangsane sira kêtêmu lan si kumêndur utawi si petor, yèn pitêmbung
anagih, sira dikukuh bae, dene yèn panagihe mêksa, ing kono sêdhênge
nundhung têka ing tanah Jawa, dene yèn narima sarta rumôngsa
ngêmpèk-êmpèk marang ingsun, ingsun ya anglulusake ênggon ingsun
prasanakan, awit ingsun diwêkas marang kangjêng rama swargi, dikakake
têpung bêcik karo wong Walônda, ing samêngko [samêng...]
--- 480 ---
[...ko] sira dikêbat anglakokna kongkonan marang Pasuruan. Yèn
gêgaman ing Pasuruan wis têka sawetane gunung Lawu, adhi mas Pugêr
tumuli ingsun kone mangkat amapagêna prang. Radèn Sindurêja kalihan
Pangeran Pugêr nuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu, Radèn
Sindurêja lajêng nglampahakên utusan dhatêng Pasuruan.Kacariyos Surapati sampun anglampahakên baris antawis tigang èwu, têtindhihipun ingkang putra kêkalih, samargi-margi tansah anjêjarah, kèndêl masanggrahan ing Madiun. Wondene Pangeran Pugêr inggih sampun bidhal saking Kartasura, sarta bala ing Kartasura sapalih, lampahipun mêdal ing Jagaraga, lajêng campuh wontên ing Kalitambang bawah Madiun. Tiyang Pasuruan kawon prangipun, lumajêng dhatêng ing Caruban. Pangeran Pugêr sabalanipun amasanggrahan wontên ing kitha Pranaraga.
Gêntos kacariyos sang prabu ing Kartasura gêrah lumpuh, sangêt ngantos botên sagêd miyos sinewaka, Pangeran Pugêr sabalanipun sami katimbalan mantuk. Inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, antawis sataun gêrahipun sang prabu waluya, sang nata anadar ngrampog sima kathah sarta lêlumban ing sagara yasa kalihan para garwa, dene ingon-ingonipun [ingon-ingoni...]
--- 481 ---
[...pun] baya sampun sami kapêndhêtan dhatêng Radèn Suryakusuma,
ênggènipun lumêbêt ing toya Radèn Suryakusuma wau busananipun botên
têlês. Ingkang ningali sami eram. Nadaripun sang prabu wau inggih sampun
sami kalampahan. Kala samantên nagari ing Kartasura sakalangkung gêmah
arja, Pangeran Dipati Anom sampun pêputra sakawan. Pambajêngipun anama
Radèn Mas Bumi, ingkang rayi nama Radèn Mas Panênggak. Pandhadha nama
Radèn Mas Alit. Wuragilipun èstri, anama Radèn Ajêng Sasi, sakawan pisan
sami patutan saking garwa sêlir sarta sami pinundhut putra dhatêng
ingkang eyang sadaya, dene Radèn Mas Bumi wau sampun kaangkat nama
Pangeran Buminata.Kacariyos Pangeran Dipati Anom kapêksa dhatêng ingkang rama, kadhaupakên kalihan putri ing Kapugêran Radèn Ajêng Impun, angarang ulu Radèn Ayu Lêmbah, dene kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr katrimakakên dhatêng kapenakanipun jalêr Ratu Kancana, anama Radèn Sumaningrat. Kala samantên sinêngkalan 1623.
Anuntên wontên kapenakanipun sang prabu, putranipun Pangeran Singasari swargi, anama Radèn Mas Punta, punika andêdagan wontên ing astana Têgal Arum, sumêja ngraman. Sarêng katur ing sang nata lajêng kinèn nyêpêng, sarta [sar...]
--- 482 ---
[...ta] sampun pinêjahan. Sarêng ing taun 1625, Radèn Dipati
Sindurêja gêrah, andadosakên ing pêjahipun. Dene ingkang kagêntosakên
dados pêpatih Jawi aparentah tiyang satanah Jawi, Ki Tumênggung
Sumabrata, ingkang ênggêntosi dados patih lêbêt, Ki Tumênggung Wiraguna.
Kala samantên Pangeran Dipati Anom pinaringan wawênang amarentah para
dipati sarta tiyang satanah Jawi, dados pêpatih kêkalih wau sabarang
prakawis mawi ngaturi uninga ing Pangeran Dipati Anom. Wondene sang
prabu ing sabên-sabên inggih tansah amulang dhatêng ingkang putra
pratingkahipun tiyang jumênêng ratu utawi tiyang agêsang, sarta pinardi
ambucala kalakuwanipun ingkang botên prayogi, punapa malih pinurih asiha
dhumatêng Pangeran Dipati Pugêr kalihan dhatêng Pangeran Cakraningrat,
sampun ngantos adamêl sakiting galihipun. Panggalihipun sang prabu
supados ing têmbe lulusa ênggènipun badhe anggêntosi jumênêng nata, mila
makatên, sang nata wau sampun rumaos yèn badhe puput yuswanipun,
nanging sangêt sumêlangipun dhatêng kalakuwanipun ingkang putra, mila
sangêt pamardinipun. Botên antawis lami sang prabu gêrah sangêt,
andadosakên ing sedanipun pinuju ing taun Alip ôngka 1627.
--- 483 ---
Babad Tanah Jawi Sêrat Ingkang Kaping 3
--- 484 ---
Sasedanipun Sang prabu Mangkurat Pangeran Dipati Anom lajêng pinarak
wontên ing srimanganti sarta amêpakakên para bupati sabalanipun. Inggih
sampun sami dhatêng abaris ing alun-alun. Anuntên Sang Pangeran Pugêr,
kalih Pangeran Arya Mataram, tiga Pangeran Arya Panular anyuwuni lilah
ing Pangeran Dipati Anom, sumêja sami ngujung ing layonipun sang nata,
Pangeran Dipati Anom inggih anglilani, pangeran têtiga inggih lajêng
sami lumêbêt anyungkêmi ing layonipun sang prabu sarwi sami muwun.
Kacariyos kalananganipun sang nata angadêg, sarta wontên cahyanipun
mancorong amung samarica, wontên ing sapucuking kalam. Nanging botên
wontên ingkang uninga, namung Pangeran Pugêr piyambak ingkang aningali,
Pangeran Pugêr wau enggal anêcêp cahya kang wontên sapucuking kalam.
Sarêng cahya sampun kacêcêp, kalam mantun angadêg. Sampun pinêsthi karsa
Allah yèn Pangeran Pugêr ingkang badhe anggêntosi jumênêng nata,
wondene jumênêngipun nata Pangeran Dipati Anom punika ratu wêwêla
kemawon. Layonipun sang nata sampun binêrsihan, lajêng binêkta dhatêng
Mogiri, kadhèrèkakên bala ing Kartasura sawatawis. Ingkang angirit Radèn
Suryakusuma, garwanipun sang prabu kang nama Ratu Kancana inggih tumut
andhèrèkakên dhatêng Mogiri, sarta
--- 485 ---
ambêkta reyal sèwu, kas kaya saking panggaotanipun sang prabu piyambak, badhe kadamêl salawat.Ing sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom parentah dhatêng Ki Dipati Sumabrata, andikakakên mêpak para bupati mantri wontên ing pagêlaran. Sabab badhe karsa jumênêng nata anggêntosi ingkang rama. Ki Sumabrata matur, gusti, prayoginipun amaringana uninga dhatêng tiyang Kumpêni rumiyin, bilih rama dalêm seda, sarta aparinga uninga yèn panjênêngan dalêm karsa jumênêng anggêntosi nata. Pangeran dipati amangsuli, besuk yèn ingsun wis jumênêng bae bakal awèh wêruh, samêngko ingsun ora karsa awèh wêruh, sira dikêbat anglumpukna kancanira kabèh, ingsun dandan dhingin, tumuli miyos ing pagêlaran. Ki Sumabrata matur sandika lajêng mêdal anglêmpakakên mantri bupati sadaya tuwin para khaji sarta pangulu punapa dene sarip satunggil, gurunipun sang nata swargi, saking nyalatakên layon dèrèng ngantos sami mantuk, lajêng sami sowan ing pagêlaran. Botên antawis dangu Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, ginarêbêg ing pawongan, sami angampil upacara kaprabon. Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi pangeran kêkalih amêthukakên ing sitinggil. Pangeran Dipati Anom matur dhatêng Pangeran Pugêr, paman, kula [ku...]
--- 486 ---
[...la] badhe karsa jumênêng nata, mugi sampeyan idini. Pangeran
Pugêr mangsuli sêndika sarta jumurung. Pangeran Dipati Anom lajêng
têdhak dhatêng pagêlaran, pinarak ing dhêdhampar, ingkang sowan sampun
sami pêpak. Pangeran Pugêr nuntên jumênêng sawingkinge pangeran dipati
sarwi ngandika sêru, sarupaning wong ing Kartasura kabèh, padha
anêksenana, yèn Pangeran Dipati Anom saiki takjunjung nata angrèh ing
tanah Jawa kabèh, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing
Ngalaga Sayidin Panatagama. Para bupati sapangandhap sami saur pêksi
jumurung, Ki Dipati Sumabrata enggal anyêntak dhatêng Pangeran Pugêr, ah
ampun kêdah andika junjung, Pangeran Dipati Anom sampun sagêd jumênêng
nata piyambak. Pangeran Pugêr sarêng mirêng saklangkung wirangipun,
kados botên sagêd aningali têtiyang, ing dalêm batos tansah anyêbut
ngudu bilihi,[13]
Ki Dipati Sumabrata sakancanipun para bupati mantri enggal sami ngaras
ing sukunipun sang prabu, Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi kêkalih sami
asêsalaman. Sang nata nuntên kondur angêdhaton. Sarawuhe ing kadhaton
lajêng andhawahakên parentah dhatêng tiyang sakadhaton, yèn ingkang ibu
Ratu Kulon samangke kanamakakên Ratu Agêng. Kacariyos putranipun sang
prabu ingkang sampun seda amung satunggil sang
--- 487 ---
nata punika, patutanipun kalihan Ratu Kulon. Garwa sanèsipun botên
wontên patutan. Mila makatên, Ratu Kulon punika sangêt dursila ing
manahipun. Yèn wontên marunipun ingkang wawrat lajêng dipun sanjani,
wawratipun lajêng ical sami sakala.Kala samantên pinuju ing dina Rêspati sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung panakawanipun kêkalih, paranakan Cina ing Samawis anama Ki Pusparaga, kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat, sarta abdinipun ing kadospatèn inggih kathah kang sami jinunjung lênggah, sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Sumabrata, andikakakên kintun sêrat paring pariksa dhatêng kumêndur ing Japara kalihan Kapitan Kênol ing Samawis, bab sedanipun ingkang rama sarta ênggènipun anggêntosi jumênêng nata. Ki Sumabrata matur sandika. Sang prabu nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng Ki Sumabrata, Sumabrata, mungguh ênggon ingsun jumênêng nata iki apa ana kang dadi sumêlang, agawe pakewuhing ati. Ki Sumabrata matur, pangraosing manah kula amung priyantun satunggil ingkang dados sumêlang, nanging kula ajrih amastani. Sang nata mèsêm sarwi ngandika, iya ingsun wus sumurup kang dadi sumêlangira iku, ora liya amung Si Paman Pugêr, nanging panduganingsun yèn putrane wadon isih ingsun wêngku, kaya ora kêlakon aduwea cipta ala.
--- 488 ---
Ki Sumabrata matur, gusti, mêngkatên punika sangsaya gampil
anglampahakên, kadursilan anênungkul amurih pêjah, sabab tiyang arêbat
karaton punika amêsthi botên angetang anak èstri, saupami Pangeran Pugêr
akèn dhatêng garwa dalêm, kapurih anyedanana ing panjênêngan dalêm.
Pandugi kula inggih badhe kalampahan. Sang nata sarêng mirêng aturipun
Ki Sumabrata, dilalah lajêng kasupèn ing wawêlingipun ingkang rama
swargi, anggêga aturipun Ki Sumabrata. Kala samantên pinuju sidêkah
pitung dintênipun ingkang rama, garwanipun sang prabu putri ing
Kapugêran lajêng kaantukakên dhatêng ingkang rama Pangeran Pugêr, dene
ingkang kainggahakên dados garwa, sêlir saking Onje, kaparingan nama
Ratu Kancana.Kacariyos ingkang sami andhèrèkakên layon dhatêng Magiri,[14] sarêng layon sampun kinubur, lajêng sami mantuk dhatêng Kartasura, amung Ratu Mangkurat taksih kantun angaosakên kalihan para santri kathah, wondene Radèn Suryakusuma botên purun mantuk, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Ngenta-enta tanah Matawis, anêlukakên tiyang sakiwa têngên ing ngriku, dipun purih kondur dhatêng abdinipun kamisêpuh anama Ki Surôngga, radèn botên purun, pangandikanipun, Surôngga, yèn kangmas pangeran dipati anggêntèni jumênêng nata, aku [a...]
--- 489 ---
[...ku] suthik mulih, wis pêsthi jagad bakal rêtu, krana kangmas
dipati iku budine bangêt ala, kagawa têka biyunge, dudu turun Mataram.
Wis dilalah swargi uwa prabu ora pêputra karo garwane kang padha turun
Mataram. Kangmas dipati dhewe ya wis dilalah ênggone jêjodhon karo
sadulurku ora tutug. Iku mratandhani yèn bakal sirna wijine, luwih bêcik
aku jumênênga nata dhewe, dene bêgja utawa cilaka, iku ana ing awakku
dhewe, lan wis wiyahe yèn wong ngrêbut nagara, yèn kalah sirna, yèn
mênang pêsthi ngukup. Hèh Kakang Surôngga, nuli dikêbat anêluk-nêlukna
wong tanah Mataram utawa ing Pagêlèn. Lan misuwurna yèn saiki aku
jumênêng nata ajêjuluk Prabu Panata Agama. Radèn Surôngga matur sandika.
Kala samantên sampun kathah tiyang ingkang sami suyud, agêng
bêbarisanipun, sarta sampun angreka kadhaton tuwin alun-alun wontên ing
dhusun Ngenta-ngenta.Kangjêng Ratu Mangkurat sarta tiyang sa-Magiri sami kagegeran. Ratu Mangkurat angili mangetan dhatêng ing Gunung Kidul, anjog ing dhusun Masaran, lajêng kondur dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Radèn Suryakusuma balela sarta sampun kathah balanipun. Sang nata sangêt duka dhatêng Pangeran Pugêr, katêrka saking pangajanipun ingkang rama, sang prabu lajêng parentah dhatêng Ki
--- 490 - --
Sumabrata, paman Pugêr timbalana dienggal saanakbojone, yèn wis têka
banjur bêthekana ana ing paseban ngalun-alun, aja sira wèhi nganggo
gêgaman. Ki Sumabrata enggal utusan nimbali, Pangeran Pugêr
sagarwaputranipun inggih sampun dhatêng wontên ing pagêlaran. Ki
Sumabrata lajêng andhawahakên timbalan dalêm, sarta amundhut agêmanipun.
Pangeran Pugêr inggih botên suwala, sampun asrah dhuwung, dalasan para
putra tuwin para abdinipun inggih sampun sami asrah gaman, amung Radèn
Mas Ôntawirya ingkang dèrèng asrah dhuwung, andik netranipun,
wadananipun abrit. Para bupati ebah sami angantos-antos. Pangeran Pugêr
enggal andhawahi dhatêng ingkang putra, Ôntawirya, kêrismu pasrahna,
sanajan kowe dipatenana ya aja suwala, sarèhning kowe ora dosa, amêsthi
patimu sahid. Balik yèn kowe bôngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan
yèn kowe ora srah gêgaman kêna ing supataku. Radèn Ôntawirya sangêt
ajrih dhatêng ingkang rama, sampun pasrah dhuwung, Pangeran Pugêr
saputragarwanipun tuwin para abdi lajêng sami kabêthekan, ing jawi
karêksa gêgamanipun para bupati, Pangeran Pugêr saputragarwanipun
saklangkung mamêlas. Siyang dalu sami anangis sarta anênutuh dhatêng
Radèn Suryakusuma.
--- 491 ---
Para bupati ingkang sami rumêksa ing kabêthekan tuwin Ki Dipati
Sumabrata ing sabên sontên sami têtêgar maripit pabêthekan sarta sami
wicantên mêmiringi amêmirang dhatêng Pangeran Pugêr. Wondene Pangeran
Pugêr inggih sangêt jarêm ing galihipun. Botên karsa dhahar utawi sare,
tansah anêdha pangapura sarta pitulunging Allah, bilih wanci dalu sangêt
ênggènipun nêkung angêningakên tingal. Yèn ing dintên Sênèn tuwin
Kêmis, Pangeran Pugêr siram kujamas, arêrêsik, madhêp ing karsanipun
sang prabu manawi badhe anêlasi.Kacariyos sang nata sampun parentah anglurugi kraman Radèn Suryakusuma, inggih sampun kalampahan. Radèn Suryakusuma kawon pêrangipun, sabab kêkathahên mêngsah, balanipun kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng tanah Pagêlèn. Bala ing Kartasura lajêng sami mantuk. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, angrêmbag badhe sumêja anêlasi Pangeran Pugêr. Ki Sumabrata matur ajrih ing walatipun. Amêsthi badhe damêl rêngkaning nagari. Ki Tumênggung Wiraguna sumambung, upamènipun arak sakopi, bilih dipun ombe tiyang satunggil amêsthi ngêndêmi, yèn dèn ombe tiyang kathah amêsthi tawa. Nuntên kasaru dhatêngipun ingkang sami nglurug. Matur yèn unggul pêrangipun. Radèn Suryakusuma lumajêng mangilèn. Sang nata saklangkung suka, lajêng
--- 492 ---
parentah ambujênga ing sapurugipun Radèn Suryakusuma, ingkang
kadhawahan inggih enggal mangkat. Kala samantên Ki Sumabrata nuntên
matur anyuwunakên pangapura Pangeran Pugêr, sabab kraman Radèn
Suryakusuma sampun kawon prangipun. Akathah-kathah aturipun Ki Sumabrata
wau ênggènipun amurih icale dukanipun sang prabu dhatêng Pangeran
Pugêr. Sang nata inggih lajêng amarêngi, alon pangandikanipun. Iya wis,
luwarana paman Pugêr, nanging pundhutên tokide yèn angajanana ngêraman
marang putrane kabèh, sarta dhawuhana ngalih omah cêdhak ing alun-alun.
Ki Sumabrata matur sandika, lajêng dhatêng ing pabêthekan. Pangeran
Pugêr sampun kapundhut katêmênanipun. Sarta kadhawahan ngalih, adalêma
cakêt ing alun-alun, lajêng linuwaran. Pangeran Pugêr wau inggih sampun
ngalih padalêman.Gêntos kacariyos nagari ing Batawi, ingkang dados guprênur jendral anama Hirpèk Husdiman, kala samantên tampi sêrat saking kumêndur ing Japara, angaturi pariksa yèn pisêrat saking ing Kartasura, amaringi pariksa yèn Sang Prabu Mangkurat sampun seda, putranipun kang nama Pangeran Dipati Anom sampun anggêntosi jumênêng nata, nanging ênggènipun paring pariksa sampun antawis lami saking gènipun jumênêng, wêtawisipun
--- 493 ---
kumêndur, sang prabu enggal punika sumêja amêdhot ênggèning
prasanakan kalihan Kumpêni, botên anglastantunakên jangjènipun ingkang
rama swargi kalihan Kumpêni. Tuwan gurnadur jendral lajêng pirêmbagan
kalihan tiyang agêng-agêng ing Batawi, para tiyang agêng wau sampun sami
amastani yèn sang prabu têtêp cidra ing jangji, nuntên sami rêmbag
sumêja anglampahakên kadursilan ingkang rêmit, amurih sedanipun sang
nata. Kala samantên lajêng sami ngupados tênung, inggih sampun angsal
isaratipun têlas gangsal kêthi reyal. Tênung sampun nate adamêl
pêjahipun para ratu ing sabrang, ing nalika punika tênung wau awarni
jalma, agêngipun sapra unthing, panjanging suku sacêngkal. Rambutipun
gambal,[15]
tagang gotongan, tênung sampun lumaksana dhatêng ing Kartasura,
nyiluman amor angin, anjujug ing kadhaton wanci têngah dalu, sang nata
pinuju mêdal ing plataran prabayasa. Tênung sarêng aningali sang prabu
nuntên tumurun saking jumantara, anjênggêlêg ing ngarsane sang prabu,
sang nata sangêt kagèt, githokipun mangkarag, sariranipun gumêtêr, sang
nata nuntên angintên yèn kalangênanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram
rumiyin. Lajêng purun pitakèn. Kowe iku sapa, dene gêdhemu angluwihi,
apa kowe Si Juru Taman, kalangênane eyang Senapati biyèn. Tênung matur
sêru, aku
--- 494 ---
dudu Juru Taman, aku tênunge wong Walônda, kang dadi raja ing tanah
Jawa apa kowe. Sang nata sarêng mirêng sakêlangkung ajrih sarta
dhêrodhog, gugup ênggènipun mangsuli, dudu aku kang dadi raja, dene kang
dadi nata amêngku ing tanah Jawa kaprênah pamanku, kadhatone ing
Kapugêran, lor bênêr sêka ing kene. Tênung enggal kesah, sang nata lêga
galihipun. Marasipun sampun ical. Lampahing tênung sakêdhap netra dumugi
ing Kapugêran. Anjujug ing latar panêpèn. Pangeran Pugêr amarêngi turas
ing latar ngriku, kagèt aningali ing jalma botên kaprah agêngipun.
Pangeran sampun angintên yèn punika brêkasakan. Pangeran lajêng amatak
donga sepi, amurugi tênung sarta pitakèn. Kowe iki setan apa êjim, dene
gêdhemu kagila-gila. Tênung sumaur, aku tênung Walônda, sapa kang dadi
ratu ing tanah Jawa. Pangeran amangsuli, ratuku ana ing kadhaton. Tênung
wicantên malih sarwi nyêntak. Ah aku mau saka ing kadhaton. Ana wong
siji kang nêmoni ing aku, atutur marang aku yèn ratune ana ing kene,
malah kaprênah pamane lan kang tutur iku. Pangeran sarêng mirêng lajêng
mèsêm sarwi ngandika, ansaallah ya ingsun kang jumênêng nata amêngku ing
tanah Jawa, kowe sumêja apa têkamu ing kene. Tênung amangsuli, ana kang
kongkon marang aku,angadu kasêktèn [ka...]
--- 495 ---
[...sêktèn] lan ratu Jawa, yèn ratune wis kalah mati dening aku, nuli
balane kabèh dakkon numpês marang sarupaning wong Jawa. Pangeran Pugêr
mèsêm sarwi ngandika, lah payo têkakna kasêktènmu, kowe iki lêlêmbut
sumêja sikara. Pangeran Pugêr lajêng amatak donga bêsmah sarta donga
bala sêrèwu tuwin donga sanèsipun. Tênung lajêng ngalumpruk. Badanipun
awarni rare alit, kajuwat-kajuwit botên sagêd wicantên, mripatipun
pucicilan. Pangeran Pugêr ngandika malih, saiki kowe wis kalah
kasêktènmu, nuli lungaa dikêbat, balia marang panggonamu ing sabrang,
lungamu ngalora nurut Gunung Kêndhêng kana, ana ing dêdalan aja
ganggu-ganggu marang sarupaning wong, sabab wong tanah Jawa batur kabèh,
yèn kowe ora tumuli lunga, apa kowe nganti dakdulang ing tai lingsang.
Tênung enggal kesah mangalèr nurut rêdi Kêndhêng, kang kamargenan kathah
têtiyang sakit rumab. Kala samantên sampun tatas raintên. Sang nata
lajêng utusan anêlik Pangeran Pugêr gêrah utawi botênipun. Utusan inggih
sampun wangsul, matur yèn pangeran taksih wilujêng, botên ewah taksih
kados sabên. Sang nata sangêt ngungun.Kacariyos putranipun sang prabu ingkang pambajêng seda, panênggakipun jalêr sampun kaangkat nama Pangeran Mangkunagara, [Mangku...]
--- 496 ---
[...nagara,] ingkang rayi kaangkat nama Pangeran Mangkuningrat. Radèn
Dipati Sindurêja atilar putra jalêr satunggil, sampun kajunjung nama
Tumênggung Sindurêja, santananipun sang nata saking kang ibu anama Radèn
Ônggadimêja kaangkat nama Pangeran Balitar.Kala samantên amarêngi sidêkah satus dintênipun sang prabu kang sampun seda, para bupati sami lumêbêt ing kadhaton sarimbit, sarta sami nyipêng. Kacariyos wontên garwanipun anèm Pangeran Cakraningrat, ayu warninipun, dèrèng pêputra, anama Radèn Ayu Pakuwati, pantês salêlewanipun. Sarêng kauningan sang prabu lajêng ingapusan dhatêng pajungutan. Sadhatênge ing ngriku lajêng kagujêg, pinêksa katunggil sare, radèn ayu badhe mopo, nanging botên kuwawi nyêmbadani karosanipun sang prabu, dados anangis sarta jêlih-jêlih, sarêng sampun radèn ayu nuntên mantuk, sarta mrêbês mili, sadhatêngipun ing pondhokan Pangeran Cakraningrat sawêg nguwêt puyuh, kagèt aningali garwanipun dhatêng, puyuh lajêng kalêbêtakên ing kurungan. Pangeran enggal mêthukakên. Pangeran kagèt aningali garwanipun mêrbês mili, enggal pitakèn. Garwanipun amangsuli bêlaka yèn kawasesa ing sang prabu, pangeran sarêng mirêng saklangkung duka, pasuryanipun abrit, andik paningalipun. Sakala agadhah [aga...]
--- 497 ---
[...dhah] cipta sumêja angrurah ing kadhaton. Dangu-dangu pangeran
emut wawêlingipun sang nata swargi, kinèn angêmong ing sang prabu
punika, pangeran lilih ing dukanipun. Lajêng utusan angaturi Ki
Tumênggung Jangrana ing Surabaya, inggih sampun dhatêng wontên ing
ngriku, Pangeran Cakraningrat ngandika, kakang Jangrana, ing saiki aku
sumêja amalik tingal, sabab sang prabu solahe acalunthangan, ayo padha
angipuk Pangeran Pugêr, diangkat jumênêng nata, sabab iku kang alus
budine, asih marang bala, patut yèn jumênênga nata. Ki Tumênggung
Jangrana inggih lajêng kèlu kemawon. Sabab sampun mirêng pawartos yèn
ing Surabaya badhe kadadosakên kêkalih. Pangeran Cakraningrat kalihan Ki
Jangrana ing wanci dalu lajêng sami sowan dhatêng Kapugêran, sampun
kêpanggih, ingancaran lênggah panêpèn. Pangeran Pugêr alon ngandika,
adhi, sakarone kadingarèn, kowe padha mrene bêngi-bêngi, ana karêpmu
apa. Pangeran Cakraningrat matur bêlaka yèn sakit manahipun dhatêng sang
nata, lajêng angipuk sarta anggêgasah dhatêng Pangeran Pugêr, ingaturan
jumênêng nata, angrêbata nagari ing Kartasura, dene ingkang dados
gêgêbaging prang inggih Pangeran Cakraningrat sarta Ki Tumênggung
Jangrana ingkang anyagahi. Pangeran Pugêr alon amangsuli, kang ora-ora,
adhi, koucapake, lan yèn [yè...]
--- 498 ---
[...n] wong wani-wani ing ratu, iku ora bêcik kang bakal tinêmu,
krana ratu iku minôngka warananing Allah, karo dene adhi, aku ora duwe
sêja angêndhih nagara ing Kartasura, amung niyat momong bae marang kang
dadi ratu. Pangeran ing Sampang matur, kaka mas, pangandika sampeyan
punika inggih lêrês, bilih sang prabu anglulusna wêwêlingipun ingkang
rama swargi, môngka dhatêng sampeyan sampun anganiaya, dhatêng ing kula
sawiyah-wiyah makatên. Pun kakang Jangrana punika inggih sakit
manahipun. Lajêng kathah-kathah pangipukipun Pangeran Cakraningrat wau,
wangsulanipun Pangeran Pugêr kagalih rumiyin.Gêntos kacariyos Ki Rôngga Yudanagara ing Samawis, sangêt ênggènipun prihatos. Amirêng pawartos yèn sang prabu kagungan abdi kêkasih paranakan Cina, sampun kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat sarta agadhah panyuwun dados bupati wontên ing Samawis. Sang prabu inggih badhe amarêngi. Kala samantên Ki Rôngga ing Samawis lajêng utusan ngaturi sêrat dhatêng ing Pangeran Pugêr, ingkang dipun utus mantri kêkalih, anama Tanpanaha kalih Sawunggaling, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug pêpatih ing Kapugêran, anama Sêtrajaya, inggih lajêng kaaturakên ing gustinipun. Sêrat lajêng kawaos, suraosipun, Ki Rôngga angaturi [angatur...]
--- 499 ---
[...i] uninga yèn Kapitan Kênol ing Samawis dalasan para Kumpêni kang
wontên ing tanah Jawi sadaya sami sakit manahipun dhatêng sang prabu,
awit kalanipun jumênêng nata botên mawi pratela dhatêng tiyang Kumpni,
ing mangke tiyang Kumpêni angajêng-ajêng ing Pangeran Pugêr lolosa
saking Kartasura, tumêdhaka dhatêng ing Samawis. Wontên ing ngriku badhe
kaangkat jumênêng nata dhatêng tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr
sasampuning maos sêrat sakalangkung lêga galihipun. Utusan lajêng dipun
ganjar busana sapangadêg kalih pisan, pasangonipun mitung reyal, sarta
sampun pinaringan wangsulan. Pangeran Pugêr nuntên èngêt dhatêng
Pangeran Cakraningrat. Utusan saking Samawis kinèn ngêntosi. Pangeran
Pugêr enggal dhawah animbali Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung
Jangrana, inggih sampun sami dhatêng wontên ing Kapugêran. Lajêng
inguncalan sêrat kang saking Samawis. Sang dipati kêkalih sasampuning
maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Angraos yèn angsal kanthi,
utusan lajêng dèn pangadêg dhatêng Pangeran Cakraningrat sarta yatra
nyadasa reyal. Ki Tumênggung Jangrana inggih maringi makatên. Pangeran
Pugêr sampun amaringi wangsulan sêrat. Sarta angintuni lorodan rasukan
dhatêng Ki Rôngga ing Samawis. Pangeran Cakraningrat inggih angintuni
sêrat dhatêng ing Rôngga, [Rông...]
--- 500 ---
[...ga,] utusan sampun mêsat saking Kartasura. Priyantun têtiga wau
lajêng sami pirêmbagan. Pangeran Cakraningrat matur alon. Kakang mas,
ing pundi panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman. Pangeran
Pugêr angandika, adhi mas, lungaku têka ing Kartasura aku bakal jumujug
ing Dêmak. Ing kono ênggonku sumêja jumênêng nata, sarta akêklumpuk
bala, dene wong Kumpêni tulung ya bêcik, nanging aku bakal prasabên bae.
Pangeran ing Sampang matur, yèn karsa sampeyan sampun kêncêng, kula
badhe pamit mantuk dhatêng ing Maduntên angrumiyini, badhe akêklêmpak
gêgaman. Dene pun kakang ing Surabaya angantunana, sampun ngantos
ngatawisi sarta rumêksa ing sampeyan ing kabatosan. Sarêng sampun
giliging rêmbagipun sang dipati kêkalih lajêng mantuk dhatêng
pondhokipun. Enjingipun Pangeran Cakraningrat sowan ing sang prabu
anyuwun pamit sumêja tuwi nagarinipun, asêngados botên lami nuntên
wangsul. Sabab sangêt sumêlangipun yèn anilara lami-lami ing sang prabu,
aturipun Pangeran Cakraningrat wau botên katawis yèn ngandhut wêwados.
Wondene sang prabu inggih botên pisan kagungan panggraita, yèn Pangeran
Cakraningrat sakit manahipun. Sabab kamokalakên yèn garwanipun puruna
bêlaka, pangandikanipun alon. Paman, [Pama...]
--- 501 ---
[...n,] kula gih anglilani, nanging ampun lawas-lawas. Nuli andika
bali, kalih dene pondhokane paman saene ontêna kang nênggani, pun bibi
salah satunggil prayogine tinilara. Pangeran Cakraningrat matur yèn
garwanipun kêdah sami tumut. Sang nata lajêng amaringi pasangon pitung
atus reyal. Pangeran Cakraningrat nuntên lèngsèr saking ngarsane sang
prabu, sadhatênge ing pondhokan lajêng bidhal lan sagarwa putra tuwin
balanipun sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Sampang, lajêng tata-tata
sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Ing sabên dintên tansah
anggêgulang pratingkahing pêrang.Kacariyos Pangeran Dipati Pugêr, ing sabên dalu tansah anêkung anêgês karsaning Allah, kala samantên sampun angsal samitaning[16] Allah kalilan jumênêng nata, anuntên botên antawis lami Radèn Suryakusuma ingkang dados kraman kacêpêng dene[17] Arya Banyakwidhe, amargi dipun bujuk. Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sampun misuwur ing têtiyang sanagari Kartasura, yèn Radèn Suryakusuma kacêpêng, Pangeran Pugêr sarêng mirêng pawartos mêngkatên, enggal amarentahi ing balanipun tuwin para garwa putranipun sadaya, yèn pangeran sumêja lolos. Parentahipun kadadak sarêng sadalu, usrêg pating kalêsik. Para putra sami gugup, solahipun awarni-warni, wontên kang ngêmban putra, [pu...]
--- 502 ---
[...tra,] wontên kang bêbondhetan kalihan sêliripun. Sawênèh mandhi
waos sarwi kêkalung karbin. Ing wanci pukul kalih dalu, ing taun 1628
Pangeran Pugêr lolos, mêdal ing kori bêbutulan, lan saputragarwanipun
tuwin ingkang abdi sadaya, gumarêdêg swaranipun, angalèr ngilèn. Kadet[18]
ingkang sami kamargenan, sarta sami sumêrêp yèn Pangeran Pugêr lolos.
Tiyang ingkang sami sumêrêp wau lajêng sami ngaturi uninga ing lêlurah
bêkêlipun. Nuntên katur dhatêng Ki Dipati Sumabrata, Ki Sumabrata enggal
lumêbêt dhatêng kadhaton. Sampun kapanggih kalihan wadana kang kêmit
tuwin lurah abdi èstri, Ki Sumabrata akèn amungu sang prabu, sang nata
inggih sampun kawungu, nuntên têdhak amanggihi Ki Sumabrata, Ki
Sumabrata inggih sampun matur yèn Pangeran Pugêr lolos. Sang nata sarêng
mirêng saklangkung gugup, enggal amundhut bêndhe Kyai Bicak. Nuntên
tinabuh, binarung kalihan têtêg. Tiyang sanagari Kartasura gègèr
abilulungan. Sami anarka yèn Pangeran Pugêr ngamuk dhatêng kadhaton.
Para bupati mantri sabalanipun pating balêbêr lajêng sami baris ing
korining kadhaton tuwin ing alun-alun. Saking bantêripun swaraning
bêndhe tuwin swaraning tangara sanèsipun, ingkang sawêg lolos sami
mirêng, lampahipun sawêg dumugi [du...]
--- 503 ---
[...mugi] ing Cêpaga, sangêt sami gugupipun. Pinêlak[19]
ing lampahipun mêdal ing Kênêr, sumêja anjog ing Ngampèl. Radèn
Ôntawirya binondhetan ing sêliripun, kudanipun ingêmotan barang, sarêng
mirêng swaraning bêndhe momotan dèn tatasi, sêlir katumpakakên ing kuda,
sarta kinèn mangku karbin. Radèn amandhi talêmpak wontên ing wingking.
Radèn Wôngsataruna dharat angêmban putra jalêr sawêg umur sataun, anama
Mas Bêladho, patutanipun kalihan sêlir Bok Karoh, sêlir inggih tumut
lolos katumpakakên kapal. Mênggah Mas Bêladho wau, ing ngakiripun nama
Pangeran Riya Mangkunagara. Lampahipun dumugi sakidul Ngampèl tatas
raina, Radèn Wôngsataruna ginugujêng ing kathah, sabab kang dipun angge
ngêmban putranipun calana, dipun nyana sinjang. Pangeran Pugêr lajêng
parentah anata lampah, rêrepot kadèkèk ngajêng, sawontênipun ingkang
sami nyêpêng gêgaman kadèkèk ing wingking, ingkang nindhihi Kiyai
Sêtrajaya kanthi para putra, sarta sampun sami angatos-atos. Wondene
sang prabu ing Kartasura inggih sampun ambodholakên baris. Para bupati
pasisir kalihan môncanagari, têtindhihipun Ki Tumênggung Jangrana, kinèn
anututi Pangeran Pugêr, ingkang dados cucuking baris Ki Tumênggung
Jangrana, lampahipun sampun [sa...]
--- 504 ---
[...mpun] untap-untapan kalihan Pangeran Pugêr, nanging samangsanipun
Pangeran Pugêr katingal, Ki Jangrana lajêng angrindhikakên lampahipun.
Pangeran Pugêr sampun langkung ing lèpèn Tuntang, karêtêg nuntên
binubrah, Pangeran Pugêr bamban ing lampahipun. Bala kang anututi mingêr
mêdal Bahrawa anjog ing Jambu. Pangeran Pugêr sampun ngrumiyinakên
utusan dhatêng Samawis, amaringi pariksa ing Ki Rôngga Yudanagara,
utusan inggih sampun dumugi ing Samawis asanjang dhatêng Ki Rôngga, Ki
Rôngga sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal anglampahakên Ki Dêmang
Sawunggaling kalihan Ki Dêmang Tanpanaha kinèn mêthuk ing Pangeran Pugêr
sarta binektanan kuda tundhan kalihan jagul kang badhe angrêmbat
rêrepot. Ki Rôngga lumampah ing wingking, mampir ing loji, panggih
kalihan Kapitan Kênol, asanjang yèn Pangeran Pugêr lolos saking ing
Kartasura, samangke sampun wontên ing margi, sarta dèn bujung ing bala
Kartasura, Kapitan Kênol saklangkung gugup sarta bingah, wicantênipun,
kyai, dikêbat tulungana, manawa sêlak kacandhak marang bala Kartasura,
karo dene yèn parêng Pangeran Pugêr iku aturana mrene, sanajan karsa
amadêg nata, ya anaa ing Samarang kene, dene yèn kudu anjujug liyane,
ing Samarang ya orana[20] kang mênging, sabab ing pulo Jawa iki wajibe kabèh, nanging yèn kêna purihên [purih...]
--- 505 ---
[...ên] mrene bae, kowe dèn bisa ngipuk. Ing samangsane Pangeran
Pugêr iku anurut marang ing aturmu, karsa têdhak marang ing Samarang
kene, amêsthi kowe bakal tinarima marang jendral utawa marang Kumpêni
kabèh, kowe prasasat angilangake susahe wong Walônda, krana kang dadi
ratu ing Kartasura saiki kêpaung. Kyai Rôngga mèsêm sarwi anyagahi
nuntên mangkat.Wondene lampahipun Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Dêmang Tanpanaha inggih sampun kapêthuk kalihan Pangeran Pugêr, Ki Dêmang angaturakên kuda tundhan sarta sikêp. Rêrepot ing Kapugêran sampun sami karêmbat tuwin katumpakakên ing kuda, Pangeran Pugêr sakalangkung trustha ing galih, sarta rumaos kapotangan dhatêng Ki Rôngga, alon pangandikanipun. Sawunggaling, si thole rôngga samêngko ana ing ngêndi, Sawunggaling matur yèn wontên ing wingking, pangeran nuntên bidhal, asipêng ing Ungaran sadalu, enjing nuntên mangkat, dumugi ing Pudhakpayung kêpêthuk kalihan Ki Rôngga, Ki Rôngga enggal ngrangkul sukunipun sang pangeran, matur sarwi nangis, sabab botên angintên yèn pangeran tumuntên lolos sarta wilujêng, pangeran angaras êmbunipun Ki Rôngga, sampun sami tata lênggah, Ki Rôngga angaturi sêkul sarta dhaharan kathah, pangeran saabdinipun [saabdini...]
--- 506 ---
[...pun] sampun sami nêdha, tuwuk sadaya. Pangeran Pugêr ngandika
dhatêng Ki Rôngga, anak ingsun Ki Rôngga, kapriye kang dadi rêmbugira,
ingsun bakal banjur marang ing Dêmak. Ing kono ênggon ingsun bakal
sumêja jumênêng nata, lan angêntèni si adhi ing Sampang lan ing
Surabaya. Ki Rôngga matur, gusti, prayogi jumênêng nata wontên ing
Samawis. Sanajan angêntosana rayi sampeyan ing Sampang, inggih sae
wontên ing Samawis. Sabab sangêt ing kuwatos kula bilih sampeyan botên
akanthi tiyang Wêlandi, dhasar tiyang Wêlandi punika sugih, prakosa
sarta guna, pitados yèn kaêbuhna ing prang, inggih sarat dipun êbang
sawatawis. Mila makatên, tiyang Jawi punika kathah ingkang botên
wilujêng manahipun. Kalih dene bokmênawi tiyang Wêlandi wau kenging ing
pangêbangipun sang prabu ing Kartasura, kapurih sampun ngantos maèlu
dhatêng ing sampeyan. Têmahanipun sampeyan gadhah mêngsah kêkalih, mila
prayogi dipun rukêt katêdhanan tulung, dene bilih sampun karumiyinan ing
pangêbangipun sang prabu, tiyang Kumpêni melik, botên maèlu dhatêng
sampeyan, inggih kula kang angrêmbat[21]
prakawisipun. Tiyang Kumpêni badhe kula pangkring, kados makatên
wicantên kula, yèn wong Kumpêni ora gêlêm têtulung, Pangeran Pugêr ya
wis kêlar dhewe ngrêbut karaton [karato...]
--- 507 ---
[...n] ing Kartasura, sabab wis duwe kanthi wong Madura, sarta wong
pasisir ya wis padha suyud, amêsthi wis santosa, ora susah nganggo wong
Kumpêni, makatên gusti, ingkang badhe dados wicantên kula, sarta amêsthi
badhe ènthèng panêdhanipun epahaning prang tiyang Kumpêni. Pangeran
Pugêr sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Rôngga, alon
pangandikanipun. Anak ingsun Ki Rôngga, ya bênêr aturira, lan sakèhe
prakaraningsun iki ya wis môngsa bodhoa sira, ingsun nurut ing sira bae,
amung panjaluk ingsun, sira dikêbat awèha wêruh marang si adhi ing
Sampang, yèn ingsun wis têka ing Samarang, lan amratelakna sarta
têtarenana kang dadi karêpira iku kabèh. Ki Rôngga matur malih, inggih
gusti, punika prêlu sangêt. Sabab rayi sampeyan ing Sampang punika badhe
dados agul-aguling prakawis sarta agul-aguling prang.Anuntên sami mangkat saking Pudhakpayung, Ki Rôngga sampun ngrumiyinakên utusan, asuka pariksa dhatêng Kapitan Kênol. Kapitan Kênol sarêng tampi pratelaning utusan inggih enggal mêthuk dhatêng Paterongan. Numpak kreta sarta ambêkta prajurit drahgundêr wolung dasa, wondene Wêlandi sanèsipun utawi tiyang Jawi ing Samawis sampun sami kadhawahan tata angapit margi agêng badhe angurmati rawuhipun [rawuhi...]
--- 508 ---
[...pun] Pangeran Pugêr. Wondene lampahipun Pangeran Pugêr inggih
sampun rawuh ing Paterongan, kêpanggih kalihan Kapitan Kênol atêtabean.
Anuntên sakathahing rêrepot karumiyinakên, anjujug griyanipun Ki Rôngga,
pangeran kalihan Kapitan Kênol nuntên bidhal saking Paterongan anitih
kreta ginarêbyêg ing prajurit drahgundêr wolung dasa, sarawuhipun ing
Samawis lajêng ingurmatan ungêling maryêm sarta sanjata ambal-ambalan.
Binarung kalihan ungêling tambur tuwin gamêlanipun tiyang Jawi, pangeran
anjujug ing loji, nuntên têdhak saking kreta atêtabean kalihan para
upsir, sampun tata sami lênggah, Kapitan Kênol alon matur, kangjêng
pangeran, sarawuh sampeyan ing Samawis kula kalihan tiyang Kumpêni
sadaya raosing manahipun lir amanggih êmas sarêdi Marapi, punapa malih
tiyang Kumpêni upamènipun mina kasatan toya sampun lami, ing mangke
kabanjiran ing toya, salira sampeyan kang minôngka toya, abdi sampeyan
tiyang Kumpêni saklangkung asrêp sarta nikmat raosing manahipun.
Kangjêng pangeran manthuk, sarta mangsuli trima kasih, Kyai Rôngga
nuntên wicantên dhatêng Kapitan Kênol. Saudara, kangjêng pangeran punika
sampun ngantos kadangon wontên ing ngriku, sabab mêntas lêlampah,
amêsthi sangêt ing sayahipun, badhe kula [ku...]
--- 509 ---
[...la] aturi lêrêp ing griya kula, dene sakathahe ing prakawisipun
inggih kula kemawon ingkang ngrêmbat, botên susah dhatêng kangjêng
pangeran. Pangeran Pugêr inggih nuntên têdhak saking loji, kapitan
angêtêrakên dhatêng griyanipun Ki Rôngga, wondene Ki Rôngga inggih
lajêng angaturakên bale griyanipun. Piyambakipun amasanggrahan ing jawi,
para putra tuwin para abdi ing Kapugêran sampun sami pinêrnah, Ki
Rôngga nuntên anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Maduntên
mêdal ing laut. Wondene bala ing Kartasura ingkang sami ambujêng
Pangeran Pugêr sampun sami wangsul dhatêng ing Kartasura, angaturakên
tiwasing sang prabu, yèn Pangeran Pugêr botên kacandhak sarta sampun
dipun tadhahi dhatêng tiyang Kumpêni kalihan Ki Rôngga, pinêthuk ing
margi, lajêng binêkta dhatêng nagari Samawis. Sang nata sarêng mirêng
saklangkung susah ing galihipun. Kala samantên kasarêngan ing tanah Rêdi
Kidul wontên kêraman anama Wirawôngsa, sarêng katur ing sang prabu
lajêng kinèn anglurugi, kraman Wirawôngsa sampun kawon prangipun sarta
lajêng pinêjahan. Anuntên ingkang sami nglurugi kraman Radèn Suryakusuma
dhatêng sarta ambêkta Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sadhatêngipun
ing Kartasura radèn lajêng kinunjara, gunjaranipun[22] mawi kaluruban rajut. Mila
--- 510 ---
mêngkatên, Radèn Suryakusuma wau kawartos yèn sêkti, supados sampun ngantos ucul saking pagunjaran.Kacariyos utusanipun Ki Rôngga ing Samawis, sampun dhatêng wontên ing Sampang, sampun angaturakên sêrat. Pangeran Cakraningrat sarêng sampun maos sêrat saking ing Samawis, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng parentah adamêl pratôndha ing pambilikipun, anêlukakên tiyang saurutipun pulo Maduntên. Nuntên misuwur saking nagari Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat balela, Ki Tumênggung Jangrana enggal nyuwun pamit ing sang prabu, asêngadi badhe anjagèni nagarinipun ing Surabaya. Sang nata inggih lajêng anglilani, Ki Tumênggung Jangrana nuntên budhal sabalanipun, gêgancangan, jujug ing Sampang, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Cakraningrat, lajêng sami rêrangkulan. Pangeran angandika, kakang, bangêt kangênku marang kowe sarta kuwatir. Ki Jangrana amangsuli, kula salamine sampeyan tilar, sabên sowan sang prabu tansah angatos-atos. Ki Jangrana lajêng nyariyosakên kalanipun Pangeran Pugêr lolos. Ingkang tinuduh anyenopatèni baris kang bêbujêng piyambakipun. Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng nuntên gumujêng ngakak, sarwi ngandika, wis dilalah kang tinuduh [tinu...]
--- 511 ---
[...duh] amburu kok kowe, Pangeran Pugêr môngsa kacandhaka. Ki
Jangrana wicantên malih, kalih dene sang prabu ing sapunika kula sawang
cahyanipun sampun ical, warninipun pêthak, kados Cina pinuju mulês
wêtêngipun. Pangeran angakak malih, dangu ênggènipun sami gêgujêngan
angraosi awonipun sang prabu, nuntên apirêmbagan. Pangeran angandika,
kakang, kang dadi karêpku samêngko, aku bakal anonjok layang marang Si
Surapati, takwèhe wêruh yèn aku bakal anjungjung nata Pangeran Pugêr,
dhèwèke apa bakal amitulungi sang prabu apa tumambuh bae, samangsane Si
Surapati sumêja amitulungi marang sang prabu, ing Pasuruan bakal
dakgêcak tumuli, supaya aja angregoni pikir, yèn dhèwèke apitambuh iya
sokur. Ki Tumênggung Jangrana inggih jumurung, Pangeran Cakraningrat
nuntên anglampahakên utusan dhatêng Pasuruan. Sêratipun Pangeran
Cakraningrat sampun katampèn dhatêng Surapati, sarta sampun dipun
wangsuli, suraosing sêrat wangsulan, prakawis karsanipun Pangeran
Cakraningrat, badhe angadêgakên ratu ing Pangeran Pugêr, punika Surapati
botên purun tumut-tumut. Sabab arêbatan nagari sami ingkang gadhah
wajib. Panyuwunipun Surapati amung ing Pasuruan kemawon, sampun ngantos
kaungkih-ungkih. Pangeran Cakraningrat sampune maos [ma...]
- -- 512 ---
[...os] sêrat angsulan saklangkung lêga galihipun. Nuntên ngandika
dhatêng Tumênggung Jangrana, kakang, kowe muliha marang Surabaya,
siyagaa sarta angirupana nagara kang cêdhak-cêdhak. Yèn ana kang bôngga
gêcêkên. Dene nagara kang urut pasisir, besuk yèn mangkat marang
Samarang bae padha sinampe bari lumaku. Ki Tumênggung Jangrana inggih
lajêng bidhal. Pangeran Cakraningrat nuntên tata-tata bala, rajabrana
ing Sampang winutahkên, kadamêl anggêganjar sarta ambusanani bala,
punapa malih nagari sauruting pulo Maduntên urunanipun sampun sami
ngalêmpak wontên ing ngriku, watawis kathahe balanipun Pangeran
Cakraningrat pitung èwu, sarta sampun pinatah-patah kang pancèn mêdal
dharat utawi kang badhe mêdal ing laut. Ingkang anindhihi bala ingkang
mêdal dharat, tanaya ing Sampang kêkalih, anama Radèn Sasradiningrat
kalihan Radèn Suradiningrat. Têtindhihipun kang mêdal ing laut Pangeran
piyambak. Anuntên sami bidhal. Wondene Tumênggung Jangrana sadhatêngipun
ing Surabaya, inggih lajêng anêlukakên nagari kang cakêt ing ngriku,
sampun sami nungkul. Amung bupati ing Lamongan kang lumajêng dhatêng
Kartasura, Ki Tumênggung Jangrana nuntên angrakit gêgamaning prang,
balanipun tigang èwu, têtindhihipun ingkang rayi têtiga, anama
Jayapuspita, kalih Kartayuda,
--- 513 ---
tiga Surènggana, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal mêdal dharat. Ki
tumênggung mêdal ing laut sarêng kalihan Pangeran Sampang. Palajêngipun
tumênggung ing Lamongan sarêng dumugi ing Kartasura lajêng matur ing
sang prabu, yèn Ki Jangrana ambalik mêngsah ing sang prabu, gotong
kalihan Pangeran Cakraningrat, sumêja ambiyantoni Pangeran Pugêr, sarta
sampun ambidhalakên gêgaman dhatêng ing Samawis. Sang nata sarêng mirêng
atur makatên, sangêt ing dukanipun kaworan prihatin. Lajêng parentah
sawarninipun bupati pasisir sami katundhung mantuk, anjagèni nagarinipun
piyambak-piyambak, sarta sang nata anglampahakên Ki Tumênggung
Mandurarêja kalihan Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawôngsa kinèn bantu
dhatêng Dêmak lan sabalanipun. Dene ingkang kabantokakên dhatêng Têgal
Arya Banyakwidhe kalihan Tumênggung Toyamas. Ingkang dhatêng Kaliwungu
santananipun sang prabu saking kang ibu anama Pangeran Balitar, akanthi
Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda, inggih sampun sami bidhal
sabalanipun. Sang prabu lajêng anglampahakên utusan anama Ôntagopa
amaringi sêrat dhatêng Kapitan Kênol ing Samawis, suraosipun. Sang nata
amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Ki Ôntagopa enggal
mangkat saking ing Kartasura.Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, wontên kumisaris [kumi...]
--- 514 ---
[...saris] saking ing Bêtawi satunggil, kalihan kumêndur ing Japara
inggih wontên ing ngriku, tiga Kapitan Kênol. Ing sabên dintên tansah
bicara kalihan Rôngga kang minôngka wakilipun Pangeran Pugêr, dene
ingkang dados karsanipun kumisaris, botên anganggêp dhatêng Pangeran
Pugêr, sabab pangeran wau sampun adamêl piawon dhatêng tiyang Kumpêni,
Ki Rôngga kapurih angupadosa dharah Matawis sanèsipun, ingkang prayogi
badhe kajunjung sang nata, nanging Ki Rôngga kêkah, kêdah angêdêgakên
nata Pangeran Pugêr kemawon, andadosakên ruwêding prakawis. Tuwin kang
saking Samawis dhatêng Batawi inggih botên kêndhat-kêndhat. Nanging
botên sagêd angrampungakên prakawis. Kala samantên Kapitan Kênol, kalih
kumêndur ing Japara, tiga Ki Rôngga ing Samawis sami tinimbalan dhatêng
ing Batawi, inggih sampun sami mangkat numpak baita. Sadhatêngipun ing
Batawi lajêng sami wiwit bicantên[23]
malih wontên ing ngarsanipun gurnadur jendral, sarta para rad, tuwin
Wêlandi agêng-agêng ing Batawi, dêlèr satunggil wicantên dhatêng Ki
Rôngga, Kyai Rôngga, sarèhning awakmu iku pêparon, saparo Jawa, saparo
Walônda, kowe taktari, tutura ing satêmêne, mungguh kang dadi karsane
gurnadur jendral utawa para rad kabèh, ora amrayogakake yèn andadèkna
ratu ing Pangeran [Pa...]
--- 515 ---
[...ngeran] Pugêr, krana wis duwe lêlabêt ala, kang sapisan wis
anglakoni dadi kraman, ajênêng Sunan Ngalaga, sarta amatèni marang wong
Walônda, kapindho wis ngumum, ing nalika patine Kapitan Tak, iku saka
Pangeran Pugêr kang amitulungi marang Si Surapati, apa ora nyata
mêngkono iku, dene karsane gurnadur jendral sarta para rad, yèn dhasar
Sunan Mangkurat Mas kang dadi ratu saiki, têtela ora nêja têpung bêcik
karo wong Walônda, luwih bêcik kowe angupayaa darah Mataram liyane, kang
prayoga diangkat ratu, amung Pangeran Pugêr bae aja. Ki Rôngga mèsêm
sarta matur, tuwan, ingkang sampeyan dhawahakên punika inggih sayêktos
sadaya, nanging botên lêrês. Sabab kalanipun Pangeran Pugêr anama Sunan
Ngalaga, punika arêbat nagari kalihan saduluripun piyambak. Dene tiyang
Walandi kang sami pêjah salêbêting prang ngriku, awit amitulungi dhatêng
Sunan Mangkurat. Dene kala pêjahipun Kapitan Tak, punika inggih
sayêktos saking Pangeran Pugêr, nanging anglampahi saking parentahipun
Sunan Mangkurat. Sarèhning Pangeran Pugêr wau angabdi dhatêng ingkang
raka, amêsthi ajrih yèn botên anglampahana sabarang parentahipun.
Wondene bilih tiyang Kumpêni botên purun anjunjung nata sarta botên
maèlu, amêsthi Pangeran Pugêr jumênêng [ju...]
--- 516 ---
[...mênêng] nata piyambak. Sabab sampun gadhah andêl-andêl Pangeran
Sampang, akanthi tiyang sapulo Madura sadaya, kalihan Tumênggung
Jangrana ing Surabaya, punapa malih tiyang urut pasisir inggih sampun
suyud sadaya dhatêng Pangeran Pugêr, amêsthi kuwawi yèn angrêbata
karaton ing Kartasura, botên susah mawi tiyang Kumpêni, wondene kala
lolosipun saking Kartasura, Pangeran Pugêr wau sumêja malajêng dhatêng
ing Dêmak. Wontên ing ngriku ênggènipun badhe jumênêng ratu, têdhakipun
dhatêng Samawis punika awit saking atur kula, kula aturi mundhut tulung
dhatêng Kumpêni, mila makatên, sarèhning kula dados pitadosing Kumpêni,
saèstu ing sasagêd-sagêd kula amurih ing têmbe tiyang Kumpêni sagêda
kèringan sarta angsala kauntungan. Kapitan Kênol kalihan kumêndur ing
Japara anyambungi wicantên, anglêrêsakên aturipun Ki Rôngga, mila
makatên, ing samangsanipun tiyang Kumpêni botên purun amitulungi tuwin
botên anjunjung nata dhatêng Pangeran Pugêr, pamanahipun kumêndur ing
têmbe tiyang Kumpêni badhe amanggih pakèwêd ênggènipun wontên ing tanah
Jawi, aluhung tumuta anjunjung nata sarta anyantosanana ing prang,
têrkadhang angsal epahan nêgari, sarta têtêp ênggènipun wontên ing tanah
Jawi. Gurnadur jendral sarta para rad botên wontên kang wicantên malih,
--- 517 ---
Ki Rôngga lajêng kaêrès, dipun gêdhong. Kacariyos Ki Rôngga
ênggènipun dipun gêdhong tigang Ngahad, ing sabên-sabên dipun wêdalakên
katodhi, nanging Ki Rôngga taksih kêncêng, aturipun botên ewah-ewah,
kala samantên sampun linuwaran. Ki Rôngga kalihan kumêndur, tiga Kapitan
Kênol sampun sami kalilan mantuk dhatêng ing Samawis. Inggih nuntên
sami bidhal numpak baita, lastantun dumugi ing Samawis.Botên antawis lami nuntên wontên sêrat saking Batawi dhatêng kumisaris kang wontên ing Samawis. Ki Rôngga nuntên dipun timbali dhatêng loji, kang minôngka wakilipun Pangeran Pugêr, awit saking aturipun Ki Rôngga Pangeran Pugêr botên suka kêpanggih piyambak kalihan tiyang Kumpêni, supados sampun ngantos kenging dipun pangangkah dhatêng tiyang Kumpêni. Sadhatêngipun ing loji Ki Rôngga dipun dêdahi sêrat karampungan kang saking Batawi, yèn gurnadur jendral sarta para rad sampun sami angidèni ênggènipun badhe jumênêng ratu Pangeran Pugêr, sarta sagah amitulungi ing prang, ananging gadhah panyuwun nagari ing Japara, kalih ing Dêmak, tiga ing Têgal, kalihan anyuwun têtêmpah rêginipun tiyang Kumpêni yèn wontên kang pêjah prang, sarta wragad salêbêting prang, punapa malih badhe prajangjeanipun tiyang Kumpêni kalihan ratu ing tanah Jawi inggih kadêdahakên [kadêdahakê...]
--- 518 ---
[...n] dhatêng Ki Rôngga. Wangsulanipun Ki Rôngga, sadaya wau inggih
sampun dipun sagahi, namung sêrat badhe prajangjean kalihan têtêmpah
salêbêting prang, punika badhe karêmbag kalihan Pangeran Cakraningrat
rumiyin. Sabab dèrèng dhatêng wontên ing Samawis. Kalihan Ki Rôngga
anyuwun idinipun tiyang Kumpêni badhe angêdêgakên bandar dharat, supados
bangginipun anyêkapana kasanggèkakên ing karsanipun kang dados ratu,
kumasaris [24]
inggih sampun anglilani. Kala samantên ênggènipun badhe angangkat ratu
amung angêntosi dhatêngipun Pangeran Sampang kemawon kalihan para bupati
pasisir, sarta angupados dintên kang dipun sênêngi Pangeran Pugêr.Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura, anama Ôntagopa amatêdhakakên sêrat dhatêng Kapitan Kênol, suraosipun, sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Kapitan Kênol sarêng sampun tampi sêrat lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang ratumu, Pangeran Pugêr têkane ing Samarang wong Kumpêni ora angundang, awit karsane dhewe, banjur anêlukake wong pasisir kabèh, wong Kumpêni ora dahwèn. Sabab ing tanah Jawa iki duwèke dhewe, dene yèn ratumu wani konên nyêkêl dhewe, wis muliha, aku ora [o...]
--- 519 ---
[...ra] mangsuli layang. Utusan enggal mantuk. Sadhatêngipun ing
Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn wangsulanipun Kênol
saklangkung nyênyêngit. Sang nata mirêng aturing utusan sangêt ing
dukanipun, nanging botên kantênan kang dipun dukani, lajêng badhe
anêlasi sêsakitan Radèn Suryakusuma, nanging botên kalampahan. Sabab
sabên Radèn Suryakusuma badhe dipun pêjahi, rêdi Marapi lajêng murub,
swaranipun anggêgirisi, kala samantên Radèn Suryakusuma sampun linuwaran
sarta kaangkat nama Pangeran Bèi, pinaringan lêlênggah sabin sèwu
karya.Kacariyos Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana sabalanipun, sampun sami dhatêng wontên ing Samawis. Utawi para bupati pasisir sabalanipun inggih sampun dhatêng ing Samawis. Amung ing Dêmak, Kaliwungu lan ing Têgal ingkang maksih bôngga, dèrèng purun sowan. Kala samantên praja ing Samawis sauruting lêlurung tuwin pasabinan patêgilan kêbak tiyang sadaya, punapa malih para pandhita, ngulama, para khaji inggih sampun sami ngalêmpak. Panêmbahan Wujil ing Adilangu inggih sampun wontên ing ngriku, nanging saduluripun kêkalih sami kèrêm pêjah ing laut. Wondene sangajênge pasanggrahanipun Pangeran Pugêr sampun karakit alun-alun tuwin taratag, waringin [wari...]
--- 520 ---
[...ngin] kurun sakêmbaran.Sarêng ing dintên Sênèn, taun 1629, Pangeran Pugêr ingaturan miyos pinarak ing dhampar wontên ing taratag. Kumasaris lênggah têngênipun, kumêndur kalihan Kapitan Kênol lênggah sakiwanipun pangeran, sinambungan para upsir, Pangeran Cakraningrat sarta para bupati sapangandhap tuwin para khaji sapanunggilanipun punapa malih para putra sami sowan ing ngarsa, bala Kumpêni baris ing alun-alun. Pangeran Cakraningrat lajêng ngadêg sarta wicantên sêru, sarupaning kancaku bupati sapangisor kabèh, utawa para khaji sapanunggalane kabèh, padha angestokna, yèn ing sadina iki Kangjêng Pangeran Pugêr jumênêng nata, amêngku ing tanah Jawa, kaidèn ing kangjêng tuwan gurnadur jendral sarta para rad ing Batawi, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama. Tiyang kang sami sowan sadaya asaur pêksi, para khaji, pandhita, ngulama sami donga jumurung, bala Kumpêni lajêng sami urmat ngungêlakên maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Awor swaraning gamêlan sarta tambur, kados mêcahakên kuping, kumasaris sapanunggilanipun lajêng sami têtabean. Para bupati tuwin para putra gêntos-gêntos angaras sukunipun sang prabu, sang nata nuntên kondur masanggrahan. Ing sadintên [sadi...]
--- 521 ---
[...ntên] punika ugi ngantos dumuginipun arame swaranipun kang sami
suka-suka, saênggèn-ênggèn gumuruh. Ing sanèsing dintên sang prabu anyar
miyos sinewaka, anjunjung nama Pangeran Cakraningrat, kaparingan nama
Panêmbahan Cakraningrat, sarta amadanani bupati pasisir sadaya tuwin
bupati saurutipun pulo Madura, Ki Tumênggung Jangrana kaparingan nama
Dipati Jangrana, kadadosakên kaliwon, sosoranipun Panêmbahan
Cakraningrat. Ki Rôngga Yudanagara ing Samawis kajunjung nama Dipati
Sura Adimênggala, sarta kaparingan angrèh siti dhusun urut margi agêng
ingkang saking Samawis dumuginipun ing Kartasura. Ki Sêtrajaya pêpatih
ing Kapugêran kadadosakên pêpatih amarentah tiyang satanah Jawi,
kaparingan nama Dipati Cakrajaya. Ki Banyakpatra kadadosakên patih
lêbêt, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Abdi ing Kapugêran
dalasan gamêl sampun sami jinunjung lênggahipun sadaya, wontên kang
dados tumênggung, mantri, ing sapantêsipun piyambak-piyambak. Anuntên
para putra sami kaangkat nama sadaya, Radèn Wôngsatruna kaangkat nama
Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Radèn Mas Sôngka anama Pangeran
Dipati Purbaya, Radèn Mas Sudama anama Pangeran Dipati Balitar, Radèn
Mas Ôntawirya anama Pangeran Prangwadana, Radèn Mas Martataruna anama
[a...]
--- 522 ---
[...nama] Pangeran Dipati Sônta, Radèn Mas Dipataruna anama Pangeran
Dipataruna. Putranipun Panêmbahan Cakraningrat ingkang pambajêng
kaangkat nama Tumênggung Natadiningrat. Saduluripun anèm Dipati Jangrana
kêkalih sami kajunjung lênggah, ingkang sêpuh kagêmpalakên siti sèwu
karya ing Surabaya sarta kapatêdhan nama Arya Jayapuspita, adhinipun
kadadosakên bupati ing Lamongan, kapatêdhan nama Panji Surèngrana. Sang
nata nuntên parentah dhatêng Tumênggung Rêksanagara kalihan Tumênggung
Wiranagara kinèn anggêbag bala ing Kartasura kang baris sakiduling
nagari ing Têgal, kinanthèn tiyang Kumpêni sawatawis, têtindhihipun
Lutnang[25] Jaisman.- sabalanipun. (kembali)
- pêcut. (kembali)
- dening. (kembali)
- jisimipun. (kembali)
- nyugata. (kembali)
- bêbantu. (kembali)
- ambelani. (kembali)
- rêngat. (kembali)
- Dwarawati. (kembali)
- baludru. (kembali)
- wit-witan. (kembali)
- lajêng. (kembali)
- bilahi. (kembali)
- Mogiri (dan di tempat lain). (kembali)
- gimbal. (kembali)
- sasmitaning. (kembali)
- dening. (kembali)
- Kagèt. (kembali)
- Ginêlak. (kembali)
- ora ana. (kembali)
- angrêmbag (dan di tempat lain). (kembali)
- kunjaranipun. (kembali)
- wicantên. (kembali)
- kumisaris (dan di tempat lain). (kembali)
- Lutnan (dan di tempat lain). (kembali)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar